Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 023 (Need for a new birth)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
2. Gusti Yesus rerembugan karo Nikodemus (Yokanan 2:23 - 3:21)

b) Pentinge dilahirake maneh (Yokanan 3:1-13)


YOKANAN 3:6-8
6 Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh. 7 Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu pada kalairake maneh. 8 Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lang parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”

Gusti Yesus nuduhake marang Nikodhemus perlune ana owah-owahan kang baku ing sajroning kabeh manungsa. Owah-owahan iku pada gdhene karo bedane kang ana ing antarane daging karo roh. Tembung “daging’ ing sajroning Prejanjian Anyar nuduhake marang kahanan hakekat manungsa kang wis pinisah karo Allah, wong-wong ala kang lagi lumaku tumuju ing kacilakan langgeng. Tembung iki ora mung ana gegayutaten karo wadag wae, nanging uga pikiran lan roh kang dikuasani dening pambalela. Iki kahanan cemer sawutuhe, dikaya kang dingandikaake gusti Yesus, “Saka ati tekane kabeh pikiran ala”. Ora ana manungsa kang pantes mlebu ing sajroning kratoning Allah. Manungsa iku ala wiwit lahire, lan dadi sumber saka kabeh cecemeran.

“Roh” ing kene nuduhaken marang Sang Roh Suci, kang iya pribadine Allah piyambak, kebak kesabaran, murni, kebak panguwasa, lan katresnan. Gusti allah ora mirsani remeh wong-wong ala, nanging wis ngalahake watonan urip “daging” ing sajroning Sang Kristus. iki nuduhake tujuan saka kelahiran maneh. Sang Roh suci ing sajroning badan kita ngejur hawa nefsu kedagingan kita, kanthi mengkonokita bisa urip selaras karo timbalan kita. Apa panjenegnan wis kalahirake maneh, bebas saka kabeh panglindhihe daging?

Sing kaping telune gusti Yesus ngandikan marang Nikodhemus kanthi alus lan ngandikane: “Kowe lan kabeh anggota Makamamu, kabeh tedak turune Abraham kudu dilahirke maneh”. Apa sing dingandikaake iki sawijining kewajiban, sawijining tanggung jawab kang suci. Aku kabeh nyeksekake marang Panjenengan, sedulur, manawa tembung kang dingandikaaken dening Sang Ksitus ing kehe, “Kudu” pancen iki perintah. Tanpa anane owah-owahan iki mula panjenengan ora bakal tepung gusti Allah, lan ora bakal bisa mlebu ing sajroning krajan kagungane.

Apa tahu panjenengan krungu suwara angin? Wong-wong kang dilahirake maneh kaya angin kang sumiyut. Ketoke, angin iku tekane saka ngendi orang ngerti, banjur bali mrana maneh. Mengkono uga putra-putrane Allah dilahirke saka ngaluhur lan sebanjure bali marang sang Ramane. Suara angin iku nuduhake manawa angin iku ana ing kana.

Tanda kang cetha saka wong-wong kang dilahirake maneh yaiku suwara Sang Roh suci kang ngandika lumantar wong-wong mau. Kita ora ngomong kanthi suwara alami biasa kang mung asale saka pikiran kamanungsan kita. Sang roh Suci rawuh marang kita ora saka donya iki, minangka suwara panguwasane Allah ing sajroning badan wong-wong pracaya. Apa Panjenengane rumasuk ing sajroning ati panjenengan?

YOKANAN 3:9-13
9 Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagetipun kalampahan kadospundi?” 10 gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngerti prakara iku? 11 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Kang padha Dakrembug iku, iya kang padha Daksumurupi sarta kang padaha Dakseseni iya kang padah aDaktingali, ewadene kowe oara padha nampani ing pasksenKu kabeh 12 Manawa kowe nalika Datuturi bab kadonyan padha ora ngandel, kepriye bisamu pada ngandel saupama Dakturana bab kaswargan? 13 Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing swarga, kajaba mung Panjenengane kang wus tumurun saka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.

Ing sajroning katarangan Sang Kristus Nikodhemus ngrasakake sumiliring sang Roh Suci. Atine nanggapi apa kang digelar dening Sang Ilahi. Nanging pikirane gagal mangerti, lan dheweke uga ora bisa nangkep kayekten iku awit jero banget maknane. Dheweke kandha, “Kula mboten mangertos bilih kelahiran ingkang kados makaten saget dumados”. Anggone ngakoni iki dadi tanda kang cetha gegayutan kegagalane. Gusti Yesus langsung maringi tuntunan maneh, “Iya, kowe iku guru kang kinurmatan, kowe wis teka marang Aku, sawetara wong-wong liya duwe pikiran yen wong-wong kang dadi kancamu iku kapinteren lan kedhuwuren ngomong karo Aku. Kowe ngluwihi wong-wong mau kabeh, nanging malah kowe uga ora tenanan ngreti tujuan saka Sang Roh Suci. Kabeh ibadah lan korban kang kok tindakake lan pambudidayamu kanggo mbangun turut Paugeran ora ana gunane. Kowe ora ngreti watonan kang gampang ing sajroning Kratoning Allah.`

Kang kaping telune gusti Yesus ngandika kanthi tembung-tembung kang penting banget, “Satemene aku pitutur marang kowe”. Ing saben kahanan nalika gusti Yesus nyebutake tembung iki, Panjenengane lagi ngandika sawijining wahyu kang anyar. Kang dadi jalarane pikiran kamanungsan kita randhat kanggo mangerti.

Apa bab kang anyar kang lagi disinau dening Nikodhemus? Sang Kristus kang maune nggunakake tembung “Aku” terus ganti tembung “Aku kabeh”, ing kene Panjenengane manunggalake sarirane karo Sang Roh Suci. Sang Kristus iku siji karo Allah lan Sabda Panjenengane kang ngejawantah. Gusti Yesus mulangake sawijining kayekten kang ora kabeh wong bisa mangerti. Panjenengane nyeksekake bab prekara-prekara kang Panjenengan pirsa ing sajroning patunggalane karo sang Roh suci. Kita kudu nampa paseksene Panjenengnae, lan sumendhe marang Panjenengan kanthi kebak keyakinan.

Apa kang Panjenengane pirsa luwih apik dibandingake karo kawruhe kabeh manungsa? Panjenengane tepung Allah lan nyebut Allah iku Rama. Kengkeran iki babar pisan ora bakal bisa dingerteni wong kang wis duwe jubriya saka para pemimpin kang ora duwe Sang Roh suci. Sang Kristus rawuh saka Sang Rama lan bali marang Panjenengane, Panjenengane tumurun saka Suwarga lan Panjenengane bali menyang mrana. Pisahe antarane Allah karo manungsa kapungkasi nalika Sang Roh Allah dadi daging ing sajroning Gusti Yesus, lan ngalahake kang misahake iku. Panjenengane kang langgeng ora maneh adoh lan medeni, nanging Panjenengane wis cerak lan alus ing budi. Anehe, manungsa ora bisa nangkep paseksen bab kayekten Allah iki. Manungsa ora paham tetunggalan antarane Panjenengane kang dilahirake krana Sang Roh Suci karo Rama Panjenengane; Awit manungsa pancen nampik pracaya, utawa nampik anggone dosa. Manungsa gagal ndeleng kabutuhane dilahirake maneh, lan malah manungsa ngapusi awake dhewek kanthi kanda yen awake iku wong apik lan pinter. Manungsa kudune ngerti yen kabisane ora bisa ngerti manunggale Tritunggal kang suci.

PANDONGA: Sang Rama, Sang Putra, Sang Roh suci, kawula manembah Paduka; ing salebetipun pepesthen katresnan paduka. Paduka sampun nganyarake3n kawula lan andadosaken kawula minangka putra-putra kayekten Paduka. Kersanipun kayekten lan Sang Roh Paduka ngaupi atas bangsa kawula, kanthi makaten kathah tiyang saget kawilujengaken, lan paseksen gegayutan sang Rama, Sang Putra saha Sang Roh Suci badhe sinebar jembar, lan dados cetha ing salebetripun basa asli kawula, supados kathah tiyang ugi saget kalahiraken malih.

PITAKONAN:

  1. Apa tanda-tanda saka wong pracaya kang wis dilahirake maneh?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:28 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)