Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 074 (The raising of Lazarus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
4. Anggone tangi Lazarus lan akibate (Yokanan 10:40 - 11:54)

c) Tangine Lazarus (Yokanan 11:34-44)


YOKANAN 11:38-40
38 Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu. 39 Pangandikane Gusti Yesus: “Watune singkirna!” Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: “Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten”. 40 Pangandikane gusti Yesus: “Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?”

Ing sacedhake Yerusalem, wong ngubur kang wis mati ing sawijining papan kang di bolongi ing gumuk watu lan ing lawang kubur iku dipasangi watu kang awangun bunder kanggo dalan mlebu. Watu iku bisa digulingake ngiwo nengen, nek kubur mau arep dibuka utawi ditutup.

Ana papan kono mau jisime Lazarus diselehake. Yaiku kubur kang kang digawe bolong ing gumuk watu. Gusti Yesus nyerak, lan sebanjure mirsani anane rasa wedi marang pati ing sajroning kabeh wong kang ana ing kana. Panjenengane mirsani ing sajroning pati iku ana bebenduning Allah kang diesokake marang kabeh wong dosa, kaya-kaya gusti Allah wis maringake wong kang urip ing tangane kang nyilakakake. Nanging Kang nitahake ora ngersakake patine wong kang urip, nanging ngersakake pamratobate lan bali maneh wong-wong mau marang kauripan.

Gusti Yesus paring dhawuh supaya watu kang nutup kubur iku dibuka. Wong-wong kang ana kono kaget, awit sapa wae kang nyenggol jisim dadi jalaran wong iku kena najis sawetara dina. Lan amarga jisim iku wis 4 dina mesti wiwit bosok. Marta matur marang gusti Yesus, “Gusti, mboten sae ngganggu ngasonipun tiyang ingkang sampun pejah, piyambakipun sampun mambet”. Marta ana ngendi imanmu? Kowe lagi wae ngakoni yen gusti Yeus iku putra Allah lan Sang Mesih, kang kagungan kuwasa nangekake wong saka pati. Kasunyatan gegayutan pati lan ayang-ayang bab kubur nutupi mripate, lan dheweke ora ngerti apa kang gusti Kersakake.

Nanging, gusti Yesus nguwatake iman Marta lan nyurung keyakinane kang ngluwih kabisane manungsa. Panjenengane nuntut patrap sumende sawutuhe kang nuntun anggone bakal ndeleng kaluhurane Gusti Allah. Gusti Yesus ora ngandika, “Pracaya, lan kowe bakal ndeleng Aku nindakake mjizat kang gedhe banget.” Panjenengane wis tau ngandika marang para murid yen larane Lazarus ora bakal ndadekake patine, nanging bakal andadekake kaluhurane gusti Allah (Yokanan 11:4). Gusti Yesus pirsa apa kang bakal ditindakake awit anane gegayutan kang cerak karo karsane Allah. Panjenengane mbudidaya ndudut kawigatene Marta saka rasa wedi kang gedhe gegyutan karo pati tumuju marang kaluhuran Allah, kang dipratelakake dening iman. Dudu kaluhurane piyambak nanging kaagungan lan kaluhuran Sang Rama kang dadi tujuan Panjenengane.

Mengkono uga, Sang Kristus ngandika marang panjenengan, “Manawa kowe pracaya, kowe bakal ndeleng kaluhuran Allah”. Pikiran panjenengan kudu dirubah saka kang maune mung tumuju mrang prekara lan coban ing sajroning panguripan panjenengan. Aja dikuwasani dening rasa luput lan kasangsaran panjenengan, lan manthera atimu marang gusti Yesus, pracaya marang Anane Panjenengane, ayo mbangun turut marang Panjenengane, dikaya anak kang ngrangkul ibune. Kareben karsane kang dumadi ; Panjenengane nresnani panjenengan.

YOKANAN 11:41-42
41 Watune tumuli disingkirake. Gusti Yesus banjur tumenga sarta matur: Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, dene Paduka sampun nyembadani dhateng Kawula. 42 Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah sami ngrubung kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”

Keyakinan Marta bab pangandikan Gusti Yesus selaras karo iman marang dhawuh Panjenengane. Marta sebanjure njaluk tulung marang wong-wong kang ana supaya nggulingake watu kang nutup kubur. Wis mesti wong-wong kang dijaluki tulung dheg-dhegan. Apa gusti Yesus duwe karsa mlebu kubur iku, banjur ngrangkul jisim wong kang ditresnani, utawa apa ana prekara liya kang bakal ditindakake Panjenengane?

Nanging gusti Yesus jumeneng tenang ana ing ngarep kubur iku. Panjenengane tumenga ing langit ndedonga, ngaturake tembung-tembung kang keprungu cetha. Panjenengane nyebut Allah minangka Ramane. Panjenengane saos sokur marang Sang Rama awit kasugengane sawutuhe kebak pujian lan manembah marang Allah sang Rama. Panjenengane kanthi cetha ngaturake panuwun marnag Allah kang wis paring jawaban atas donga-donga Panjenengane, sadurunge Lazarus bener-bener tangi. Sawetara kang liyane nangis, gusti Yesus ndedonga. Panjenengane nyuwun marang Rama Panjenengane supaya nangekake mitra Panjenengane, minangka tanda urip kang asipat keallahan kang nglahake pati. Sang Rama mireng lan maringi marang Panjenengane panguwasa kanggo mitulungi korban saka pati kang nggegirisi. Gusti Yesus pracaya yen donga-donga Panjenengane temtu bakal dijawab, lan babar pisan ora mangu-mangu. Awit Panjenengane tansah mirengake suara Ramane. Ing saben perangan kasugengan Panjenengane gusti Yesus tansah ndedonga, nanging ing kene Panjenengane ndedonga kanthi suwara kang sora, supaya wong-wong kang ana bakal bisa ndeleng wadi kang bakal dinyatakake ing kana. Panjenengane saos sokur marang sang Rama kang tansah paring jawaban atas donga-dongane. Ora ana dosa kang misahake ing antarane panjenengane karo Sang Rama. Sang Putra ora kersa meksa marang Sang Rama supaya karsane kang kelakon, lan ora nuntut kamulyan kanggo sarirane Piyambak, utawa pamrih duwe panguwasa kanggo kepentingane sarirane dhewe. Kapenuhane sang Rama makarya ana ing sajroning sang putra. Kersane Panjenengane minangka Sang Rama duwe karsa nangekake Lazarus saka pati. Kabeh iki diakoni dening gusti Yesus ing ngarepe wong akeh, supaya wong akeh bisa ngerti yen sang Sang Rama wis ngutus sang putra marang wong-wong mau. Dadi anggone nangekake Lazarus dadi kaagungane sang Rama, dadi tanda kang elok saka kamanunggalake Tritunggal.

YOKANAN 11:43-44
43 Sawuse matur mangkono tumuli nguwuh kalawan swara sora: “Lazarus, metua!” 44 Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane gusti Yesus: “Uculana ules, kaeben lunga”

Banjur gusti Yesus ngandika kanthi sora: “Lazarus, metua!”, sawise ngaturake kaluhuran marang Allah, wong kang wis mati iku krungu (umume wong kang wis mati ora krungu apa-apa). Kepribadian manungsa ora ilang nalika mati. Ing suwarga, jeneng-jeneng wong pradaya ditulis. Timbalan saka Kang Nitahake, suara saka Sang Penebus lan panyurung saka Sang Roh kang maringi panguripan iku nembus lapisan penutup pati. Kaya dene Sang Roh suci nglayang ing pepeteng ing wiwitane jagat katitahake, banjur yasa apa kang ana kanti tumata ora kisruh.

Lazarus wis kulina krungu lan mbangun turut marang suwarane gusti Yesus. Ing sajroning kubur dheweke uga krungu lan sebanjure mbangun turut awit iman. Watonan kasugengane Sang Kristus mili ing sajroning awake; jantunge wiwit kedut, dheweke mbuka mripate, lan gegelitane badan wiwit obah.

Sebanjure, sing kaping pindhone saka mujizat iku wiwit dumadi, awit Lazarus wis diblebet kafan lan ditaleni kuwat. Wong kang mati nalika semana kaya uler ing sajroning kepompong, kang ora bisa ngrasakake apa-apa. Dheweke ora bisa ngobahake tangane kang diblebet, ora bisa nguculi kain kang nutupi raine. Awit saka iku gusti Yesus ngongkon wong kang ana ing kana supaya mbuka blebetane Lazarus.

Kabeh wong kaget nalika ndeleng raine Lazarus kang pucet; dheweke obah sinadyano isih kablebet. Wong-wong kabeh nyawang menyang Lazarus, lan Lazarus marani Gusti Yesus. Lazarus mlaku ing antarane wong akeh iku menyang omahe. Yokanan ora nulis kepiye tanggapane wong-wong kang ana ing sakiwa tengene Gusti Yesus utawa ora nulis tanggapan bab eluh kabungahan utawa ora nulis wong kang ngrangkul Lazarus awit anggone beja. Yokanan uga ora nulis bangingane antara patangen iki karo wong-wong pracaya kang kapulung nalika gusti Yesus rawuh kang kaping pindho. Kabeh iku dudu prekara kang paling utomo. Yokanan nulis gambaran gegayutan gusti Y|esus, kang maringi panguripan, ing ngarepan mripat kita, supaya kita bsia pracaya lan nampa panguripan langgeng. Yokanan si Penginjil, kang ana ing antarane wong kang ana ing wektu iku, kanthi iman bisa ndeleng kaluhurane Allah ana ing sajroning sang Putra, awit dheweke krungu suwara sang Kristus lan teluk marang panguwasanE. Apa panjenenan wis katangekake saka pati lumantar iman marang Sang Kristus?

PANDONGA: Gusti Yesus ingkang kinasih, maturnuwun awit sampun mungokake Lazarus ing salebetipun asma Sang Rama Paduka. Paduka ugi sampun wungu saking pati. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng paduka atas gesang Paduka ing salebeting badan kawula. Kanthi iman kawula sampun wungu sesarengan kaliyan Paduka. Kawula nyuwun supados paduka mungokake tiyang-tiyang ingkang pejah saking antawisipun bangsa kawula, supados tiyang-tiyang ingkang mboten pitados saget pitados dhumateng Paduka, lan ing salebetipun patunggilan kaliyang paduka nampeni gesang langgeng.

PITAKONAN:

  1. Kepiye kaluhuran allah dipratelakake ing sajroning patangene Lazarus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)