Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 031 (Jesus leads his disciples to see the ready harvest; Evangelism in Samaria)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
4. Gusti yesus ing Samaria (Yokanan 4:1-42)

b) Gusti Yesus mimpin para muride supaya nyawang panenan kang siap dipanen (Yokanan 4:27-38)


YOKANAN 4:31-38
31 Nalika samana para ssakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, samangga paduka dhahar!” 32 nanging Gusti Yeuss ngandika:”Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.” 33 Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?” 34 Pangandikane Gusti Ysus: “ Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane. 35 Rak ana ujarmu kang mangkene: “Kurang patang sasi nuli panen. Nanging pituturKu ing kowe: “Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wis kena dieneni. 36 Saiki kang derep wus tanpa bawon, sarta nglumpukake wong kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang deep loro-lorone padah abungah. 37 Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni. 38 Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.”

Sakwise gusti Yesus merdekaake jiwa wong wadon kang dosa lan nuntun marang urip langgeng, Panjenengane nggatekake para muride supaya nindakake pelayanan kang padha marang wong kabeh. Pikirane para murid isih tumuju marang prekara-prekara kang asipat kadonyan lan prekara-prekara kang katon. Para murid mau ora bungah atas pakaryane sang Roh Allah ing sajroning atine wong wadon mau. Wis cetha manawa panganan lan banyu kanggo ngombe iku penting banget tegese kanggone urip, nanging ana panganan kang luwih penting tinimbang roti iku, lan kuwih duwe daya panguwasa kang bisa menehi kalegan tinimbang saka daya kalegan kang diwehehake dening banyu. Prekara iki isih durung di mangerteni para murid. Para murid ora luwih becik dibanding karo wong wadon iku, sinadyan para murid wis duwe pepinginan kang gedhe yaiku ndherek gusti Yesus.

Gusti Yesus nyethakake marang para murid bab makna saka panganan kasukman suwarga. Panganan iki bakal luwih nglegakake nyawa menawa kabandingake karo panganan kang katon ing ngendi wae. Gusti Yesus luwih ngrasakake lega ing sajroning ngesokake berkah lan nindakake kersane Sang Ramane.

Gusti Yesus iku rasul Allah. Panjenengane kagungan kamardikan sawutuhe dadi jejering Putra, nanging Panjenengane mbangun turut marang Sang Rama, nindakake karsane kanthi kebak kabungahan, awit Gusti Allah iku katresnan. Kabeh wong kang nunggal ing sajroning katresnan nungal ing sajroning Allah. Anggone mbangun turut Sang Kristus ora ateges yen Panjenengane luwih asor ketimbang karo Sang Rama, nanging prekara kuwi mbuktekake adohe kang bisa digayuh saka katresnane. Sang Putra mratelakake yen gegayutan keselametan iku prekara saka Sang Ramane, sinadyana mesti wae Panjenengan bisa nindake piyambak. Panjenengane maringake kabeh kamulyan marang Sang Rama, dikaya sadurunge Sang Rama maringi sakabehe marang Sang Putra. Sang Rama maringake kalungguhan dadi jejering kang utama dhewe marang Sasng Putra lan wis nglenggahake Panjenengane ana ing sisih kanane, masrahake kabeh panguwasa ing suwarga lan ing jagat.

Ing sumur iku karsane Sang Rama nylametake wanita kang diremehake iku. Dudu mung wong Yahudi wae kang nampani timbalan kanggo ditebus, nanging kabeh manungsa. Kabeh manungsa cemer lan ngelih marang Allah. Gusti Yesus ing sajroning patemon karo wong wadon iku nemokake ing sajroning wong wadon mau pepinginan kang kuat, rasa ngelih gegayutan karo pangapura ing sajroning batinne. Wong wadon mau luwih cetha cemawis atine nampa pangapura saka Gusti Allah katimbang karo ing sajroning wong-wong Yahudi. Ujug-ujug, Panjenengane mirsani ing ngarsane kabeh umat manungsa dadi pategalan kang jembar kang kebak panenan kang wis cemawis di panen, prekara iku kasurung dening sang Roh suci.

Nanging, para murid ora bisa ndeleng pategalan kang ngibaratake jagat kang cemawis dipanen iku. Gusti Yesus tekan ing Samaria ing mangsa mbediding lan panenan iku mbutuhake sawetara sasi maneh supaya bisa di deleng. Gusti Yesus kaya-kaya ngandika mangkene: “Kowe mung ndeleng cethek marang kasunyatan kang katon wae. Gatekna kayekten kang dadi sari patine yaiku bab roh manungsa; pitakonan kang cetha, rasa pengin urip kang kebak kaluberan, nggoleki Allah. Dina iki yaiku dina panen. Akeh wong kang tenan-tenan kepengin nampa putrane Allah dadi juru selamet, manawa pawarto keselamatan iki dilantaraken marang wong-wong mau kanthi nggunakake kawicaksanan lan katresnan.

Bisa uga panjenengan anggone ndeleng beda; kabeh wong ing sakiwa tengene iku wong-wong kang wangkot, fanatik utawa wuta secara kasukman. Yaiku kang uga dirasakake dening para murid; para murid mbobot mung alandhesan apa kang kadeleng wae. Nanging gusti Yesus bisa mirsani jero ati. Panjenengane ora ngipati-ipati wong wadon mau kang wis nampani gusti Yesus minangka jejere wong manca. Panjenengane ora mangu-manggu rerembugan karo wong wadon iku sinadyana katarangan bab kasukman ora bakal tekan ing wong wadon mau, nanging Panjenengane ngandikakake kanthi cara kang gampang lan cetha. Awit saka iku Panjenengan mitulungi wong wadon iku kanthi maringake tuntunan Sang Roh suci, lan nukulake pangelinge ing ati wong wadon mau bab manembah lan kaagungan saka Sang Mesih, nganti wong wadon iku dhewe dadi juru warto Injil. Kaya ngapa ngedap-edapine owah-owahan kang dumadi! Wong wadon iku dadu luwih cerak marang pakaryan sang Roh Suci ditimbang karo Nikodhemus kang mursid kae. Kabeh wong kang leladi Gusti mbutuhake wawasan kang kebak katresnan saka gusti Yesus supaya bisa ndeleng rasa ngelih bab kayekten Allah ing laladan sakiwa tengene; Gusti Yesus nimbali wong-wong mau. Pikirane wong-wong mau bakal dipadhangi dening sih rahmat awit saka sithik. Pira suwene panjenengan bakal tetep meneng wae ing donya, kamangka ing donya akeh wong kang nggoleki Allah?

Nalika ana wong bali marang Sang Kristus, urip langgeng bakal dadi duweke; kabungahan bakal ngalimputi ati wong akeh. Uga ing Suwarga bakal dumadi asurak-surak kabungahan ing antarane para malaikat manawa ana siji wong dosa kang mratobat. Pancen Gusti Allah ngersakake supaya kabeh wong diselametake lan mangerti bab kayekten. Wong –wong kang masrahake awake sawutuhe marang karsane Allah, lan nindake kersane kanthi martakake marang wong-wong liya bakal nglegakake atine dhewe lan abungah-bungah. Dikaya kang dingandikaake gusti Yesus bab sarirane dhewe, “PangananKu yaiku nindakake kersane Panjenengane kang ngutus Aku lan ngrampungake ayahane”

Gusti Yesus mungkasi pawarta Panjenengane marang para murid kanthi ngandika: “Aku ngutus kowe menyang papan panenan iku”. Nabi Yokanan Pembaptis wis ngluku pategalan kang ngenthak-enthak kanthi martakake babagan pamratobat – Gusti Yesus piyambak kang dadi wiji saka panenan kang ditandur ing lemah kang pancen wis dicawisake. Kita panen saiki woh-woh saka sedane Panjenengane ing Kayu Salib. Manawa pancen gusti Yesus nimbali panjenengan ngundhuh, tansaha eling manawa panen iku dudu undhuhane panjenengan. Kabeh iku pakaryane gusti. Panguwasa sang Kristus dadi mateng ing sajroning woh-woh Roh. Kita kabeh iki abdi-abdi kang ora ana gunane, nanging Panjenengane nimbali kita supaya ngedum lelayanan kang asifat keallahne, kala-kala nyebar, kala-kala mluku utawi ngunduh. Banget migunani kanggo kita manawa kita eling yen kita dudu kang luwih dhisik ing antarane wong-wong kang nyambut gawe kanggo Gusti Allah. Akeh kang wis mbudidaya nyambut gawe nganthi kesel sadurunge kita kanthi netesake luh; donga-dongane wong-wong mau kacathet ing Suwarga. Bisa uga panjenengan ora duwe sarana kang luwih becik ketimbang karo para abdi Gusti Allah kang liyane, utawa panjenengan ora duwe panggawe kang luwih becik. Panjenengan lakoni urip panjenengan saben dinane kanthi sumendhe sih rahmat lan pangapura saka Panjenengane. Panjenengan siau supaya mbangun turut karo Sang Roh Suci ing sajrone anggon penjenengan leladi. Panjenengan ladeni Panjenengane kanthi pujian lan atur panuwun nalika ngeneni, lan luhurake Sang Rama kasuwargan panjenengan bebarengan karo wong liya kang juga ngeneni, kang nguwuh, ‘Enggala dumateng kraton Paduka; Paduka kemawon ingkang kagungan samukawis kinurmatan, panguwaos lan kaluhuran ngantos selami-laminipun,’ Amin.


c) Penginjilan ing Samaria (Yokanan 4:39-42)


YOKANAN 4:39-42
39 Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: “Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku.” 40 Wong-wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ingkono rong dino, 41 sarta mundhak akeh maneh kang padha manjing pracaya awit saka pangandikane, 42 lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamurtaning jagad.”

Akeh wong sowan marang gusti Yesus saka kutha, kadudut atine dening pamratobate wong wadon iku. Ing sajroning wong-wong mau Panjenengane mirsani pategalan kang wis kuning, cemawis di undhuh. Panjenengane ngandika marang wong-wong gegayutan iman lan urip langgeng, lan tetap ing papan kono sedina muput. Para murid nekane menyang omah-omah dadi wong kang ngundhuh jiwa-jiwa. Kepribadian lan pangandikane Sang Kristus andudut atine wong akeh iku. Wong akeh iku ngerti yen Gusti Allah wis rawuh ing sajroning pribadi Sang Kristus ing jagat kang asor iki sakperlu nylametake wong dosa.

Wong-wong Samaria iku kang kawitan pisan menehi sesebutan marang gusti Yesus “Juru minangka slamete jagat” awit wong samaria yakin manawa gusti Yesus rawuh ora mung kangge nylametake bangsa Panjenengane, nanging kanggo mikul kabeh dosane manungsa. Ora ana watesan kanggo kekuatan katresnan iki, malah ing jaman saiki Panjenengane isih bisa nylametake lan merdekaake wong-wong kang ana ing sajroning pambeloking dosa saka cengkeremane Iblis, lan njangkung wong-wong kang wis kamardikaake. Panjenenganae iku hakim kang sabenenere kanggo jagat. Kaisar ing Roma duwe gelar “Juruselamet lan kang njangkung jagat”. Wong-wong Samaria iku ngerti manawa gusti Yesus luwih agung tinimbang kaisar; Panjenengane maringi Umat kagungane tentrem rahayu kang langgeng.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhuh gusti Yesus; Paduka mbangun malih gesang tiyang setri ingkang dosa menika, lan nedahaken dhumateng kawula sadaya, bilih mbangun turut dhumateng sang Roh suci menika langkung sae kabanding kaliyan pangibadah. Paduka merdekaaken kawula saking nungka-nungka kanthi maktaen kawula saget nglampahi karsa Paduka kanthi bingan lan cepet, lan ngedumaken kawilujengan ingkang saking Paduka dhumateng tiyang-tiyang ingkang tasih madosi, kanthi makaten tiyang-tiyang menika ugi saget nampeni gesang langung dening iman ing salebetipun Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye kita bisa dadi wong kang ngundhuh kang migunani kanggo gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:33 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)