Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 039 (Man without Christ always Fails before Sin)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

5. Manungsa tanpa sang Kristus tansah kalah tumraping dosa (Rum 7:14-25)


RUM 7:14-25
14 Kita ngerti yèn Torèt kuwi asalé saka Gusti Allah lan sipat kasukman, nanging aku iki sipat kedagingan, lan dadi budhaké si dosa. 15 Aku dhéwé ora ngerti apa sing daklakoni. Aku ora nglakoni apa sing dakpéngini, malah aku nglakoni apa sing daksengiti. 16 Menawa aku nglakoni apa sing satemené ora dakkarepaké, kuwi mbuktèkaké yèn aku ngakoni menawa Angger-anggering Torèt kuwi bener. 17 Yèn mengkono, satemené dudu aku sing nglakoni kuwi mau, nanging si dosa sing ana ing aku. 18 Aku ngakoni, yèn aku iki manungsa, ora kadunungan apa-apa sing becik. Senajan aku kepéngin nindakaké sing becik, nanging aku ora bisa nglakoni. 19 Mulané aku ora nglakoni kabecikan sing dakkarepaké mau, malah kosokbaliné, aku nglakoni prekara-prekara sing ala, sing ora dakkarepaké. 20 Yèn aku nglakoni prekara-prekara sing ora dakkarepaké, kuwi ateges, dudu aku dhéwé sing nglakoni prekara-prekara mau, nanging si dosa sing ngerèh marang awakku. 21 Srana mengkono aku banjur nemu wewaton mengkéné: Samasa aku arep nglakoni sing becik, jebul nyatané sing daklakoni mung sing ala waé. 22 Ing batin aku ngèstokaké angger-anggeré Gusti Allah, 23 nanging aku ngerti, yèn ing sajroning badanku uga ana angger-angger liya, sing nglawan marang angger-angger mau, sing dianut déning budiku. Angger-angger liya kuwi sing marakaké aku dierèh déning si dosa, sing ngwasani awakku. 24 Wong cilaka temenan aku iki. Sapa sing arep ngluwari aku saka badanku, sing marakaké aku mati 25 Pinujia Gusti Allah lantaran Gusti Yésus Kristus, kang kersa ngluwari aku, awit satemené mengkéné: 26 Srana budiku, aku nglakoni angger-anggeré Gusti Allah, nanging srana badanku kamanungsan, aku nglakoni angger-anggeré si dosa.

Paulus nedahaken dhumateng kita kados pundi manusa kadonyan gesang tanpa Sang Kristus ing salebeting raos ajrih karana angger-anggering Toret. Pyambakipun boten njlentrehaken bab punika, nanging mbikak manusa kadonyan lumantar pangaken pribadi ingkang wigati sanget. Roh Suci sampun ndamel manahing karasulanipun Paulus dados alus, temah pyambakipun rumaos bilih wates kang misahaken pyambakipun kaliyan Allah dados satunggaling pepejah.

Paulus ngendika, “Aku asipat daging, samangsa aku nyawang marang kabisanku dhewe.” Saben tiyang punika asipat daging, karana pyambakipun sampun kecalan kamulyanipun Allah kang sampun kaparingaken. Sadaya manusa sampun damel dosa lan kecalan kamulyanipun Allah. Sadaya sami dados nistha, lan roh saking angger-anggering Toret ngukum manusa ing salebeting ati nuraninipun awit kasombonganipun anggenipun awatak mentingaken diri pribadi. Tiyang-tiyang suci sacara mirunggan kecalan pangajeng-ajeng dhumateng sabdanipun Allah, karana sami mireng dhawuh “Kowe kudu suci amarga Ingsun suci!” utawi dados mupus amargi prentahipun Gusti Yesus “Kowe dadia sampurna, kaya dene Ramamu kang ana ing swarga iku sampurna.” Paulus ngakeni ksangsaraning batin wonten ing gesangipun manusa kadonyan kang boten saged netepi karsanipun Allah kanthi kakiyatanipun pyambak. Saiba nggegirisi kangge ngakeni karingkihaning pangwasanipun manusa.

Ewasamanten, wonten pepenginan ageng ing salebeting manahipun sadaya manusa kangge nindakaken kasaenan, lan kangge gesang ing salebeting kasucen. Nadyan tiyang-tiyang ingkang paling asor ugi nggadhahi pepenginan makaten. Pramila saking punika, kita sampun ngantos namung wicanten ngengingi dosa lan pangwasanipun, lan ugi kita boten pareng sombong dhumateng tiyang-tiyang sanes, nanging penting sanget kangge mangertos saranduning pepakenipun Allah ing penggalihing sadaya tiyang, karana boten wonten tiyang satunggal kemawon kang awon sanget ngantos boten purun babar pisan nindakaken menapa kang sae. Saestu eman bilih tiyang kang mbudidaya mangsuli pepenginan ingkang mekaten punika tansah ngalami gagal, lan nindakaken prekawis kang cengkah kaliyan pepenginanipun kang sae. Punika aneh menggahing manusa. Pyambakipun dados mengsah tumrap dirinipun pyambak. Pyambakipun nyelaki pikajengipun pyambak kang sae, lan nglawan swantening ati nuraninipun pyambak. Dosa wonten gesang kita langkung rosa kabandhing kaliyan pikiran kita, lan pepakenipun Allah ngereh sadaya manusa nadyan manusa nggadhahi pikajeng kang sae.

Kenging menapa kita boten saged gesang ing salebeting kasucen, lan gesang wonten ing sih katresnanipun Allah? Karana tanoa Allah, manusa dipun kwasani dening dosa. Sinten kemawon kang nindakaken dosa dados budhaking dosa. Wewengan nindakaken dosa ugi wonten ing gesangipun tiyang-tiyang pitados menawi boten dipun rimati dening Sang Kristus. kita boten nggadhahi kakiyatan ageng kangge nindakaken karsanipun Allah. Kawontenan kang mekaten punika mratelakaken pangaken bab risaking manusa. Paulus pyambak ngakeni kayektosan punika kanthi ngandika “Aku ngerti yen ing jroning awakku selaku manusa, ora ana prakara kang apik... sabab dudu apa kang dak karepake, yaiku kang becik, kang dak lakoni, nanging apa kang ora dak karepake, yaiku kang ala, kang dak lakoni.” Menapa panjenengan ngakeni kasunyatan punika sesarengan kaliyan Paulus, lan nampi kasunyatan bilih panjenengan punika tiyang awon? Menapa panjenengan kersa masrahaken diri panjenengan kang sampun risak punika dhumateng kanugrahan saking Hakim kang langgeng punika?

Sang Rasul nyebataken bilih sadaya manusa punika budhaking dosa, karana rehing dosa sampun ngrembakaken satunggaling wewaton, kang kasebat minangka wewatoning dosa. Anggen kita kabanda dhumateng piawon sampun dados satunggaling wewaton, lan rante punika karaos nyakitaken tumrap kita, karana pikiran kita sumerep dhumateng kuwajiban kita, lan kepengin nindakaken sadayanipun, nanging kita boten saged nindakaken. Punika kang njalari mupus lan semplah, awit diri panjenengan mbudidaya medhot rante pakunjaran punika, nanging boten saged medal saking ngriku. kita sadaya dados bebandan kita pyambak. Nanging Sang Kristus nimbali panjenengan ing wekdal punika dhumateng kasampurnanipun Allah. Menapa panjenengan ningali wonten ing kapribaden rangkep wonten ing saben tiyang? Pyambakipun purun nindakaken kang sae, nanging pyambakipun boten saged nindakaken.

Menapa wonten pitulungan? Paulus nuntun kita mlebet saya lebet supados saya mangertos kanisthan kita, inggih punika ing satunggaling kawontenan dene kawilujengan boten saged kapanggihaken saking tuking kayekten diri pribadi, kasucening diri, kasagedanipun pyambak utawi saking angger-anggering Toret pyambak. Menapa paseksinipun Sang Rasul sampun ngluwari panjenengan saking iman tata lair kang panjenengan gadhahi, lan ndamel panjenengan boten yakin tumrap sadaya kasaenanipun manusa? Para guru sami dora, lan para winasis jebul ugi bodho menawi boten nggadhahi kawicaksanan ingkang saking Roh Suci. Tiyang-tiyang punika sami boten nyumurupi dhumateng winatesing dirinipun. Rahayu tiyang -kg ing ngarsaning kasucenipun Allah- ngrumaosi bilih dirinipun punika tiyang kang boten leres, dosa, lan badhe tumpes. Rayahu tiyang kang sampun nyumurupi awrating paukuman saking angger-anggering Toret tumrap tiyang-tiyang kang dados budhakipun, lan rahayu tiyang kang sampun uwal saking kumrengsengin raos ngendelaken kaleresanipun manusa, kang boten pitados dhumateng “kehebatan” ipun manusa, sarta kang namung pitados dhumateng Sang Kristus kemawon.

Puji Gusti! Awit Gusti Yesus Kristus ingkang mimpang. Tanpa Panjenenganipun kita ketriwal lan dados tiyang-tiyang kang ngapusi diri pribadi kados dene tiyang-tiyang sanes. Panjenenganipun sampun maringaken dhumateng kita kayekten lan pangwaos kang enggal. Rohipun kang Suci maringaken dhumateng kita pigesangan lan panglipuran dhumateng kita, maringaken dhumateng kita pangajeng-ajeng kang pinesthi wonten ing Sang Juruwilujeng.

PANDONGA: Dhuh Rama kang suci, kawula manembah dhumateng padk sarta mulyakaken asma Paduka amarga Paduka boten naté nilar kawula nglokro, nanging sampun ngutus Putra Paduka Yesus Kristus, Juruwilujeng lan Penebus kawula sedaya. Lumantar bebeneripun Panjenenganipun, Roh Suci sampun rawuh wonten ing gesang kawula. Kawula mbukak pikiran kawula dhumateng Paduka supados sang Kristus saged mbikak sedaya dosa-dosa kawula lan nyucékaken kawula saéngga kawula saged nindakaken menapa ingkang suci, sesarengan klayan sedaya tiyang pitados wonten ing negara kawula lan ugi ing saindering jagad menika.

PITAKON:

  1. Apa pengakoné Paulus ngenani uripé, lan apa tegesé pangakon iku kanggo kita?

Aku ngakoni, yèn aku iki manungsa, ora kadunungan apa-apa sing becik.
Senajan aku kepéngin nindakaké sing becik,
nanging aku ora bisa nglakoni.

Mulané aku ora nglakoni kabecikan sing dakkarepaké mau, malah kosokbaliné,
aku nglakoni prekara-prekara sing ala, sing ora dakkarepaké

(Rum 7:18-19)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:07 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)