Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 110 (Pilate awed by Christ; Pilate's unjust sentence)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
3. Pengadilan sipil ing ngarepane Gubernur Romawi (Yokanan 18:28 - 19:16)

d) Pilatus eram dening hakikat sipat keallahan Sang Kristus (Yokanan 19:6-11)


YOKANAN 19:8-11
8 Sang Pilatus bareng miryarso atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe, 9 banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: “Asal Panjenengan saking pundi?” Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan 10 Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: “Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengan lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?” 11 Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila : tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkung ageng.”

Pilatus rumangsa ora yakin karo sapa pribadi Yesus sejatine. Gusti Yesus iku katon tulus, jujur lan katresnan Panjenengane ora ilang saka pemute gubernur iku. Awit saka iku nalika Pilatus ngerti yen gusti Yesus kacepeng ora mung awit dakwan ngakoni sarirane Ratu nanging Panjenengane iku Putra Allah, Pilatus dadi wedi. Wong-wong \Romawi lan Yunani duwe keyakinan yen Suwarga iku kapenuhan karo roh akeh lan ilah-ilah utawa dewa-dewa, kang kala-kala manjalma lan urip ing antarane manungsa. Pilatus dadi was-was, lan mikir, “Apa Panjenengane pancen salah siji dewa kang wujud manungsa?” Awit saka iku Pilatus banjur nyuwun pirsas, “Saking pundi asal Panjenengan?”

Gusti Yesus ora mupangatake prekara iku dadi wewengan kanggo luwar saka paukuman, nanging tetap kendel. Anggone kendel Gusti Yesus iki duwe rong makna kang jero. Gusti Allah ora njawab pitakonan-pitakonan kang mung ngendelake akal budi, utawa kang mung kepengin ngreti wae, nanging mratelakake sarira Panjenengane marang wong-wong pracaya kang duwe iman mrang Panjenengane. Panjenengane beda banget karo pikiran wong-wong Yunani-Roma gegayutan Panjenengane, awit ora ana kang kaya Panjenengane.

Awit Gusti Yesus kendel, Pilatus nesu banget lan sebanjure nyuwun pirsa, “Apa Panjenengan ora kersa rerembangan kaliyan kula? Kula gadhah panguwasa kangge mejahi lan ngluwari Panjenengan, Panjenengan wonten ing salebetipun panguwaos kula. Satru-satru Panjenengan saweg nunut panjenengan disalib. Kula piyambak ingkan saget nylametake Panjenengan utawi nggantung Panjenengan.”

Gusti Yesus sebanjure maringi katarangan, “Leres, panjenengan kagungan panguwaos. Rama kula ingkang nyukani panguwasa menika dhumateng panjenengan. Panjenengan mboten dados penting awit panjenengan piyambak. Anggen panjenengan gagal badhe enggal kapratelakaken lumantar putusan panjenengan ingkang mboten adil. Rama kula ingkang wonten ing Kasuwargan menika maha Kuwasa, lan semanten ugi kula. Mboten wonten satunggal panguwaos ingkang wonten ing jagat menika menawi mboten awit ijin Panjenenganipun”. Asikep ngejarake prekara kang ora adil iki kala-kala nuntun marang karusaken dikaya kang dumadi atas Pilatus, kang wis diparingi nugraha panguwasa dening gusti. Gusti Allah ngendaleni sejarah, nanging ngijinake manungsa melu cawe-cawe ing sajrone sejarah iku lan tanggung jawab atas apa kang ditindakake dheweke. Panjenengan tanggung jawab dhewe kanggo apa kang panjenengan tindakake marang wong-wong liya.

Gusti Yesus ngandika marang Pilatus, “Panjenengan sampun nindakake dosa ingkang ageng sanget, nanging sanes panjenengan piyambak ingkang lepat. Sadaya tiyang menika ndherek cawe-cawe ing salebetipun kekisruhan dosa menika. Panjenengan mboten ngersakake nyalibaken kula, nanging kawruh panjenengan lan raos ajrih panjenengan dhumateng Kayafas adamel panjenengan ngukum kula.”. Imam Agung pancen duwe dosa kang luwih gedhe, awit dheweke kang duwe kekarepan nyalibake gusti Yesus awit rumangsa meri lan sengit. Awit dheweke nglungguhi kalungguhan kang dhuwur, dheweke kudune nuduhake rasa welas asih marang kang kadakwo ing sajrone pambudidaya ngrukunake antarane wong kang kadakwa karo gusti Allah. Nanging nalika iku dheweke dikuwasani dening roh ala, kanthi mengkono dheweke sengit marang gusti Yesus nganti duwe pepinginan sedane gusti Yesus.


e) Putusan Pilatus kang ora adil atas Gusti Yesus (Yokanan 19:12-16)


YOKANAN 19:12
12 Wiwit nalika iku Sang Pilatus ngangkah ngluwari marang panjenengane, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok: “Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes mitranipun Sang Nata Agung, sinten ingkang ngaken-aken dados ratu, ateges mbalila dhateng Sang Nata Agung.”

Pilatus duwe pepinginan ngluwari gusti Yesus, awit Kang kabanda iku wis ngakoni gegayutan panguwasane. Sinadyana Sang Kristus duwe kaagungan, kamursidan dadi tetingalan kang liya saka hakikat iku. Gusti Yesus ora dadi anceman kanggone Pilatus, nanging ngelikake dheweke kanthi cara kang alus. Gusti Yesus milahake antarane dosa Pilatus lan pialane Kayafas. Gusti Yesus ora ngancam Pilatus, nanging ngelikake dheweke kanthi cara kang alus. Panjenengane misahake antarane dosa Pilatus lan pialane Kayafas. Gusti Yesus sejatine Hakim saka wong kang mbudidaya ngadhili Panjenengane, lan mbudidaya nuntun wong iku supaya sadar bab sipat keallahan.

Nalika para imam Yahudi nggatekake owah-owahan kang dumadi ing sajrone ati Pilatus, para imam Yahudi ngalihke pirembukan marang prekara-prekara politik. Dakwan yen gusti Yesus ngaku sarirane duwe sipat keallahan babar pisan ora ana gunane ing pengadilan Roma. Awit saka iku para iman Yahudi ngancam ngrepotake Gubernur yen ora setiyo marang Sang Nata Agung, manawa dheweke ora gelem mateni Gusti Yesus.

“Mitra Sang Nata Agung’ ateges ditresnane dene Sang Nata Agung. Sesebutan iki ditujokake marang para utusan lan uga kang kalebu sedulur keluarga Krajan. Bisa uga bojone Pilatus duwe gegayutan minangka jejering wanita kang isih sedulur karo Sang Noto Agung. Awit Sang Nata Agung Tiberius iku wong kang ora bisa pracaya wong lan duwe watek gampang kuwatir, dheweke duwe pikiran gampang ora pracaya marang tuluse para pejabate. Sang Nata Agung iku terus terusan jubriya bakal timbule pambalela saka salah siji pejabate. Manawa ana wong kang ndakwa salah marang salah siji sedulur sang nata agung lan bisa mbuktekaken pandakwane iku bakal bisa dadi akibat tibane wong kang didakwa iku kang sebanjure wong iku bakal sebratake.

Manawa para pemimpin Yahudi kirim layang menyang Roma kang isine Pilatus wis ngluwari “Ratuning wong Yahudi”, kamangka wong-wong wis ndakwa yen Panjenengane bakal nindakake pambalela, iku ateges Pilatus bakal kadakwa lagi nglumpukake satru-satru Sang Noto Agung. Temahan, kalungguhan Pilatus bakal ora teguh. Pilatus ora gelem masrahake kalungguhane iku kanggo gusti Yesus, sinadyana sejatine kayekten mihak marang gusti Yesus. Prekara iku dadi prekara kang mbebayani kanggo anggone mbelani awake, lan awit saka iku Pilatus nyawisake katetepan paukuman kang resmi atas sarirane gusti Yesus. Pilatus sebanjure mlebu menyang gedhong lan nindakake prekara selaras karo aturane mung tujuane kanggo ngresiki awake saka getihe Sang Kristus. Pilatus katone wis netepake paukuman kang adil,nanging ing sajrone atine kang paling jero dheweke ngerti yen dheweke wis nindakake bab kang banget ora adil.

YOKANAN 19:13-16a
13 Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata. 14 Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi: “Sawangen ratumu!” 15 Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok: “Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!” PangandikaneSang Pilatus: “ Apa aku kudu nyalib ratumu?” Wangsulane para pangarepe imam: “Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung.” 16a WasanaSang Pilatus banjur masrahake Gusti Yesus marang wong-wong mau supaya disalib.

Pilatus sejatine banget ngremehake pengarep-arep Sang Mesih kang dadi duweke wong Yahudi, lan ngremehake sikap wong Yahudi kang lumawan marang Roma uga kanda, “Kowe ndakwa Yesus yen Dheweke iku ngakoni dadi Ratu! Jupuk Kratonmu kang ora ana apa-apane kuwi! Kowe padha wae kaya Dheweke, ora pantes nampani kawigaten apa wae!”

Wong-wong Yahudi paham sari saka patrap ngremehake iku, kang ngrubah dakwane marang gusti Yesus, dadi kanepson kang ngedap-edapi saka kang ndakwa Panjenengane. Wong-wong kang ndakwa mau mbengok bebarengan, “Gawa Dheweke menyang Kayu Salib, kareben Dheweke wirang. Dheweke kuwi laknat! Saliben Dheweke!”

Sedulur, wong-wong kang mbengok iku wong-wong kang mursid ing sajrone ukuran paugerane dhewe, nanging wis dadi wuta, ora bisa wanuh maneh katresnan kang ana ing Wong kang ngejawantah dadi manungsa lan patrap kang andap asor, uga ora ndeleng kasucene Allah kang ana ing sajrone Gusti Yesus. Wong-wong iku sengit marang Panjenengane lan duwe kekarepan nyirnakake Panjenengane. Patrap kang banget dening kaku, utawa semangat kang kebablasen ora bakal andadekake wong cerak marang gusti Allah; mung katresnan kang bisa dideleng ing sajrone Gusti Yesus kang bakal ngelekake mripat kita marang sih rahmat lan pangorbanan Panjenengane.

Pilatus nerusaken anggone ngremehake wong-wong Yahudi kang wis nesu banget, lan sepisan maneh nyebut Gusti Yesus iku “Ratu”, kang nguwatake pepinginan wong kabeh kang wis duwe katetepan nyedani gusti Yesus. Pilatus mbudidaya nemokake sebab kanggo ngendhokake dakwan ing atine dhewe, nanging wong akeh kang bengok-bengok iku duwe tujuwan kang padha yaiku nyalibake gusti Yesus. Suwara saka wong akeh iku ora suarane Gusti Allah, awit wong-wong iku asring luput ing sawijining pepinginan, lan awit anane panyurung kang asipat kadonyan, lan Iblis nggunakake kabeh kekukrangan iku.

Para imam iku dadi tambah nesu banget awit anggone ngremehake Pilatus kang dibolan-baleni. Para imam sarujuk ngwetokake sawijining pratela bebarengan kang isine banget ngagetake, “Kawula mboten gadhah Ratu kajawi Sang Nata Agung.” Patrap mengkene iki sawijining patrap lelamisan kang gedhe. Golongan Imam wedi banget marang pambalela golongan Sang Mesih, lan sengit marang Herodes kang dadi ratu boneka. Para imam luwih milih Sang Nata Agung, kang dadi wong kang njaga lan nguri-uri budaya Yunani, kang nyekeli paugeran lan aturan ing laladan iku. Kanthi mengkono para imam wis nyingkur marang pameca Prjanjian Lawas lan kabeh pangarep-arep babagan Sang Mesih kang ana. Bapa kabeh apus-apus iku menehi wisikan mengkono marang anak-anake. Dadi, mung Sang Kristus wae ing pengadilan iku kang isih cekelan marang kayekten, ngrungokake suwara Allah ing sajroning telenging ati Panjenengane lan ngadeg jejeg marang sejatine Panjenengane.

Ing pungkasane, Pilatus netepake paukuman kang banget dening abot, kang dilandhesi sikep kumingsune, kajuligane, lan sakwernane apus. Putra Allah tetep kendel, masrahake sarirane sawutuhe marang Rama Panjenengane, kang wis ngidinake sang Gubernur iku nyalibake Putra Panjenengane. Kanthi putusan kang ora adil iki, gusti Yesus nindakake bedamen antarane Gusti Allah lan Manungsa. Roh Ala iku ngira yen dheweke wis menang, nanging sejatine kabeh iku rancangan Allah kang ditindakake, sinadyana ana iktiar kekuatan neraka kanggo melu menehi daya pengaruh ing kana lumantar sakwernani apus-apus.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula sujud marang Paduka; Paduka menika Cempening Allah, ingkang nyucekake sadaya dosa jagat. Paduka paringi nugraha dhumateng kawula manah ingkang kebak welas asih, kebak kayekteossan lan tulus. Tulung kawula supados kawula ampun mupangataken tiyang sanes minangka cara pados kauntungan kangge badan piyambak, lan paduka paringi kesagetn supados kawula milih pejah ketimbang nindakake dora cara utawi kompromi kaliyan kekajenganipun si pengawak dursila.

PITAKONAN:

  1. Kenapa Pilatus nibakake paukuman marang gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:49 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)