Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 040 (Feeding the five thousand)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

1. Maringi mangan marang limang ewu wong (Yokanan 6:1-13)


Ing Yerusalem gusti Yesus nyethakaken gegayutan sifat keallahan Panjenengane ing dina Sabat yaiku kanthi cara nyarasakake. Iku nuduhake bedane antarane katresnane Allah karo pikirane golongan legalis (manembah paugeran) kang mung meneng wae dikaya watu. Wong-wong mau gawe putusan nyingkirake gusti Yesus awit rasa sengite. Sang Roh suci nuntun gusti Yesus supaya ninggalake papan kono tumuju ing laladan lor yaiku ing Galilea. Nalika iku wis cetha banget memusuhane antarane Panjenengane karo para satrue. Wong akeh saka laladan lor tetap wae ndherek Panjenengane menyang ngendi wae panjenengan tindak.

YOKANAN 6:1-4
1 Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaiku sagara Tiberias 2 wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara. 3 Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate. 4 Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.

Wiwit anggone diwelehake kanthi keras dening Sang Kristus, wong-wong legalis ing Yerusalem, wong-wong mau wis padha paserujukan lumawan Panjenengane lan tansah ngawasi Panjenengane. Nanging wektu Panjenengane durung tekan. Awit saka iku Panjenengane ngedoh saka laladan Paugeran panguwasane Sanhedrin lan bali menyang Galilea. Dikaya kang bisa kita waca ing 3 Injil kang sadurunge Panjenengan wis nindakake akeh tanda kaelokan ana kana. Akeh pawarta gedhe gegayutan anggone Rawuh ing kana, nanging gusti Yesus babar pisah ora kaganggu utawi kapengaruh. Panjenengane pirsa yen patrap kajuligan bakal diprangguli ing Ibukota uga bakal nyebar nganti tekan padesan, lan Panjenengane bakal kaganggu ing sajroning leladi ana ing kana uga. Awit saka iku Panjenengane ngedoh nganto tekan Golan, ing sisih wetan kali Yordan, supaya bisa nyisih bebarengan karo para murid Panjenengane. Nanging, wong akeh kang luwe gegayutan karo pangandikane, mula ndherek Panjenengane, wong-wong mau duwe pepinginan ngrasakake kaelokan kang ditindakake Panjenengane. Tahun iku gusti Yesus ora bali menyang Yerusalem kanggo mengeti riyaya Paskah awit wektu anggone seda Panjenengane pancen durung tekan. Panjenengane melu melu ngrayakake pesta iku kang nggambarake bujana kasuwargan, ing papan kono sang Juru selamet manunggal karo wong-wong suci kagungane ing sajroning kabungahan kang gedhe banget.

YOKANAN 6:5-13
5 Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?” 6 Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake. 7 Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kebagian nyakedhik.” 8 Sawijining sakabat iya iku Andreas sadulure Simon Perus tumuli munjuk: 9 “Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika? 10 Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu. 11 Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan. 12 Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahen padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!” 13 Banjur iya diklumpukake oleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair lima mau, yaiku sisane kang wus padha dipangan dening wong-wong mau.

Nalika Gusti Yesus mirsani wong akeh iku padha teka, Panjenengane mirsani marang Sang Rama kasuwargan, ngaturake kurmat lan kamulyan marang Panjenengane, masrahake marang Allah gegayutan karo wong akeh kang padha ngelih kuwi. Gegayutan prekara iku kaelokan kawiwitan. Sang Rama maringake marang sang Putra tugas kang bakal mbuka atine menungsa.

Kang kawitan gusti Yesus ndadar para sakabat, apa imane para sekabat wis tuwuh, utawa para sekabat iku atine isih kacancang karo perkara-perkara kang katon lan mikire isih nganggo cara kadonyan. Pendadarane Panjenengane iku yaiku kanthi takon karo Filipus bab kepiye carane bisa entuk roti. Kita banjur mikir gegayutan karo pabrik roti. Manawa gusti Yesus penggalihe tumuju marang Sang Rama. Kita mikir bab prekara dhuwit lan biaya urip kang larang. Gusti Yesus penggalihi marang Sang Juru pitulung kang duwe sipat keallahan. Nalika semana Filipus mikir gunggung dhuwit kang dibutuhake, lan pikirane ora dilandhesi karo iman. Kabeh uwong kang mung pikirane prekara duwit wae, ora bakal bisa ndeleng bab-bab kang ana gegayutane karo kang asipat keallahan utawa kasifat ilahi. Petungan para murid iku pancen mlebu ing nalar: ora ana pabrik roti utaw penggilingan gandum kang cerak karo papan wong-wong mau, lan ora ana wong kang nggawe roti. Nanging wong akeh wis ana kana, wetenge ngelih sakwise ngrungokake wulangan kang dawa.

Ujug-ujug Sang Roh nuntun Andreas ndeleng ana bocah kang nggawa roti lima lan iwak loro. Dheweke nyeluk bocah mau, “wenehna roti lan iwak sing ana ing kowe iku”. Andreas uga rumangsa was-was, awit gunggunge pangan kang ana babar pisan ora bisa nyukupi. Ing kahanan mengkono iku Gusti Yesus nuntun supaya para murid ngakoni manawa dheweke wis gagal. Para murid ora ngerti apa kang kudu ditindakake, lan ora ngerti kersane Allah, lan apa kang bakal ditindakake Gusti Yesus.

Gusti Yesus paring dhawuh marang para muride supaya ngatur wong-wong kang teka iku, ngatur anggone lungguh kaya wong ing sajroning bujana kae.

Suket kang ijo nutupi lemah, kang dadi gambaran iman kang wiwit tuwuh ing sajroning atine wong akeh iku. Limang ewu wong lanang karo wong wadon lan bocah-bocah sawijining gungung kang akeh. Saperangan wong-wong mau durung tahu ndeleng gusti Yesus, lan uga durung tau ndeleng apa kang wis tahu ditindakake Panjenengane. Nanging wong-wong mau mbangun tutur marang apa kang dingandikake Panjenengane.

Gusti Yesus mundut roti mau, lan nyuwil-nyuwil, nuduhake panguwasa Panjenengane ing sajroning lelakon iku. Panjenengane masrahake ing ngarsane Sang Rama roti lima mau, ngaturake panuwun marang Sang Rama roti kang mung sathithik iku. Panjenengane pracaya yen Gusti Allah Sang Rama bakal amberkahi roti kang sithik iku supaya bisa dadi lipet-lipet nganti turah-turah. Anggone ngaturake panuwun lan apa kang ditindakake Gusti Yesus ngluhurake Sang Rama. Apa kang ditindake gusti iku kang dadi wadi mukjijat iki. Apa panjenengan ngaturake kanthi kebak panuwun atas peparinge Allah kang sethithik, utawa panjenengan nampani berkah kang sethithik mau karo nggerundhel?Apa berkah kang sethithik iku panjennegan dum karo kanca-kanca panjenengan? Gusti Yesus ora mentingake awake dhewe, katresnan Allah kang nunggal ing sajroning Panjenengane. Panjenengane atur kurmat marang Sang Rama lan ngedum berkah saka Allah sang Rama marang kabeh kang teka nalika samana.

Mujijat iki dicathet ana ing Injil papat lan dicethakake tanpa digedhek-gedhekake. Bisa uga yen mung wong-wong kang nalika iku ana ing sacedhake gusti Yeus kang menehi paseksen iku; lan gatekno nalika Gusti Yesus nyuwil-nyuwil roti dadi akeh iku, gunggunge cawisane ketok ora ana enteke. Para muride mlaku mrana – mrene anggone ngedum roti marang wong kabeh. Wong kabeh mau njupuk roti selaras karo sing dibutuhake. Yaiku tanda saka sih rahmat. Gusti Allah nawakake pangapura lan Sang Roh suci kanthi luber. Panjenengan tama sakersa panjenengan; panjenengan pracaya nganti tingkat kang panjenengan bisa. Panjenengan edum berkah iku uga marang wong-wong liya. Panjenengan berkahi wong-wong mau dikaya panjenengan wis diberkahi, kanthi mengkono panjengan bakal dadi sumber berkah kanggo wong-wong liya uga.

Ing Kana gusti Yesus ndadekake anggur saka banyu, lan ing Golan Panjenengan andadekake 5 roti dadi nyukupi kabutuhan mangan wong limang ewu. Kang ngagetake yaiku sakwise kabeh mangan isih ana turahane kang gunggunge luwih akeh tinimbang karo gungunge sakawit. Gungunge turahan roti ana 12 wakul. Gusti Yesus paring dhawuh supaya roti turahan mau diklumpukake. Ya pancen banget dening ngisin-isine yen ing jaman iki akeh wong kang mbuwang mengkono wae turahan panganane ing wadah larahan, sinadyana wong-wong mau ngerti yen saben jam ana ewon wong kang mati awit kaliren. Aja mbuwang-mbuwang berkah kang diparingake marang panjenengan kanthi sembrana. Klumpukna sisa-sisa rahmat iku. Panjenengan bakal nampani luwih akeh saka kang bisa panjenengan enggo saka kaluberan berkah Allah

Panjenengan bayangake patrap bocah lanang iku, nalika gusti Yesus mundut roti saka tangane, lan bocah mau ndeleng roti iku tambah akeh. Mripate nyawang gumun awit kedadean iku. Bocah mau ora bakal nglalekake mujijat iki.

PANDONGA: Matur nuwun gusti yesus, awit anggo Paduka sabar lan ugi katresnan Paduka. Paduka apunten kawula atas kirang imanipun kawula. Paduka wucal kawula supados sowan dhumateng Paduka, ing mangsa kangelan, lan mboten sumendhe dhumateng kesagetn kawula, nanging sumendhe dhumateng pitulungan Paduka. Kawula ngaturaken panuwun atas kasugihan kasukman ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula, malah ugi banda donya sakedik ingkang dados melik kawula. Paduka kersa amberkahi kawula ing wekdal kawula mboten gadhah, lan paring pitulungan kawula supados ampun mbucah utawi mboten metan sih rahmat ingkang wonten ing kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dadi wadi anggone maringi mangan marang wong limang ewu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)