Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 052 (God Selects whom He has Mercy on)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)

3. Gusti Allah tetep bener senajan tiyang-tiyang Israel sami nglawan Panjenenganipun (Rum 9:6-29)

b) Gusti Allah duwé wenang milih sing sapa kang dipun tresnani, lan sing sapa kang diwangkotaké (Rum 9:14-18)


RUM 9:14-18
14 Yèn mengkono, kita banjur arep muni kepriyé? Apa Gusti Allah kuwi ora adil? Ora! Gusti Allah adil! 15 Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mengkéné: "Aku bakal melasi marang sapa waé sing Dakparingi piwelas, lan paring kamirahan marang sapa waé sing Dakkersakaké." 16 Mulané putusan kuwi ora gumantung saka karep utawa labeté manungsa, nanging mung landhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak. 17 Sebab Kitab Suci wis nerangaké, yèn Gusti Allah wis ngandika marang ratu ing Mesir: "Yakuwi sebabé enggon-Ku ngangkat kowé dadi ratu, supaya kowé mratélakaké pangwasa-Ku lan ngluhuraké Asma-Ku ana ing salumahing bumi." 18 Mengkono patrapé Gusti Allah enggoné ngesokaké sih-rahmaté marang sok wonga sing dikersakaké, lan uga mangkotaké atiné sapa waé, manut ing sa-kersané piyambak.

Saking dhawuhipun Gusti dateng Musa ing Pur. 33:19 kita mangertos bilih Allah kagungan pangereh kagem nedahaken sih kawelasan dateng tiyang-tiyang tartamtu lan nglajengaken sih kawelasanipun dadosa dateng tiyang dosa utawi boten. Awit saking punika, anggenipun Allah milih punika boten gumantung dateng tindak-tandukipun manusa, nanging namung dateng sih kawelasanipun Piyambak; lan kawilujenganipun manusa kelampahan saking pakaryan ngleresaken lan sanes awit saking upayanipun manusa, awit saking sih kanugrahanipun Allah ingkang tanpa wates.

Kt ugi maos katrangan ingkang sami saking Pang. 9:16 bilih Gusti ingkang maha suci dhawuh dateng Sang Pringon/ Firaun ingkang kebak kaliyan rohing Mesir, “marga saka iku Ingsun ngèndelake sira urip, supados Ingsun nuduhake pangwasaningsun marang sira, lan supados asmaningsun kasuwurna ing salumahing bumi.” Dhawuhipun Allah punika dados wahyu kagem Paulus anggenipun nyerat, “Dadi Panjenengane welas asih marang sapa ingkang dikersakake lan Panjenengane mangkotake atine sapa ingkang dikersakake.” (Rm. 9:18).

Prekawis punika kelampahan awit saking kasucenipun Allah. Nanging Allah boten asipat kaku, Panjenenganipun ngersakaken sedaya manusa kaslametaken lan sami rumaket dateng kayekten (Rm. 11:32; 1 Tim. 2:4; 2 Ptr. 3:9), menawi tetiyang mbikak manahipun dateng roh ingkang nglawan Allah, utawi menawi Piyambakipun tuwuh saking kulawarga, suku utawi bangsa ingkang kebak pikiran ingkang nglawan dateng Gusti Yesus, saged kelampahan bilih Allah ngidini pemimpin ingkang awon kangge nglawan prentahipun Allah kanthi blaka, nanging Allah ugi saged mbuktekaken pangwaasanipun ingkang langgeng dateng tiyang-tiyang mekaten punika.

Minangka wangsulan dateng ayat ingkang kaserat dening Paulus saderengiun, wonten tiyang-tiyang ingkang matur bilih wonten piwulang agami sanes ingkang niru pemanggih bilih Allah nyasaraken sinten ingkang dipun kersakaken, lan ugi nuntun sinten ingkang dipun kersakaken, awit Allah -selaras kaliyan kasucenipun- kagungan wenang kangge nyasaraken sadaya manusa, karana pancen boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang leres. Nanging Allah boten tumindak mekaten, kadosdene ingkang kawulangaken dening sawatawis agami sanes, karana Panjenenganipun kagungan sih kawelasan tumrap sadaya tyang, lan sinten ingkang nampi Sang Kristus nindakaken prekawis punika awit saking pilihanipun Piyambak, awit namung Sang Kristus ingkang boten nate damel dosa.

Nanging sinten ingkang ngiketaken diri dateng sang piawon, bapaking sadaya ingkang goroh, lan demen dateng arta nglangkungi dateng Allah, sampun kaget menawi Ingkang Maha Suci ngèndelaken Piyambakipun dawah sawetahipun, lan boten saged mangertosi sabdanipun Allah, kados ingkang kadhawuhaken dening Gusti Yesus wonten ing Injil Yohanes 8:43-45. Allah mardika anggenipun netepaken karsanipun, nanging manusa ndherek tanggel jawab, gumantung dateng pnp manusa saestu mratobat pnp boten.

Kangge nerangaken prekawis punika dateng ingkang sami maos, kita kedah enget bilih Paulus ngintunaken reraosan punika sanes dateng tiyang-tiyang sanes Yahudi, nanging dateng tiyang-tiyang Yahudi ing Rum, kangge ngremuk wangkoting manahipun. Piyambakipun nedahaken dateng tiyang-tiyang punika bilih Allah bade ngèndelaken tiyang-tiyang kesasar, nadyan Panjenenganipun milih tiyang-tiyang punika, menawi tiyang-tiyang punika boten purun mbikak manahipun dateng tuntunanipun wonten Injil Kristus. Layangipun Paulus punika boten nerangaken satunggaling filsafat (wewaton) dateng manusa, nanging nedahaken dateng kita kados pundi Piyambakipun nganggep wangkoting manahipun tiyang-tiyang Yahudi.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun milih tiyang-tiyang kados kawula ingkang gadhah dosa wonten ing pilihan lumantar Gusti Yesus, lan Paduka sampun maringaken dhumateng kawula hak supados dados putra-putra Paduka, senajan kawula boten pantes. Kawula amemuji asma Paduka amargi sih katresnan Paduka ingkang tansah dipun paringaken, lan kawula ngucapaken panuwun amargi Paduka boten ndadosaken kawula wangkot utawi nulak kawula, senajan kathah dosa-dosa kawula, nanging Paduka tansah narik kawula kanthi kakiayatning katresnan Paduka

PITAKON:

  1. Apa sebabé ora ana manungsa kang sejatine pantes kapilih dénéng Gusti Allah? Apa alesané Panjenengané milih kita?
  2. Apa sebabé Gusti Allah ndadékaké atine Firaun wangkot? Kaya ngapa wujudé ati kang wangkot ing antarané manungsa, suku, utawa bangsa kang ana?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 09:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)