Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 028 (Jesus leads the adulteress to repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
4. Gusti yesus ing Samaria (Yokanan 4:1-42)

a) Gusti Yesus nuntun wong wadon kang gaweane laku zino marang pamratobat (Yokanan 4:1-26)


YOKANAN 4:1-6
1 Bareng Gusti Yesus mirsa yen wong Farisi wus pada krungu pawarta yen kang manjing dadi sswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan, 2 –sanadyan dudu gusti Yesus piyambak kang mbaptis, nanging mung para sakabate- 3 Panjenengane tumuli nilar tanah Yudea, tindak wangsul menyang ing tanah Galilea. 4 Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah samaria. 5 Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening rama Yakub marang kang putra Yusuf. 6 Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika sasmana kira-kira wayah jam rolas.

Sang penginjil nyebut Yesus “Gusti”, Panjenengane kang nyepeng pusaraning pemerintahan minangka jejeripun raja kang langgeng atas sejarah. Panjenengane kang paring paukuman lan uga paring sih rahmat. Panjenengane nuntun wong-wong lan ngadhili. Sang Penginjil mirsani kamulyan Panjenengane, lang ngurmati Panjenengane kanthi sesebutan kang banget agung iki.

Wong-wong Farisi wis miwiti ngerigake wong, nyawisake kanggo miwiti peperangan. Kotbahe Sang Kristus ing Yudea sawijining kotbah kang kasil lan pinter. Panjenengane nimbali wong-wong supaya mratobat, ngakoni dosa-dosane, dikaya kang ditindakake Nabi Yokanan Pembaptis. Kaya-kaya ing wektu iku Panjenengane nggenteni apa kang ditindakake Nabi Yokanan Pembaptis (sinadyana Panjenengane dhewe ora mbaptis, lan mung menehi wewengan marang para murid Panjenengane, awit para murid pancen asale saka kelompok Yokanan). Gusti Yesus mulangake manawa banyu baptisan babar pisan ora ana tegese kajaba mung lambang kanggo baptisan Sang roh suci. Nanging wektu baptisan sang Roh suci durung teka, lan Panjenengane dhewe ora nindakake mbaptis.

Nalika anggone lumawan wong Farisi marang gusti Yesus tambah, gusti Yesus tindak menyang laladan Elor. Wektu adhepan kanthi tinarbuka karo wong Legalis iku tekan. Gusti Yesus luwih milih nyingkrih nglewati laladan pegunungan iku lan mlebu ing Samaria, kanthi dalan nrabas tumuju Galilea.

Wong-wong Samaria iku dudu sawijning golongan kang dikenal ing sajroning Prejanjian Lawas, awit wong Samaria iku golongan sakperangan wong-wong campuran karo getihe wong Israel. Nalika bangsa Asyur merangi Samaria ing tahun 722 Sm, lan mbuwang saperangan gedhe saka tedak turune Abraham menyang Mesopotamia, Pemerintahan Asyur mau uga mapanake golongan bangsa-bangsa liya ing Samaria. Kanthi mengkono kawin campur iku dumadi, kang uga andadekake campure imane.

Gusti Yesus rawuh ing Sikhar cerake sikhem, punjer uripe para Bapa Leluhure kang sabenere. Ing kana uga dumadi lelakon prejanjian antarane Yosua bebarengan bangsane karo Gusti Allah (Purwaning dumadi 12:6 lan Yousa 8:30-35). Ana kana ana sumur tuwa, kang diakoni sumur tinggalane Rama Yakub (Purwaning dumadi 33:19). Balung-balunge Yusuf uga dikubur ing cerake Nablus (Yousa 24:32). Dadi laladan iki dadi punjering sejarah ing jaman Prejanjian Lawas.

Gusti Yesus lenggah ing pinggiring sumur kuwi, sawise krasa sayah awit saka anggone tindak adoh lan uga awit saka sumeleting panas srengenge. Panjenengane iku manungsa sempurna, kang ngrasakake sasyah lan ngelak, ora mung ayang-ayang utawa ayang-ayange Allah wae – dadi manungsa kinanthenan kabeh anane karingkihane manungsa.

YOKANAN 4:7-15
7 Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Aku wenehana ngombe!” 8 Awit para sakabate lagi padha menyang kutha tuku pangan. 9 wong wadon mau banjur munjuk: “Kadopundi dene Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong samaria). 10 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.” 11 Unjuke wong wadon mau: “Bendara, Panjenengan boten kagungan timba mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggen Panjenengan angsal toya gesang punika? 12 Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringake sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun.” 13 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh, 14 nanging sing sopo ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur teus tumeka ing uri, langgeng”. 15 Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”

Sawetara gusti Yesus jumeneng ing sacedhake sumur iku, ana wong wadon Smaria teka arep ngangsu. Wong wadon mau tekani ora wayah esuk utawa sore kaya kang dadi pakulinane wong wadon liyane, nanging ing wayah awan. Wong wadon mau ora kepengin ketemu sapa wae; ngrasake uripe kang ala, dheweke dienyek dening wong kabeh saben dheweke lunga menyang ngendi wae. Gusti Yesus bisa mirsani ati kang mengkono iku saka kadohan, lan bisa ngrasakake pepinginane supaya uripe kasucekake. Panjenengane mutusake paring pitulunggan marang wong wadon iki; Panjengane orang ngandikaake bab sepuluh Paugeran Allah, lan Panjenengane uga ora melehake, nanging Panjenengane mung njaluk ngunjuk. Nanging nalika wong wadon iku ngreti yen Panjenengane wong Yahudi wong wadon mau mangun-mangu. Awit pancen ana jurang pamisah antarane bangsane karo bangsane gusti Yesus. Jurang iku amba banget nganti loro-loro bangsa iku ora sapa aruh lan ora senggol sinenggol barang darbeke awit rumangsa wedi nek nganti najis. Gusti Yesus kosok baline, malah atindak kaya-kaya ora ana blah pisah ing antarane golongan loro iki, lan nuduhake kurmate marang wong wadon iku lumantar panjaluke iku.

Tujuan Sang Kristus yaiku ndadeake wong dosa ngrasakake ngelih marang Allah. Awit lelakon iku dumadi ing sumur; pas banget rerembugane prekara banyu. Rerembugan iki andadekake pepinginane wong wadon iku, babagan sih rahmat Allah. Panjenengane mratelakake marang wong wadon iku sihi Gusti allah kang dadi tujuan. Dudu paukuman kang bakal di tampa awit saka anggone getun bab dosane, nanging nugrahane allah kang dicawisake kanggo dhewwke ing sajroning sih rahmat. Kaya ngapa ngedap-edapine mujijat iki.

Nugraha ora teka ujug-ujug lewat angin kang midit nanging mung saka pribadi Gusti Yesus wae. Panjenengane kang paring kabeh talenta lan kabeh nugraha ilahi kang ana. Nganti tekan iki wong wadon iku isih ndeleng Gusti mung manungsa lumrah. Kamulyan Sang Kristus isih kalimputan saka pandelengan mripate, nanging katresnane kang murni wis sumunar jelas marang dheweke. Gusti Yesus ngandika marang wong wadon iku yen banyu urip iku Panjenengane kang kagungan. Ngombe banyu kasuwargan iku kang bakal nglegakake ngelaking ati. Kabeh manungsa kepengin anane katresnan lan kayekten, lan duwe pengarep-arep bisa bali marang Allah. Sing sapa sowan marang gusti Yesus bakal diparingi kalegan gegayutan rasa ngelake. Gusti Yesus nawakake marang wong-wong kang nyuwun prekara iku. Kita kudu ngakoni kabutuhan-kabutuhan kita, dikaya Gusti Yesus mratelakake kang dadi kabutuhan Panjenengane bab banyu. Saben wong kang ora gelem ngapurancang lan nyuwun, ora bakal nampa banyu kasuwargan kang ditawakake kanthi ora mbayar. Wong wadon iku gagal mangerti Gusti Yesus. Dheweke atur jawaban kanth tembung kang digunakna ing saben ndinane: “Panjenengan mboten gadhah timba kangge mendhet toya lan toyanipun lebet sanget, dados kados pundi panjenengan saget nyukani toya kula?”. Nalika iku wong wadon mau rumangsa bingung awit dheweke nampani kabecikan dan katresnan saka Gusti Yesus. Beda karo tangga teparone kang ora seneng marang dheweke, gusti Yesus babar blas ora ngremehake marang dheweke. Gusti Yesus beda banget karo wong wadon iku ing sajroning kaagungane, nanging senadyana beda tetep nresnani wong wadon mau ing sajronging kasucene. Durung tahu wong wadon mau ketemu wong kang suci mengkene iki. Awit saka iku wong wadon mau nyuwun pirsa: “Menapa Panjenengan langkung ageng tinimbang Rama kawula Yakub?” Menapa Panjnengan sawet kagungan rancangan nindakaken satunggalipun mujijat lan maringi kawula sumur ingkang enggal?

Gusti Yesus paring wangsulan kanthi nyethakake manawa Panjenengane ora ngandikan prekara toya kadonyan, awit sapa wae kang nglegakake rasa ngelake secara kajasundhuh banyu saka alam iki bakal ngrasakake ngelak maneh. Badan kita bakal terus nyerep banyu iku lan sebanjur badan kita mbuwang banyu iku.

Nanging, gusti Yesus maringi kita banyu urip, lan nglegakake kabeh rasa ngorong kasukman. Wong-wong kristen nggoleki Allah lan nemokake Panjenengane. Wong-wong Kristen iku dudu golongan ahli pikir kang mancarake pepadhang tanpa bisa madhangi. Gusti Allah ditemokake ing sajroning wong-wong kristen iku; wong-wong Kristen iku ngreti hakekat Panjenengane. Katresnan Panjenengane tansah cukup kanggo kita. Wahyu Panjenengane ora tahu dadi kuno utawa ketinggalan jaman, nanging tansah mancar, nganyarake pepadang saben dino lan kang nyegerake pangerten bab Gusti Allah ora mung bisa ngerti wae, nanging panguwasa, urip, padahang lan tentrem rahayu. Sang Roh suci iku nugrahane Allah kang dikaya banyu kasuwargan.

Kaping telu gusti Yesus mbaleni anggone negasake yen Panjenengane piyambak Kang paring banyu panguripan. Ora ana agama utawa golongan, ora ana pasaduluran utawi pamitran kang bisa nglegakake ngorong jiwa panjenengan, mung gusti Yesus juru selamet panjenengan.

Kabeh wong kang nampani sih rahmat Allah bakal dirubah. Wong-wong kang ngelak bakal dadi sumber banyu kang bakal mancar lan dadi berkah kanggo wong-wong liya, menehi marang wong-wong mau sih rahmat, kabungahan lan katresnan kinanthenan woh-woh Roh suci liyane. Manunggal ing sajroning Sang Kristus kita nampani sih rahmat demi sih rahmat, lan andadekake kita dhewe minangka sih rahmat Allah kanggo wong akeh.

Wong wadon iku rumangsa yen Gusti Yesus tulus ing sajroning rerembugan karo dheweke lan babar pisan dudu tukang sikir. Wong wadon mau banjur nyuwun banyu urip iku marang Panjenengane. Wong wadon mau ngakoni kebutuhane marang gusti Yesus, nanging tetap wae pikirane isih mbayangake menawa banyu iku banyu donya iki. Wong wadon iku mbayangake manawa dheweke nampa banyu iku, dheweke ora maneh nggawa klenting ing sirahe lan ora srawung karo wong-wong kang ngremehake dheweke.

PANDONGA: Gusti Yesus, Ingkang paring toya agesang. Paduka legakaken ngorong kawula bab kawruh lan katresnan. Apunten anggen kawula cemer wonten ing badan kawula; paduka sucekaken kawula saking samukawis cacad, kanthi makaten Sang Roh Suci saget mandhap atas kawula, lan nunggal ing salebetipun badan kawula ngantos selami-laminipun. Kersanipun kawula dados sumber toya, kanthi makaten kathah tiyang ingkang saget ngunjuk saking kaluberan Roh Suci Paduka, iankgnag dipun esokaken ing salebetipun gesang kawula. Paduka gulawenthah kawula bab alusing bebuden, pandonga, katresnan lan kaprecayan.

PITAKONAN:

  1. Apa sih rahmat kang diparingake dening Gusti Yesus marang kita? Apa syarat-syarate?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)