Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 003 (The word before incarnation)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

1. Hakikat lan pakaryan pangandikan sadurung ngejawantah (Yokanan 1:1-5)


YOKANAN 1:2-4
2 Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah 3 Samubarang kabeh dumadine dening SangSabda, lan samubarang kang dumadi oran ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening sang Sabda. 4 Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhang ing manungsa.

Sang Kristus ora sugeng kanggo sarirane piyambak, nanging tansah kanggo Gusti Allah. Panjenengane ora pinisah karo Sang Rama, nanging tansah tumuju marang Panjenengane, urip manunggal karo Panjenengan lan tetap ana ing sajroning Panjenengane. Obah mosike Sang Kristus “Marang Sang Rama” iki penting banget kanggo penginjil Yokanan kanthi mengkono Yokanan mbaleni makna kang ana ing wiwitan Injile iki. Kamanunggalan kang tetap antarane Sang Kristus karo sang Ramane yaiku wadi saka Tritunggal kang Suci. Kita ora pracaya marang 3 Ilah kang dhewe-dhewe, kang pisah antarane siji lan sijine, nanging kita pracaya marang Allah siji, kang kebak katresnan. Saiki Panjenengane Kang langgeng iku ora urip adoh saka pasrawungan lan dheweke wae, nanging Putrane tansah manunggal karo Panjenengane, manunggal karo Panjenengan ing sajroning keselarasan kan sempurna. Manawa ana wong durung ngrasakake katresnan Allah lumantar ganjarane Sang Roh suci ing sajroning atine, wong iku ora bakal bisa mangerti kayekten lan hakikating Allah, katresnan kang asifat ilahi yaiku manunggalake Rama, putra lan Sang Roh suci minongko Allah kang siji.

Nalika Allah nitahaken jagat iki ing wiwitane, Panjenengane ora nindakaken dhewe kanthi sesideman, nanging Panjenengan nitahake nganti anane jagat iki lumantar Sabdane. Awit Sang Kristus iku Sabda Allah, jagat dadi ana lumantar Panjenengane. Iki ateges Sang Kristus dudu mung sang Suru selamet lan pantara uga Sang penebus, nanging Panjenengane uga Kang Nyipto utawa kang yasa. Awit ora ana apa wae kang dumadi tanpa Panjenengane nindake, Panjenengane ngendaleni sakabehi kaya ngapa bejane ati kang cukup jembar kanggo bisa paham lan ngerti sapa sejatine Sang Kristus iku! Kabeh kang ditemokake ing jagat moderen lan kabeh partikel dasar lan susunan tata surya ora luwih pawujude kang banget sederhana bab kaluhuran lan panguwasane Sang Kristus. Suwara panjenengan, otot panjenengan, bleger badan panjenengan lan obahing jantung panjenengan lan kabeh kang liyane yaiku nugraha Sang Kristus kanggo panjenengan. Dadi kapan panjenengan ngaturake panuwun marang Panjenengane?

Kabeh kang ana ing jagat iki krana kacipto, kajaba Gusti Allah, Sabda Allah, lan Sang Roh Allah. Kang ana ing sarirane yaiku Urip, Langgeng, lan Suci. Kaya dene Allah wis urip ing sajroning Sarirane, mengkono uga Sang Kristus yaiku sumber saka kabeh urip kang sejati, kang banget setia, kang mungokake kita saka ing pati awit kaluputan lan dosa, lan neguhake ing sajroning awak kita urip langgeng. Urip asipat ilahi ing sajroning Sang Kristus iki ngalahake pati. Panjenengane ninggalake kubur kanthi panguwasa panguripan kang dadi kangungane kang asifat Ilahi. Sang Kristus dudu mung Kang nyipto, nanging Panjenengane ing sajroning sarirane dhewe yaiku sumber panguripan iku dhewe. Kaya dene Panjenengane iku suci, Panjenengane ora bakal tahu seda. Ora ana dosa kang bisa ditemokake ing sajroning Allah utawa Putrane, kanthi mengkono Panjenengane urip nganti selawase. Kita nemokake pangerten bab Urip Sang Kristus makaping-kaping ing pasal-pasal sajroning Injil Yokanan. Urip iki yaiku salah siji landhesan kanggo watonan KasugenganNe.

Cahyo srengenge menehi urip ing planet bumi kita. Nanging yen ana gegayutane karo Sang Kristus, kang dumadi malah kosokbaline. Kasugengan Panjenengane yaiku kang dadi jalaran anane padang lan kebangunan rohani kang kita alami lumantar Panjenengane menehi pengare-arep marang kita. Agama kita dudu agama hukum pati lan paukuman, nanging pawarto urip lan padang uga pengarep-arep. Wungune Sang Kristus saka pati ngilangake kaber rasa nglokro. Mapane Sang Roh suci ing sajroning urip kita andadekake kita ana ing sajroning kasugengane Allah.

Donya iki dadi peteng awit dosa, nanging Sang Kristus iku katresnan ing sajroning padhang. Ora ana pepeteng, ora ana kang ala, ora ana piawon ing sajroning Panjenengane. Awit saka jalaran iki, Sang Kristus katon kebak kamulyan. Panjenengan sumunar luwih saka padhang. Nanging, Yokanan Sang Penginjil ora miwiti kanthi nyebutake gegayutan kamulyan Sang Kristus kang sumunar, nanging penginjil Yokanan nuduhake marang kekuwatan lan kasugengan Panjenengane. Awit pangerten bab kasucene Sang Kristus mratelake sapa awak kita, ngadhili kita, lan nyirnakake kita. Nanging pangerten bab kasugengane bakal agawe kita urip. Anggegilut gegayutan Sang Kristus bakal menehi panglipuran lan kasegeran kang sabenere marang kita.

Jahshua yaiku padhang manungsa. Panjenengane ora sumunar kanggo Sarirane dhewe, lan Panjenengan ora mulyakake asma Sarirane dhewe. Nanging, Panjenengane sumunar kanggo awak kita. Kita dudu sumber padhang, nanging sumber pepeteng. Kabeh manungsa iku ala, nanging Sang Kristus madhangi kita kanthi mangkono kita bisa ngerti bab Panjenengan lan ngrumangsani kahanan peteng kita. Lumantar Injil iki, kita tangi saka pati lan lumebu urip kang langgeng. Sang Krisus mulungake asta marang kita lan nimbali kita lumantar padhang saka kasugengan Panjenengane supaya kita ninggalake kahanan kita kang ora duwe pangarep-arep. Kita sowan marang Panjenengane ing sajroning pepesthen lan keyakinan.

PANDONGA: Oh gusti Yesus, kawula sujud wonten ngarso Paduka awit Paduka lan Sang Rama lan Sang Roh suci menika satunggal. Paduka anyipta jagat menika ing salebetipun keselarasan kaliyan sang Rama. Paduka maringake gesang dhumateng kula. Paduka apunten anggen kula wonten ing pepeteng lan paduka padhangi kula lumantar sang Roh suci Paduka kanthi makaten kula saget saestu-estu gesang lan nilaraken pepeteng dosa-dosa kula lan sowan dhumateng padang kasugengan langgeng paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa wae 6 watek wantu sang Kristus kang dicethakake dening Yokanan ing wiwitan Injile?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:11 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)