Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 022 (People lean towards Jesus; Need for a new birth)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
2. Gusti Yesus rerembugan karo Nikodemus (Yokanan 2:23 - 3:21)

a) Wong-wong nyerak gusti Yesus (Yokanan 2:23-25)


YOKANAN 2:23-25
23 Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake. 24 Ananging gusti Yesus piyambak ora nganggep marang pracayane wong-wong iku mau, amarga kabeh wus diuningani, 25 sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.

Nalika Paskah wong akeh teka ing Yerusalem, kang dadi punjering ibadah. Wong-wong mau mikirake gegayutan cempe kang mayungi leluhure saka paukuman Allah, awit saka iku sebanjure wong-wong mau dum-duman daging korban pisusung ing sajrone mangan bebarengan ing antaraen wongwong mau.

Gusti Yesus, cempe kang ditetepake dening Gusti allah, wis rawuh ing Yerusalem lan nindake maneka werna mukjijat, nuduhake katresnan lan Panguwasane. Nalika iku Panjenengane wis dadi kawigatena wong akeh lan Asmane disebutaken dening akeh lambe; wong-wong mau pada wisik winisikan, “Apa panjenengane iku Nabi, utawa Nabi Elia kang dadi pambuka, utawa bisa uga Sang Mesih piyambak?”. Akeh wong kang kadudut atine sowan marang Panjenengane lan prasaya manawa Panjenengane iku rawuh saka Gusti Allah.

Gusti Yesus mirsani ing sajroning ati wong-wong mau, nanging ora milih siji wae ing antarane wong-wong mau supaya dadi muride. Wong-wong mau durung nemokaken sifat kealahan Panjenengane, lan mung mikir gegayutan prekara-prekara kadonyan. Ing sajroning pikirane mung anaa kamardikan saka penjajahan Romawi, pegawean kang cocok kanggo wong-wong mau lan mangsa tembe kang nyenengake. Gusti Yesus pirsa kabeh manungsa; ora ana ati kang siningitan saka Pamirsanane. Ora ana siji wae wong kang nggoleki Gusti Allah kanthi tulus. Menawa wong-wong kanthi tulus nggoleki Gusti Allah, wong-wong mau bakal dadi wong kang wis dibaptis ing kali Yarden, ngakoni dosane lan mretobat.

Sang Kristus pirsa ati panjenengan, pikiran panjenengan, donga-donga panjenengan lan dosa-dosa panjenengan. Panjenengane pirsa apa kang panjenengan pikir lan sumber kang dadi pikiran panjenengan iku. Panjenenane paham manawwa panjenengan kepengin nglakoni urip lan pantes lan benar. Kapan rasa gumunggung panjenengan iku bakal owah gingsir? Lan kapan panjenengan mretobat saka patrap sumendhe marang awake dhewe, supaya panjenengan kapenuhan dening Sang Roh Suci?


b) Pentinge dilahirake maneh (Yokanak 3:1-13)


YOKANAN 3:1-3
1 Ana wong Farisi jenenge Nikodhemus, panggedhene wong Yahudi, 2 seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakake pratandha kados ingkang Panjenengan tindakake punika, manawi boten tininunggil dening Allah.” 3 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “ Satemene-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah”

Saka ing antarane wong akeh iku sebanjure ana wong kang jenenge Nikodemus, dheweke iku wong kang banget mursid lan kaajenan, salah siji saka pitung puluh anggota Sanhedrin. Dheweke ngrerti panguwasane Allah kang makarya ing sajroning Sang Kristus. Bisa uga dheweke kepengin mbangun sesambungan antara nabi anyar iki karo jemaat wong-wong Yahudi. Nalika iku dheweke wedi karo Imam Agung lan rakyat lumrah. Dheweke rumangsa yakin gegayutan pribadi Gusti Yesus iki. Dheweke sowan marang gusti Yesus kanthi sesidheman ing wayah bengi, pangarep-arepe bisa ketemu karo gusti Yesus sadurunge dheweke ketemu karo kelompoke dhewe.

Kanthi nyebutaken sesebutan “Rabbi”, Nikodemus mretelakake panemune wong akeh nalika semana, kang kandha manawa Sang Kristus iku salah siji Juru mulang Kemah suci kang duwe golongan kang ndherekake. Dheweke sarujuk manawa Gusti Yesus iku pancen diutus dening gusti Allah, kang dikuatake lumantar mukjijat-mukjujat. Dheweke ngakoni, “Kawula pitados bilih Gusti Allah nunggil Paduka lan ngluhuraken Paduka. Menapa Panjenengan menika sang Mesih menika?” Apa sing dikandakake iki sawijining pitakenan kang nuduhake pangakone.

Gusti Yesus paring wangsulan pitakonan iki, tanpa nanggapi sawutuhe pantoro antarane para pemimpin rakyat iku karo Sang Kristus. Panjenengane malah mirsani ati Nikodhemus kang nalika iku lagi nyleweng, marang dosa-dosane lan rasa penginne marang kayekten. Panjenengane bisa mitulungi Nilodhemus mung sakwise nuduhake marang dheweke bab anggone wuta prekara kasukman. Sinadyana kayangapa murside Nikodhemus, dheweke ora bener-bener tepung karo gusti Allah. Gusti Yesus blak-blakan banget marang dheweke lan ngandika, “Mesti wae ora ana wong siji wae kang bisa ngerti Gusti Allah lumantar pambudidayane dhewe; dheweke perlu kelahiran maneh saka Sang Roh kang asifat kasuwargam.

Kang ditegasake Gusti Yesus iku sawijining tetingalan Panjenengane gegayutan wulangan bab teologi lan dogmatika kang dilandhesi mung marang akal wae. Awit kawruh bab Allah ora mung saka sinau secara kapinteran wae, nanging saka kelahiran maneh. Cara nyambut gawene pesawat Radio, beda karo ing TV, panjenengan bisa muter radio sakseneng panjenengan, nanging panjenengan tetep ora bakal bisa ndeleng gambar ana kono. Gambar iku mbutuhaken alat kang babar pisan beda karo Radio. Mengkono uga karo manungsa kadonyan, sinadyana duwe watek mursid lan panggawe, tetap wae ora bisa ndeleng Allah, becik nggunakake rerasan utawa pikirane. Anggone sadar bab kasukman mbutuhake owah-owahan gedhe, kelahiran secara kasuwargan dadi titah kang anyar.

YOKANAN 3:4-5
4 Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saget lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih? 5 Paring wangsulane Gusti Yesus: Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.

Jawaban Sang Kristus kang nuduhake anggone Nikodhemus orang ngarti bah Allah banget mbingunake dheweke. Dheweke durung tahu krungu gegayutan kelahiran kang kaping pindho. Nalika dheweke krungu bab prekara iku dheweng bingung manwa wong kang wis dewasa kudu mlebu maneh marang kandutane ibune. Tanggapan iki dilandesi marang pengalaman kang dirasake kang nuduhake anggone ora bisa ndeleng luwih adoh. Dheweke ora paham manawa Gusti Allah sang Rama bisa nglahiraken anak akeh lumantar Sang Roh suci kagungane.

Gusti Yesus nresnani Nikodhemus; sakwise nuntun dheweke supaya ngakoni manawa dheweke ora ngerti dalan marang Kratone Allah. Panjenengane negasake kasunyatan karo negasake manawa Panjenengan iku kayekten iku dhewe. Kita kudu pracaya manawa kita ora bakal bisa mlebu ing sajroning Kraton iku tanpa kelahiran maneh, kang dadi syaratsiji-sijine.

Apa to kelahiran maneh iku? Prekara iku gegayutan kelahiran, dudu mung gagasan, lan dudu sawijining prekara kang tukul saka pambudidaya manungsa, awit ora ana wong siji wae kang bisa nglahirake awake dhewe, gusti Allah kang dadi wong tuwa lan kang paring urip. Kelahiran kasukman iki dumadi mung awit sih rahmat wae, dudu mung nganyarake watek-wantu thok, lan uga dudu mung disiplin sosial. Kabeh manungsa wis ala wiwit wiwitan uripe, lan babar pisan ora ana pengarep-arep bakal bisa didandani. Kelahiran kasukman yaiku dalan mlebune uripe Allah marang uripe manungsa.

Kepiye prekara iki bisa dumadi? Gusti Yesus nyethakake marang Nikodhemus, manawa prekara iku ditampa lumantar banyu lan Sang Roh. Banyu iku pralambang gegayutan baptisan lan wadah banyu wisuhan ing pista bujana manten iku. Wong-wong kang dadi perangan saka Prejanjian Lawas ngerti manawa banyu kang diperlokake ing sajroning wisuhan yaiku tanda saka nyuceni dosa. Kaya-kaya ing kana gusti Yesus ngandika, “Kenapa kowe ora lunga marang Yokanan Pembaptis, ngakoni dosa-dosamu lan dibaptis?” Ing perangan liya gusti Yesus ngandika, “Menawa ana wong gelem ndherek Aku, mula wong iku kudu nyingkur awake dhewe, manggul salibe lan ngetut wuri Aku”. Sedulur akonana kaluputan panjenengan, tampanen paukuman Allah atas dosa-dosa panjenengan. Panjenengan wis cemer lan lagi tumuju marang kasirnan.

Gusti Yesus ora mung mandheg nganti baptisan banyu, nanging Panjenengane mbaptis wong-wong kang nggetuni dosa-dosane kanthi Sang Roh Suci kang nyipto kelahiran anyar ing sajroning awake wong-wong kang ajur ati mau. Sakwise disalibe Gusti Yesus kita ngerti manawa panyucen ing sajroning ati kang jero dumadi lumantar Rah Panjenengane. Panyucen mangkene iki pakaryane Sang Roh suci. Nalika manungsa ditarik Sang Roh suci, wong iku kapenuhan urip langgeng lan woh-wohe; wong iku dadi wong kang apik awit dituntun dening gusti Yesus. Owah-owahan iki mbutuhake wektu; padha kaya jabang bayi kang mundak-mundak ing sajroning kandutan lan sebanjure dilahirake. Kaya mangkono uga kelahiran maneh ing antarane wong-wong pracaya.

Gusti Yesus andadekake prekara iki dadi tujuan saka kotbahe, kanthi irah-irahan gegayutan karo Kratoning Allah. Dadi apa ta Krajan iki? Dudu sawijining gerakan politik utawa sawijining teori ekonomi tartamtu, nanging patunggalan saka wong-wong kang wis dilahirake maneh dening Rama, Putra lan Sang Roh suci. Sang Roh berkah iki rawuh marang wong-wong mau nalika wong-wong mau sumarah marang Sang Krsitus, lan ngakoni Panjenengane minangka jejeripun Rajane kang kudu dituruti.

PANDONGA: Gusti Yesus, maturnuwun atas kelahiran malih kula lumantar sih rahmat Paduka kemawon. Paduka sampun mbikak mripat kasukman kula. Kersanipun kawula manunggal wonten ing salebeting katresnan paduka. Paduka bikak mripat manahipun sadherek-sadherek ingkang madosi Paduka kanthi manah ingkgan tulus, supados sadherek-sadherek menika mangertos bab dosa-dosanipun lan ngakeni dosa-dosa menika, dipun enggalaken dening panguwaos Rohsuci Paduka, sumende dhumatneg rah paduka ingkang sampun kinesok, kanthi makaten sadherek-sadherek menika saget mlebet ing patunggalan ingkang langgeng kaliyan Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa bedane antara kamursidane Nikodemus karo tujuan pawarta Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:28 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)