Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 001 (Introduction)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan

PAMBUKA MARANG INJIL YOKANAN


Sang Kristus nyebutake para pandhereke dadi jejering seksi. Panjenengane ora nulis riwayat sugenge piyambak. Lan Panjengane ora nulis layang menyang pasamuwan-pasamuan. Nanging tindak lan lakune dadi pangeling-eling kang angel dilaleke ing ati para pandherek Panjenengane, kang dituntun dening sang Roh Suci supaya ngluhurake gustine yaiku gusti Yesus Kristus. Para pandhereke ngrasakake katresnane, nyipati anggone andap asor, nyipati seda lan wungune Panjenengane. Lan iku kabeh minangka kaluhuran dadi jejering putra tunggal Sang Rama, kebak nugraha lan kayekten.Nalika para penginjil yaiku Matius, Markus, lan Lukas nerangake bab Sabda lan apa kang di tindakake Gusti Yesus, Kratoning Allah dadi tujuan rawuhe. Yokanan ngutamekake bab pribadi Gusti Yesus kang unggul yaiku bab katresnane kang suci. Ya awit iku umum ngarani, yen Injil Yokanan iku Injil utama kang dadi makutha saka kabeh kitab ing sajroning kitab suci.

Sapa kang nulis Injil Yokanan?

Para bapa gereja ing abad kaping loro sarujuk manawa Yokanan, salah siji murid Gusti Yesus priyayi kang nulis kitab kang luwih-luwih iki. Penginjil Yokanan iki nyebutaken jeneng-jeneng rasul liyane, nanging jenenge dhewe ora tau disebutake. Iya ora nyebutake duwe sambung rapet karo Yakobus sedulure utawa nulis jenenge dhewe. Awit dheweke duwe panemu ora pantes di sebut jenenge.

Para Bapa Gereja ing abad kaping loro sarujuk manawa Yokanan, murid Gusti Yesus Kristus kang nulis kitab kang luwih-luwih iki. Penginjil Yokanan iki nyebut jeneng-jeneng akeh para rasul liyane, nanging kanggo awake dhewe ora tahu nyebutake, bab jeneng Yakobus sedelure utawa jenenge dhewe, awit dheweke rumangsa ora pantes nyebutake jenenge, disebut bebarengan karo asmane Gusti Lan Juru selamete. Nanging, Uskup Ireneus saka Lyon ing Perancis cetha kandha yen Yokanan, Murid Gusti, kang sumendhe ing dadane Gusti nalika bujana pungkasan, yaiku wong kang nulis Injil iki, yaiku nalika dheweke lagi ana ing sajroning pelayanan ana Efesus Anatolia ing jaman pemerintahan Kaisar Trayanus (98-117).

Sawetara wong kang seneng ngritik duwe gagasan manawa Yokanan, sing nulis Injil iki, dudu murid kang bebarengan gusti Yesus, nanging mung salah sisi pinituwa ing Efesus, yaiku salah siji muride Yokanan, lan layang kuwi ditulis sakwise Yokanan ora ana. Para tukang kritik iki yaiku tukang ngimpi, lan wong-wong mau ora ngerti Roh Kayekten, kang ora tau goroh, awit rasul Yokanan iku wong kang temen-teman nulis layang iki kanthi nggunakaken tembung nek dheweke sing nulis. Yokanan mratelakake, “Lan aku kabeh ndeleng kamulyaNe”. Dadi kang nulis Injil iki yaiku ngerti dhewe saka sugenge, sedane lan wungune Gusti Yesus. Lan para mitrane Yokanan yaiku wong-wong kang nambahake ing pungkasane Injil iki kang mratelakake: “Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata” (Yokanan 21:24).

Para sakabat nulis kanthi cara liya kang mbedakaken antarane Yokanan karo murid-murid liyane, yaiku manawa gusti Yesus benget nresnani dheweke lan marengake sumende ing dadane nalika bujana suci kang kawitan. Lan Yokanan iki kang wani dhewe nyuwun pirsa marang Gusti Yesus bab wong kang bakal mbalela saka Panjenengane: “Gusti, sinten tiyangipun?”(Ingkang badhe masrahaken Paduka”?” (Yokanan 13:25)

Yokanan iku isih enom nalika gusti Yesus nimbali dheweke supaya ndherek Panjenengane. Yokanan iku kang paling enom ing antarane rolas muride. Yokanan biyene wong kang amek iwak. Jenenge bapake Zebedeus lan ibune jenenge Salome. Yokanan urip karo keluargane ana ing Bethsaida ing pesisir Danau Tiberias. Dheweke ngumpul dadi siji karo Petrus, Andreas lan sedulure dhewe Yakobus, bebarengan karo Filipus lan Natanael nalika wong-wong iku mlaku bebarengan ing Ngare Yordan arep ketemu karo Yokanan Pembaptis, kang martakaken pamratobat. Rombongan wong-wong iku nekani Yokanan lan salah siji ing antarane wong-wong mau yaiku Yokanan, anak Zebedeus, kang njaluk pangapura lan baptisan marang Yokanan Pembaptis ing Kali Yordan. Dheweke bisa uga duwe sambung rapet sedulur karo keluarga |Imam Agung Hannas awit dheweke dikenal keluarga Imam Agung mau lan duwe hak bisa mlebu ing njero pengadilan. Dadi Yokanan duwe sesambungan keluarga karo para imam. Awit saka iku dheweke nyebutaken ing kene apa kang ora disebutaken dening wong kang nulis Injil liyani, yaiku apa kang dikandakake dening Yokanan Pembaptis bab Gusti Yesus, mligine bab Panjenengane Gusti Yesus iku cempening Allah kang bakal nyucekake kabeh dosane jagat. Kanthi cara iki, rasul Yokanan, kanthi tuntunane Sang Roh Suci, dadi murid kang ngerti Gusti Yesus ing sajroning katresnan Panjenengane luwih saka liyane.

Gegayutane Yokanan lan priyayi kang nulis Injil liyane

Nalika Yokanan nulis Injil iki, Injil manut Matius, Markus lan Lukas wis ditulis lan dikenal ing antarane pasamuwan-pasamuan watara suwe. Telu kang nulis Injil nulis kitab-kitabe alandhesan kitab basa asli Ibrani kang diklumpukake dening para rasul lumantar tangan Matius kang ngemot pangandikane gusti Yesus, kanthi mengkono ora ana kang ilang, mligine ing tahun-tahun kang wis kelakon lan gusti durung rawuh maneh. Bisa uga apa kang ditindakake gusti Yesus lan lelakon-lelakon ing sajroning sugenge gusti ditulis ing cathetan kan pinisah. Para penginjil sebanjure kanthi ngati-ati banget nerusake tulisan-tulisan iku kanthi kasetyan. Lukas Sang dokter anglandesi tulisane saka sumber kang liya awit dheweke ketemu langsung karo Maryam ibu Gusti Yesus lan uga para seksi kang ndeleng langsung, yaiku wong kang beda.

Yokanan, kepiye wae, dheweke dadi sumber kang penting minangka tambahan kanggo kabeh sumber liya kang disebutake ing nduwur. Dheweke ora kepengin mung mbaleni pawarto lan tembung kang wis dikenal dening pasamuwan, nanging dheweke kepengin nambahake sawijining bab. Nalika telu Injil kang kawitan nyethakake apa kang ditindakake Gusti Yesus ing laladan Galilea, nuduhake mung menyang salah siji lakune menyang Yerusalem kang ditindake dening Gusti Yesus saka kabeh pelayanan Panjenengane, ing ngendi Panjenengane nglakoni seda ana ing kana, Injil kang kaping papat nuduhake marang kita apa kang ditindakake ing Yerusalem sadurunge kuwi, sakabehe lan sakwise anggone leladi Panjenenge ing laladan Galilea. Yokanan nyeksekake manawa Yesus rawuh kaping telu ana ing Ibukota negara iku, ana kono para pemimpin bangsane nampik Panjenengane. Lan sakwise kuwi anggone nampik Panjenengane saya mundak lan pungkasane Panjenengane disalib. Dadi Yokanan ing kene nuduhake pelayanane Gusti Yesus ing antarane wong-wong Yahudi ing Yerusalem, punjere budaya Perjanjian Lawas.

Kang nulis Injil kaping papat ora menehi katarangan mligi bab kaelokan-kaelokan kang ditindakaken dening Gusti Yesus, dheweke mung nyebutaken enem kaelokan wae. Apa kang diterangake Yokanan ing kene? Yokanan nyethakaken gegayutan pangandikane Gusti Yesus minangka jejering priyayi kan ngandika: “INGSUN IKI” lan kanthi cara iki Yokanan nerangake bab kepribadiane gusti Yesus. Telu Kang Nulis Injil kang kawitan ngunderake marang ketarangan bab tumindak lan laku sugenge Gusti Yesus, nanging gusti Yesus luwih kapunjer ing sajroning menehi gambaran gegayutan pribadi gusti Yesus ing sajroning kaluhuran panjenengane ing ngarepe mripat kita. Nanging saka ngendi Yokanan ngerti tembung-tembung kuwi, kang ora ditemokake ing sajroning tulisan liyane, lan kang dingendikaake dening Gusti Yesus gegayutan karo Sarirane Piyambak? Yaiku Roh suci kan ngelingake kabeh tembung-tembung mau sakwise Pentakosta kang kawitan. Awit Yokanan dhewe ngakoni makaping-kaping manawa para sekabat ora ngerti apa kang dikersakaken pangandikane gusti Yesus nganti sakwise patangene Panjenengane lan Roh suci kaesokake atas para sekabat mau. Kanti mengkono, Yokanan sebanjure bisa ngerti apa kang dingendikake gusti Yesus, kang dingandikake Panjenengan gegayutan Sarirane Piyambak lan kang ngandhut tembung: “INGSUN IKI”. Ya iki ciri luwih-luwih kang ana ing sajroning Injil iki.

Yokanan uga nyebutaken pangandikan-pangandikan gusti Yesus, yaiku ana tembung-tembung kang lelawanan, kaya padhang lan peteng, badan lan roh, kayekten lan kang ora bener, urip lan pati, lan uga gegayutan kang saka ngaluhur lan kang saka ngisor. Kita ora bakal nemokaken tembung-tembung kang lelawanan kaya mengkono iku ing Injil-Injil liyane. Nanging Roh suci ngelingake Yokanan sakwise sawetara tahun, naliko dheweke manggon ing laladan kang pengaruh Yunanine gedhe, yaiku dielingake bab- tembung-tembung kang dingandikake gusti Yesus. Roh suci nyetakake marang dheweke dadi jejering wong kang nulis Injil manawa gusti Yesus ora mung ngandika ing sajroning basa Ibrani semit, nanging uga nggunakake tembung-tembung Yunani kanggo bangsa-bangsa.

Apa kang dadi tujuan Injil manut Yokanan?

Yokanan ora gelem menehi karangan gegayutan gusti Yesus ing tembung kang ngandhut sastra filsafat utawa lamunan kasukman, nanging Yokanan ngunderake kawigatene marang pangejawantahing Panjenengane, karingkihan Panjenengane lan rasa ngelake Panjenengane, nalika gumantung ing Kayu Salib. Yokanan uga nyethakake manawa Gusti Yesus iku Sang Juru selamete kabeh manungsa lan dudu mung kanggo wong Yahudi wae, awit Panjenengane iku Putra Cempening Allah kang manggul kabeh dosa jagat. Yokanan mratelakake marang kita kabeh manawa Gusti Allah nresnani kabeh manungsa.

Prekara-prekara kang disebutake iki yaiku cara lan bukti kangge ndudut ati lan sari pati saka Injil iki, yaiku manawa gusti Yesus Kristus iku Putra Allah. Kelanggengan Panjenengane katon ing sajroning ngatingalake anggone mung sawetara, lan wujud sifat keallahane katon ing sajroning anggone dadi manungsa, lan Panguwasa Panjenengane katon ing sajroning karingkihan Panjenengane. Dadi, ing sajroning Gusti Yesus, Gusti Allah ana ing antarane manungsa.

Tujuan saka katarangan Yokanan dudu kanggo ngerti gusti Yesus kanthi cara filsafat utawa cara ngelmu kang asifat gaib, nanging kanggo ngerti Gusti lumantar Sang Roh Suci minangka landhesan saka iman kang mursid. Yaiku sebabe Yokanan nutup Injile kanthi tembung kang banget dening misuwur, “..nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing asmane” (Yokanan 20:31). Iman kang urip marang sifat keallahane gusti Yesus yaiku tujuan kang ditulis ing Injil dening Yokanan. Iman kang kaya mengkono ngasilake ing sajroning urip kita kang asifat keallahan, suci lan langgeng.

Kaalamatke sopo Injil Yokanan ditulis?

Kitab iki, kebak karo pratela kang bener bab Sang Kristus, ora ditulis kanggo nginjili wong-wong kang durung pracaya, nanging ditulis kanggo mbangun pasamuwan lan andadekake pasamuwan diwasa ing sajroning sang Roh. Paulus wis miwiti marang maneka pasamuwan-pasamuan kang ditinggalke lan nguwatake pasamuan-pasamuwan mau. Nalika Petrus lan Paulus mati, bisa uga ing jaman panganiaya dening Nero ing Roma, Yokanan nggenteni Paulus lan Petrus lan dheweke urip ana ing Efesus, punjering kekristenan ing jaman semono. Dheweke mimpin sawetara gereja kang sumebar ana ing laladan-laladan ing Asia Cilik. Sapa wae kang maca layang-layange lan pasal loro lan pasal telu saka Kitab Wahyu bakal bisa ngerti rasa kuatir lan rasa kabotane Sang Rasul, kang nyethakake marang kita bab katresnan Allah kang manjalma dadi manungsa ing sajroning gusti Yesus Kristus. Panjenengan perang lumawan wong-wong kang pracaya kang andhasari filsafat kang mlebu ing antarane pasamuwan kaya Asu Ajak lan wis nyemerake cempe-cempene Allah kanthi pikiran kothong, aturan kang kaku lan kebebasan kang dipengaruhi urip najis awit wong-wong mau nyampur kayekten karo pikiran kan tanpa guna.

Murid-murid Yokanan Pembaptis uga manggon ana ing Anatolia, kang ngajeni wong-wong kang mulang bab pamratobat marang wong-wong ing kono luwih jembar ketimbang karo gusti Yesus Sang Juru selamet. Wong-wong ing kono isih ngarep-arep Sang Mesih kang diprasetyakake, lan duwe pikiran manawa Panjenengane Sang Mesih iku durung rawuh. Kanthi nyethakake bab pribadi gusti Yesus, Yokanan lumawan kabeh wulangan kang beda kang lumawan Sang Kristus. Yokanan ngadeg dadi seksi lumawan roh-roh kang lumawan Kristus kanthi mratelakake: “Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih rahmat lan kayekten”.

Katone akeh-akeh wong kang nampani Injile yaiku wong-wong kang dudu Yahudi yaiku kang dadi pracaya awit Yokanan nerangake marang wong-wong mau, akeh bab-bab gegayuten uripe wong Yahudi, kang kanggo wong Yahudi dudu sawijining kang perlu dicethakake maneh. Luwih maneh, Yokanan ing sajroning Injile ora anglandhesi karo apa kang dingandikaake Gusti Yesus kang tinulis ing sajroning basa Aram, lan sebanjure dijarwakake ing sajroning basa Yunani kaya kang ditindakake wong kang nulis Injil liya. Nanging, dheweke nggunakake tembung-tembung Yunani kang pancen dingerteni dening pasamuwan lan ngisi tembung-tembung iku kanthi roh Injil lan sebanjure martakaken tembung-tembung gusti Yesus ing sajroning basa Yunani kang murni kanthi kebak kebebasan lan jero lan kanthi lantip kang luwih gedhe manawa dibandingake karo kabeh pambudi daya nggunake tembung kang teteh kang endah. Dadi, Sang Roh Suci mbeberake marang kita ing sajroning Injil iki bandha kayekten kanthi gampang, kanthi mengkono panjenengan kabeh bisa ngerti tegese kelanggengane.

Kapan Injil kang luwih-luwih iki ditulis?

Kita ngaturake panuwun marang Gusti Yesus awit Panjenengane wis nuntun para arkeolog orentalis ing Mesir sawetara tahun kepungkur kang nemokake lembaran papirus kang asale saka tahun kira-kira 100 M, kang ngemot ukara-ukara saka Injil Yokanan tinulis ing sajroning cathetan kang cetho. Kanthi anane temuan iki, pirembugan kang mbutuhake wektu suwe kapungkasi lan wiso kang disebarake wong-wong kang seneng maido ilang awit kanthi ngeduk lemah iku nemokake bukti manawa Injil Yokanan wis dikenal ing tahun 100 M, dudu mung ing Asia Cilik nanging uga ing Afrika Sisih Elor. Ora perlu mangu-mangu maneh manawa Injil iku temtu uga wis dikenal ing Roma. Kayekten iki nguwatake keyakinan kita, yen Yokanan sing mesthi sing nulis Injil iki, anggone nulis kanthi kapenuhan Sang Roh Suci.

Apa to isine Injil iki?

Ora gampang nggawe aturan saka kitab suci kang kawahyokake. Lan kanthi cara mligi angel banget merang Injil Yokanan ing sajroning perangan-perangan kang beda. Nanging senadyano mengkono aku padha ngusulaken bab-bab kang penting iki:

  1. Cahaya saka pepadang kang Ilahi (1:1-4:54)
  2. Pepadhang iku sumunar ing sajroning pepeteng lan pepetang iku ora bisa nguwasani pepadhang iku (5:1-11:54)
  3. Pepadang iku sumunar ing antarane para rasul (11:55-17:26
  4. Pepadang iku ngalahake pepeteng (18:21:25)

Yokanan wong kang nulis Injil mratelakaken pikirane ing sajroning prekara-prekara kang antarane siji lan sijine gegayutan, kara sawijining rante kasukman, kang ing njerone saben prekara underane marang siji utawa loro pikiran utawa tembung. Prekara iku ora bisa uwal antarane siji lan liyane, nanging maknane kala-kala ana gegayutane.

Cara mikir Ibrani Semit kang diduweki Yokanan, kanthi visi kasukman kang jero banget, selaras banget karo basa Yunani kang urip ing sajroning kamanunggalan kang ora bisa kabandhingake, lan agung. Roh suci nyethakake kanggo kita tembung-tembung ing sajroning Injil iku nganti ing wektu iki. Injil iku dadi sumber kawruh lan kawicaksanan kang ora ana enteke kanggo kita. Saben wong kang sinau kitab iki kanti temen bakal sujud ing ngarsane Putra Allah kang wis masrahake uripe marang Panjenengane ing sajroning panuwun lan pujian uga kamardikan kang langgeng.

PITAKONAN-PITAKONAN

  1. Sopo kang nulis Injil kang kaping papat iki?
  2. Apa gegayutane antarane Ijil kang kaping papat iki karo telu Injil kang kawitan?
  3. Apa tujuan saka Injil Yokanan?
  4. Katujokake marang sopa kira-kira tujuang Injil kang ora ana bandingake iki ditulis?
  5. Kepiye kira-kira marang Injil iki, banjur nata alandhesan pokok-pokok kang dirembug??

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:08 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)