Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 026 (The Baptist testifies to Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?

3. Yokanan pembaptis nyekseake bab gusti Yesus Sang pengantin lanang (Yokanan 3:22-36)


YOKANAN 3:22-30
22 Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis. 23 Dene Nabi Yokanan anggone mbaptis ana ing Ainon, sacedhake Salim, awit ing kono akeh banyune, wong-wong nuli padha mrono sarta dibaptisi, 24 awit nalika samana Nabi Yokanan durung kalebokake ing pakunjaran. 25 Nalika samana tuwuh bebantahane para sakabate Yokanan karo wong Yahudi bab sesuci. 26 Sakabat mau tumuli pada sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.” 27 Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa orang kaparingan saka ing Swarga. 28 Kowe dhewe pada dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane. 29 Kang nduweni penganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake iku bungah banget ngrungokake swarane penganten lanang iku. Iya iku kabungahan lan kang kaya mangkono iku saiki wis katutugan. 30 Panjenengane iku pinasthi saya mundak, nanging aku iki saya suda.

Sakwise paskah gusti Yesus ninggalake Yerusalem lan wiwit mbaptisi. Para murid ngerti bab pentinge hati kan ajur sadurunge anane kelahiran anyar, lan tanpa ngakoni dosa mula kesalametan ora bakal ditampa. Baptisan kanggo pangapuraning dosa ngibaratake ajuring ati, kang kanthi baptisan kuwi wong-wong karang rumangsa getun mratelake rasa pepinginane mlebu Prejanjian kang Anyar karo gusti Allah.

Nabi Yokanan pembaptis wis ngrubah papan pelayanane yaiku tumuju ing Ainon ing sisih elor ngare Yarden. Wong-wong akeh teka marang Nabi Yokanan lan ngesokake isi atine marang nabi Yokanan; awit saka iku nabi Yokanan mbaptis wong-wong mau, nyawisake wong-wong mau supaya ketemu karo gusti Yesus.

Gusti Yesus ora banjur bali menyang Galilea sakwise Paskah iku, nanging Panjenengane wiwit mbaptis wong-wong kang tumemen nggetuni dosa ing papan-papan liyane ing laladan kono. Kanthi panguwasane kang luwih gedhe, akeh wong kang sowan marang Panjenengane dibanding karo kang nekani nabi Yokanan. Minangka akibate dumadi seling surup ing antarane loro golongan iku. Kang dadi inti seling surup yaiku: Sapa ing antarane pemimpin loro iku kang luwih becik ing sajroning nindakake tugas gegayutan anggone nyucekake dosa? Sapa ing antarane wong loro iku kang luwih cerak karo Gusti Allah? Iki pitakonan kang penting banget, awit wong-wong bakal nglakoni uripe ndherekake guru-guru kang bakal dadi pilihane. Apa panjenengan wis nimbang-nimbang, para sedulur, dalan kang bakal panjenengan lewati?

Nabi Yokanan Pembaptis lumawan coban kang gedhe iki. Nabi Yokanan ora rumangsa meri gegayutan kasiling gusti Yesus kang ketok banget, nanging nabi Yokanan ngrumangsani manawa pelayanane ana watese. Dheweke kanthi andap asor ngakoni, “Manungsa lumrah ora bakal bisa ngasilake kabecikan kang mengkono iku saka awake dhewe. Mung manawa gusti Allah maringi panguwasa marang dheweke, berkah lan woh-woh, lagi dheweke bisa nindakake”. Kita, kosok baline, ngunggulake awak dhewe, kawruh kasukman kita, donga lan uga kawasisan micara kita. Menawa panjenengan pancen nampa ganjaran kasukman, mula ganjaran kasukman iku asale saka Gusti Allah. Panjenengan isih wae abdi, kang ora pantes sinadyana panjenengan wis nindakake kabeh prekara kang dituntut gusti Allah. Nabi Yokanan pembaptis tetap wae andap asor, lan nabi Yokanan ora ngakoni duwe kabisan kang ngluwihi kapinterane dhewe, lan nabi Yokanan sebanjure ngluhurake gusti Allah we.

Sepisan maneh Nabi Yokanan nyeksesake marang para muride. Dheweke dudu Sang Mesih iku. Bisa uga dheweke uga duwe pengarep-arep dumadine lelakon ing ngendi Gusti Yesus mlebu Yerusalem kanthi kebak kamenangan, nanging prekara iku ora dumadi. Gusti Yesus tetap wae nindakake baptisan. Awit saka iku Nabi Yokanan Pembaptis rumasa rada gumun, nanging dheweke tetap mbangun turut. Dheweka iku kang kudu ndisiki Sang Kristus kang kudu nyawisake dalan kanggo Panjenengane.

Nabi Yokanan tetap setia marang Wahyu kang diparingake marang dheweke. Nabi Yokanan nyesekake yen gusti Yesus iku penganten lanang, kang ngrumat wong-wong kang nggetuni dosa, nyucekake wong-wong mau kanthi banyu baptisan lan andadekake wong-wong mau penganten wadon kagungane. Nalika iki Sang Roh suci nyiptakake kamanunggalan kasukman, kanthi mangkono Paulus bisa mratelakake, “Kita iki gegelitane badan Sang Kristus, lan Panjenengane iku kepalane; kita nyawiji ing sajroning Panjenengane.” Sang Kristus ora maneh dadi hakim kanggo kita nanging sang Juru selamate, kang pengantin lanang. Gambaran kang kan kebak kasukan benget yaiku gegayutan panghargyan pinikrama kang nuduhake bab pengarep-arep kita ing sajroning Sang Kristus.

Nabi Yokanan Pembaptis sebanjure ngadheg adoh, asukarena atas mekare Gereja. Nanging nabi Yokanan ngadeg ing sisihe gusti Yesus, lan ora ngadeg ing antarane wong-wong kang sowan marang Panjenenganne. Nabi Yokanan ngakoni manawa dheweke iku mitra kang setia banget. Sawetara dheweke tetap dhewekan ana ing ara-ara samun, gusti Yesus langsung mlebu ing ibukota, ana ing kono gusti Yesus nindakake mukjijat lan ngotbahake pawarta kagungane. Nabi Yokanan Pembaptis ngematake mekare Krajan iku lan abungah-bungah. Suwara lan rawuhe sang pengantin Lanang iku banget dening nyenengake atine. Pawarto bab kasiling sang Kristus iku kaya dene kidung kasuwargan kanggone dheweke. Dadi alusing bebudene Sang Kristus andadekake kepenake hasil pelayanan nabi yokanan kang keras ing pungkasan pelayanane. Nabi Yokanan asukarena kaya dene mitra ing sajroning pista pahargyan palakrama.

Yokanan wis nyawisake awake kanggo mati, lan babar pisan ora was-was ing sajroning pambudi daya kangg njembaraken kalangan pandhereke. Dheweke luwih milih nyelot suda lan ilang, kanthi mengkono gereja bisa mundak-mundak.

Para maos, sapa kang dadi kepala saka kabeh patemon panjenengan? Apa kabeh wong mbudidaya supaya dadi pemimpin? Utawa apa panjenengan ngalah karo wong liya, lan panjenengan rela dadi kang cilik dhewe supaya sang Kristus bisa tambah gedhe kanthi kebak panguwasa ing sajroning badan Panjenengan? Dadia siji karo nabi Yokanan lan panjenengan ngandika: “Panjenengane kudu tambah gedhe, lan aku kudu nyelot suda”

PITAKONAN:

  1. Ing babagan apa Sang Kristus dadi penganten lanang?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)