Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 035 (God works with His Son)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

2. Gusti Allah makarya karo Putra Panjenengane (Yokanan 5:17-20)


YOKANAN 5:17-18
17 Nanging Gusti Yesus ngandika: “RamaKu nindakake pakaryan nganti saprene, mulane Aku iya uga nglakoni pagaweanKu”. 18 Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Ramapiyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.

Sadurunge lelakon kewarasan ing Betesdha, wong-wong kang lumawan Gusti Yesus isih sithik wae. Nanging sawise lelakon iku anggone wong-wong lumawan gusti Yesus tambah – tambah. Satru-satru Panjenengane gawe putusan bakal nyedani Panjenengane. Awit saka iku mujijat dadi wiwitan rubah gegayutane antarane gusti Yesus karo wong-wong Yahudi. Gusti wiwit lelakon iku dianiaya lan mlebu cathetan wong kang mbebayani. Apa alesan kang dadi owah-owahan iki?

Ana cengkahan kang panas kang dumadi antarane cara urip kang adedhasar katresnan saka Sang Kristus karo panguwasa saka Paugeran Torat. Ing sajroning Prejanjian Lawas manungsa urip kaya ing sajroning kahanan ing pakunjaran. Akeh aturan paukuman kang diwetokake kang meksa uwong supaya mbangun turut paugeran iku kanthi teliti banget; awit kayekten sawijining hasil saka panggawe becik. Wong-wong kang mursid mbudidaya supaya ora nerak perangan sinadyana cilik pisan saka parintah-parintah iku lan mbudidaya kanggo dadi keparenge Gusti Allah. Anggone mbangun turut marang Paugeran Torat dadi landhesan anane rasa kumingsun lan urip kang tanpa katresnan. Awit bangsa iku urip ing sajroning prejanjian karo Allah lan ditetepake nglakoni paugeran kabeh minangka jejering bangsa, sebanjure wong-wong kang keladuk mbudidaya meksa wong kabeh supaya mapanake awake karo paugerane kang orang kapetung gunggunge. Kang penting dhewe saka kabeh mau yaiku larangan nyambut gawe ing dina sabat. Kaya dene gusti Allah anggone mandeg nyambut gawe dina kaping pitu saka pakaryane anyipto, mengkono uga manungsa dilarang nindakake penggawean apawae ing dina ibadah iki, kanthi kaancam paukuman pati kanggo sing nerak.

Dadi dina sabat wis dadi cancangan kang dumadi antarane wong-wong Yahudi karo Allahe, lan dadi tanda anane Panjenengane ing antarane bangsa iku, kaya-kaya ora ana dosa kang liya kang tau ditindake wong-wong mau marang Gusti Allah kang bisa ngrusak keselarasan gegayutan iku.

Gusti Yesus kagungan siji jawaban kang gampang marang wong-wong Farisi kang kelah panerak kang ditindakake Panjenengane ing dina Sabat, kanthi negasake manawa “Gusti Allah nindakake Pakaryan.” Kita maca tembung “nindakake pakaryan” utawa tembung kang memper karo iku katulis kaping pitu ing sajroning pratela gusti Yesus marang wong Farisi. Jawaban Panjenengae atas tindak tanduk legalismene(anggone mbangun turut karo paugeran) wong-wong mau yaiku kanthi mratelakake gegayutan panggawe katresnane Allah. Kepiye bisa dumadi Allah mandeg nyambut gawe nganti saiki ing sajroning pakarya anggone anyipto, kamangka Panjenengane isih makarya nganti dino iki? Wiwit dosa mlebu ing sajroning jagat iki, lan pati nyemerake kabeh titah, lan jagat raya pinisah karo sumber, Gusti Allah wis kanthi panguwasane makarya kanggo nylametake wong-wong kan ilang, lan mbalekake para pambalela ing sajroning patunggalan karo Panjenengane. Kasucen kita dadi karsa Panjenengane, yaiku supaya kita ngerti katresnan Panjenengane ing sajroning kasucene.

Anggone marasake ing dina Sabat iku dadi gambaran saka hakekat pakaryane Allah. Gusti Yesus martakake sih rahmat lan nuduhake patrap-patrap katresnan, sinadyana nalika patrap iku katone nerak paugeran torat. Katresnan iku wujud kelakone saka paugeran Torat. Anggone marasake ing dina sabat iku serangan langsung marang patrap mursid kang palsu, kang ora duwe katresnan.

Sebanjure wong-wong Yahudi iku nguwuh, “Yesus nerak Paugeran Sabat! Tulung! Cagak-cagak utama saka prejanjian diebrukake. Satru paugeran Torat iki patrape nampik, lan njumenengake sarirane dadi kang paring paugeran anyar, kang mbebayani banget kanggo bangsa kita.”

Ora ana wong siji wae kang nggatekake katresnane Sang Kristus marang wong-wong kang asor, lan wong-wong mau uga ora ndeleng kamimpangan Panjenengane ing jagat iki. Wong-wong mau tetep wuta awit anggone fanatik. Aja kaget menawa wong-wong ing jaman saiki uga ora bisa tepung gusti Yesus minangka Juru selamet, awit patrap wangkot iku.

Wong-wong Yahudi nesu banget marang gusti Yesus awit “nyenyamah”, kang ana ing pikirane wong-wong mau awit Panjenengane ngandika yen Gusti Allah iku Rama Panjengane. Tembung iki banget dene ala kaggone wong-wong mau. Awit saka iku wong-wong mau mbengok, “Gusti Allah iki siji; Panjenengane ora duwe Putra”. Kepiye dene gusti Yesus nyebut Allah iku Rama Panjenengane?

Prekara iki tambah miyak anggone ora ngerti wong-wong iku; wong-wong iku ora urip ing sajroning pamisike Sang Roh suci, lan uga ora sinau kanthi tenan isine Kitab suci. Awit akeh banget pameca bab Allah minangka jejere Sang Rama ing kono. Gusti Allah, wis nyebut putra-putra prejanjian Panjenengane dadi “PutraningSun” (Pengantesan 4:22; Hosea 11:1). Sawetara bangsa iku nyebut Allah kanthi sesebutan “Rama” (Pengandaring torat 32:6; Mazmur 103:13; Yesasa 63:16; Yermia 3:4,19 dan 31:19). Gusti Allah nyebut Raja kang pracaya marang Panjenengane minangka “PutraningSun” ( II Samuel 7:14). Nanging ora ana siji wae pribadi ing antara bangsa Prejanjian iku kang diparingi hak nyebut Allah iku dadi “Rama”. Iki banget mokal kanggo pikirane wong-wong Yahudi , lan dianggep minangka patrap gumedhe kang ngedap-edapi banget. Wong-wong Yahudi ngerti janji manawa Gusti Yesus, sang Mesih, asale saka Allah, kang nuntun marang urip langgeng. Anggone serik wong-wong marang gusti Yesus nuduhaken anggone orang pecaya marang Panjenengane minangka jejere sang Mesih.

Gusti Yesus paring wangsulan marang wong-wong Yahudi bab anggone wedi marang apa kang dingandikaake Panjenengane kanthi ngandika cetha yen Panjenengane nindakake pakaryan kang padha karo Sang Rama Panjenengane kanthi kawicaksanan lan katresnan. Gusti Yesus negasake yen Panjenengane bisa nindakake kabeh prekara pada karo Gusti Allah. Tanggapan wong-wong Yahudi marang pikiran kang mengkono banget keras lan kasar. Kabeh wong kang ngangkat awake ing sajrone kalungguhan padha karo Gusti Allah kudu dipateni. Wong-wong Yahudi sengit marang gusti Yesus kang dianggep ngremehake Gusti Allah lan pantes dipatrapi paukuman pati.

YOKANAN 5:19-20
19 Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra. 20 Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padaha gumuna.

Gusti Yesus paring jawaban bab anggone sengit wong – wong Yahudi iku karo katresnan, lan ngadhepi rasa sengite iku karo nuduhake marang pakaryan katresnan Allah. Ya, Sang Putra nindakake apa kang ditindakake dening Sang Rama. Gusti Yesus ora nindakake apa wae atas kersane piyambak wae. Kamanunggalan Panjenengane karo Allah yaiku padha cerake karo anak kang nggatekake bapake saka cerak, ndeleng marang tangane bapake kepiye sawining prakara iku dirampungake; lan anggone nindakake pas kaya kang ditindakake bapake. Ayo kita mbudi daya mangerti manawa kita mung abdi-abdi kang ora ana gunane, kang ditimbali kanggo nyucekake asma sang Rama dikaya kang ditindakaken dening Gusti Yesus.

Kanthi anggone nyingkur awake dhewe lan anggone andap asor, gusti Yesus namani panguwasa nindakake pakaryan Rama Panjenengane. Sebutan, asma lan pakaryan kang ditindakake sang Rama, yaiku kagungan Panjenengane uga. Panjenenane iku Allah kang sejati lan kang langgeng, kagungan panguwasa, kebak katresnan, lan luhur. Manunggale Panjenengane karo Allah sampurna.

Gusti Allah Sang Rama nresnani Sang Kristus awit anggone nyingkur awake dhewe iki, lan ora nyingitake prekara apa wae saka Panjenengane. Panjenengane ngedum hak-hak Panjenengan, rancangan-rancangan lan pakaryan Panjenengane karo sang Putra. Ing sajroning sesebutan iku kita ndeleng anggone negasake kang cetha banget gegayutan kamanunggal saka tri tunggal-kamanunggalan katresnan ing sajroning tumindak. Awit Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci makarya bareng ing sajroning kabeh prekara, kita kudu rumangsa kalipur ing sajroning pangerten manawa Tri tunggal kang Suci makarya tanpa mandheg-kanggo mungkasi kabeh peperangan, anggone sengit, lan anggone nindakake kekerasan ing sajroning jagat. Kayangapa gedhe bedane antarane kamanunggalan katresan kang makarya, kanthi legalisma kang sejatine ora nindakake apa-apa.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka ngutus putra Paduka kangge kawula. Ing salebetipun pakaryan Paduka, paduka mratelakakean dhumateng kawula menapa ingkang paduka tindakake, lan sinten sejatosipun Paduka. Paduka merdekaaken kawula saking sadaya pakaryan legalisme supados kawula saget milih pakaryan saking katresnan. Kersanipun kawula mratobat saking raos fanatik, lan nyuwun dhumateng Paduka kangge tiyang-tiyang ingkang taksih wuta secara kasukman supados tiyang-tiyang menika saget ningali kamardikan saking katresnan Paduka, lan teluk dhumateng paduka ing salebetipun pambangun turut ingkang kebak alusing bebuden.

PITAKONAN:

  1. Kadospundi lan kenging menapa Allah makarya kaliyan Putranipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:35 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)