Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 010 (The fullness of God in Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

3. Kepenuhan Allah nampak di dalam inkarnasi Kristus (Yokanan 1:14-18)


YOKANAN 1:17-18
17 Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabvi Musa, dene sih –rahmata lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus. 18 Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

Bedane antarane Prejanjian Lawas lan Prejanjian Anyar bisa dipadhakake kaya bedane antarane kayekten lumantar Paugeran Torat karo kayekten lumantar sih rahmat. Gusti Allah maringake marang nabi Musa dasa titah, paugeran gegayutan korban getih, lan paugeran supaya tumataning urip iki. Wong kang mbangun turut karo tatanan-tatanan utawa paugeran iku bakal nampani urip. Nanging kabeh wong kang nerak marang salah siji ing antarane paugeran iku bakal mati. Kanthi mengkono paugeran iki malah dadi hakim kang nuntun marang pati awit ora bakal ana wong siji wae kang bisa nindakake kanthi sempurna. Wong kang mursid kang apik dhewe rumangsa ajur ing pamratobat lan anggone getun ngadhepi tugas kang mokal bisa mbangun turut kabeh paugeran-paugeran Torat. Wong-wong kang seneng lelamisan, kepiye wae, tetep nganggeb yen awake iku wong apik, kaya-kaya wong-wong mau lagi nglakoni urip kang dadi keparenge Gusti Allah. Patrap mangkene iki bakal nuntun marang rasa kumingsun, lan marang legalisme kang fanatik. Wong-wong nglalekake katresnan lan ngegungake kayekten saka penggaweane kang mentingake awak dhewe. Mesthi wae, dina Sabat sawijining dina suci awit mancarake kasucen Allah. Nanging ing angarepe dina suci iku kabeh manungsa dadi ala. Kanthi mengkono paugeran Torat iki nuntun kita marang kasangsaran lan pati.

Ing sajroning kahanan kang kalimputan pati sebanjure Yokanan Pembaptis nyebutakake bab Yesus Kristus kang kawitan pisan ing sajroning Injile minangka kang nylametake saka kasangsaran lan Juru selamet saka bebendhune Allah. Manungsa Yesus saka Nazaret yaiku sang Mesih kang dijebati sang Roh suci. Panjenengane iku Raja atas kabeh Raja, Sabda Allah lan Imam Agung. Panjenengane iku siji-sijine pengarep-arep lan keselamatan. Sang Kristus ora Rawuh marang kita kanthi tata cara paugeran kang anyar, nanging Panjenengane nebus kita saka ipat-ipat paugeran torat. Kanthi katresnan kang sempurna iki Panjenengane ngujudi kabeh tuntutan paugeran kanggo badan kita. Panjenengane manggul kabeh dosa kita lan paukuman atas jagat iki ing pundake, lan kanthi mengkono ngrukunake kita maneh karo gusti Allah. Gusti Allah ora maneh dadi satru awit dosa-dosa kita, nanging kita wis nampeni karukunan karo Allah lumantar Yesus Kristus gusti kita. Manungsa Yesus mingkrat marang Sang Rama kasuwargan lan ngesokake Sang Roh suci marang kita. Panjenengane nulis paugeran ana ing ati kita, ngalimputi ati kita kang paling jero kanthi pikir kang murni, setio lan kinurmat. Kita ora maneh urip kabawah paugeran torat, nanging Panjenengane ana ing sajroning urip kita. Kanthi cara iki gusti Allah wis maringi kita panguwasa kanggu nggayuh tuntutan katresnane.

Kanthi rawuhe Sang Kristus, jaman sih rahmat wis kawiwitan lan kita urip ana ing sajroning jaman iku. Gusti allah ora njaluk marang kita korban, pelayanan utawa pisungsung kanggo mbangun kayekten kita dhewe, nanging Panjenengane ngutus Putrane supaya maringake marang kita kayekten ilahi iki. Wong kang pracaya marang Panjenengane sawutuhe dibenerake. Awit saka iki kita nresnani lan ngaturake panuwun marang Panjenengan lan ngaturaken pisusung urip kita marang Panjenengane awit Panjenengan nyucekake kita.

Sang Kristus ora ninggalake kita kaya yatim piatu nanging tetap nunggal karo kita, lan ngesokake sih rahmate marang kita. Kita ora pantes nampa pangapura dosa kita, utawa patunggalan karo Sang Roh Allah. Kita uga ora pantes nampa kabeh sih rahmat utawa berkah-berkah kang liyane saka Panjenengane. Kabeh-kabeh prekara iku sih ramat saka Panjenengane. Pancen kita ora pentes nampa apa wae kajawa bebendu lan karusakan. Nanging awitanane sesambungan kita karo Sang Kristus awit iman, kita wis dadi putra-pura Allah kang diparingi sih rahmat Panjenengane. Apa panjenengan wis paham bedane antarane abdi dosa karo putra-putra sih rahmat.

Sih rahmat iki dudu mung rasa pangrasa wae ing sajroning ati Kang Maha Suci. Nanging, prekawa iku yaiku katresnan kang dilandhesi dening kayekten kang sah secara paugeran. Gusti allah ora bisa ngapura kabeh wong sembarangan, awit dosa-dosa wong kang dosa nuntut paukuman pati. Nanging, anggone disalib sang Krsitus kang nggenteni kita wis cukup atas kabeh tuntutan kayekten. Dadi sih rahmat wis dadi hak kita lan rahmat Allah dadi kasunyatan kang ora bisa diowah-owah. Sih rahmat ing sajroning sang Kristus yaiku landhesan paugeran kang sah kanggo urip kita karo Allah.

Panjenengan takon: Sapa gusti Allah iki, kang bebas nindakake samubarang, nanging kacancang marang kaadilane? Aku kabeh njawab: akah agama wis mbudidaya tenanan lan rekasa supaya bisa paham Allah. Nanging kabeh-kaben iku mung kaya andha kang dipapanake ing bumi kang ora bisa nggayuh langit. Nanging Sang Kristus iku kaya anda ilahi kang muduh saka langit, lan tekan kanthi manteb ing jagat. Pateman kita karo gusti Allah lumanter Panjenengane babar pisan ora ninggalake wong siji-sijia ing kahanan kang nglokro.

Ora ana manungsa kang tahu ndeleng kang anyipto kang asifat langgeng iku, awit dosa-dosa kita misahake karo Kang Maha suci. Kabeh pratela kang digawe gegayutan Gusti Allah kuwi mung untung-untungan wae. (ora mesti benere). Nanging sang Kristus iku putra allah, manunggal karo Allah wiwit kelanggengan, salah siji Pribadi saka Trirugngal kang Ilahi. Dadi Putra kang banget kenal Sang Rama. Kabeh pratela kang ana sadurunge ora sempurna. Nanging sang Kristus iku Sabda Allah kang sempurna, lan dadi sari pathine kayekten.

Apa underane utama saka pawarto sang Kristus?

Panjenengane mulangake marang kita supaya nyebut Allah ing sajroning pandonga mangkene: “Kanjeng Rama ingkang adhedampar ing kasuwargan”. Kanthi cara nyebut marang Allah iku Panjenengane mratelakake marang kita manawa hakekat Allah iku minangka jejering Bapa, Allah dudu diktator, tukang nelukake utawa kang nyilakani. Panjenengane dudu Gusti kang ora kersa ngerti lan ora kersa paring kawigaten. Panjenengane paring kawigaten marang kita dikaya Bapak nggatekake anak-anake. Manawa anak iku tiba ing sajroning endut, bapak mau bakal ngangkat anak mau, diresike endhute lan ora ditegakake lunga supaya aja nganti bali kesasar ing donyane kaluputan.

Awit kita wis mangerti Allah iku Rama kita, was-was awit kuatir lan dosa kita wis diangkat. Kosok balinya gusti Allah wis maringake marang kita kasucen lan ditampa. Kita urip karo Gusti Allah kita ing selawas-lawase. Owah-owahan gedhe ing perangan agama kang dumadi ing jagat iki ing asmane Sang Rama yaiku pangerten Kristen kang anyar kang diasta dening Sang Kristus. Asma asifat kaya dene Bapa iku dadi reringkesing saka kabeh pangandikan lan kang ditindakake Sang Kristus.

Sadurunge ngejawantahe Sang Kristus, Panjenengane manunggal karo Ramane. Gambaran kang alus iki nyethakaken sesambungan katresnan kang ana antarane Sang Kristus karo Gusti Allah. Sakwise seda lan wungu Sang putra sebanjure bali marang Sang Rama. Iki aeges Panjenengane manunggal karo Panjenengane, Panjenengane yaiku Panjenengane. Dadi kabeh kang dingandikaake Sang Kristus bab Allah iku bener. Ing sajroning Sang Kristus kita ndeleng sapa Allah kang sabenere. Kaya dene Putra, mengkono uga Rama, lan kayadene Rama, mengkono uga Putra.

PANDONGA: Rama kawula ingkang adhedampar ing kasuwargan kawula ngluhuraken Paduka lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ngutus Sang Kristus Putra Paduka ingkang kinasih. Kawula sujud dhumateng Paduka ingkang sampun merdekaaken kawula saking sumpena awon pagueran Torat lan nanemake ing salebetipun badan kawula kayekten ilahi. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka supados sadaya sih rahmat kasukman, lan ngagungake Paduka awit hak langkung-langkung ingkang kawula gahdahi ing salebetipun asma Rama Paduka.

PITAKONAN:

  1. Pemahaman anyar apa kang diasta Sang Kristus ing sajroning donya iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:17 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)