Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 024 (The cross)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
2. Gusti Yesus rerembugan karo Nikodemus (Yokanan 2:23 - 3:21)

c) Salib, sarana kanggo dilahirake maneh (Yokanan 3:14-16)


YOKANAN 3:14-16
14 Kayadene Nabi Musa anggone manjer rerekan ula ana ing ara-ara samun, iya mangkono uga Putrane Manungsa anggone pinesthi kepanjer, 15 supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane oleh urip langgeng. 16 Awit dene Gusti allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengaen aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.

Gusti Yesus nerusake anggone mulang Nikodhemus, lan ngyakinake dheweke yen kelahiran kasukman ora bakal dumadi tanpa anane pamratobat kang tenanan, sawijining owah-owahan jiwane, lan iman marang sedane Sang Kristus kang dadi gegentine manungsa kabeh. Watonan-watonan iki, gusti Yesus nerangake marang Nikodhemus kanthi nuduhake marang sawijining lelakon sejarah kang dumadi ing Israel.

Wong Israel kang lumaku ing ara-ara samun Sinai nggrundhel marang gusti Allah, lan mbalelo marang tutunan Panjenengane (wilangan 21:4-9. Gusti Allah banjur nekaake ula mandi minangka akibat pambalela, kang sebanjure nyokot wong Israel, paukuman patrap wangkote; lan akeh wong Israel kang mati awit saka ula iku.

Ing lelakon iku sawetara ing antarane wong-wong mau wiwit ngrumangsani dosane, banjur nyuwun marang nabi Musa supaya nabi Musa nyuwun marang gusti Allah mungkasi bebendhune marang wong-wong mau. Gusti Allah paring dhawuh marang nabi Musa supaya nabi Musa gawe reca ula tembaga, kang dadi pralambang paukumane Gusti Allah. Banjur nabi Musa ngangkat dhuwur atas bangsa iku; minangka bukti manawa bebendune Allah pancen wis kapungkasi. Minangka hasile kabeh wong kang nyawang marang tanda manawa paukuman wis kapungkasi, lan pracaya marang sih rahmat Allah, bakal diwarasake saka wisane ula mau.

Wiwit mangsa pancoban marang Kawa, ula wis dadi pralambang piala. Nalika gusti Yesus rawuh ing jagat Panjenengaen nyangga kabeh dosa manungsa. Dadi Panjenengane kang ora kenal dosa wis dadi dosa kanggo kita. Gusti Yesus iku kaya dene reca ula tembaga ing ara-ara samun kang wis ora mempan wisa, kaya mengkono uga Gusti Yesus tetap bebas saka dosa, nalika Panjenengane lagi nanggung kabeh dosa kita.

Putra Yahwe ora ngatonake sarirane ing jagat ing wujud kang kebak kamulyan, nanging ing sajroning patrap ngasorake diri minangka Putrane Manungsa, kang kebak tatu lan kelaran, awit nyangga pangipat-ipat Paugeran Torat. Ing sajroning wujud manungsa Panjenengane bisa seda kanggo nggenteni kita. ‘Putra manungsa’ dadi tanda kinumartan kunjuk Panjenengane. Pada karo ula tembaga didhuwurake kanggo pralambang gegayutan ilange bebendune Allah, semono uga Sang Kristus disalib dadi lambang disirnaakene bebendune Allah. Kabeh dosa kita dipikulke marang Putrane, supaya merdekaake kita lumantar katresnane kang Agung.

Saben wong ing ara-ara samun kang nyawang ula tembaga kang didhuwurake, lan pracaya marang janji Allah diwarasake saka anggone dicokot ula mandi iku. Keyakinan bab tanda sih rahmat iki menehi urip lan kekuatan marang wong kang pracaya. Saben wong kang nyawang Salib lan sumarah marang Kang kasalib bakal nampa urip langgeng. Paulus nulis mangkene: “Aku wis disalib bebarengan karo Sang Kristus nanging aku isih urip, dudu Aku nanging Sang Kristus kang urip ana ing aku”. Sedane Panjenengane yaiku patiku, lan mengkono uga sugenge Panjenengane yaiku uripku. Kabeh wong kang nampa sedane Sang Kristus kang nggenteni manungsa dibenerake lan urip nunggal karo Panjenengane ing saklawas-lawase. Gegayutan cancangan iki uga andadekake patunggalan kita karo patangen Panjenengane.

Sinadyana kita iki titah-titah kang kaipat-ipat, manawa kita nyawang marang Sang Kristus mula kita bakal diselametake. Panjenengane nyipto ing sajroning badan kita kelahiran anyar. Ora ana dalan liya marang Allah kajaba lumantar Kang Disalib iku. Yaiki sebabe Iblis nyerang terus, awwan lan bemni marang rong watonan Keslametan iku: Anane minangka Putra Allah lan anggone Kristus disalib. Nanging ing sajroning loro watonan iku ana kesalemetan jagat iki.

Gusti Allah iku katresnan; sih rahmat Panjenengane yaiku kaya segara kang ora ana pinggire. Ing sajroning katresnan Panjenengane ora ninggalake jagat kita kang ala iki, nanging terus nresnani kita. Panjenengane ora nampik pambalelo kang kebak dosa nanging Panjenengane kagungan sih rahmat. Pangorbanan Putra Panjenenane ngujudi kabeh syarat kanggo kayekten kanggo keselametan manungsa. Ora ana keselametan kajaba lumantar Sang Putra.

Sedulur, apa panjenengan kersa ngorbanake duwit sak yuta rupiah kanggo mitra panjenengan? Apa panjenengan siap mlebu pakunjaran kanggo nggenteni mitra panjenengan iku? Utawa mati dadi gegentine mitra panjenengan? Bisa wae menawa panjenengan nresnani mitra panjenengan. Nanging panjenengan ora bakal nindakake mengkono iku manawa wong iku dadi satru panjenengan. Lelakon iki nuduhake marang kita kaya ngapa gedhene katresnane Allah, kang ngorbanake putrane kanggo para durjana supaya nylametake wong-wong iku.

Sang Kristus nylametake jagat ing kayu salib. Kita kabeh mbutuhaken banget pangorbanan Gusti Yesus. Kabeh jinis manungsa, kang duwe budaya utawa kang ora duwe, kang sopan lan kang kasar, sugih utawa mlarat, kang kebak welas asih utawa sing kejem. Ora ana wong siji wae kang dadi bener ing sajroning awake dhewe. Sang Kristus wis ngrukunake jagat iki karo Sang Ramane.

Anehe, kayekten iki ora bisa dingerteni dening manungsa, kajaba wong-wong kang wis pracaya marang Kang disalib iku. Gegayutan kapercayan panjenengan karo Sang Juru selamet bakal duwe daya pengaruh keselamatan panjenengan. Tanpa iman mula panjenengan bakal tansah ana ing sajroning bebendune Allah. Pegawean panjenngan bakal disawang ora jujur, lan cemer ing sajroning kasucenne Allah. Nikodhemus, wong kang mbangun turut karo paugeran (legalis) lan guru kayekten, kudu ngrungokake tembung iki, tembung-tembung kang banget ngagetake.

Kabeh wong kang nampa keselamatan ing Kayu salib, pracaya marang Sang Putra kang didhuwurake ing kayu kang banget asor gegayutan urip lan ora bakal nemokake pepalang antarane wong iku karo Allah. Apa panjenengan ngaturaken panuwun marang gusti Yesus gegayutan pangapura kang diparingake? Apa panjenengan masrahake urip panjenengan marang Panjenengane?

Kabeh wong kang pracaya bakal urip; kabeh wong kang nunggal ing sajroning sang Kristus ora bakal mati. Kabeh wong kang tansah nyawang sang Kristus bakal nampa pengarep-arep urip kang langgeng. Iman netepake ing sajroning urip kita akan katunggalan sang Roh suci. Manawa panjenengan ngerti jerone makna saka ayat 14 nganti ayat 16 mula panjenengan nemokake hakeket saka Injil ing sajroning siji perangan tulisan.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula manembah Paduka atas katresnan Paduka kang mboten winates. Paduka maringaken dhumateng kawula Putra Paduka ingkang ontang-anting supados seda nggentosi kawula. Panjenenganipun nyangga samukawis dosa lan atas paukukman kawula, lan merdekaake kawula saking bebendu paduka. Kawula ningali dhumateng Kajeng salib, pitados, memuji lan ngaturaken panuwun. Paduka sampun ngapunten samukawis dosa kawula lan ngrukunaken jagat kalian sariro Paduka piyambak. Paduka paringi pitulungan dhumateng kawula supados kawula nyarioskaken dhumateng tiyang sanes gegayutan pawartos menika, kanthi makaten tiyang-tiyang ugi saget nampeni gesang langging lumanter paseksen kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa kang padha antarane Sang Kristus karo ula tembaga ing ara-ara samun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)