Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 080 (A Warning against the Deceivers)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

6. Pawanti-wanti ngenani anané wong kang bakal ndadékaké keblinger (Rum 16:17-20)


RUM 16:17-20
17 Para sedulurku, aku weling supaya kowé padha waspada ing ngatasé wong sing padha nekakaké crah lan mbuyaraké kaprecayan lan sing padha memulang cengkah karo piwulang sing wis padha koktampa. Wong-wong sing kaya mengkono kuwi singkirana. 18 Sebab wong-wong sing kaya mengkono mau ora ngladosi Gusti Yésus Kristus, nanging nggugu karepé dhéwé. Wong-wong mau padha ngapusi wong sing kaprecayané lugu, srana tembung, pengalem lan pangrimuk. 19 Saben wong wis padha ngerti bab kasetyanmu marang Injil, lan ing bab prekara kuwi aku rumangsa begja. Pengarep-arepku kowé padha tumindaka klawan kawicaksanan ing bab prekara-prekara sing becik, lan dadia wong sing bodho tumrap prekara-prekara sing ala. 20 Lan Gusti Allah etuking katentreman kita, bakal ngremuk Iblis ana ing sangisoring tlapakané sikilmu. Sih-rahmaté Gusti Yésus anaa ing kowé kabèh.

Ing pungkasaning layangipun, Paulus mbokmenawi énget bilih tiyang-tiyang ingkang fanatik dhumateng pepakenipun Musa wiwit netepaken pepakenipun Musa lan adatipun Yahudi dhumateng grj griya ing Rum. Pepaken punika antawisipun ngengingi tetedhan, siyam, ngibadah ing dinten Sabtu -sanes Minggu, netepi adat Yahudi saderengipun netepi pranatan Kristen.

Paulus mengertos pacoben saking piawon lan bebaya dhawah dhumateng piwulang nyasar. Miturut piwulang nyasar salib Sang Kristus boten cekap saged nylametaken, sadaya kedah gondelan dhumateng pambudidayanipun pyambak lan ngugemi saha netepi pepakenipun Musa kanthi temen.

Paulus ningali sang piawon nyerang kayektenipun Sang Kristus, ingkang sampun ngapunten tiyang dosa kados ingkang kasebataaken “Saben wong ingkang pracaya lan kabaptis bakal kaslametake, nanging sapa ingkang ora pracaya bakal nemu karusakan.” Tiyang-tiyang ingkang njungkir walikaken kabugrahanipun Sang Kristus lelawanan kaliyan wewaton ing Jabur 14:3 “Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bejad, ora ana ingkang gawe becik, sijia bae ora ana.”

Paulus nyebataken risaking kasusilanipun manusa wonten ing serat Rum, kanthi nandesaken margining Sang Kristus minangka margining kaslametan (Rm. 3:9-24). Tiyang-tiyang Yahudi mbudidaya murungaken piwulangipun Paulus ing pasamuwan Rum. Pramila Paulus ngengetaken pasamuwan ngengengi kelompok ingkang goroh punika.

Ing pepanggihan wiwitan kaliyan para rasul ing Yerusalem lan wawan rembag kaliyan ingkang fanatik, Paulus ngendika “Milanipun kados pundi dene panjenengan sadaya sami nyobi dhumateng Gusti Allah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ing pundhakipun para siswa, ingkang leluhur kita utawi kita pyambak boten kiyat ngrembat. Kosokwangsulipun kita pitados bilih kita bade tampi karahayon margi saking sih rahmatipun Gusti Yesus Sang Kristus kados dene sedhérék-sedhérék punika.” (Pr. Rasul 15:10-11).

Nalika Petrus nyobi nebihaken Gsti Yesus saking kasangsaran lan panyaliban, Gusti Yesus dhawuh “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganku, sebab kowe ora mikir apa ingkang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manusa.” (Mat. 16:23).

Pambudidayanipun manusa murungaken salibipun Sang Kristus lan netepaken karahayon srana pambudidaya pribadi bade gagal. Mekaten ugi pambudidaya mbangkitaken humanisme (kamanungsan) dados endah, punika nglawan kanugrahanipun Allah. Saben tiyang ingkang nggayuh swarga srana pambangunturut dhumateng pepaken sjatosipun nampik kayekten riwayat panyaliban lan panebusanipun Sang Kristus, sejatosipun saweg dhawah ing pambujukipun Iblis.

Paulus ngengetaken tiyang-tiyang pitados ingkang saweg bingung ing Rum kanthi ngendika “Ngati-atia tumrap para wong goroh iku, ngadoha lan aja ngijini wong-wong iku ngomong ing pakumpulaning greja omahmu... padha gondhelana marang Panjenengane ingkang sinalib lan wungu saka seda, lan kowe bakal urip selawase.”

Paulus ugi ngalembana tiyang-tiyang pitados ing Rum kanthi ngendika “Aku bungah marga imanmu ingkang sejati lan katresnaning rohanimu, marga kowe wus blajar mbangunturut ing tuntunaning Roh Suci... Marga saka iku, ngupadia kawicaksanan saka Gusti Yesus ingkang gesang supados kowe bisa mbedakake apa ingkang becik lan ingkang ala. Lakonana apa ingkang becik, lan tinggalna ingkang ala. Nyuwuna tuntunan marang Gusti supados teguh ing Injil supados Panjenengane nuntun kowe marang iman ingkang bener, lan urip ingkang tentrem karo Allah.”

Paulus ugi maringi janji ingkang aneh ingkang boten saged kapanggihaken ing perangan sanes Kitab Suci, “Muga-muga Gusti Allah ingkang dadi etuking tentrem rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.” (Rum 16:20). Allah bade ngawonaken piawon samangsa Sang Kristus rawuh malih saking swarga. Paulus nandesaken bilih pasamuwan Rum punika sarira rohaninipun Sang Kristus, temah pasamuwan bade ngalami kados pundi ingkang Mahakawasa nglebur sang piawon, awit sami gesang wonten ing Sang Kristus, lan Sang Kristus gesang ing gesangipun.

Paulus nyenyuwun dhumateng Gusti Yesus supados Panjenenganipun ngrimati tiyang-tiyang pitados ing Rum saking pacobenipun sang piawon, lan supados neguhaken tiyang-tiyang punika ing sih kanugrahanipun, amargi sih panugrahan dados kunci karenanipun Rama, Putra lan Roh Suci.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, Paduka mucal kawula supados ndedonga, “Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon,” Mugi Gusti bukakaken mripat kawula supados saged nyawang Paduka ngasoraken si jahat, sarta ngreksa kawula saking saben upaya nebus dhiri kawula piyambak, amarga amung Paduka kémawon, boten wonten sanésipun, ingkang dados Juruwilujeng kawula.

PITAKON:

  1. Apa kang dadi tujuan saka pacobané si jahat iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 11:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)