Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 027 (The Baptist testifies to Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?

3. Yokanan pembaptis nyekseake bab gusti Yesus Sang pengantin lanang (Yokanan 3:22-36)


Sakwise nyesekake kanthi andap asor lan mratelakake anggone bungah atas mundak-mundake kekristenan, nabi Yokanan pembaptis nyeksekake bab kaagungane sang Kristus lan pawarta bab panjenengane kang ora ana tandhingane, lan nabi Yokanan kandha:

YOKANAN 3:31
31 “Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathune iya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe saka ing swarga iku ngungkuli sakabehe...”

Manungsa duwe sifat kadonyan, kang mbutuhake kelahiran anyar. Gusti Yesus piyambak kang duwe sifat kasuwargan, lan dadi manungsa kanggo nyerak marang kita lan nebus kita. GustiYesus, wong saka Nazaret iku ngluwihi kabeh nabi, ahli filsafat lan para pemimpin kang ana, dikaya langit luwih dhuwur karo bumi. Kang ditemokake manungsa pancen nggumunake, nanging kabeh mau digawe saka apa kang dicipto dening Allah. Putra yaiku urip lan pepadhang lan dadi jalaran saka anane kita. Ora ada tandingane antarane Panjenengae karo kabeh wong liya. Putra asale saka Sang Rama sedurunge ana jaman-jaman. Panjenengane iku seng putra nguwasani kabeh titah.

YOKANAN 3:32-35
32 Sarta apa kang wus ditingali lan dipiyarsakae iya iku kan diseseni; ewadene ora ana wong siji-sija kang nampani ing paseksene. 33 Sapa kang nampani ing pasekseneiku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata. 34 Sabab kang kautus dening Gusti Allah kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates. 35 Sang Rama ngasihi marang Sang putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane.

Gusti Yesus dadi manungsa minangka seksi mripat keyekten kasuwargan. Panjenengane bener-bener nyekseni Sang Rama lan mirengake Pangandikane. Panjenengane pirsa penggalihe Sang Rama lan Rancangane. Panjenengene iku Sabdane Allah, kang metu saka jaja sang Rama. Wahyu kang sempurna. Wahyu kan rawuh lumantar para nabi ora genep. Gusti Yesus mratelakake karsane Allah kang pungkasan lan genep. Panjenengane iku seksi kang setyo, kang seda kanggo paseksen iku. Panjenengane ngluhurake Sang Rama, emane, isih akeh wong kang nampik paseksene. Wong-wong mau ora gelem nek gusti Allah iku cerak, awit yen gusti Allah cedak mbutuhake anane owah-owahan ing uripe. Wong-wong mau nampik Sang Putra lan nyingkur Allah minangka jejere Sang Rama.

Pinuji asmane gusti ora kabeh wong sengit marang Gusti Allah lan Roh Panjenengane. Ana golongan wong kang pinilih kang ndeleng Sang Rama ing sajroning Sang Putra, lan nampa pangorbananE kang sempurna. Wong kang pracaya marang wahyu lan penebusanE ngurmati Allah. Gusti Allah ora tau goroh; Sang Putra iku kayekten. Sang Rama ora mratelakake hakekat saka penggalihE ing sajroning undang-undang utawa buku, nanging ing sajroning pribadi Gusti Yesus. Kabeh wong kang tinarbuka marang Sang Roh suci lan Sabda-Ne bakal kaanyarake. Sang Kristus nimbali panjenengan ora mung kanggo ngandhakake kayekten, nanging kanggo nguripi lan nindakake. Injile sebanjure dadi badan ing sajroning awak panjenengan.

Gusti Yesus ora ngandika prekara-prekara angenan kang ora duwe pepesthen utawa pepinginan kang aneh-aneh; Sabda-Ne iku banget duwe daya cipta, duwe panguwasa, lan uga cetha. Gusti Allah ngandika ing sajrone Putrane. Sang Roh ing sajrone sariraNe babar pisan ora winates. Sang Rama ngesokake marang Panjenengane kabeh kawicaksanan lan panguwasa tanpa ana pungkasane.

Sang Rama nresnani Sang Putra, lan masrahake marang Panjenengane sembarange. Katresnane Allah iku sawijining nugraha, lan sang Putra ngurmati Sang Rama. Pitakonane dudu, sapa kang luwih gedhe, Rama utawa Putra? Pitakonan kang kaya mengkono iku tekane saka Iblis. Saben pribadi ing sajroning Tritunggal kang suci ngluhurake kang liyane lan ngurmati kang liyane. Wong kang nyepelekake watonan iki lagi nyepelekake Allah. Rama ora duwe rasa wedi manawa Sang Putra bakal ngrebut panguwasaNe, awit Allah pirsa alus bebudene Putrane, pembangun turute lan anggone sumarah sawutuhe. Gusti Yesus nguwasane sakabehe kaya kang dingandikaake, “Kabeh panguwasa ing langit lan ing bumi wis dipasrahake marang Aku”

YOKANAN 3:36
36 Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah”

Yokanan sang Penginjil mulangake marang kita rumus bab keselamaten: wong kang pracaya marang Sang Putra bakal duwe urip langgeng. Ukara kang ringkes iki ngringkes kabeh sari patine Injil. Kabeh wong kang nyerak marang kamanunggalane katresnan iki bakal ndeleng ing sakjerone katresnan sang Rama lan Sang Putra, cerak karo katresnan Allah, kang dipratelakake ing sajrone Kayu Salib. Wong iku sumende marang cempening Allah awit ngerti manawa cempening Allah iku wis nyirnakake kabeh reregeding kita. Kanthi gegayutan karo Sang Kristus iki kita ngrasakake ilining sih rahmat kang langgeng. Iman marang sang Putra kang disalib iku bakal menehi kita urip Panjenengane kang sejati. Urip langgeng ora diwiwiti sakwise mati, nanging saiki iki. Sang Roh Suci rawuh marang wong-owng pracaya marang Sang Putra. Wong kang nampik Sabda Kristus lan nampik kalungguhan Panjenengane minangka Sang Putra lan Kayu Salib, nyusahke Sang Roh suci. Wong iku ora nemokake katentreman ing sajroning telinging atine. Wong kang ora mbangun turut marang gusti Yesus lumawan Allah dhewe lan tetap ana ing sajroning pati secara kasukman. Kabeh agama kang lumawan wulangan bab Sang Putra lan Kayu salib lagi nerak kayekten Allah. Wong kang nampik katresnan Panjenengane, ateges wong iku milih bebendhune Allah.

Paulus uga negasake wawasan Yokanan: Bebendune Allah dipratelakake marang kabeh kang nidakake kadurakan lan piala. Awit kabeh manungsa wis nindakake dosa lan lumawan kayekten karo karingkihane wong-wong mau. Elinga manawa bebendhune Allah kang nyirnakake, lagi diesokake marang manungsa.

Dikaya ula tembaga diangkat ing ara-ara samun, mengkono uga kang disalib wis dadi lambang kanggo keselametan kita saka bebendhune Allah. Sang Putra wis menehi kalonggaran ing sajroning sih rahmat. Kabeh wong kang ngedoh saka sih rahmat Panjenengane ing sajroning Kayu salib secara kasengaja, tetap mapan ing sajroning paukuman. Iblis nemokake papan kanggo mancik ing sajroning awake wong mau. Wong-wong kang ora duwe sang Kristtus iku wong-wong cilaka. Kapan panjenengan bakal wiwit ndedonga kanggo wong-wong iku, kanthi mengkono wong-wong mau uga bisa percaya marang sang Putra lan diselametake? Kapan panjenengan bakal wiwit rerembugan karo para mitra panjenengan kanthi sabar, kanthi mengkono para mitra panjenengan iku uga bisa nampa urip saka Gusti Allah kanthi pantaro paseksene panjenengan?

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken pujian dhumateng Paduka awit katresnan lan kayektosan Paduka. Kawula manembah Paduka, nyuwun kaparingana manah ingkang mbangun turut, kiyat ing salebetipun iman lan ngurmati sang Rama. Ing salebetipun keyakinan kawula mratelakaken bilih Paduka lan Rama menika satunggal. Paduka paringi sih Rahmat Paduka dhumateng tiyang-tiyang ingkang nampik Paduka awit mboten mangertos. Paduka paringi tiyang-tiyang meniak paseksen sabda Paduka. Tulung kawula saget manggihaken sadherek-sadherek ingkang paduka ngutus kawula dhumateng sadherek-sadherek menika, saha sanjang dhumateng sadherek-sadherek menika gegayutan Paduka lan pakaryan Paduka ing salebetipun badan kawula.

PITAKONAN:

  1. kepiye carane kita nampa urip kang langgeng?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)