Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 006 (The Baptist prepares the way of Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

2. Yokanan Pembaptis nyawisake dalan kanggo Sang Kristus (Yokanan 1:6-13)


YOKANAN 1:9-10
9 Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagat 10 Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagat iki ora wanuh marang Panjenengane.

Sang Kristus iku pepadhang jagad kang sejati. Sang Roh suci wis ngramal bab rawuhe Panjenengane, atusan tahun sadurunge, lumantar para nabi. Kitab-kitab ing sajroning Prejanjian Lawas kebak nyebutake gegayutan rawuhe Sang Kristus ing jagat raya kita. Mangkene nabi Yesaya mratelakake, “Awit lah pepeteng ngalimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira (Yesaya 60:2)

Ing sajrone ayat kang kita waca, tembung “Donya” dibaleni nganti kaping papat. Tumrape penginjil Yokanan makna tembung iku cerak banget karo makna tembung pepeteng, awit Yokanan nulis mangkene: “Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila”(I Yokanan 5:19)

Ing mula bukane donya iki ora asifat ala, awit gusti Allah nyipto donya iku apik. Kaendahan lan ayuning donya ngebake jagat raya iki. “Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem” (Purwaning Dumadi 1:31). Gusti Allah nyipto manungsa ing sajroning pasemone lan kamulyane diesokake leluhure kabeh manungsa, kang nyumunarake pepadhang saka kang Nyipto kaya dene pangilon.

Nanging awit gumunggung, mula kabeh dadi ala lan mbalelo. Manungsa ninggalake patunggalan karo Allah ing sajroning atine, awit manungsa mbuka atine marang roh pepeteng. Misahake awake saka Gusti Allah tansah gawe manungsa dadi ala, kaya kang diakone dening Dawud ing Mazmur 14:1, “Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.

Nanging penginjil Yokanan, nyeksekake kasunyatan manawa Sang Kristus wis rawuh ing jagat kang ala iki, kaya srengenge kang mbaka sithik mlethek, ngilangi pepeteng ing sakiwa tengene. Pepadhang sang Kristus ora mlebu ing jagat kita kaya cahyo semelet kang marakake wuta. Nanging cahya iku mlebu kanthi alus, madhangi kabeh manungsa. Kaya mengkono, gusti ora rawuh dadi hakim lan algojo. Nanging Panenengane rawuh minangka juru wilujeng lan kang paring kamardikan. Kabeh manungsa perlu dipadhangi dening Sang Kristus. Tanpa pepadhang iki, manungsa bakal tetep ana ing sajroning pepeteng. Sang Kristus yaiku kang paring padhang sejati, lan ora ana wong liyane. Kabeh wong kang nampa pepadhang saka panjenengane lumantar Injil bakal ngrubah watek wantune dadi apik uga bisa menehi pepadhang marang wong liya.

Apa panjenengan paham makna saka ukara iki, “Kang nyipto rawuh ing jagat iki” Kang kagungan jagat ngrawuhi apa kang dadi kagungane, lan Sang Raja rawuh nyaket marang rakyate. Sapa to kang jaga-jaga lan cemawis gegayutan karo Rawuhe? Sapa kang bakal nyinau kayekten bab Rawuhe, angger-anger Panjenengane lan tujuan Panjenengane? Sapa kang bakal ninggalake tujuwan kadonyan lan kang tanpa guna iki lan banyur nyambut sarta nampai Allah kang bakal Rawuh? Sapa wong kang bakal mangertos wektu-wektu kang luwih-luwih lan bisa ngrubah iki, ana ing ngendi Gusti Allah bakal rawuh?

Dadi, gusti ujug-ujug rawuh ing antarane wong-wong dosa. Panjenengane rawuh ora ana wong kang ngerti, cilik lan tenang. Panjenengane ora kersa madhangi jagat iki gedhen, nganggo panguwasa, lan kamulyan kagungane. Nanging Panjenengane nuduhake anggone andhap asor, kebak katresnan lan kayekten. Wiwit mula tinitahe jagat, gumunggung dadi sebab tibane umat manungsa. Awit saka iku Kang Maha Kuasa mratelakake rawuhe dadi priyayi kang andhap asor. Malah Iblis kepengin sing kepengin dadi kuat, mulyo lan pinter, kayadene Allah. Nanging sang Kristus mratelakake sarirane dadi bayi kan ringkih, kang gumletak ing papan pakan kewan kang banget dening njemberi. Dadi kanthi anggone andhap asor, alusing bebudene, pembangun turute Panjenengane menang. Panjenengane mandap marang derajat kang asor dhewe saka ing antarane manungsa kabeh supaya bisa nylametake kabeh manungsa.

Rungokna, he umat manungsa! Sakwise pawarto apik iki, kita maca tembung-tembung kang banget nggegirisi lan medeni, yaiku donya ora tepung pepadang iku lan ora gelem nampa Panjenengane. Jagat ora ngerti yen putra Allah wis dadi cerak lan malah rawuh ing antarane wong-wong ing jagat. Manungsa tetap wae ana ing sajroning kahanan kang wuta lan bodo, sinadyana manungsa duwe filsafat, kawruh, kelantipane jagat iki. Manungsa ora ngerti manawa Gusti Allah piyambak kang ana ing antarane dheweke. Manungsa ora tepung kang nitahake lan ora nampa sang juru selamet kang ngadhili dheweke.

Lan kayekten kang banget nyengsarakake iku, kita bisa ngringkes bakal anane sawijinging watonan kang penting banget ing sajroning Kratoning Allah. Watonan iku yaiku manwa kita orang bisa paham bab Gusti Allah nganggo pikiran kita utawa nganggo kabisan kamanungsan kita wae. Kabeh kawruh bab katresnane Sang Kristus yaiku sawutuhe nugraha saka Gusti Allah, awit Roh suci wae kang nimbali kita lumantar Injil, madhangi kita kanthi sih rahmat Gusti Allah lan njangkung kita supaya tetep ana ing sajroning iman kang bener. Dadi kita kudu mratobat lan ora sumendhe marang kapinteran pikiran kita dhewe, utawa marang rerasan saka jiwa panjenengan. Kita kabeh perlu mbuka awak kita marang padhang kang sejati, dikaya kembang kang mbuka awake marang sunar srengenge. Kanthi cara iki, iman kita marang Sang Kristus nyipta kawruh kang bener. Wiwitan iman iki dudu saka awak kita, nanging iku pakaryane Roh Gusti ing sajroning awake kabeh wong kang mbangun turut marang Panjenengane.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun Oh Sang Kristus, bilih Paduka rawuh wonten ing jagat menika. Paduka mboten rawuh badhe paring paukuman utawi males, nanging paduka rawuh kangge maringi pepadhang dhumateng sadaya manugsa, lan kangge kawilujenganipn. Nanging kawula inggih manungsa ingkang wuta lan bodo. Paduko apunten sadaya kalepatan kawula lan paringi kawula manah ingkang mbangun turut. Paduka bikak manah kawula kanthi makaten kawula saget mingali Paduka lan paduka bikak jiwa kawula dhumatang pancaran pepadhang paduka ingkang alus, kanthi makaten kawula saget gesang ing salebetipun panguwaos Roh suci Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa gegayutane antarane Sang Kristus Sang Padhang iku karo jagat kang peteng iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:15 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)