Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 038 (The Law Prompts the Sinner to Sin)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

4. Angger-angger Torét nyurung wong-wong dosa supaya padha nglakoni dosa (Rum 7:7-13)


RUM 7:8
7 Yen mangkono apa sing arep kita gunem? Angger-anggering Toret iku apa dosa? Babar pisan ora! Malah marga saka angger-anggering Toret iku aku nyumurupi dosa. Aku mangsa ngretia bab kamelikan yen angger-anggering Toret ora dhawuh: “Sira aja melik!” 8 Nanging marga saka pepakon mau, dosa oleh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamelikan ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Toret, dosa iku mati.

Paulus mireng ing salebeting rohipun kawrataning para mengsahipun ingkang sami mungel: “Menawi panjenengan mulangaken bab kamardikan saking wahyu ingkang suci lan luhur, menapa panjenengan nganggep angger-anggering Toret punika ringkih utawi lepat?” Miturut Sang Rasul, cekakipun sadaya pamanggihipun tiyang-tiyang punika nganggep menapa angger-anggering Toret punika dosa? Paulus mangsuli, “Sampun nganggep mekaten, awit mokal bilih pepaken saking Allah punika awon, karana pepaken punika nedahaken dhateng kita margi ingkang tumuju dhumateng pigesangan.”

Tembung ingkang kapratelakaken dados “Kosok baline” saged kapratelakaken dados “Nanging”, lajeng katrangan punika saged langkung nandhesaken pitembunganipun “Aku nampik yen angger-anggering Toret iku dosa. Piwulangku ora bakal tumuju mangkono; lan aku ora kandha yen angger-anggering Toret iku ala. Aku nampik sawutuhe panutuh iku; NANGING mangertia bab iki, aku isih yakin yen bab iku nduweni sawab tumrap kahananing dosa.” Tanpa angger-anggering Toret kita badhe gesang tanpa mangertos wontenipun dosa, kados dene satunggaling bocah kang tanpa sadar nedha woh-wohan saking kebon tangginipun. Dosa katingal endah lan nyenengaken ing wiwitanipun, lah punika awoning dosa, ngantos kita nganggep punapa kang awon lan bengis punika minangka prekawis ingkang limrah lan malah prekawis kang sae, dene kang sae katingal kados satunggaling prekawis kang aneh lan mbebayani.

RUM 7:9-11
9 Ing maune aku iki urip tanpa angger-anggering Toret, nanging satekane pepakon mau, dosa wiwit urip, 10 balik aku mati. Sarta pepakon kang mesthine nuntun marang urip, nanging tumraping aku malah dadi jalaraning pati. 11 Awit saka ananing pepakon iku, dosa oleh jalaran nasarake aku, lan marga saka pepakon iku mau si dosa mateni aku.

Ing pundi kita netepaken satunggaling pranatan, ing ngriku kita njalari wontenipun panerak ing manahipun manusa; lan pepenginan kangge nerak saya dangu saya ageng. Paulus nyebut dirinipun pyambak wiwit ing ayat 7 srana ngagem tembung “aku”, karana pyambakipun ngalami pyambak bilih manusa tanpa mangertos bab pranatan, nganggep bilih dirinipun sae sanget, aman sanget lan yakin dhumateng kasaenanipun pyambak, kados-kados pyambakipun boten dosa, lan piawon sampun pejah ing badanipun. Nanging sareng pepakenipun Allah kaparingaken dhumateng gesangipun, pyambakipun dados sadar lan ngrumaosi dosa-dosanipun, lan mireng prentah ing lebeting penggalihipun kangge nglawan dosa lan pejah tumrap dosa, karana pepaken punika seranganipun Allah tumrap ego utawi nepsuning manusa, karana sejatosipun kita sanget dipun kwasani dening pepenginan lan raos tansah kepengin sumurup. Saben pepanggihan kaliyan sabda lan prentah-prentah ateges kita pejah tumrap diri kita pyambak.

Sepisan malih Paulus nerangaken bilih boten wonten margining pangluwaran kagem kanisthan kita kajawi pejah tumrap diri kita pyambak. Pejahing karohanen punika nedahaken kayekten ingkang aneh bilih pepaken nedahaken margi supados kita saged gesang, nanging mbekta kita dhumateng pepejah. Lan malih, bab punika mbekta kita dhumateng watak selak lan dhumateng paukumanipun Allah dhumateng kita wonten ing pepejah lan tumpesing gesang kita.

Paulus njlentrehaken bilih dosa ketingal kados gendhis (gula) ing wiwitanipun, nanging bab punika mbekta dhumateng panerak dhumateng kasucenipun Allah lan angger-anggering kayektenipun. Nadyan ngagem ageman kang endah, nanging dosa mbekta njluntrung dhumateng naraka. Punika doranipun Iblis, lan lamisipun kang pancen memejahi wiwit wiwitanipun. Srana pitembungan kang manis lan sadaya umba rampe kang kebak dora (apus-apus) Iblis ngundang kita njluntrung dhumateng telenging pati, inggih punika naraka.

RUM 7:12-13
12 Dadi angger-anggering Toret iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lan becik. 13 Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.

Paulus, minangka ahli Toret lan tilasing tiyang Farisi, ngadeg kanthi gemeter ing ngarsaning kayekten bilih maujuding kasucenipun Allah wonten ing Prajanjian Lami boten mbekta kasaenan tumrap manusa, nanging malah mangkotaken manahipun lan nyurung tumindak dosa. Bab punika dumados karana pepaken nuwuhaken panerak, lan menapa kang kawiwitan minangka kasaenan lan kasucen mbekta dhumateng pepejah. Paulus nguwuh-uwuh: “Ora. Iku panemu kang luput. Kabecikan nuduhake apa kang ala, lan nyurung wong-wong dosa ngupaya usada lan mbudidaya bisa kaslametake.” Pramila saking punika. Allah asring ngidini manusa dhawah ing dosa; kangge tumindak selaras kaliyan jejering kamanungsanipun, temah sami saged ningali pyambak lan dados waspada karana temahaning piawonipun pyambak.

PANDONGA: Dhuh Gusti, wonten ing kasucén dalah kasampurnan Paduka sedaya rereged lan tumindak ala kawula dados ketingal. Kawula nyuwun pangapunten tumrap lamising kesaléhan kawula, mugi Gusti uwali sedaya topéng saking rai kawula saéngga kawula saged mirsani dalah ngakéni menawi boten wonten cara sanésipun supados kawula kaslametaken kejawi kanthi nampi séda Paduka wonten in kajeng salib, lan tansah setya dhumateng Paduka nganto selaminipun, amarga angger-angger Paduka ingkang ngadili kawula dalah ingkang nyethakaken sedaya rereged wonten ing gesang kawula ingkan boten kuwaos nulak godhaan dosa. Dhuh Gusti, kawula sumujud ing ngarsa Paduka nyenyuwun supados Paduka nyarasaken kawula, nyalemetaken kawula, dalah ngopéni kawula supados tansah pejah dhumateng kajeng lan nepsu kawula piyambak saéngga kawula saged tansah gesang sesarengan klayan Paduka.

PITAKON:

  1. Apa sebabé angger-angger Torét kang sejatine apik kanggo kita, malah dadi alesan kanggo penggawé jahat kanugrahan ndadékaké pati?

'Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Panjenengan welasi.'
(Lukas 18:13)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 01:51 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)