Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 002 (The word before incarnation)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

1. Hakikat lan pakaryan pangandikan sadurung ngejawantah (Yokanan 1:1-5)


YOKANAN 1:1
1 Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.

Manungsa mratelakake pikiran lan kekarepane lumantar tembung-tembunge. Panjenengan yaiku apa kang panjenengan ngandikaake. Lan tembung-tembung panjenengan iku reringkasane saka kepribadian panjenengane lan pangejawantahing roh panjenengane.

Ing sajroning kepahaman kang luwih dhuwur, sabda Allah mratelakake kepribadian kang ilahi lan kabeh panguwasane Panjenengane makarya ing sajroning Sabda Panjenengan kang nyucekake. Awit ing wiwitan mula Allah nitahake langit lan bumi lumantar Sabda Panjenengane kang ngandhut panguwasa. Lan nalika Panjenengane Ngandiko, “Dadi,” Mula sakabehe dadi. Nganti tumeka dino iki, panguwasane Allah isih makarya ing sajrone sabda pangandikan Panjenengane. Apa panjenengan ngrumangsani manawa Injil kang lagi panjenengan cekel iku kebak ing panguwane Allah? Kitab iki luwih kuwat dibandingake karo kabeh bom hidrogen awit Injil nyirnakake piawon ing sajroning pribadi panjenengan lan mbangun apa kang becik.

Wadi kang paling jero kang ana ing sajroning tembung “Sabda”, kang timbul ing sajroning Injil Yokanan, yaiku ing sajroning basa Yunani tembung iku duwe makna loro. Kang kawitan yaiku: penyembule nafas kang ngetokake suwara kang metu saka ing cangkem. Kang kaping pindho yaiku: Sawijining pribadi kasukman, kang nuduhake jinis maskulin (lanang). Ing sajroning basa Inggris, tembung iku dibedakake dadi loro jinis apa netral utawa maskulin, kaya kang dituduhake dening tembung ngarep ing tembung iku. Dadi Penginjil Yokanan nulis “Ing kala purwa Sang Sabda” lan sebanjure nyethakaken ing ayat kaping pindo nuduhake marang Panjenengane iku Lanang (He ing basa Inggris) kang iki nuduhake sawijing kengkeran yen iku Sang Kristus. Panjenengane metu saka Sang Rama kaya tembung kita kan lumrah metu saka cangkeme uwong. Dadi Sang Kristus iku reringkesane saka karsane Allah lan Pikirane Panjenengane. Kita uga nemokake kayekten iki ing sajroning agama liya, yaiku manawa Sang Kristus iku sabdane Allah lan Roh kang saka Panjenengane. Ora ana manungsa ing jagat iki kang duwe sifat kasuwargan iki, kajaba Panjenengane kang dilahirake dening kenyo Maria.

Pangejawantahing Sang Kristus ing Betlehem dudu wiwitan saka Anane Panjenengane, awit Panjenengan metu saka Sang Rama sadurunge samubarang jaman ana lan wis ana sadurunge jagat katitahake. Dadi Sang Kristus iku langgeng, kaya dene Sang Rama ya langgeng lan ora owah gingsir kayadene Sabda Allah kang ora bakal bisa owah gingsir.

Yokanan nuduhake marang kita sawijing gegayutan kang mawa landhesan antarane Sang Kristus karo Ramane. Panjenengane Gusti Yesus ora dadi pinisah karo Panjenengane Sang Rama, beda karo tembung-tembung kang kaucapake sebanjure misahake sarirane saka lambe lan sebanjure ilang digawa angin. Nanging Sang Kristus tetap bebarengan karo Gusti Allah lan manunggal ing sajroning Panjenengane. Pratela “Karo Allah” ngandut teges ing sajroning basa Yunani manawa pangandikan iku tumuju marang Allah, mlebu ing sajroning Allah. Dadi sang Kristus tansah tumuju marang Allah. Tujuan iki yaiku watonan saka kabeh wong kang dilahirake saka Roh suci, awit Panjenengan iku sumber saka katresnan. Katresnan iki babar blas ora mbudidaya kanggo awake dhewe, nanging tetap tumuju marang sumbere, lan sebanjure lumebu ing sumber mau.

Gusti Allah ora nitahake Sang Kristus saka kang ora ana lumantar pangandikane, kaya kabeh titah liyane, nanging putra iku ing sajroning Panjenengane piyambak minangka Sabda kang nyipto lan nggawa panguwasa Ramane ing sajroning sarirane. Ing pungkasan saka ayat 1 iki, kita ndeleng rumpakane tembung kang banget nemtokake kang ngandhakake manawa Sabda iku yaiku Allah piyambak. Kanthi cara iki Penginjil Yokanan mratelakaken marang panjenengan ing sajroning ayat kawitan saka Injile Manawa Sang Kristus iki Allah saka Allah, padhang Saka padhang, Allah sejati saka Allah sejati, dilahirake lan dudu diciptakake, siji hakekat karo Rama, langgeng, duwe panguwasa, suci lan kebak kawicaksanan. Saben wong kang ngakoni manawa Kristus iku Sabda Allah akan setuju karo pratela gegayutan bab keilahiane (sifat kealahane) Panjenengane iki.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, kawula sujud ing ngarsa Paduka awit Paduka inggih menika manunggal kalian sang Rama sederengipun samukawis zaman, tansah pinuju dhateng Panjenenganipun. Tulung kawula supados kawula ampun ngantos pinisah saking Paduka, nanging bilih kawula tansah ngaturaken panuwun kawula dhumateng Allah lan tetap wonten ing salebetipun katresnanipun. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, gusti Yesus, awit Paduka rawuh dhumateng kawula ing salebetipun Ijil kanthi pangandikan ingkang saget kawula mangertos, kanthi makaten panguwaos paduka saget katingal dhumateng kawula kanthi iman lumantar pangandikan Paduka.

PITAKONAN:

  1. apa tembung-tembung kang dibaleni ing sajroning ayat 1 saka Yokanan 1 lan apa maknane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)