Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 025 (Rejecting Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
2. Gusti Yesus rerembugan karo Nikodemus (Yokanan 2:23 - 3:21)

d) Nampik Sang Kristus bakal nuntun marang paukuman (Yokanan 3:17-21)


YOKANAN 3:17-21
17 Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagat, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad. 18 Sing sapa pracaya marang panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang Asmane Putraning Allah kang ontang-anting. 19 Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa pada luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala. 20 Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku. 21 Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah.

Yokanan pembaptis kotbah babagan Sang Mesih kang bakal ngadili manungsa, negor wit-witan kang lara-laranen ing antarane bangsa iku. Nanging gusti Yesus ngandika marang Nikodhemus yen Panjenengane ora bakal ngobong nganggo geni, nanging Panjenengane rawuh kanggo nylametake. Sang Juru selamat kita kebak karo rahmat. Nalika Yokanan Pembaptis eling bab wadi penebusan kang nggenteni kita, dheweke nyebut gusti Yesus iku cempening Allah.

Ing sajroning katresnan Panjenengane Allah ngutus Putrane ora mung kanggo wong Yahudi wae nanging kanggo saindhenging jagad. Istilah “jagat” kawaca nganti kaping telu ing sajroning ayat 17. Iki sawijinging kang ngagetake banget kanggo wong-wong Yahudi kang pancen duwe panemu wong-wong kang dudu Yahudi mung kaya asu sae. Nanging gusti Allah nresnani bangsa-bangsa liya uga, kaya dene tedak turune Abraham. Kabeh manungsa pantes nampani paukuman, nanging gusti Yesus rawuh ora bakal paring paukuman nanging bakal nylametake. Wiwit wiwitan, Panjenengane ngujudi pralambang ula tembaga kang didhuwurake ing Kayu salibe, kanggo nyangga paukuman Allah kanggo manungsa. Katresnan Allah ora mbedak-mbedakaken suku nanging ngalimputi kabeh manungsa.

Sang Kristus sebanjure nggunakaken tembung kang tegas banget. “Sing sapa pracaya marang Putra, wong iku ora bakal diukum”. Kanthi mengkono kabeh rasa wedi diilangi ing dina pengadilan. Dadi iman marang Sang Kristus merdekaake kita saka pati kang sejatine kudu kita sangga. Panjenengan merdika saka pengadilan menawa panjenengan pracaya marang gusti Yesus.

Wong-wong kang nampik keselametan saka Sang Kristus, awit duwe pikiran yen awake ora mbutuhake. Wong-wong mengkono iku yaiku wong-wong wuta, bodo, lan pinisah saka sih rahmat kang dicawisake Panjenengane. Wong-wong kang ora gelem nampani pangwasane sang Kristus, ateges lagi nampik cahyo pepadhang sang Roh suci. Wong kang ngremehake sedane sang Kristus utawa ora ngakoni prekara iku, lagi mbalela lumawan Allah lan milih mbenerake awake karo kekuatane pribadi. Kabeh pambudi daya kita babar pisan ora cukup nylametake lan kita bakal kelangan kamulyane Allah.

Gusti Yesus nyethakake kenapa sawetara wong nampik keselametan saka Sang Kristus: Wong-wong mau luwih nresnani dosa dibandingake karo keyekten Allah, lan ngedoh saka Sang Kristus kang dadi pepadhanging jagat iki. Awit saka iku wong-wong mau sumende marang dosane. Sang Kristus pirsa ati kita, lan oyot kabeh pikiran ala kita. Tumindak manungsa sejatine ora ana gunane. Ora ana wong siji wae kang becik alandhesan kekuatane dhewe. Pikiran, tembung lan tumindake kita iku ala wiwit enom kita. Kabeh pratela iku tinandur jero banget ing Nikodhemus, mligine nalika sang Kristus luwih dhisik menehi katarangan bab iku kanthi tegas lan kebak katresnan kanggo ngejur anggone ngegungake awake, lan nyoba andadekake dheweke mretobat.

Gusti Yesus nambahake manawa sing sapa ora pracaya marang Sang Kristus, nresnani tumindake sing ala lan sengit marang kabecikan, lan sumendhe marang dosa-dosane, bakal nampa paukuman. Akeh-akeh manungsa iku lelamisan, nyingidake dosa-dosane kasaput esem kamursidan. Wong-wong mau sengit marang Sang Krsitus iya tanpa sengaja uga disengaja. Apa panjenenan wis ngakoni dosa-dosa panjenengan marang gusti Yesus? Manawa panjenengan ora ngakoni piala panjenengan mula panjenengan bakal ora bisa dilahirake maneh. Panjenengan buka ati panjenengan marang pepadhang Allah, mula panjenengan bakal disucekake; iman marang cempening Allah bakal nyucekake kita. Awit saka iku mangga ngasorake badan panjenengan lan ngakoni kahanan cemer panjenengan, pracaya marang Sang Kristus, lan panjenengan bakal urip saklawase.

Kadhasaran mraktekake iman kita ateges nindakake apa kang becik. Nyawisake badan kanggo nampani kayekten Allah iki syarat kanggo nganyarake ing sajroning badan kita. Kabeh wong kang pracaya marang kayekten sang Kristus ora mung kanthi akal budine wae nanging ya sawutuhe awake, bakal karubah secara moralitas. Wong kang tukang apus-apus dadi jujur, kang bengkong dadi lenceng, kang duwe patrap khianat dadi wong kang setia. Wong-wong kang dilahirake maneh iku ora wong apik ing wiwitane, nanging sakwise wong-wong mau ngakoni kekurangan-kekurangane, gusti Allah sebanjure paring pangapura marang wong-wong mau. Anggone kasucekake wis diwiwiti ing sajroning awake, Panjenengane maringi panguwasa katresnan kanggo nindake pakaryane Sang Roh suci. Gusti Allah makarya ing sajroning wong-wong kang pracaya Sang Kristus kanggo nggayuh pakaryan katentreman.

Kita ora nampik tumindak becik, nanging kabeh tumindak becik iku ora saka kita dhewe nanging saka Allah. Kita ora duwe hak nampani pangalembana, kabeh tumindak becik kang kita tindakake awit sih ramate Panjenengane. Iki ateges kita uwal saka patrap mbenerake awake dhewe, kang kalandhesi dening pambudi daya mentingake awake dhewe, lan dadi tinarbuka marang kayekten sih rahmat kang sumendhe marang rah Sang Kristus. Akeh wong kang dilahirake maneh lan nunggal ing sajroning Sang Kristus dadi keparenge Allah. Uripe wis dadi panuwun marang sih rahmate Allah. Kelahiran anyar lan urip kang suci iku patrap manembah kang banget dadi keparenge Allah.

PANDONGA: Gusti Yesus, maturnuwun awit sampun nanggung paukuman kangge jagat. Kawula sujud dhumateng Paduka, awit kawula mboten badhe malih ngadhepi paukuman menia, awit kawula dipun tunggalken kaliyan Paduka dening iman. Paduka sampun ngluwari kawula saking kamurkanipun sang Rama. Kawula ngakeni dosa-dosa kawula wonten ngarsa Paduka; sucikaken kawula saking karep nindakaken dosa. Titahaken wonten ing gesang kawula who-wohing karohanen, saengga gesang kawula saged nuduhaken penyembahan sarta pamujan kawula dhumateng Gusti Allah, ingkang dados Bapa Kaswargan kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe wong-wong kang pracaya marang Gusti Yesua ora kudu nampa paukuman?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)