Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 034 (Healing of the paralytic)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

1. Warase wong lempoh ing Betesda (Yokanan 5:1-16)


YOKANAN 5:10-13
10 Nanging nalika iku pinuju dina sabat. Amarga saka iku wong-wong Yahudi pada ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!” 11 Nanging wangsulane wong mau: “Tiyang ingkang nyrasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: “Paturonmu angkaten, lumakua!” 12 Wong-wong Yahudi banjur pada akon: “Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua!” 13 Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono.

Wong-wong kang teka ing bangsal-bangsal blumbang Betesdha seneng banget, kajaba golongan legalis kang fanatik. Wong-wong kang banget fanatik iku dadi nesu banget, mligine awit anane kewarasan ing dina sabat. Wong lumpuh iku ora mung diwarasake, nanging Panjenengane paring dhawuh marang wong lumpuh iku supaya ngangkat paturone lan ngawa paturon mau nglewati dalan-dalan ing kutha iku. Lelakon mengkono iku dirasa wis nindakake dosa marang Allah lan angger-anger dina Sabat. Yen ing dina sabat iku kabeh penggawean kudu mandeg, ing dina iku dina kanggo leren. Kabeh kang nerak paugeran iki pantes nampa paukuman pati (Wilangan 15:32-36) . Wong-wong Yahudi duwe keyakinan manawa sang Mesih durung bakal rawuh, kajaba kabeh bangsa iku wis mbangun turut paugeran sabat kanthi tertip.

Wong-wong Yahudi ora banjur ngrajam wong kang nggawa paturone mau nganggo watu nalika iku, awit pancen kudu ada pemut luwih dhisik sadurunge paukuman ditindakake. Kelahe wong-wong mau sejatine uga sawijining anceman. Wong lagi wae diwarasake iku mbela awane kanthi ngandakake apa yang dadi dhawuhe Gusti Yesus. Ngangkat paturaon salah sawijining syarat supaya warase sempurna.

Golongan legalis dadi nesu banget lan babar pisan ora seneng karo patrap nyarasake iku. Wong-wong mau ora bisa ndeleng panguwasa katresnan kang dipratelakake gusti Yesus lumantar kewarasan iku. Wong-wong mau wiwit ngrembuk kinanthenan kanepson lan rasa sengit marang pribadi kang nyarasake iku. Panjenengane wani dhawuh marang wong lumpuh iku ngangkat paturon ing dina Sabat. Dadi gusti Yesus, ing sajroning pandelengen wong-wong mau, wong kang nerak lan pantes diukum mati.

Wong kang disarasake iku ora tepung karo sing marasane, awit gusti Yesus wong manca ing kana. Iki patuwen kang kapisan ing Betesdha. Sawise nyarasake Pnjenengane kaya ilang mengkono wae. Gusti Yesus orang ngersakake yen iman marang Panjenengane kalandhsan mukujijat, nanging marang pribadi Panjenengane, kang kebak katresnan.

YOKANAN 5:14-16
14 Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti ketaman kang luwih banget.” 15 Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus. 16 Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padaha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.

Gusti Yesus ketemu maneh karo wong kang diwarasake Panjenengane lan nyempurnakake kewarasane iku kanthi merdikaake wong iku saka dosa-dosane. Panjenengane ketemu wong iku lagi ana ing Pedaleman Allah ngluhurake Allah. Wong kang wis diwarasake mau rumangsa wedi lan uga bingah nalika dheweke ndeleng gusti Yesus. Kita ngerti apa kang dingandikaake marang wong kang diwarasake mau: Kowe wis waras. Elinga kaya ngapa ngedap-edapine kaelokan kang wis dumadi atas awakmu. Kowe wis lara 38 tahun. Iki pakaryane Allah, dudu pakaryane manungsa. Gusti Allah kang ngejawantah iku dhewe kang wis mbuka mripat batinmu. Kowe ngerti dosa-dosamu. Urip tanpa gusti Allah wis dadi jalaran saka kabeh kacilakan iki. Kanthi kewarasan kang ndak paringake marang kowe, kabeh dosa-dosamu diapura. Supaya kewarasan iku uga dadi kewarasane panguripan batinmu, gusti Yesus njaluk supaya wong iku mbangun turut lan ora nindakake dosa maneh. Nampani pangapura dosa mbutuhake anane putusan kanggo ora bali marang dosa kang padha. Wong kang nampani pangandika Sang Kristus kang duwe panguwassa, lan mretaobat awit keprihatinan atine, lan nampani panguwasane Allah, lan bisa ngalahake piala kanthi pitulungane Allah. Sang Kristus ora njaluk prekara-prekara kang mokal saka kita, nanging maringi kita Sang Roh supaya kita duwe panguasa kanggo ngalawahk goda jasmani kita lan rerasan sengite kita. Sang Roh kayekten iku paring kabisan kita supaya ngedohi lan lumawan piala.

Kala-kala kasusahan lan kelaran iku dumadi awit paukuman, krana katresnane Allah kang bener-bener duwe kawigaten kanggo nuntun kita bali marang Panjenengane. Ing wektu liyane kasugihan lan kahanan mewah bisa uga sawijining paukuman Allah atas wangkoting kita marang Allah. Wong iku diregem dening Iblis, kang nuntun dheweke marang kahanan kalah kang langgeng. Aja dolanan karo dosa, nanging akoni belok panjenengan kang agawe panjenengan tiba ing prekara tartamtu, lan nyuwun marang Sang Kristus paring kamardikan panjenengan. Aja ngadeg ing tengah antarane gusti Yesus karo dosa panjenengan. Ejuren ati panjenengan kang bengkong kebak dosa. Janjia marang Sang Juru selamet panjenengan ing sajroining prejanjian. Panjenengane bakal nylametake panjenengan nganti pungkasane.

Kaya ngapa anggone ngagetake! Sawise krungu pitutur gusti Yesus wong kang lagi wae diwarasake iku banjur mlayu marang wong-wong Yahudi, lan nyaritakake marang wong-wong mau bab wong Nazaret kang wis marasake lan nuntun dheweke “nyimpang” saka paugeran bab dina Sabat. Wong-wong legalis bisa uga duwe pengarep-arep manawa wong kang diwarasake iku gelem dadi telik sandine kanggo ngawasi gusti Yesus supaya dadi jalaran bisa luwih gampang nyekel gusti Yesus.

Rasa sengit kang dikatonake dening para imam nalika gusti Yesus nyuceni Pedaleman Allah orang kaya sengite wong Farisi marang gusti Yesus, yaiku sakwise Gusti Yesus anggone marasake iki. Sang Kristus wis ngremehake “kayekten” wong-wong iku, lan nuduhake manawa kayekten kang sejati ora ana ing anggone mbangun turut marang paugeran Torat kang kasurung dening patrap mentingake awake dhewe. Gusti Allah ngersakake anane Rahmat lan katresnan. Kasucen tanpa katresnan iku palsu. Gusti Allah ngersakake anane rahmat ing sajroning urip kita, dudu mung kanggo tata ibadah wae. Sukur marang Gusti Allah yen Panjenengane wis merdekaake kita saka ewon angger-angger legalisme, lan maringi kita paugeran katresnan minangka paugeran kang paling utama.

PITAKONAN:

  1. Kenapa wong-wong Yahudi nganiaya gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)