Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 078 (Paul’s List of the Names of the Saints in the Church of Rome)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

4. Dhaftar Paulus babagan asmané para wong-wong pracaya kang ditepangi ing antarané jemaat ing kutha Rum (Rum 16:1-9)


RUM 16:1-9
1 Aku kepéngin nepungaké kowé karo Fébé, sedulur wanita sing leladi ana ing pasamuwan Kèngkréa. 2 Demi patunggilan kita karo Gusti Yésus, sedulur kuwi tampanana ing samesthiné kaya sing padha katindakaké déning umaté Gusti Allah. Fébé mau wènèhana pitulungan apa waé sing dibutuhaké, sebab Fébé dhéwé wis mitulungi wong akèh, klebu aku dhéwé. 3 Aku kirim salam kanggo Priskila lan Akwila, kancaku tunggal gawé ana ing ayahané Gusti Yésus Kristus, 4 kang wis ngetohaké nyawané kanggo mitulungi aku. Ora mung aku dhéwé waé, malah uga sakèhing pasamuwan dudu Yahudi padha kepotangan kabecikan karo wong loro kuwi. 5 Uga salamku marang pasamuwan-pasamuwan sing padha kumpulan ana ing omahé. Salam marang sedulurku Épénétus, sing daktresnani, wong kawitan sing dadi Kristen ing tanah Asia. 6 Salamku marang Maria, sing wis nyambut-gawé akèh kanggo kowé. 7 Salam marang Andronikus lan Yunias, kancaku tunggal bangsa sing mèlu dikunjara bebarengan karo aku; wong loro kuwi padha kajèn ing antarané para rasul, lan enggoné dadi Kristen malah luwih dhisik ketimbang aku. 8 Salamku marang Ampliatus, sing daktresnani ana ing patunggilané Gusti. 9 Uga marang Urbanus, kancaku tunggal ayahan ana ing Sang Kristus. Sarta marang Stakhis, mitraku sing daktresnani.

Wonten ing seratipun, Paulus mitedahaken ngengingi wewaton punika:

Kaping pindhah: Wewatoning iman dhumateng Kristus.
Kaping kalih: Pilihanipun Gusti Allah.
Kaping tiga: Tumindakipun tiyang pitados.

Ing pungkasaning layangipun, Paulus boten namung ngrembag bab wewaton, nanging ugi nyerat tiyang-tiyang ingkang dipun tepangi wonten ing grj punika. Pyambakipun nerangakan bilih tiyang-tiyang punika dados bukti bab kayekten ingkang dipun wulangaken, ingkang sampun nindakaken piwulangipun, lan ingkang nyawisaken piwulang lan rawuhipun Paulus. Paulus sanes tiyang ingkang dereng dipun tepangi ing Rum, nanging pyambakipun miji tiyang-tiyang ingkang dipun tepangi pasamuwan ing ngrika. Tiyang-tiyang punika sampun dipun teguhaken wonten ing Sang Kristus, lan sampun sami dados séla-séla gesang ing padalemanipun Roh Suci wonten ing kitha Rum nalika semanten.

Ingkang elok inggih punika. bilih Paulus nyebat asma wanita -inggih punika. Febe- in antawisipun tiyang-tiyang suci ingkang dipun sebat, Febe kasebat “sedulur kita.” Febe punika wanita Kristen ingkang masrahaken gesangipun kangge lelados wonten ing grj, kangge tiyang-tiyang miskin, sakit lan tiyang-tiyang neneka. Pyambakipun lelados ing kantor grj ing Kengkrea, kitha pelabuhan sisih wetanipun Korintus ing Yunani. Ketingalipun Febe tiyang ingkang mumpuni ing babagan hukum, saged mberesi urusan bea. Pyambakipun mitulungi Paulus lan para sekabatipun wonten ing lelampahan, lan mbkmenawi ugi nyawisaken pitulungan kagem Paulus ing Rum, menawi pyambakipun ngade pakewed. Paulus nyuwun tiyang-tiyang Kristen ing Rum supados mitulungi Febe ing samukawis prekawis. Mbokmenawi Febe punika ingkang nyaosaken layangipun Paulus dhumateng pasamuwan Rum. Febe nggadhahi kapribaden sae, lan wanita kristen ingkang kondang ing Timur Tengah.

Selajengipun Paulus nyebat Priskila lan Akwila, garwanipun. Tiyang kekalih punika sampun ngaturi inepan dhumateng Paulus lan nawani pedamelan minangka sarana nyekapi kabetahan pribadinipun ing Efesus (Lak. Pr. Rasul 18:2-26), ing papan Paulus nerangaken Injil dhumateng Apolos, satunggaling juru kotbah ingkang sae sanget. Tiyang kekalih punika mbudidaya njagi kasugenganipun Paulus, ngantos wantun ngurbanaken diri. Pramila tiyang-tiyang pitados ing Asia Alit sami atur panuwun dhumateng Priskila lan Akwila punika. Mbokmenawi tiyang kekalih punika asring tindak Rum, lan nyawisaken papan ing griyanipun kagem pasamuwan makempal lan mangibadah. Paulus ugi ngintunaken salam kagem tiyang-tiyang kristen ingkang ngibadah ing griyanipun Priskila lan Akwila ingkang dados seksi piwulangipun bab kanugrahanipun Allah.

Epenetus dipun kintuni salam minangka tiyang ingkang dipun tresnani dening Paulus. Pyambakipun tiyang wiwitan ingkang mratobat lan nderek pitados dhumateng Sang Kristus ing Asia. Pyambakipun lajeng tindak dhumateng Rum.

Paulus ugi nyebat Maria, ingkang sampun sengkut makarya ing pasamuwan Rum kanthi setia, lan mbokmenawi sampun mitulungi Pauus lan palados sanesipun ing Yunani lan Anatolia. Paulus nyekseni paladosanipun Maria ingkang tulus lan ajeg kagem para penderekipun Sang Kristus.

Paulus nyerat bab Andronikus lan Yunias, tiyang-tiyang Kristen Yahudi saking Suku Benyamin, kados dene Paulus, ingkang nalika semanten manggen wonten ing Rum lan dados seksi bab leresipun Paulus minangka tedhak turunipun Yakub. Tiyang kekalih punika nate dipun kunjara sesarengan kaliyan Paulus lan ugi nandang sangsara wonten ing Sang Kristus. Tiyang kekalih punika sampun nderek Sang Kristus saderengipun Palus, lan sanget dipun ajeni dening tiyang-tiyang Kristen wiwitan wonten ing greja Yerusalem, lan dipun ajeni minangka sakabatipun para rasul.

Selajengipun Paulus nyebat 3 nami ingkang dereng dipun tepangi, inggih punika Ampliatus, Urbanus lan Stakhis. Ampliatus lan Stakhis punika satunggaling abdi/ budak. Paulus nyebataken bilih tiyang-tiyang punika dipun tresnani dening Gusti. Dene Urbanus, satunggaling abdi ingkang kinurmatan, ingkang sampun dangu makarya sesarengan kaliyan Paulus lan dados pitulungipun wonten ing Sang Kristus. Urbanus sampun dipun tepangi ing pasamuwan Rum.

Ingkang wigatos inggih punika. bilih pasamuwan Rum nggadhahi warga ingkang tiyang-tiyang merdika lan para budhak, ingkang sesarengan mbangun patunggilan rohani wonten ing Sang Kristus. punika nedahaken bilih Roh Suci boten nganggep wigatos prekawis-prekawis ingkang gegayutan kaliyan ras lan sosial. Boten mbenten-mbentenaken wanita lan kakung, tiyang merdika lan budhak, tiyang sugih lan miskin, tiyang Yahudi lan sanes Yahudi, awit sadayanipun sadrajat wontening patunggilan rohaninipun Sang Kristus.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula amemuji asma Paduka amargi Paduka sampun neguhaken, lumantar Gusti Yesus Kristus lan tuntunan saking Rama Kaswargan, gréja ingkang wonten ing kitha Rum. Kawula ugi asukarena amargi ing antawisipun jemaat Putra Paduka punika wonten ingkang tiyang mardhika lan ugi para budhak, jaler lan estri, tiyang sugih lan tiyang miskin, tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang sanés Yahudi, nanging sedaya samya manunggil dados pasamuwan rohani ingkang binerkahan.

PITAKON:

  1. Apa kang bisa kita sinaoni saka jenengé para anggota jemaat ing kutha Rum?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 10:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)