Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 112 (Christ's word to his mother; The consummation)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
4. Kayu Salib lan sedane Gusti Yesus (Yokanan 19:16b-42)

c) Pangandikan Sang Kristus marang keng Ibu (Yokanan 19:25-27)


YOKANAN 19:24b-27
24b Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku. 25 Anadene kang ibu lang sadulure kang ibu, Maryam, bojone Klopas tuwin Maryam Magdalena padha ngadeg cedhak salibe Gusti Yesus. 26 Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu:”Ibu, punika ingkang putra!” 27 Nuli ngandika marang sakabate mau: “Lah iku ibumu!” Lan wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.

Yokanan ora nulisake pangandikane Gusti Yesus kang kawitan saka Kayu Salib, kang ngapura saindhenging jagat. Yokanan uga ora nyebutake gegayutan anggone diasorake kang terus-terusan saka wong-wong Yahudi, utawa pangapura kang diparingake Gusti Yesus marang wong dursila kang ana ing sisih kanan Panjenengane. Lelakon-lelakon iki wis dingerteni dening gereja nalika Yokanan nyulis tulisan iki.

Nalika para imam ninggalake papan anggone nyalibiku tanpa mirengaken panyuwun pangapura Panjenengane marang Sang Rama, wong akeh uga sebanjure lunga, cepet-cepet tujuju Yerusalem supaya bisa nyawisake cempe Paskah. Wektu cecawis wis banget cedhak. Para pemimpin agama uga lunga sebanjure nindakake upacara agama kanggo dina riyaya gedhe bangsa iku. Trompet diunekake saka sakndhuwure tembok kutha, cempe kang gunggunge akeh dibeleh ing pedaleman Allah, lan getihe mili cukup banter. Pedaleman Allah dikebaki karo suwara pujian. Ing njaba Yerusalem gumantung Cempening Allah ing kayu paukuman, ditinggalake lan asor. Wong-wong Romawi kang ora wedi marang gusti Allah njaga Salib telu iku.

Nalika iku, sawetara wanita teka sesideman ing sakcerake Salib, lan ngadheg meneng wae. Kabeh lelakon sadurunge wis banget mbingungake kanggone para wanita mau. Kang Maha Kuwasa lagi gumantung ing saknduwure sirah para wanita ana ing kahanan kelaran kang ngedap-edap. Tembung-tembung lan panglipuran ora gampang metu, lan ati dadi abot kanggo ndonga. Bisa uga ada sawetara ing antarane para wainta kang alon-alon mbisiki ayat-ayat saka kitab Mazmur.

Gusti Yesus mireng tangisan kang ngiris ati saka ibu Panjenenane, lan pirsa tetesan eluh Yokanan, murid kang ditresnani Panjenengane. Panjenengan ora banget mikirake kaadaane piyambak, sinadyan Panjenengan lagi anyerake ora emut. Ujug-ujug para wanita mau krungu, “Ibu, punika ingkang putra!”

Katresnan Sang Kristus nganti tekan pungkasane, maringi kawigaten marang wong-wong kang ditresnani Panjenengane ing tengah-tengah panandang, kangggo tebusan jagat. Apa kang dingandikaake saduruneg dening Simeon marang Putra perawan Maria wis diujudi, pedang bakal nembus nyawa Panjenengane (Lukas 2:35)

Panjenengane ora maringi simpenan awujud dhuwit utawa omah marang ibu Panjenengane, nanging Panjenengane nawakake katresnan kang wis kaesokake Panjenengane marang para muride. Yokanan wis teka bebarengan karo Ibu Sang Kritus (Matisus 27:56), nanging Yokanan uga ora nyebutaken kanthi langsung gegayutan jeneng saka Sang ibu iku, supaya ora ngalihake kawigatan lan anggone kurmat kang pancen mung kagungane sang Kristus ing mangsa-mangsa kaluhuran Panjenengane. Nalika Panjenengane nyebutake jeneng Yokanan lan masrahake keng ibu supaya dirawat, lagi nalika iku murid iki nglebokake awake ing sajrone sumunar padhang salib. Yokanan ngrangkul Maryam lan nampani dheweke ana ing omahe.

Kabeh wanita padha ndeleng kawigaten iki. Gusti wis nylametake salah siji saka antarane para wanita mau saka pitu roh ala. Wanita iku yaiku Maryam Magdalena. Maryam Magdalane ngrasakake dhewe panguwasa gusti Yesus kang menang ing sajrone awake. Maryam Magdalena nresnani sang juru selamet lan ndherek Panjenenane.


d) Kelakone sakabehe (Yokanan 19:28-30)


YOKANAN 19:28-29
28 Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika- supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab suci-: “Aku nglelak!” 29 Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupake jamur karang ing anggur kecut mau, nuli kacublesake ing pang hisop, banjur dicecepake marang tutuke Gusti Yesus.

Yokanan kang nulis Injil duwe ganjaran kasukman ngandhakake prekara-prekara kang gedhe kanthi tembung-tembung kang sethithik wae. Dheweke babar pisan ora nyethakake marang kita gegayutan pepeteng kang ngalimputi laladan iku, lan kita uga ora krungu suwara panguwuh Sang Kristus kang mratelakake gegayutan bebendhune Allah atas dosa. Nanging kita diwenehi ngerti, ing pungkasan saka lelabetan Panjenengane kang abot kang wis dilakoni suwene 3 jam, Panjenengane maringi tanda yen sedane tambah cerak. Yokanan ora nganggep pati iku bakal nguntal Gusti Yesus, nanging Gusti Yesus piyambak kang wis rila masrahake nyawa Panjenengane. Jiwa Panjenengane wis kesel ing sajorne nglakoni karya panebusan kanggo saindhenge jagat. Gusti Yesus mirsani keselametan bakal ngluwari yutan jiwa wong dosa saka kaluputane lan ngesokake marang manungsa hak kangge sowan ing ngarsane Gusti Allah. Panjenengane mirsani panenan lan woh saka seda Panjenengane sadurunge prekara iku dumadi.

Nalika iku, Panjenengane ngandika, “Aku ngelak”. Panjenengane, kang dadi jejere Kang Yasa jagat raya lan kang lumaku ing saknduwure banyu kang diwangun piyambak saka oksigen lan hidrogen, lagi ngrasakake ngelak. Katresnan kang ngejawantah ing jagat lagi kangen katresnan Sang Rama, kang lagi nyingidake panon Panjenengane saka Sang Putra. Iki nggambarake apa kang dumadi ing neraka, ana kana rasa ngelak sak awak lan jiwa manungsa ora bakal bisa nemokake kalegan. Sadurunge, Sang Kristus wis njlentrehake gegayutan wong sugih kang mlebu neraka ana kana ana rasa ngelak kang abot banget ing tengah-tengah geni kang langgeng, kang njaluk marang Rama Abraham supaya ngutus Lazarus nyelupake drijine menyang banyu kang adhem lan nelesi gorokane kang garing. Gusti Yesus iku Manungsa kang sejati, kang ngrasakake rasa ngelak kang lumrah, nanging Panjenengane ora ngandika gegayutan rala ngelak Panjenengane nganti sakwuse pakaryan keselametan iku dilakoni. Sebanjure, Sang Roh Suci mratelakake marang Panjenengane, yen leladi panebusan Panjenengane wis kawartakake wiwit sewu tahun sadurunge ing sajrone Jabur 22:13-18, lan Panjenengane ngunjuk anggur iku uga disebutake ing sajrone Mazmur 69:22. Kita ora ngerti apa para prajurit iku nawakake marang gusti Yesus ngunjuk awujud anggur murni utawa kang dicamur banyu, apa karo rasan ngasorake lan welas asih. Kang kita ngerti sing mesthi yaiku yen iku dudu banyu lumrah. Sang Manungsa Yesus, kang dadi jejere Putra Allah, ana ing sajrone kahanan kang ora duwe daya mengkono.

YOKANAN 19:30
30 sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndingklukake mestaka lan masrahake nyawane.

Sakwise Gusti Yesus ngrasakake anggur bebendu iku, Panjenengane sebanjure ngandika sawijining tembung kang kebak kamenangan, “wis rampung!” Sedina sadurunge panguwuh kamenangan iki Sang Putra wis nyuwun marang Rama Panjenengane supaya kaluhurake Panjenengane ing Kayu salib kanggo dadi tebusan kita, kanthi mengkono Sang Rama piyambak, sebanjure uga diluhurake. Sang Putra ngakoni ing sajrone iman yen pandoga Panjenengane iki bakal dijawab, Panjenengane wis nglakoni pakaryan kang wis diparingake dening Sang Rama marang Panjenengane (Yokanan 17:14)

Kaya ngapa tuluse Panjenengane ana ing Kayu Salib! Ora ana tembung-tembung sengit kang metu saka lathi Panjenengane, lan ora ana sambat njaluk sih kawelasan utawa nguwuh anggone nglokro, nanging Panjenengane ngapura para satru Panjenengane lan cepengan marang katresnan Allah, kang nalika iku katone dadi mungsuh awit kita. Gusti Yesus pirsa yen Panjenengane wis ngrampungake pakaryan panebusan, awit gusti Allah andadekake sempurna wiwitan saka kaselamatan kita lumantar panandang. Ora ana wong siji wae kang bisa ngukur jerone utawa dhuwure katressnan Tritunggal iku, awit Sang putra masrahake sarirane marang Allah lumantar Roh Panjenengane kang langeng, kang ora cacad, dadi korban kang gesang (Ibrani 9:14).

Wiwit panguwuh kang pungkasan Sang Kristus ing kayu salib, keselametan wis kaujudan, ora maneh mbutuhake sawijining prekara kanggo nambah kasampurnan keselametan iku. Ora awit apa kang kita tindakake, patrap apik kita, donga kita, utawa kasucen kita kang ngasilake kayekten kita, utawa nambah kasucen ing sajrone urip kita. Putra Allah wis nindakake kabeh iku sepisan kanggo selawase. Kanthi seda Panjenengane mula sawijining jaman anyar wis tumeka lan tentram rahayu duwe kuwasa, awit sang putra Allah kang wis dibeleh iku ngrukunake kita karo Rama ing kasuwargan. Kabeh wong kang pracaya sebanjure dibenerake. Layang-layang kang ditulis ing sajrone Kitab suci iku tafsiran saka pangandikan kang dingandikaake dening Gusti Yesus kang asipat pungkasan kang nemtokake. “Wis rampung”.

GustiYesus ndungkluk sirah Panjenengane, ing pungkasane, ing sajrone pikurmatan lan kaagungan. Panjenengane masrahake jiwa Panjnengane maran asta Sang Rama Panjenengane, kang nresnani Panjenengane tanpa mandheg. Katresnan iki nuntun Panjenengane marang dhampar sih rahmat, ing kono Panjenengane lenggah ing sisih kanan Sang Rama, dadi siji karo Panjenengane.

PANDONGA: Oh, Sang Cempe ingkang suci, ingkang sampun nyangga sadaya dosa jagat; Paduka pantes nampane kaagungan, kasugihan, kawicaksanan, panguwaos, laluhuran, berkah lan uga sadaya gesang kula. Paduka angkat sirah kula supados ningali Paduka, Oh Ingkang Sampung kasalib, pados pangapunten saking Paduka atas sadaya kalepatan kula, lan pitados, sucekake kula kanthi sih rahmat lan rah Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa telu tembung kang dingandikaake dening Gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)