Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 041 (Jesus withdraws from the clamor for his crowning; Jesus comes to his disciples in distress)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

2. Gusti Yesus ninggalake wong akeh nalika wong akeh duwe kekarepan ngagemake makutho marang Panjenengane (Yokanan 6:14-15)


YOKANAN 6:14-15
14 Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindkakae dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kanjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad”. 15 Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.

Gusti Yesus rawuh ing jagat kanggo menangake manungsa. Sakwise Panjenengane maringi mangan wong limang ewu, wong akeh sebanjure sowan marang Panjenengane kanthi semangat. Wong-wong mau keplok-keplok lan jejogetan kanggo ngaturake pikurmatan marang Panjenengane minangka jejering Ratu. Wong-wong mau ngrumangsani yen wong Galilea iki manungsa Allah; suwarane Allah ngandika lumantar Panjenengane, lan panguwasa kang Maha luhur dipratelakake lumantar Panjenengane. Jagat raya mbangun turut marang Panjenengane. Panjenengane wis maringi roti marang wong-wong mau dikaya kang diparingake nabi Musa ing ara-ara samun. Panjenengane iku nabi kang diprasetyakake kang bakal nuntun bangsa kang diremehake iku tumuju marang kayekten (Pangandaring Torat 18:15). Wong-wong uga mikir yen Gusti Yesus dadi Ratune, wong-wong mau ora bakal maneh nindakake penggawean kang ngeselake ing mangsa kang arep teka. “Kita bakal duwe wektu kanggo sinau Kitab suci lan ndedonga, lan Panjenengane bakal maringi mangan marang kita tanpa mbayar. Ratu kang mengkono bakal duwe panguwasa kanggo ngalahake prajurit Romawi. Panjenengane malah bisa ngudhunake geni sang langit ngobong prajurit kabeh. Awit saka iku ayo kita menehi makutha Panjenengane lan andadekake Panjenengane Ratu”. Wong kabeh mau bebarengan sowan marang Panjenengane bakal manggul Panjenengane. Wong-wong mau nyengkuyung Panjenengane, kanthi pangarep-arep yen Panjenengan bakal nyengkuyung wong-wong mau nalika wong-wong mau mbutuhake pitulungan.

Apa kang dadi penggalihe gusti Yesus gegayutan karo gerakan kang banget misuwur iku? Apa panjenengane kepareng atas kemajuan kang timbul iku banjur ngandika matur nuwun awit kapercayane wong-wong mau karo Panjenengane? Apa Panjenengane nurut marang goda iku lan mbangun Kraton Panjenengane kanthi pitulungan saka wong-wong kang ora pracaya? Utawa apa Panjenengane nampik rancangan wong-wong mau? Ora, Panjenengane ora ngandika sinadyana saklimah, Panjenengane kepareng awit Allah ngluhurake Panjenengane. Gusti Yesus pirsa kahanan wong-wong kang semangat ngangkat Panjenengane; wong-wong mau mendem kabungahan kanthi mengkono ora bisa krungu apa kang dadi pitutur Panjenengane. Gerakan iki pasekuton kang asifat politik kang katunggalake awit duwe pikiran kang padha.

Gusti Yesus, ora duwe pepinginan mbangun Kraton kadonyan, nanging ngersakake mimpin manungsa siji mbaka siji marang pamratobat lan kelahiran anyar. Ora ana wing siji wae kang bisa mlebu ing Kraton iku tanpa dilahirake kang kaping pindhone. Wong akeh iku ora bisa mudheng tujuan saka mujijat lan tandha kaelokan iku. Wong-wong mau mikirake gegayutan roti kadonyan; Panjenengane ngandika gegayutan Sang Roh suci kang bakal nglegakake rasa ngelih kang tumenan. Wong-wong mau duwe kekarepan kawenangan kadonyan lan kamulyan kang bakal surem; Panjenengane milih Kayu Salib dadi landhesan kanggo KratonE. Tanpa pamratobat lan kelahiran kang kaping pindho panjenengan ora bakal bisa ngrasakaken panampane Sang Kristus.

Gusti Yesus ora mbutuhake pikurmatan saka wong akeh iku. Panjenengane ora nampa kamulyan manungsa, nanging mung mireng marang Suwara Sang Rama. Panjenengane nutup ati marang godane Iblis. Panjenengane nyingkrih kanggo ndedonga, kanggo ngaturaken panuwun marang Sang Rama lan nyuwun supaya mripate wong-wong kang wuta iku bisa melek awit saka Sang Roh Suci. Panjenengaen ora bungan dienggoni makutho dening manungsa, awit Panjenengane pirsa yen wong-wong iku bakal nguwuh ‘hosana’ ing sawijining dino, lan sebanjure nguwuh ‘Saliben Panjenengane’ ing dina sebanjure. Sang Kristus prisa ati kita, lan ora tau kapusan.


3. Gusti Yesus anyaketi para murid kang lagi bingung (Yokanan 6:16-21)


YOKANAN 6:16-21
16 Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padaha nunggang prau 17 arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh, 18 mangka ombaking sagara ngedap-edapi, amarga katempuh ing angin gedhe. 19 Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune temahan padha wedi. 20 Nanging tumuli dipangandikani: “Iki Aku, aja padha wedi!” 21 Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku uga praune tekan ing dharatan.

Nalika gusti Yesus lagi piyambakan ing gumuk Golan, Panjenengane mirsani para murid ngrasakake kesel awit para murid lagi ngetog dayane lumawan barat gedhe kang nempuh. Nalika wayah wis wiwit bengi Panjenengane nyeraki para murid kanthi napak ombaking tlaga iku. Panjenengane ora ninggalake para murid ngadhepi bebaya dhewekan, nanging para murid malah ngira yen Panjenengane iku memedi, lan para murid padha wedi. Para tukang amek iwak biasa mbayangake yen dheweke ndeleng memedi, awit pancen sawengi-wengi ana ing mbanyu. Gusti Yesus rawuh lan ngandika kanthi cetha lan kanthi alus, “Aku iki!” pratela iki kang dadi landhesan saka iman para rasul. Kita nemokake ing sajroning Prejanjian lawas pratela kang meh padha, “AKU IKI” nyethakake anggone gusti rawuh lan nganthi wong-wong kang pracaya. Para murid bisa ngerti yen gusti Yesus kagungan kabeh panguwas, atas kabeh sing ana ing jagat raya iki; roti kang tambah dadi akeh ing astanE, ombak kang bisa dipaekani, prahara kang mbangun turut marang dawuhE. Sakwise ngerti prekara iki para murid malah dadi luwih wedi. Awit saka iku Panjenengane ora marengake para murid wedi. Dhawuh iki, “|AJA WEDI” ditujokake marang kabeh pandherekE ing kapan wae, lan katulis nganti kaping 365 ing sajroning Kitab suci, siji kanggo sedino ing sajroning setahun. Pracaya marang rawuhe Sang Kristus bakal ngalahake rasa wedi kita. Apa wae kahanan panjenengan utawa kepiye wae abote prekara panjenengan, gusti Yesus ngandika, “Aku iki, aja wedi”

Nalika para murid ngerti sapa ta gusti Yesus, para murid dadi eram, lan ngaturi gusti Yesus mlebu ing sajroning prahu. Nalika iku uga prau iku tekan ing pinggiring segara. Iki perangan kang kaping telu saka mujijat ing dina kang padha. Gusti Yesus iku gusti atas apa wae lan bisa nuntun perahu gereja ing tengah-tengah prahara lan ombak kang gedhe tekan tujuwan. Panjenengane nresnani para muridE lan rawuh marang para muridE, nanging nuntut kapercayaan kang golong gilik saka para muridE marang Panjenengane. Panjenengane nguwatake keyakinan para murid ing sajroning Panjenengane, ing tengah-tengah pepeteng lan pancoban, kanthi mangkono rasa wedi iku disirnakake, lan para murid tansah cekelan marang Panjenengane.

PITAKONAN:

  1. Alesane apa gusti Yesus nampik dienggoni makutha dening wong akeh iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)