Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 009 (The fullness of God in Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

3. Kepenuhan Allah nampak di dalam inkarnasi Kristus (Yokanan 1:14-18)


YOKANAN 1:15-16
15 Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangdikane: “Iya iki kang dakkrepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.” 16 Saka ing kasampunrane kita kabeh wus tmpa ganjaran sih mawantu-wantu.

Yokanan Pembaptis martakake kanthi suara kang seru manawa Sang Kristus kang rawuh sakwise dheweke, wis ana sadurungi dheweke, lan ngluwihi sarasilah kang asifat sawetara. Kanthi martakaken prekara iki, Yokanan Pembaptis negasake bab kelanggengan Kristus. Panjenengan maringi paseksen bab kayekten manawa Panjenengane bisa nembus apa wae iya wektu lan kahanan, mianangka jejere Allah kang ora winates lan ora bakal bisa kene cemer.

In ara-ara samun Yokanan Pembaptis rumangsa prihatin ndeleng kayangapa abote dosa-dosane manungsa. Dheweke mulangake marang wong-wong mau bab pamratobat supaya nampani pangapurane dosa. Nanging nalika dheweka ndeleng Yesus atine kebak kabungahan, awit Sang Kristus dilahirake dadi manungsa kang langgeng, kebak kayekten, kanthi mengkono pati ora bakal nguwasani Panjenengane. Kabungahan bab pangejawantah lan bab Natal asumber marang pratela sugenge Allah kang langgeng ing sajroning badane manungsa. Kanthi iki kawiwitan kamenangane urip atas pati, awit ing sajroning Panjenengan dosa disirnakake, lan dosa iku kang dadi jalaran pati.

Ngrasakake kayangapa jerone sih rahmat iki, Yokanan Pembaptsi ngluhurake lan ngagungake kapenuhan Allah kang ana ing sajroning Sang Kristus. Paulus wis ngakoni, “Panjenengane iku kadunungan kaallahan sawetahe kang kasariro”. Yokanan ngringkes kayekten iku ing sajroning pratela kang agung iki, “Saka kapenuhan Panjenengan kita nampani sih rahmat demi sih rahmat”

Apa kapenuhan sang Kristus iki lan apa kang wis kita tampa saka Panjenengane? Manawa panjenengan kelingan katarangan Yokanan gegayutan pribadi Sang Kristus ing ayat kaping 14 sadurunge, panjenengan bakal pirsa kaagunan kepribadian Panjenengane lan bisa ngerti lan paham kayangapa ngedapedapine segara sih rahmat kang tekaning kita saben dino.

Sang Kristus iku Sabda Allah kang metu saka Sang Rama, kayadene tembung kang metu saka cangkeme wong. Panjenengane iku atine Allah kang jero dhewe lan kersane Allah, hakekat lan pepinginaning Allah. Nalika Sabda Injil tekan kita, mlebu ing sajroning pikiran kita lan ngrubah kekarepan kita, Sang Kristus uga mlebu ing sajroning ati kita lan ngrubah kita selaras karo kasampurnan Panjenengane. Rak mengkene iki sawijining sih rahmat kang ngedap-edapi?

Sang Kristus iku urip kang asale saka Gusti Allah: Para ahli ilmu pengetahuan bisa mbangun omah, kretek utawa bom-bom gedhe, nanging ora ana kang bisa nyipto urip. Wong-wong tuwa dipercaya supaya marisake marang tedhak turune urip kang Gusti Allah paringake marang wong-wong tuwa mau. Iki rak yo sih rahmat? Awit urip secara kadonyan iki bakal kepungkur, Sang Kristus ngesokake marang wong-wong percaya Roh kagungane piyambak, kang sejatine urip langgeng. Kabeh wong kristen nampa urip saka Gusti Allah lan ora bakal mati. Rak mengkene iki ya sih rahmat?

Kristus iku pepadhange jagat. Panjenengane iku Kang Menang atas pepeteng lan kang Nyipto padhang ing bengi kang peteng ndhedhet. Panjenengane maringi pengarep-arep marang jagat kang lagi ana ing sajroning pepeteng, maringi kekuatan marang jagat kang lagi sambat awit karingkihane. Padhang saka Sang Kristus bisa nguwasani petenge jagat iki nganggo cahya-cahya Panjenengane kang padhang jingglang. Panjenengane maringi kita kayekten lan kasetyan ing sajroning politik lan perusahaan, ing sajroning keluarga lan gereja, manawa manungsa pracaya marang Panjenengane. Iki rak ya sih rahmat demi sih rahmat?

Gusti Yesus yaiku Kang nyipto jagat raya iki. Ing sajroning Panjenengan kapenuhan panguwasane Allah. Kaelokan-kaelokan Panjenengane iku tanda kan nuduhake marang panguwasan Panjenengane.Wungune Panjenengane saka pati mbuktekake panguwasa urip Panjenengane kang maekani pati. Ing sajroning badan Panjenengane ngalahaken kuasane gravitasi (gaya tarik bumi) lan lumaku ing saknduwure banyu. Panjenengane nyuwil-nyuwil roti kang cilik kang ana Panjenengane kanggo menehi mangan marang wong limang ewu nganti wong-wong mau wareg. Panjenengane uga pirsa gunggunge rambut ing sirah panjenengan. Kapan panjenengan bakal sujud marang sih rahmat kang kagungan kawigaten semono gedhene iki?

Apa panjenengan isih ngersakake pirsa luwih akeh bab kapenuhan sang Kristus? Panjenengane iku kang kagungan donya iki. Kabeh kaapikan lan kasarasan, saben menit ing sajroning urip panjenengan malah awak panjenengan dhewe kuwi dadi kagungane. Panjenengane kang nitahake panjenengan lan Panjenengane uga kang njangkung panjenengan. Sang Kristus kagungan sakabehe. Panjenengane mitayakake kaapikanNe marang jroning tangane panjenengan supaya panjenengan ngatur sakabehe iku kunjuk Panjenengane. Otot-otot panjenengan, akal budi panjenengan lan wong tuwa panjenengan iku sih rahmat saka Gusti kang diparingaken marang panjenengan. Kapan panjenengan arep ngatuaken panuwun marang Panjenengane atas sih rahmatE iki?

Kang banget dadi kaelokan bab pangejawantahe Panjenengane lan bab Natal yaiku gegayutan kapenuhan Allah dadi daging ing sajroning bayi. Kaelokan iki dijangka kanthi pas dening nabi Yesaya 700 tahun, sadurunge kuwi dumadi ana ilham saka Sang Roh Suci, kang mratelakake: “Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman. (Yesaya 9:5). Emane akeh wong kang pikirane randhat mangeti kayekten yen Gusti Allah ana ing sajroning sang Kristus wis mulihake gambar Panjenengane kang murni kang sabenere manungsa wis nduweni wiwit wiwitan tinitahe jagat raya. Gusti Yesus iku kang Maha Mulya lang kebak kawicaksanan, Panjenengane yaiku penasehat kang maringi pepadhang, panguwasa langgeng Gusti Allah. Kabeh sesebutan lan nugrahane Allah mapan ana ing sajroning bayi kang ana ing pemakanan iku. Apa panjenengan ngrumangsani kaelokan sih rahmat Allah rawuh marang kita ing sajroning gusti Yesus? Saiki kita bisa kanda: gusti Allah nunggal karo kita.

Sang Kristus ora kersa nyandhet kabeh kaapikane mung kanggo sarirane dhewe wae, awit manawa mengkono sing dikersakake, mula Pnjenengan tetep mapan ana ing suwarga. Panjenengane wis rawuh ana ing jagat kita, wis nganggo rupa manungsa kayadene asore kita kang tujuwane mbukak dalan kasuwargan kanggo kita, mulihake gegayutan kita karo Rama lan ngalimputi kita kanthi kapenuhane Panjenengane. Kanthi cara mengkono Rasul Paulus nyekseni yen tujuan Allah yaiku karawuhane ngalimputi gereja. Mangga diwaos Efesus 1:23; 4:10 lan Kolose 2:10, sebenjure panjenengan katuntun ing sajroning patrap manembah marang Allah lan katuntun ing kaelokane sih rahmat gusti panjenengan. Aja panjenengan mapan terus ana ing kasangsaran awit dosa-dosa panjenengan, nanging buka ati panjenengan marang kapenuhane Sang Kristus. Panjenengan sowan marang bayi ing pamakanan iku lan berkah kang luber bakal ambanyu mili ing sajroning urip panjenengan. Panjenengane bakal andadekake panjenengan minangka sumber sih rahmat kanggo wong-wong ing sakiwa tengen panjenengan.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, Paduka menika putra Allah. Sadaya katresnan, panguwaos lan kayekten wonten ing salebetipun Paduka. Kawula sujud ing ngarsa Paduka lan asukarena, awit Paduka mboten tebih saking kawula nanging Paduka sampun gesang ing antawisipun kawula. Paduka nresnani kawula. Paduka dados manungsa lan nebus kawula. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit sampun maringi sih rahmat demi sih rahmat dhumateng kawula.

PITAKONAN:

  1. apa makna saka kapenuhan Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:16 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)