Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 007 (The Baptist prepares the way of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

2. Yokanan Pembaptis nyawisake dalan kanggo Sang Kristus (Yokanan 1:6-13)


YOKANAN 1:11-13
11 Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani. 12 Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang pada pracaya marang asmane, 13 kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning dagging utawwa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.

Manungsa ing jaman Prejanjian Lawas dadi kagungane Allah awit Gusti wis nyancang sarirane karo wong-wong dosa iku lumantar prejanjian sakwise Panjenengan nyucekake wong-wong mau. Panjenengane nuntun wong-wong mau atusan tahun suwene. Panjenengane ibarate mluku lemah atine wong-wong mau kanthi mluku Paugeran Torat lan nyawisake wong-wong mau supaya nyebarake Injil. Kanthi cara iki sejarah tedhak turune Rama Abraham pancen diarahake marang rawuhe Sang Kristus. Pratelane Panjenengane yaiku tujuan lan makna saka kabeh Prejanjian Lawas.

Sawijining kasunyatan kang aneh banget, wong-wong kang wis dipilih supaya nampani gusti Yesus malah nampik Panjenengane lan ora nampani pepadhang Panjenengane. Wong-wong mau luwih milih tetep urip ing sajroning pepeteng paugeran, mlayu banter tumuju marang paukuman. Awit saka iku wong-wong mau sawutuhe kelangan sih rahmat lan nresnani penggaweane dhewe luwih saka keslametan ing sajroning Sang Kristus. Wong-wong mau ora mratobat, nanging mangkotake atine lumawan Roh kayekten.

Dudu mung manungsa ing Prejanjian Lawas kang dadi kagungane Allah, nanging uga kabeh manungsa awit kang Maha Kuwasa wae kang nitahake watu-watu, wit-witan, kewan-kewan lan malah uga kabeh manungsa. Ya atas dhasar iki, kabeh manungsa ing jagat iki manggul tanggung jawab kang padha karo manungsa ing jaman Prejanjian Lawas. Kang nitahake lan kang anduweni kita ngersakake lumebu ing jroning ati lan omah kita, banjur sapa kang bakal nampani Panjenengane? Panjenengan iku kagungane Allah. Apa panjenengan sumendhe ana ing sajroning panguwasane Allah? Emane ing jaman iki akeh-akeh bangsa-bangsa durung nyawisake awak kanggo mbukak awake marang pepadhange Sang Kristus. Wong-wong mau ora nampa sumanaking saka pancaran sumunaring Panjenengane kanggo ngalahake wangkoting pepeteng wong-wong mau. Kanthi cara iki wong-wong mau nampik putra Allah sepisan maneh ing jaman kita iki.

Saben wong kang tedak turune Rama Abraham utawa sopo wae umumme kang mbuka atine marang Sang Kristus lan masrahake awake marang astane Juru selamet kang prakosa, wong iku bakal ngalami kaelokan kang gedhe banget. Awit padhang kang saka suwarga iki bakal madhangi wong mau kanthi padhang kang asifat ilahi lan ngalahake pepeteng kang ana ing sajroning atine. Uga, panguwasa kang saka Allah bakal mlebu ing sajroning atine lan nganyarake urip batine. Sang Kristus merdekaake panjenengan saka panguwasane dosa. Panjenengane bakal mindahake panjenengan marang kamardikan minangka para putrane Allah. Menawa panjenengan nresnani Sang Kristus, mula sang Roh suci bakal manunggal ana ing jroning urip panjenengan lan miwiti pakaryan kaselamatan Panjenengan ana ing uripe panjenengan.

Saiki penginjil Yokanan ora mratelake manawa kita bakal utawa wis dadi putra-putrane Allah, nanging kita dadi para putrane Allah kanthi undhak-undakan kasukman. Kita nemokake bedane kang gedhe banget ing antarane tembung-tembung iku, awit wong kang pracaya marang Sang Kristus bakal mlebu ing sajroning kahanan kang anyar. Nalika iku uga wong iku bakal ana ing sajroning tingkat undhak-undhakan lan perkembangan tumuju marang kasampurnan ing sajroning urip kasukmane. Panguwasa gusti andadekake kita dadi titah anyar lan bakal nyucekake, uga andadekake kita sempurna.

Kita ora dadi putra-putra Allah mung awit anggone kita diangkat dari putra, nanging kita dadi putra-putra awit kelahiran kasukman kita. Turune Sang Roh Kristus marang ati kita ateges kita dadi kapenuhan panguwasa saka Gusti. Peparing panguwaosing Allah marang wong-wong pracaya nuduhake manawa ora ana panguwasa ing jagat iki utawa ing pungkasane jaman iki kang bisa nyegah wong-wong dadi wong-wong kang duwe sifat moral kapenuhan ilahi. Sang Kristus kang miwiti iman kita lan kang nyempurnakake.

Putra-putra Allah lan anak-anak jagat ora bakal bisa dibandingake. Kita dilahirake saka bapak lan ibu kang nglahirake kita awit pepinginan bapak ibu utawa awit saka wis karancang sakdurunge. Bisa uga bapak ibu kita wis ndedonga bebarengan, mbangun turut karo tuntunane Sang Roh suci. Nanging kabeh warisan kang asifat kasukman, secara badani saka wong tua kita ora ana gegayutane karo kelahiran anyar kita ing sajroning Allah. Awit anggone kaanyarake secara kasukman iku suci wiwit wiwitan mula lan asale saka Allah, kang dadi asal kelahirane kabeh wong kristen kanthi langsung. Awit Panjenengane iku Rama kasukman kita kang sabenere.

Ora ana anak kang lahir saka awake dhewe. Semono uga, kelahiran kasukman kita uga mung saka anugerah wae. Sang Kristus nandur winih-winih InjilE ing sajroning ati kita. Saben wong kang nresnani winih-winih iku, nampa lan ngrumat winih-winih mau. Ing sajroning awake urip langgen saska Allah bakal tuwuh. Beja kang ngurngokake pangandikane allah lan ngrumat pangandikan mau.

Kalahirake ing keluarga Kristen lan duwe gegayutan karo wong-wong kristen ora andadekake kita dadi para putrane Allah, nanging mung krana iman ing sajroning Sang Kristus. Iman iki ateges sowan marang Panjenengane, dadi siji sawutuhe ing sajroning kepribadian Panjenengane, ngreti alusing budi Panjenengane, lan tuwuh ing sajroning sumendhe marang Panguwasane. Tuwuh sing mengkene iki dumadi nganti kita masrahake sawutuhe badan kita ing sajroning Astane, pracaya manawa Panjenengane nylametake kita, ngrubah kita dadi kaya Panjenengane. Iman ing sajroning Sang Kristus yaiku gegayutan kang dumadi ing sajroning ati antarane awak kita karo Panjenengane, lan sawijining perjanjian kang langgeng. Kelahiran kasukman ora bakal dumadi ing sajroning awak kita kajaba lumantar iman iki, kang mengkono kita bisa mratelake yen dilahirake maneh dadi anyar ora luwih gedhe utawa luwih angel dibandingake karo iman iki, kaya dene iman iku ora luwih cilik kabandingake karo anggone kaanyarake. Kabeh mau dasare padha.

Penginjil Yokanan ora nyebutake ing sajroning Injile asma Yesus Kristus sadurunge dheweke nyethakake perangan iki. Dheweke malah nyethakake kepribadian Panjenengane marang wong-wong pracaya saka bangsa-bangsa, nggunakake tembung-tembung kang cerak karo cara mikire wong-wong mau. Apa panjenengan ngerti enem makna saka kepribadiane Sang Kristus kang diunggulake dening penginjil Yokanan marang pasamuane? Apa panjenengan mbuka ati panjenengan marang panguwasa saka kabeh sesebutan iku lan sujud marang panjenengane? Manawa kaya mengkono mula panjenengan bakal temen-temen dadi putrane Allah!

PANDONGA: Oh gusti Yesus Kristus, kawula sujud dhumateng Paduka lan katresnan paduka saha mbikak manah kawula kunjuk Paduka. Paduka rawuh dhumateng kawula sinaosa kawula gadhah dosa, Paduka nyucekake kawula saking sadaya panerak kawula, lan paduka mapan ing salebetipun gesang kawula lumntar sang Roh suci Paduka. Oh Gusti, kula mbika jembar – jembar korining manah kawula dhumateng Paduka.

PITAKONAN:

  1. apa kang dumadi marang wong-wong kang nampani Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:15 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)