Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 037 (Deliverance to the Service of Christ)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

3. Kamardhikan saking dosa ndadosaken kita saged ngladosi sang Kristus (Rum 7:1-6)


RUM 7:1-6
1 Para sedulur mesthiné kowé padha ngerti marang undhang-undhang lan pangwasané undhang-undhang kuwi mung sajroné wong mau isih urip. 2 Kaya upamané wong wadon sing duwé bojo, kuwi olèhé kecencang karo bojoné srana undhang-undhang mung selawasé sing lanang isih urip. Nanging samasa sing lanang wis mati, sing wadon wis ora kecencang karo bojoné. 3 Yèn wong wadon mau nalika sing lanang isih urip, urip bebarengan karo wong lanang liya, wong wadon mau diarani laku bédhang. Nanging yèn sing lanang wis mati, manut undhang-undhang wong wadon kuwi bébas, lan saupama kawin menèh karo wong lanang liya, ora kena diarani laku bédhang. 4 Mengkono uga tumrap kowé, para sedulurku. Kowé wis padha mati mungguhing Torèt, jalaran kowé wis padha ditunggilaké karo sarirané Sang Kristus. Saiki kowé wis dadi kagungané Gusti Yésus, sing wis kawungokaké saka ing séda, supaya urip kita ana paédahé kagem Gusti Allah. 5 Sebab biyèn nalika kita isih padha urip manut karep kita dhéwé, hawa-nepsuning dosa sing merga déning Torèt masésani badan kita, lan nekakaké pati. 6 Nanging saiki kita wis bébas saka pamengkuné Torèt, sebab kita wis padha mati mungguhing Torèt, sing biyèn nancang kita. Kita wis ora padha ngabekti manut cara sing lawas, yakuwi manut angger-angger sing wujud tulisan; nanging saiki kita padha ngabekti nganggo cara anyar, manut panuntuné Sang Roh Suci.

Paulus ngajeng-ajeng bilih tiyang-tiyang Kristen Yahudi badhe nampi piwulangipun gegayutan kaliyan pejahing roral kasusilanipun, lan bab wungunipun wonten ing Sang Kristus minangka tiyang-tiyang pitados. Nanging Paulus ugi mangertos bilih pyambakipun kedah paring wangsulan ingkang cetha bab dununging angger-angger Toret, awit tiyang-tiyang punika nganggep bilih Toret punika wahyuning Allah, punjering sadaya wahyu, lan kapenuhaning sadaya prekawis ilahi ingkang kaparingaken dhumateng Musa.

Paulus nyerat dhumateng tiyang-tiyang punika: Kowe kang ngerti lan nresnani angger-anggering Toret, cinancang dening Toret kaya dene wong lanang lan wadon kang cinancang ing angger-anggering jejodhohan. Lan kaya dene pedhoting tali jejodhohan samangsa bojone mati, mangkono uga kowe bebas saka angger-anggering Toret, marga kowe wis mati ana ing sedaning Sang Kristus. Sarirane kang kakubur iku dadi badanmu, mula pati wis ora ngereh kowe. Nanging Sang Kristus wungu saka ing seda, temah kowe saiki bebas milih Kang Ngereh panguripan iku lan akarya prajanjian anyar karo Putraning Allah.”

Prajanjian ingkang lami punika prajanjianing pati tumrap pangadilan ingkang pungkasan dhedhasar angger-anggering Toret. Samangke sareng panjenengan lumebet ing patunggilan langgeng kaliyan Ingkang ngereh panguripan punika, woh-wohing Roh tuwuh gembel ing gesang panjenengan, inggih punika: katresnan, kabungahan, tentrem rahayu, kasabaran, kabecikan, loma, kasetyan, alusing budi lan ngendhaleni awake dewe, lan ugi watak-watak saking Gusti Yesus, inggih punika panuwun sokur, kabeneran, kasucen lan kacukupan.

Allah ngersakaken wontening woh-wohing Putranipun wonten pigesangan panjenengan, karana Sang Kristus seda, wungu lan ngesokaken Rohipun dhumateng sadaya manusa supados manusa saged ngasilaken woh-wohipun. Kados dene para among tani makarya kanthi sengkut lan ngajeng-ajeng wohipun, mekaten ugi Allah kagungan wenang tumrap gesang panjenengan.

Saderengipun Sang Kristus, manusa kaanggep abdining angger-angger Toret, ngantos sadaya hawa nepsunipun kasirnakaken, karana pangwasaning dosa nyurung kita nindakaken piawon. Angger-anggering Toret ndamel kita saya kathah nindakaken woh-wohing pati. Punika boten namung mbekta kita dhumateng panerak, nanging ugi ngukum kita tanpa welas asih.

Nanging wonten ing Sang Kristus kita pejah tumrap sadaya tuntutanipun Toret, karana Sang Kristus kanthi sampurna netepi angger-anggering Toret lumantar sedanipun. Karana kita pejah tumrap diri kita pyambak lumantar iman kita dhumateng Panjenenganipun ingkang sinalib, kita nganggep diri kita pejah lan uwal saking sadaya wahyu ingkang lami.

Wonten ing prajanjian ingkang enggal, ingkang dhedhasar wahyu ingkang langkung sae temah kita boten kesandhung malih dhumateng angger-anggering Toret, nanging saged ngladosi Allah wonten ing pangwasaning Roh Sucinipun. Pigesangan kita boten dipun kupengi malih dening tali ingkang ngancam kita, nanging kita sampun kagesangaken malih karana timbalan katresnan dhumateng pigesangan kang kebak kabingahan wonten ing rehing tentrem rahayu saking Allah. Roh prajanjian ingkang enggal boten badhe dados sepuh utawi lalu yuswa, karana pnajenenganipun punika Allah ingkang wonten winates. Panjenenganipun kagungan pangwasa ingkang boten winates ing bab kawicaksanan, kasaenan, kamirahan lan pangajeng-ajeng. Pramila saking punika, kapasrahna gesang panjenengan sawetahipun dumateng pimpinaning Rohipun Allah wonten ing Injil, temah gesang panjenengan saged pikantuk kasugihan rohani lan pangwasanipun Allah, saha tuwuh wonten ing andhap asor lan alusing budinipun Sang Kristus, awit panjenengan sampun pejah, lan Pnjenenganipun ingkang gesang wonten pigesangan panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Allah kang suci, matur nuwun amargi Paduka sampun nimbali kawula medal saking bebandaning angger-angger Torét lumantar sédanipun sang Kristus ingkang netepi sih katresnan lan bebener wotneg ing gesangipun lan ugi kajeng salibipun. Kawula mulyakaken Paduka amargi Paduka nglebetaken kawula wonten ing prajanjén ingkang énggal lan Paduka manggén lumantar Rog Paduka ingkang nglipur manah kawula saéngga kawula saged ngasilaken woh-woh Roh Suci kanthi kwasa kanugrahan Paduka.

PITAKON:

  1. Apa sebabé wong-wong kang pracaya diuwalaké saka tuntutané prajanjén kanugrahan lawas?

Awit kita sami pitados
lan dipun wilujengaken
adhedhasar sih-rahmatipun Gusti Yésus,
mekaten ugi tiyang-tiyang sanès Yahudi menika.

(Kisah Para Rasul 15:11)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 01:27 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)