Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 008 (The fullness of God in Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

3. Kepenuhan Allah nampak di dalam inkarnasi Kristus (Yokanan 1:14-18)


YOKANAN 1:14
14 Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antarane kita, lan ak wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sihrahmat lan kayekten

Sopo to Gusti Yesus Kristus iku? Panjenengane yaiku Allah sejati lan manungsa sejati. Penginjil Yokanan nuduhake marang kita wadi kang gedhe iki minangka semboyan kanggo Injile. Nalika Yokanan nyebutaken gegayutan pengejawantahing Sabda Allah, Yokanan nuduhake marang kita landhesan saka pawartane. Ayat 14 yaiku kunci kabeh pawarto kang sebanjure. Manawa panjenengan nampa sesotya kasukman iki sajroning maknane kabeh, panjenengan bakal nampani wawasan kan jero supaya bisa paham pasal-pasal kang sebanjure.

Pangejawantahing Sang Kristus sejatine beda banget karo anggone kasukman kita kaanyarake. Kita kabeh duwe badan, lan kita dilahirake saka Bapak lan ibu. Sakwise kuwi, sabda Injil ngrengkuh kita lan miwiti urip langgeng ing sajroning awak kita. Sang Kristus, kepiye wae, ora dilahirake saka bapak manungsa. Nanging, sabda Allah rawuh marang Maryam lumantar malaikat, kang mratelakake marang dheweke: “Roh suci bakal nedhaki kowe, sarta kuwasane Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowe; mulane Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah” (Lukas 1:35). Nalika perawan iku nampani pawarto kan ngedap-edapi iki kanthi iman, dheweke nemokake bakal ana bayi kang banget luwih-luwih ing sajroning kandhutane, kang ing sajroning lelakon iki Sang roh suci manunggal karo getihe manungsa. Mengkono carane Gusti Allah dadi manungsa.

Akal budi kita mandheg ing kasunyatan iki. Ilmu biologi ora bakal bisa njlentrehake wadi iki. Pengalaman manungsa ora bakal bisa paham. Sawetara teolog mbudi daya supaya bisa nerangaken kang bisa gampang dimangerteni bab kaelokan kelahiran sang Kristus iki supaya bisa dipahami secara akal budi ilmu pengetahuan kanthi mratelakaken manawa Panjenengane mung katon we ing sajroning badan tanpa tenan-tenan kagungan badan kang katon kang bisa ngrasakake lara utawa prihatin. Kita, kepiye wae, ngakoni manawa Sang Kristus iku sawutuhe manungsa lan sawutuhe Allah ing sajroning wektu kang padha.

Pangejewanthaing Kristus yaiku tafsiran kang pas kanggo kelahirane kang ngedap-edapi iki. Putra Allah kang langgeng, kang metu saka Allah sadurunge ana jaman ngajaman, mlebu ing sajroning hakekat kajasundhuh kita tanpa dosa, awit Sang Roh suci ing sajroning Panjenengane ngalahake kabeh kang andadekake dosa. Kanthi mengkono gusti Yesus tetep wae dadi siji-sijine manungsa kang ora dosa lan murni, tanpa cacad lan ciri.

Putra Allah srawung karo manungsa kang mbalelo, ora maelu lan ala, kang bakal ora ana. Nanging Panjenengane iku kang langgeng, ora bakal bisa mati awit sifat keallahane. Sinadyan Panjenengane ana ing sajroning kaagungan Panjenengane nresnani kita lan ninggalake kamulyan langgenge kang wiwitan lan urip ing antar kita ing sajroning kahanan kang asor. Panjenengane dadi sajinis karo kita, lan pirsa kahanan kita kanthi sempurna. Ing sajroning panandangE Panjenengane sinau mbangun turut sawutuhe. Kanthi cara iki Panjenengane pancen sebanjure kebak welas asih. Panjenengan ora nampik kita, manungsa kan ala. Sang Kristus dadi manungsa kanggo dadi cerak karo kita, ya selaras karo rancangan Panjenengane nggawa kita dadi cerak karo Allah.

Badan Kristus padha karo kemah suci ing Prejanjian Lawas, ana kono Gusti Allah ketemu karo umat kagungane. Gusti Allah ing sarjoning Sang Kristus mratelakaken sarirane ing sajroning wujud manungsa. Kabeh sifat keallahan ana ing sajroning Sang Kristus, wujude abadan kang bisa didemok. Manut tulisan basa Yunani, Yokanan sejatine kandha yen Panjenengan iku “kemah ing antarane kita. Iki ateges yen Panjenengan ora mbangun keraton kang kuat, kang mapan saklawase karo kita tansah ing sajroning donya iki, nanging Panjenengan mapan dikaya anggota suku Beduin manggon ana ing tendane nanging ora suwe. Sakwise sakwetara sebanjure suku Beduin mau mbongkar tendane lan pindah ing papan liya. Kanthi cara mengkono uga, Sang Kristus mapan ing antarane manungsa sawetara sadurunge mingkrat maneh menyang Suwarga.

Para rasul ngandhakake sabenere manawa para rasul ndeleng kamulyane sang Kristus. Apa kang kandhakake para rasul sawijining patrap anampeni lan pratela kabungahan. Para rasul kuwi seksi mata saka rawuhe putra Allah kang awujud manungsa. Iman para rasul mbika mripat para rasul, kang andadekaken para rasul paham bab katresnan, bab sabar, andhap asor, kasetiaan lan sifat keallahane Gusti Yesus. Para rasul ngreteni kaya apa murnine Sang Kristus kanthi mengkono para rasul bisa ndeleng Gusti Allah. Pratela, “Kamulyane Panjenengane” ing sajroning Prejanjian Lawas dadi reringkesane saka kabeh sesebutan sifat keallahan Panjenengane. Rasul Yokanan kanthi kendel mbeberake kabeh sesebutan gusti Yesus iki ing sajroning paseksene. Yokanan nyawang keagungan Panjenengane kang siningitan lan uga kaendahan lan kaagungan Panjenengane.

Atas pamisiking Sang Roh suci, Yokanan nyebut Allah minangka jejering Rama lan Yesus dadi jejering Putra. Babarp pisan ora ana kang kelewatan istilah iki. Pamisike Sang Roh Suci mbukak geber kang nyingitake asma Allah, ngyakinake marang kita manawa Panjenengane Kang Suci lan Langgeng, Kang Nyipto kang Prakosa yaiku Rama lan Panjenengane kagungan Putra kang padha suci, mulyo lan langgeng, kebak katresnan. Gusti allah ora mung Hakim Kang nelukake, kang lagi nyirnakake lan nindakake pamales kanthi kekuatan Panjenengane. Panjenengane iku kebak welas asih, alusing budi lan sabar, lan semono uga Putra Panjenengane. Kanthi mangerti sang Rama lan Putra kita bisa nggayuh sari pathi kang jero saka Prejanjian Anyar. Sing sapa ndeleng Sang Putra dheweke uga wis ndeleng Sang Rama. Wahyu iki ngrubah gambaran bab Allah kang ditemokake ing sajroning agama-gama liya lan mbuka mripat kita marang katresnan kang langgeng iku.

Apa panjenengan kepengin tepung Gusti Allah? Menawa mangkono sinaunen lampah gesange Sang Kristus! Apa kang dideleng para sekabat ing sajroning Gusti Yesus? Apa reringkesane paseksene para sekabat iku? Para sekabat ndeleng katresnane Allah kang kaenam kanthi nugraha lan kayekten. Panjenengan bayangke bab telu makna iku nalika panjenengan ndedonga lan panjenengan bakal ngrasakake kapenuhan kamulyan Allah kang manunggal ana ing sajroning Sang Kristus. Panjenengan rawuh marang kita ing sajroning nugraha anggone nyarasake kang sabenere kita ora pantes anampani. Kita kabeh luput; ora ana siji wae ing antarane kita kang apik. Rawuhe Panjenengane marang kita, kepiye wae cemere kita, nyethakake banget babagan nugraha. Panjenengan ora isin nyebut kita dadi sedulur-sedulure, Panjenengan wis nyucekake kita, milih kita lan nganyarake kita, lan wis menuhi kita kanthi Roh Panjenengane. Rak mengkene iki kang sinebut tindak nylametake “Nugraha kanggo nugraha?”. Lan malah luwih saka iku: Kita wis nampeni sawijining hak kang anyar, awit sang Kristus nandur kita ing sajroning nugraha ora apus-apus utawa crita ngayawara thok nanging tenan-tenan sawijining hak anyar. Pangejawantah dadi manungsa yaiku bukti nyata gegayutan pakaryane Allah, kang nyempurnakake kita ing sajroning kaselametan Panjenengane. Nugraha iku landhesan saka iman kita.

PANDONGA: Kawula sujud ing ngarsa Paduka, Oh bayi ing pemakanan, kadosdene para pangen lan tiyang majus ing Betlehem. Paduka menika Allah ing wujud manungsa ingkang rawuh ing dhumateng kawula, ingkan mboten isin nyebut kawula sadherek-sadherek Paduka. Paduka sucekaken manah kula ingkan najis, kanthi makaten manah kula saget dados pemakanan ingkang langgeng kangge Paduka. Sesareng kaliyan sadaya tiyang pitados kula ngagungaken Paduka, awit kamulyan Padus sampun dados badah ingkang asor. Kawula nyuwun dhumateang Paduka supaya kathah jiwa-jiwa ingkan ical ing sakiwa tengan kawulasaget nampeni prekawis enggalipun lan nampeni Paduka.

PITAKONAN:

  1. APA MAKNANE PENGEJAWANTAHING KRISTUS?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:16 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)