Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 032 (Healing of the court official's son)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?

5. Kesarasane anak pegawe kraton (Yokanan 4:43-54)


YOKANAN 4:43-46a
43 Sawuse rong dina iku gusti Yesus tedhak saka ing kono menyang ing tanah Galilea, 44 sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambak yen kang jeneng nabi iku ora kajen ana ing nagarane dhewe. 45 Sarawuhe ing tanah Galilea, banjur ditampeni dening wong-wong ing kono, marga iku wus padha ndeleng sakehing pandamele ana ing Yerusalem nalika riyaya, 46a amarga wong-wong mau uga melu nekani riyaya iku.

Gusti Yesus lan para murid Panjenengane mulang ing Samaria. Kanthi panguwasa urip langgeng lan kanthi kabungahan Gusti Yesus lan para muride martakake Injil. Wektu kanggo nggayuh bangsa-bangsa liya durung tekan wektune; Panjenengane kudu luwih dhisik ngalahake roh-roh ala ing tanah kelairan Panjenengane piyambak. Panjenengane enggal-enggal tindak menyang Galilea, sinadyan Panjenengane diremehna dening wong-wong Nazaret lan ngadhepi anceman tumindak kang kasar. Kanca-kanca lan sedulur-sedulur Panjenengane durung pracaya marang sifat keallahan Panjenengane, awit Panjenengane asale saka keluarga kang asor. Kanca-kanca lan sedulur Panjenengane padha nyawang bandha donya lan kamisuwuran, lan ngremehake anggone gusti Yesus mlarat. Panjenengane ora bisa nindakaken pakaryan-pakaryan kang mawa mukjijat ing antarane kanca-kanca lan sedulure awit anggone para kanca lan sedulure mau orang percaya.

Aran becik sang Kristus dadi priyayi kang bisa marasake saya jembar. Pawarta gegayutan mukjizat kang ditindake Panjenengane terus nganthi Panjenengane, becik kang ditindake ing Yerusalem lan uga ing Galilea. Akeh wong saka Galilea kang teka ing Yerusalem ing dina riyaya Paskah. Wong-wong mau krungu lan ndeleng kabeh kang ditindake lan dingandikaake dening gusti Yesus, kang mulang kinanthenan panguwasa kang ngedap-edapi. Wong-wong mau nampani Panjenengane kanthi bungah nalika Panjenengane tekan ing ndesa-ndesa kang ana ing Galilea, lan duwe pengarep-arep supaya ing kana Panjenengane uga nindakake mujijat ing antarane wong-wong mau, supaya nampani bebathen saka rawuhe. Gusti Yesus bali menyang omah papan pista nganten ing Kana, kang duwe semboyan kabejan ing palakrama kaya semboyan ing sadurunge. Panjenengane bakal nindakake leladi ing antarane wong-wong kang wis wiwit ngurmati Panjenengane awit mujijat kawitan kang ditindakake Panjenengane ing Kana.

YOKANAN 4:46b-54
46b Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara. 47 Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati. 48 Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.” 49 Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah.” 50 Pangandikane Gusti Yesus: “ Balia anakmu urip.” Priyayi mau pracaya marang pangandikane Gusti Yesus iku, tumuli bali. 51 Nalika isih ana ing dalan priyayi mau kapethuk abdi-abdine, kang padha nusul ngaturi pawarta, manawa anake urip. 52 tumuli padha didangu wayah apa anake wiwit waras. Ature: “Kala wingi wanci jam satunggal siyang anggenipun mantun benter.” 53 Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh. 54 Iku pratanda kang kapindho kang katindakake dening gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.

Priyayi kang duwe kalungguhan ing kedhaton sowan marang gusti Yesus, sawise krungu bab Panjenengane lan panguwasa kang dadi kagungane. Wong-wong ing ndesa iku krungu bab tekane priyayi kang duwe kalungguhan iku lan kanda, “Wong kang duwe kalungguhan ing kedhaton mau sowan marang Gusti kang duwe kabisan nyarasake, lan ngenalake marang Panjenengane marang raja”

Priyayi kedathon mau duwe anak lanang kang lagi lara ing Kapernaum, ing laladan pesisir tlaga iku. Kang dadi bapake bocah mau wis mbudidaya lunga menyang pirang-pirang dokter, ngentekake dhuwit sing akeh, nanging ora bisa marasake anake. Pambudidaya pungkasan yaiku sowan marang gusti Yesus, apa Gusti Yesus bisa paring pitulungan apa ora? Bapake bocah mau duwe kekarepan supaya gusti Yesus saka Kana bareng karo dheweke menyang Kapernaum. Pengarep-arepe rawuhe gusti Yesus bakal dadi jalaran warase anake.

Gusti Yesus ora nggedhek-nggedhekake anggone ketemu karo priyayi kedhaton iki. Malah Panjenengane cuwa ing galih awit priyayi kedhaton iku nuduhake ringkihe imane. Gusti Yesus orang bisa mitulungi kacaba manawa wong temen-teman anggone pracaya marang kepribadian Panjenengane kang ora ana bandhingane. Akeh wong kang ndedonga lan pracaya nanging nalika iku uga mangun-mangu, lan mung pengin pitulungan kang asipat katon. Wong kang temen-teman pracaya marang gusti sumendhe marang sabdane tanpa syarat, pracaya sadurunga pitulungan iku tekan.

Priyayi kedhathon ora runtik atine awit anggone dielikake gusti Yesus, nanging malah ngasorake awake kanthi nyebut Gusti Yesus “bendara’ utawa “gusti”, kang ing basa Yunani, nuduhake makna manawa priyayi kedhaton mau ngakoni yen dheweke iku dadi jejering abdi Sang Kristus. Katresnane marang anake lanang lan rasa kurmate marang gusti Yesus nyurung dheweke nyuwun sepisan maneh marang gusti Yesus supaya rawuh ing Kapernaum, supaya anake lanang bisa tetep urip.

Nalika iku, gusti Yesus mirsani cetha pepinginan priyayi kedhaton mau supaya pracaya marang sifat kealahane lan sebanjure ngandika: “Balia, anakmu urip!”. Gusti Yesus nampik lunga bareng karo priyayi kedhaton lunga menyang Kapernaum, lan malah Panjenengane ndadar katresnan kang dadi jejering bapak mau lan mantepake imane. Apa Bapake bocah mau tememen duwe keyakinan yen gusti Yesus bisa marasake anake, sinadyana papane adoh antare Panjenengane karo anake lanang kang lara?

Saka pirembugane iku priyayi kedhaton nemokake watek wantune gusti Yesus lan uga katresnan Panjenengae. Priyayi kedhaton iku yakin yen gusti Yesus ora bakal ngapusi lan Panjenengane ora lagi ngolok-olok awake. Saiki priyayi kedathon mau pracaya manawa sinadyana dheweke ora nyekseni dhewe bab kewarasane anake lanang. Awit mbangun turut marang gusti Yesus, dheweke bali menyang Kapernaum. Anggone budal bali, nuduhake rasa kurmate marang gusti Yesus lan neguhake kawarasane bocah iku. Manawa pancen gusti Yesus bisa marasake anakku kang meh mati iku, ateges Panjenengane luwih ngedap-edapi tinimbang karo liyane. Kewarasan mbuktekake panguwasa Panjenengane lan hakekat sifat keallahane. Laku baline iku dadi sawijining disiplin kangge sawijining kaprecayan kang lagi tuwuh.

Gusti Yesus uga ngosikake para abdi priyayi kedhaton mau supaya enggal nemoni priyayi kedhaton mau menehi ngerti bab warase kang sempurna anake. Rasa kuatire banjur ilang lan dheweke ngluhurake Gusti. Awit dheweke temen-temen kepengin ngerti gegayutan jam pira panase ilang saka anake lanang, dheweke dikandhani yen kewarasane dumadi jam siji awan, pas nalika gusti Yesus ngandika bab dhawuh lan janji kasarasan iku.

Priyayi kedhaton iku sebanjure nyekseni marang saisi omahe kanthi kebak panuwun gegayutan panguwasa saka katresnane Sang Krisut.

Lelakon kang elok iki yaiku mukjijat kang kaping pindho kang ditulis dening Yokanan. Daya pengaruh sang Kristus wis nembus ing laladan kedhatone Raja. Wong-wong padha nganti-anti dumadine lelakon-lelakon kang liyane. Wong-wong pracya manwa iman marang sang Kristus iku ibadah kan bakal ditampa dening Allah kang negasake ing sajroning mukjijat lan panggawe-panggawe kang elok iki

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun atas rawuh Paduka. Paduka nyarasaken lare jaler kang meh pejah ing Kapernaum , kamangka papanipun tebih saking badan Paduka. Paduka nuntun Bapakipun lare menika dhumateng iman ingkang kiyat ing salebetipun Paduka. Paduka gulawenthah kawula supados pribados dhumateng katresnan lan panguwaos Paduka. Kawula ndedonga kangge kawilujengan saking kathah jiwa ingkang pejah ing salebetipun dosa lan kalepatan, lan kawula yakin bilih Paduka badhe atur wangsulan atas donga-donga kawula.

PITAKONAN:

  1. Kepiye tingkat keimanane kang dilewati priyayi kedaton mau?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:33 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)