Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 079 (The Continuation of Paul’s List of the Saints)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

5. Sambungan saking dhaftaré Paulus ngenani asmané wong-wong pracaya sing ana ing jemaat ing kutha Rum (Rum 16:10-16)


RUM 16:10-16
10 Salam marang Apèlès, sing setya banget marang Gusti Kristus. Uga salam kanggo brayaté Aristobulus, 11 lan marang Hérodian, sedulurku tunggal bangsa. Salam marang sedulur-sedulur Kristen sing ana ing brayaté Narkisus. 12 Salamku uga marang Triféna lan Trifosa, sing padha nyambut-gawé akèh kanggo ngladosi Gusti, lan salam marang Pèrsis, sing daktresnani, sing wis akèh banget labeté ana ing pakaryané Gusti. 13 Aku kirim salam marang Rufus, abdi sing utama dhéwé ing ayahané Gusti, lan salam marang ibuné, sing salawasé ngrengkuh aku kaya anaké dhéwé. 14 Salamku marang Asinkritus, Flégon, Hèrmes, Patrobas, Hèrmas, sarta para sedulur Kristen liyané sing ana ing pepanthan kono. 15 Salam marang Filologus lan Yulia, marang Nérus lan mbakyuné, marang Olimpas lan marang umaté Gusti Allah sing ana ing pepanthan kono. 16 Padha anduma salam paseduluran, pasamuwan-pasamuwané Sang Kristus padha kirim salam marang kowé.

Paulus ngabari pasamuwan Rum bab nami-nami warga ingkang sampun dipun tepangi, ingkang sampun mangertos piwulang lan lelampahanipun Paulus. Pyambakipun negesaken dhumateng pimpinaning pasamuwan bilih pyambakipun sanes tiyang ingkang dereng dipun tepangi ing Rum, nanging utusan paladosanipun dhumateng pasamuwan Rum sampun dipun tepangi lan dipun tampeni kanthi temen.

Apeles nami ingkang sami kaliyan tukang gambar saking Yunani. Pyambakipun warga pasamuwan Rum ingkang sampun kathah pengalamanipun, ingkang setya dhumateng Sang Kristus nadyan ngalami kasangsaran lan momotan. Para sedhérék ing dalemipun Aristobulus mbokmenawi para batur ingkang sampun dipun merdikakaken, ingkang dipun sebat para sedhérék awit imanipun dhumateng Sang Kristus temah sami ingangkat dados putra lan kaenggalaken.

Herodion tiyang Kristen Yahudi ingkang manut dhumateng angger-anggering Toret lan ugi dhumateng pepakenipun Sang Kristus. Pyambakipun sedhérékipun Paulus saking suku bangsanipun.

Dene isi griyanipun Narkisus, Paulus boten tepang kaliyan nami-naminipun, nanging sadaya sampun dados tiyang kristen ingkang setya, dados kagunganipun Sang Kristus, lan sami ngakeni pengalam rohaninipun. Trifena lan Trifosa sasedhérék putri ingkang dipun tepangi nggadhahi greget ageng lelados minangka abdinipun Gusti. Persis abdinipun Gusti ingkang kaping tiga, ingkang dipun tresnani dening Paulus dedasar pakulinan rohaninipun, ingkang netepi menapa ingkang dipun pitadosi, ingkang makarya sengkut kagem Gusti Yesus.

Paulus maringi julukan ingkang elok dhumateng Rufus, inggih punika. “wong pilihan ana ing Gusti”, ingkang nedahaken bilih pyambakipun putranipun Simon tiyang Kirene ingkang mikul kajeng salibipun Gusti Yesus (Mrk. 15:21). Ibunipun Rufus rupinipun nindakaken paladosan sesarengan kaliyan Paulus ing Timur Tengah, awit Paulus nekseni bilih wanita setya punika sampun dados ibu tumraping Paulus, nggatosaken pyambakipun lan nyantosakaken sanget.

Paulus ngintunaken salam dhumateng kalih kelompok tiyang pitados, lan nyebataken nami-naminipun, awit Paulus kepengin pitepanganipun dhumateng tiyang-tiyang punika dipun sumurupi dening pasamuwan. Asinkritus, Flegon, Hermes, Patrobas, Hermas lan sedhérék-sedhérék ingkang sami nunggil, punika kelompok sepisan ingkang kasebat minangka sedhérék wonten ing Gusti Yesus. Dene kelompok kalih: Filologus, Yulia, Nereus lan sedhérék putrinipun, Olimpas lan sadaya tiyang suci ingkang sami nunggil, punika warga greja ing griya. Tiyang-tiyang ingkang dipun sebat naminipun punika tiyang-tiyang ingkang gesang manut tuntunanipun Roh Suci, lan woh-wohing Roh Suci ketingal ing pigesanganipun sesarengan kaliyan Panjenenganipun ingkang sinalib lan ingkang sampun wungu saking kasedan, minangka Gusti lan Juruwilujengipun, sarta nampi kanugrahaning Roh Suci lan pangwasanipun ingkang langgeng.

Paulus nutup daftar nami-naminipun tiyang-tiyang suci ing Rum lan nyuwun supados sami uluk salam minangka lambang patunggilanipun ingkang suci, rohani lan pasedhérékan wonten ing Sang Kristus. Langkung malih, Paulus ngintun salam dhumateng sadaya tiyang pitados lan pasamuwan ingkang wonten ing Timur Tengah, minangksa sesulihipun pasamuwan ing ngrika.

Tiyang ingkang nggatosaken nami-nami punika bade mangertos bilih greja ing jaman semanten sanes satunggaling wewangunan saking sela, nanging pasamuwanipun tiyang-tiyang pitados ingkang manunggal sesarengan ing griyanipun pyambak-piyambak, ingkang dipun dening Paulus minangka padalemanipun Roh Suci ing Rum. Tiyang-tiyang punika dumugi saking maneka warna panggenan dhumateng ibukota lan mbangun satunggaling greja internasional mawi basa lan budaya warni-warni. Nanging sadayanipun sami nekseni kanthi satunggal swanten bab asmanipun Sang Kristus lan rahipun, bab kayekten ingkang dipun tampeni. Mbokmenawi kita nyumurupi nami-nami ingkang seda dados martir ing mansa panganiaya ageng ingkang dipun tindakaken dening Nero, ratu Rum ingkang bengis. Ratu punika nangkepi tiyang-tiyang kristen, sami dipun gantung, lan dipun siram lisah umub lajneng dipun obong utawi dipun godhog ing toya umub ing latu.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun ngempalaken jemaatipun Gusti Yesus wonten ing kitha Rum, lumantar tuntunan saking Roh Suci, nganggé basa ingkang mawarni-warni; lan jemaat punika dados lambang titah ingkang énggal amargi gesang langgeng sampun manggén wonten gesangipun tiyang-tiyang punika. Paringana dhumateng kawula kekiyatan supados boten keséd lan supados kawula saged ugi nampi tiyang-tiyang sanés ingkang ugi nresnani sang Rama, Putra lan Roh Suci, Gusti Allah ingkang setunggal.

PITAKON:

  1. Apa kang bisa kita sinauni saka asmané wong-wong pracaya kang disebutaké ana ing dhaftar iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 11:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)