Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 077 (Paul’s Expectations in his Journeys)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

3. Pangarep-arepé Paulus ana ing lelakoning peladosané (Rum 15:22-33)


RUM 15:22-33
22 Iya merga sing mengkono mau, aku tansah kepalang enggonku nekani kowé. 23 Nanging saiki pegawéanku ing wilayah kéné wis rampung, lan sarèhné wis pirang-pirang taun enggonku kepéngin niliki kowé, 24 panyuwunku muga-muga bisa kelakon. Yèn aku lelungan menyang Spanyol, aku kepéngin mampir mrono niliki kowé. Sawisé mampir sawetara lawasé ana ing kutha Rum, aku kepéngin kokbantu supaya bisa nerusaké lakuku menyang Spanyol. 25 Saiki aku lagi lelungan menyang kutha Yérusalèm, ngladosi umaté Gusti Allah sing ana ing kono. 26 Sebab pasamuwan-pasamuwan ing tanah Makédonia lan tanah Yunani wis gawé putusan metu saka lilaning atiné, ngirimaké sumbangan kanggo para umaté Gusti Allah ing kutha Yérusalèm, sing padha kesrakat. 27 Putusan kuwi metu saka karepé wong-wong mau dhéwé, lan pancèn sanyatané, wong-wong kuwi padha duwé kuwajiban mbiyantu sedulur-sedulur sing miskin. Wong Yahudi wis padha ngedum-edumaké bandhané kasukman ana ing antarané bangsa dudu Yahudi, mula wis samesthiné, yèn bangsa dudu Yahudi mau genti padha mbiyantu wong-wong Yahudi nganggo bandhané kadonyan. 28 Yèn tugasku iki wis rampung, yakuwi yèn aku wis masrahaké dhuwit mau kabèh, sing dikumpulaké kanggo wong-wong miskin ing kutha Yérusalèm, aku bakal mangkat menyang tanah Spanyol, lan mampir niliki kowé ana ing kutha Rum. 29 Aku yakin, yèn satekaku ana ing antaramu, bakal nggawa berkahé Sang Kristus sakatogé. 30 Para sedulur! Krana asmané Gusti Yésus Kristus, lan krana sih-katresnan peparingé Sang Roh Suci, kowé dakjaluk padha bebarengan ndedonga kalayan tumemen karo aku, nyuwun marang Gusti Allah, supaya aku kaparingana keslametan. 31 Aku padha dongakna supaya aku kauwalaké saka panguya-uyané para wong sing ora precaya ana ing tanah Yudéa, lan supaya enggonku nglakoni ayahan ditampa becik déning umaté Gusti Allah, sing ana ing kutha Yérusalèm. 32 Srana mengkono, yèn diparengaké déning Gusti Allah, aku bisa nekani kowé klawan ati kang bungah, temah enggonku niliki kowé mau gawé segeré atiku lan atimu. 33 Muga-muga Gusti Allah, etuking katentreman, nunggil karo kowé. Amin.

Manusa mikir lan Allah nuntun. Paulus pikiranipun manusa dhumateng lelampahan ing manahipun, nedahaken kapangipun, lan ndedonga kagem prekawis punika. Pyambakipun kotbah ing kathah nagari sisih wetan lan leripun Mediteranian, lan pyambakipun ngadegaken sawatawis greja, nadyan wonten panganiaya bengis ingkang dipun adhepi. Samangke pyambakipun kepengin mawartosaken dhumateng sisih kilen negari Rum, dhumateng tlatah Eropa sisih ler ingkang asrep, kange nelukaken saindenging donya dhumateng ngarsanipun Putraning Allah.

Paulus ngakeni bilih pyambakipun sampun kaping sawatawis mbudidaya nuweni pasamuwan ing Rum kangge neguhaken iman, katresnan lan pangajeng-ajengipun warga, nanging pakewed lan kawontenan ing Asia Alit lan Yunani nyuda pangajeng-ajeng lan pikajengipun nindakaken patuwen punika.

Sawatawis taun saderengipun pyambakipun sampun netepaken rancangan kangge nuweni Rum saperlu pitepangan kaliyan pasamuwan ing ngrika, ingkang tuwuh tanpa lelabuhanipun Paulus, lan nyantosakaken warga Rum. Ing lelampahanipun dhumateng Spanyol, pyambakipun ngajeng-ajeng saged mampir ing ngrika sawatawis wegdal kangge nuweni sawatawis pasamuwan ingkang wonten ing ngrika. Pyambakipun ngajeng-ajeng pasamuwan Rum bade nyengkuyung paladosanipun ingkang enggal ing Spanyol, lan nunggil kaliyan pyambakipun ing pandonga, pambiyantu lan pranata supados pawartos ing ngrika ing tembe boten dados kamongkoganipun pribadi kemawon, nanging saking pambiyantunipun tiyang-tiyang suci ing Rum. Paulus rumaos kedah nindakaken lelampahan dhumateng Yerusalem langkung rumiyin kangge ngaturaken sumbangan saking pasamuwan-pasamuwan ing Yunani dhumateng tiyang-tiyang miskin ing pasamuwan ingkang wiwitan, ingkang sampun nyade bandha donyanipun kangge paladosan dhumateng Sang Kristus, temah sami ngalami kaluwen. Pyambakipun mulang dhumateng tiyang-tiyang pitados ing gréja-gréja enggal ing Anatolia lan Yunani, supados ndedonya kanthi iman lan tumemen sarta tekun. Pyambakipun mulang supados sami sregep nindakaken padamelanipun, supados sampun ndamel panganti-anti dhumateng rawuhipun Sang Kristus dados alesan boten nyambut damel. Paulus nyerat layang dhumateng pasamuwan ing Tesalonika bilih “sing sapa ora gelem nyambut gawe, aja mangan” (2 Tes. 3:10). Kamiskinanipun tiyang-tiyang pitados ing Yerusalem mbetahken sumbanganipun, ingkang dados buktining iman ingkang nyata saking tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi, ingkang sampun siyaga nindakaken paladosan sosial.

Paulus mulang bilih tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi perlu sanget mitulungi tiyang-tiyang Kristen Yahudi awit sampun sami lelabuh dhumateng gréja-gréja wiwitan ing Yerusalem, ingkang sampun andum kanugrahan rohani lan kawruh dhumateng sadaya tiyang. Awit saking punika, Paulus nyerat bilih tiyang-tiyang ingkang sampun kalairaken malih ing gréja-gréja enggal sanes Yahudi wajib mbiyantu tiyang-tiyang miskin lan suci ing Yerusalem nyekapi kabetahaning jasmaninipun. Mitulungi tiyang-tiyang ingkang mbetahaken dados jejibahan lan kuwajiban suci.

Sasampunipun mbekta sumbangan dhumateng Yerusalem, Paulus kepengin indakaken lelampahan dhumateng Spanyol nglakungi Rum kangge mbekta berkah rohani saking Sang Kristus dhumateng tiyang-tiyang ing ngrika. Pyambakipun rumaos bilih lelampahan dhumateng Yerusalem dados masalah ingkang wigatos, awit pyambakipun manggen ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang ngugemi angger-anggeripun nabi Musa, lan nganggep satunggaling masalah bilih Sang Kristus nglempakaken tiyang-tiyang pitados sanes Yahudi. Tiyang-tiyang Kristen Yahudi meh kemawon nampik sumbanganipun tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi. Lan malih, para ahli Toret lan tiyang-tiyang Farisi sami nglawan Paulus lan kepengin mejahi pyambakipun. Pramila, Paulus nyuwun pandonganipun tiyang-tiyang Kristen Rum kangge kawilujenganipun, lan nyengkuyung paprangan rohani njejegaken kayekten bilih manusa kaleresaken dening sih rahmat, sanes dening angger-anggering Toret. Nadyan sampun nyuurupu bebaya ing Yerusalem, Paulus lajeng kemawon tindak dhumateng kitha punika, kados dene ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus saderngipun. Ing ngrika Gusti Yesus seda lan wungu kangge karahayon kita; apesipun Sang Kristus dados kamenanganipun.

Paulus nyekak sadaya rancangan lan pangajeng-ajengipun kanthi ngendika bilih dening karsanipun Allah pyambakipun mbokmenawi saged nuweni tiyang-tiyang pitados ing Rum kanthi kabingahan. Pyambakipun nutup layangipun kanthi pandonga dhumateng Allah murih tentrem rahayu nunggil dhumateng sadayanipun.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngraosaken hak istimewa kawula lumantar Putra Paduka, ngantos kawula saged ngucapaken panuwun dhumateng Paduka amargi peladosanipun Rasul Paulus ingkang tansah setya anggénipun martakaken Injil dhumateng sedaya manungsa, lan kersa badhé narik tiyang-tiyang sanés bangsa Yahudi dhumateng Paduka, senajan Paulus malah banjur kabilut kinunjara wonten ing kitha Rum sarta ngadhepi dipun anggep asor lan dipun paido. Kawula sanget ngaturaken panuwun amargi saking serat, pandonga, iman, sarta pangajeng-ajengipun. Mugi Gusti tulungana kawula supados boten namung mikiraken dhiri kawula piyambak, nanging tansah ndhérék tuntunan katresnan Paduka dhumateng kawula.

PITAKON:

  1. Apa sebabé Paulus, sakdurungé budhak menyang Spanyol, kepéngin njujug menyang Yerusalem, senajan dhéwéké pirsa menawa akéh masalah kang kudu diadhepi ing kutha iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 10:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)