Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 055 (Jesus the light of the world)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

d) Gusti Yesus pepadhange jagata (Yokanan 8:12-29)


YOKANAN 8:12
12 Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepaddhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”

Gusti Yesus iku pepadang kang kagungan sipat Allah. Kabeh wong kang sowan marang panjenengane bakal dibukaake, diadhili, dipadhangi, lan diwarasake, lan uga bakal dadi padhang ing sajrone Sang Kristus. Ora ana pepadhang liyane kang bisa madhangi kita lan marasake ati kita kang ala, kajaba Gusti Yesus. Kabeh filsuf lan agama jagat manawa diukur bakal katon karingkihane awit filus lan agama mung njanjekake penebusan lan suwarga kang sakjane mung ana angenan wae. Kanggo wong-wong kang wuta marang wong-wong iku dadi luwih jero lan kacancang ing sajrone kahanan kang mengkono iku. Padhange Panjenengane iku kaya padhange srengene kang nyegerake jiwa. Kesarasan jiwa iki duwe syarat, yaiku nyerak marang iman marang gusti Yesus lan ndherek Panjenengane ing sajrone nyingkur awake dhewe. Lan anggone tansash ndherek gusti Yesu siki kita dirubah saka peteng dadi padhang. Kita nemokake dalan ing sajroning padhang iki kangge nggayuh tujuwan pungkasan, yaiku kaluhuran sang Rama, lan sang Putra ing sajrone urip kang kebak pepadhang.

YOKANAN 8:13-16
13 Unjuke para wong Farisi: “Panjenengan nekseni sarira Panjenengan piyambak, paseksen Panjenengan boten sah.” 14 Dhawuh wangsulane gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku. 15 Anggonmu padha njeksani iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora njeksani wong siji-sijia, dene manawa Aku njeksani, anggonKu njeksani iku sabenere, amarga Aku ora ijen, ananging Aku bebarengan karo Panjenengane kang ngutus Aku.

Wong-wong Yahudi rumangsa kesandung atas apa kang dadi pangandikane Gusti Yesus, “Ya Aku iki” pangandikan iki ditampa dening wong-wong mau minangka pangandikan bombong marang awake dhewe lan patrap gumedhe, kang nganggep Panjenengane dadi pepadanging jagat. Wong-wong Yahudi iku ngarani menawa apa kang diseksekake Gusti Yesus iku salah lan ngapusi, nggedhek-nggedheke omongan tujuwane kanggo milut jiwane manungsa.

Gusti Yesus paring wangsulan, “Paseksen-Ku atas awakKu iku kayekten, awit Aku ora ngukur awak-Ku dhewe, saka karep-Ku dhewe, nanging saka kayekten Allah kang karo Panjenengane Aku tansah manungsa. Kowe ora ngreti yen Aku rawuh saka Sang Rama lan marang Panjenengane Aku bali. Aku ora ngandika gegayutan awak-Ku dhewe, nanging pangandikan-Ku selaras karo kayekten Allah. Pangandikan-Ku iku bener, kebak panguwasa lan berkah”

“Pocapanmu dhewe kebak lelamisan awit manungsa mung ndeleng njabane wae. Kowe nganggep yen awakmu kuwi dadi hakim lan pracaya marang kabisanmu dhewe bisa nibakake paukuman kang bener. Nanging kowe luput, kowe ora ngerti sumber saka kabeh kang ana, lan ora ngerti jerone ati lan akibate. Buktine kowe ora kenal karo Aku. Kowe njeksani Aku mung alandesan kamanungsan-Ku, nanging Aku tansah ana ing sajroning Gusti Allah. Nek kowe ngerti prekara iki, kowe bakal ngerti hakikat kang sejati saka jagat iki”

Sang Kristus iku Hakime jagat iki, lan Panjenengane uga kayekten kang dadi manungsa. Panjenengane ora rawuh kanggo paring paukuman utawa nyirnakake kita, nanging Panjenengane rawuh kanggo paring keselamatan marang kita. Gusti Yesus ora nampik wong kabeh kang ajur atine, wong kang ala utawi wong-wong kang kabuwang ing tengahing masyarakat, nanging Panjenengane ngersakake paring keslametan marang kabeh manungsa lan nuntun wong-wong mau marang katresnanE. Aja ngeremehake sapa wae, nanging sawangen wong iku kaya anggone gusti Yesus karsakake ana ing sajroning Panjenengane sakwise dianyarake lan dadi titah anyar.

YOKANAN 8:17-18
17 Lan sajroning Toretmu katulisan, yen paseksene wong loro iku sah. 18 Aku kang nekseni mungguh awakKu dhewe, lan uga Sang Rama kang ngutus Aku iya nekseni mungguh ing Aku.”

Awit saka karingkihan kita mula gusti Yesus mandap ing tingkat Paugeran Torat. Nanging gusti Yesus nyebutake manawa iki Paugeran Toretmu, iki tata caramu kang kok butuhake minangka wong-wong dosa. Selaras karo paugeran Torat mula wong kang duwe karep nyethakake kayekten kudu nuduhake nganggo seksi loro, supaya bisa nyengkuyung panemune bebarengan kabeh katarangan-katarangane. Sebanjure anggone ngadili bakal ditindake kanthi landesan iku (Pengandaring Torat 17:6; 19:15). Gusti Yesus ora kelah lumawan aturan iki. Gusti Yesus nyebutaken paseksene Panjenengane piyambak minangka seksi kang kawitan, lan paseksene Rama Panjenengane minangka seksi kang negasake, cethane keselarasan kang sempurna ing antarane loro-lorone. Tanpa ana keselarasan karo Sang Rama mula Sang putra ora bisa nindakake apa-apa. Ya iki wadi kang ana ing sajroning Tritunggal Kang Suci. Gusti Allah paring paseksen gegayutan gusti Yeus, dikaya gusti Yesus paring paseksen bab Gusti Allah.

YOKANAN 8:19-20
19 Wong mau padha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu” 20 Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yeus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung temuka ing wektune.

Wong-wong Yahudi salah tampa bab Gusti Yesus, lan ora duwe pepinginan nyoba ngerti, nanging malah nyoba njebak Panjenengane karo nyata-nyata nyenyamah, banjur wong-wong Yahudi iku nyuwun pirsa: “Sinten ingkang panjenengan sebab Rama menika?” Yusuf wis suwe mati, lan wong-wong yahudi ngerti apa kang dikersakake gusti Yesus nalika Panjenengane ngandika, “Rama-Ku”. Nanging wong-wong mau kepengin ngerti kanthi cetha yen gusti Allah iku Ramane Panjenengane.

Gusti Yesus ora paring wangsulan marang wong-wong Yahudi iku langsung, awit anggone tepung karo gusti Allah ora bisa dipisahake karo anggone tepung karo gusti Yesus. Sang putra ana ing sajroning Sang Rama lan Sang Rama ana ing sajroning Sang Putra. Wong kang nampik Sang Rama, kepiye bisa tepung gusti Allah kanthi bener? Nanging kabeh wong kang pracaya marang Sang Putra lan nresnani Panjenengane, marang wong iku Gusti Allah bakal mratelakake sariranE;awit sapa kang wis ndeleng sang putra wis ndeleng Sang Rama.

Pangandikan ikut kapangandikaake ana ing sisihe Pedaleman Allah, ing papan kono papane pisungsung dikumpulake. Lan in kono mesti ana sing njaga yaiku tukang jaga pedaleman Allah kang ana ing sakiwa tengene. Sinadyan akeh prajurit mengkono, ora ana wong siji wae kang wani nyekel gusti Yesus. Astane Gusti Allah njangkung Panjenengane. Awit wektu patrap khianat marang Panjenengane kang wis ditetepake gusti Allah durung titi mangsane. Mung Sang Rama kasuwargan panjenengan kang bisa netepaken nasip panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Sang Kristus, kawula ngluhurake lan nresnani Paduka. Paduka mboten paring paukuman dhumateng kawula kados ingkang pantes kawula tampi, nanging Paduka malah milujengake kawula. Paduka menika pepadhang jagat menika, madhangi tiyang-tiyang ingkang sowan dhumateng paduka. Ribah kawula dening sunar katresnan paduka lan manah kawula ingkang wangkot paduka ajerake supados kawula saget tepang kalian paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye paseksene gusti Yesus gegayutan sasrirane dhewe minangka pepadange jagat gegayutan karo anggone kita tpung karo Sang Rama kasuwargan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:50 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)