Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 111 (Crucifixion and the grave clothes; Dividing the garments and casting the lots)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
4. Kayu Salib lan sedane Gusti Yesus (Yokanan 19:16b-42)

a) Babagan anggone nyalib lan anggone ngulesi lawon (Yokanan 19:16b-22)


YOKANAN 19:16b-18
16b ....Gusti Yesus nuli ditampani. 17 Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.18 Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah.

Sakbregada prajurit cemawis budhal nyalibake maling loro, nalika Pilatus masrahake gusti Yesus marang para prajurit minangka “wong dursila” kang katelune. Para prajurit iku sebanjure manggulake Kayu Salib marang pundake wong telu mau, supaya saben wong manggul salibe dhewe kang dadi sarana patine. Sang Kristus ora nampik Kayu Salib iku, lan ora nibakake kayu iku ing sajrone lumaku. Wong telu mau nglewati dalan ing kutha iku, nganti ambegane kaya wong mlayu awit kesel, wong telu mau nganti tekan gapura sisih elor. Banjur wong telu mau tekan ing sawijining gumuk kang jenenge Golgota, awit pancen wangunane memper cumplung, kang dhuwur ngluwihi tembok kutha iku. Kang manggon kota kono cetha bisa ndeleng kabeh wong kang digantung ing Kayu salib iku ing kutha sisih njaba.

Yokanan ora nyethakake njletreh gegayutan Kayu Salib iku, vulepene ora kuwawa nulisake lelakon kang banget dening nggegirisi iku. Manungsa wis nampik katresnan saka Gusti Allah iku, lan rasa sengit kang saka neraka wis mapan ing sajrone atine. Gusti Yesus ora ngatonake kluwung bunder ana ing sakdhuwure mestakene ing kayu kang kasar iku, nanging landhesan pambalela kang ditampa Panjenengane. Panjenengane mratelakae kaluhurane lumantar anggone sabar, lan nyingkur awake kang suci.

Kaya ngapa anggone wirang Gusti Yesus disalib ing antarane wong loro kang dursila. Wong loro iku ngulet kelaran, wong loro mau ngetokake tembung-tembung laknat.

Panjenengane kang kebak welas asih lan tulus mratelakake sarirane malah nganti pungkasan sugeng dadi mitra kanggo wong-wong dosa. Ya marga saka iki Putra Allah dilahirake dadi putrane manungsa, kanthi mengkono anak-anak manungsa kang ilang bisa dadi putra-putra Allah kang dibenerake. Panjenengane mandap menyang dhasar kang asor, kanthi mengkono ora ana wong kang bisa kandha menawa gusti Yesus ora bakal bisa tekan ing tingkat iku. Mapan ing ngendi wae panjenengan lan kepiye wae panjenengan tiba, Sang Kristus bisa ngapura kaluputan lan ngresiki uga nyucekake panjenengan nganti sempurna.

YOKANAN 19:19-20
19 Sang Pilatus uga dhawsuh masang tulisan ana ing sadhuwure salib, unine: “Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi.”. 20 Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani.

Para prajurit iku nyalibake gusti Yesus ing antarane wong ala loro minangka tanda anggone ngasorake pangkonE minangka jejere Ratu. Pilatus, sewetara iku terus wae nerusake anggone nyenyamah marang Makamah Agama Yahudi kang wis meksa dheweke kanggo netepake paukuman marang gusti Yesus sinadyana iku lelawanan karo ati saubarine. Ing nduwur mestakane Panjenengane kang disalib, Pilatus masang tulisan kang isinya dakwan saska wong-wong Yahudi.

Gusti Allah nggunakake tulisan kang ana ing nduwur mestaka ing Kayu Salib iku kanggo ngadhili wong-wong Yahudi, awit Gusti Yesus sabenere iku Ratune. Gusti Yesus pancen temen-teman Ratu, kang rawuh ing sajrone kayekten, katresnan, alusing bebuden lan andap asor. Panjenengane mantebake Suwarga ing bumi. Wong Yahudi luwih milih neraka, nampik Ratu Allahe kanthi nyebratake Panjenengane saka masyarakat Yahudi dhewe. Kanthi mengkono Panjenengane sebanjure dadi Ratu atas Ratu bangsa kabeh, nanging apa bangsa-bangsa nampani Ratu kang disalib iku dina iki utawa bangsa-bangsa nampik maneh katresnan kang saka Gusti.

YOKANAN 19:21-22
21 Para pangarepe imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Sang Pilatus: “Panjenengan sampun nyerat: Ratune wong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Aku iki ratune wong Yahudi.” 22Wangsulane Sang Pilatus: “Apa kang wus daktulis, tetap katulis.”

Para imam kepala ngerti makna saka nyek-nyekan lan anceman saka Pilatus iku, sinadyan digawe srana banget nyamar. Para imam Kepala wis nampik Ratune lan ndeleng karingkihan ing sajrone sarira Panjenengane kang lelawanan karo apa kang dikandhake Pilatus. Para kepala imam dadi tambah sengit Panjenenane kang kasalib.

Pilatus rumangsa yakin yen sesebutan iku wis selaras karo apa kang dipengini dening Sang Nata Agung, kanthi mengkono dheweke nulis ing sajrone 3 basa supaya kabeh wong kang bisa maca, iya warga negara utawa wong-wong neneka kang ana bisa maca lan ngerti yen saben wong kang mbudidaya mbalela marang panguwasana Romawi bakal nemahi nasip kang padha. Nalika tahun 70 M bangsa Yahudi mbalela lumawan pemerintahan Romawi, ewon wong diunggahake ing kayu Salib ing sakiwa tengene tembok Yerusalem


b) Dum-duman agemane lan digebuk mawa dadu (Yokanan 19:23-24)


YOKANAN 19:23-24
23 Sawuse para prajurit mau padha nyalib Gusti Yesus, banjur padha njupuk pangagemane dipara papat, saben prajurit nyaduman lan ageme jubah uga kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunane lajuran wiwit saka ing dhuwur tutug ing ngisor. 24 Kang iku prajurit mau padha rembugan: “Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni.” Iku supaya kayektenana kang katulisan ing kitab suci: Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dadhu.” Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku.

Prajurit papat kang nyalibake Sang Kristus duwe hak ngedum ageman Panjenengane. Perwira prajurit, kepiye wae, ora melu melu awit yang nganti tumindak mengkono dheweke ngremehake awake dewe ing sajroning pakulinan iki. Awit saka iku prajurit papat iku njupak apa kang dadi kagungan pungkasan gusti Yesus lan kanthi mengkono ngrampas babar pisan ajining diri Panjenengane. Wong dursila kang disalib lumrahe ana ing sajrone kahanan wudoh kanggo nambah anggone mirang-mirangake wong-wong iku.

Gegayutan anggone karemehake iki malah dadi kaluhurane gusti Yesus. Jubah Panjenengane kang ora kadomdoman kaya darbeke Imam Agung. Gusti Yesus piyambak iku Imam Agung kang asipat Allah kang dadi pantara kanggo kabeh manungsa. Ya awit saka paraga iki Panjenengane nandhang sangsara lan disiksa.

Sewu tahun sadurunge, Sang Roh Suci wis meca babagan salib iki, lan sebanjure ana sajrone Jabur 22 dipratelake, “wong-wong pada ngedum panganggoku”, kang sebanjure dadi pakulinane para prajurit. Sang Roh Suci sebanjure meca uga, wong-wong mau padha gepuk dadu jubah Panjenengane. Sang Roh Suci mratelakake kasunyatan bab Kayu Salib kanthi pas, lan mratelakake yen anggone Gusti Yesus kasalib iku hakekate karsane gusti Allah. Kaya kang wis dingandikaake gusti Yesus: Ora ana rambut siji wae saka sirahmu kang bisa tiba tanpa Ramamu kang ing Suwarga mirsani. Kabeh wong kang kanda yen anggone kasalib iku ora tau dumadi ora mung nampik kasunyatan sejarah, nanging uga lumawan Sang Roh Allah kang meca geayutan lelakon iku sewu tahun sadurunge. Para prajurit iku atindak tanpa ngerti lan babar pisan ora mikirake apa kang ditindakake ing ngisor Kayu Salib. Para prajurit padha rebutan apa kang dadi darbeke kang kaukum Para prajurit ora duwe welas asih; para prajurit ora tau mbayangake yen Sang Penebus jagat iki lagi ngesokake getihe ana ing Kayu Salib.

Sedulur, apa panjenengan wis disalib bebarengan karo Sang Kristus, ing sajroning patunggalan karo seda Panjenengane? Utawa apa panjenengan mburu kasugihan lan kamisuwuran? Apa panjenegan nresnani Panjenengane kang kasalib, lan apa panjenengan wis nampani kayekten Gusti Allah lan kasucen sejati lumantar seda Panjenengane? Apa panjenengan mung dadi wong kang nonton kang kebak lelamisan, ora maelu malah nalika nyawang Panjenengan kang kasalib iku? Sang Roh Suci iku nyawiji karo sang Putra Allah ing sajrone iman lan katresnan, supaya kita bisa nyawiji ing sajroning pati, anggone kakubur lan urip pangorbanan Panjenengane.

PANDONGA: GustiYesus Kristus, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka manggul Kajeng Salib. Kawula manembah Paduka awit kesabaran, katresnan lan berkah-berkah Paduka. Kawula ngluhuraken Paduka awit pangaksam saking dosa-dosa kawula lan dosa-dosa jagat. Paduka manggul sadaya dosa kawula ing wekdal gumantung ing kajeng ingkang kasar ingkang mirangaken, lan ngrukunake manungsa kalian gusti Allah. Paduka kemawon ingkang priyantun ingkang paring kamardikan lan pantara kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa ta maknane tulisan kang dipasang ana ing kayu salib perangan nduwur?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:50 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)