Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 009 (The Righteousness of God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

c) Bebeneré Gusti Allah kang dicethakaké ana ing urip kita lumantar iman kang tatag (Rum 1:16-17)


RUM 1:17
17 Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya.”

Wonten satunggaling dilema utawi kalih kawontenan ingkang sami-sami ewed nanging kedah kapilih salah satunggal. Dilema menika ing babagan teologi bab kayektenipun Allah. Menawi agami menika namung ethok-ethok, dilema menika boten badhe tuwuh. Nanging, kita nyinau bilih kasucenipun Allah njegsani bilih sadaya manusa dosa kedah pejah, lan nyatanipun boten wonten manusa ingkang leres ing ngarsanipun Allah, kita dados prihatos sanget, karana sadaya manusa kedah pejah. Nanging Gusti Allah menika sanes namung Jegsa ingkang adil lan suci, Panjenenganipun ugi Rama ingkang kebak sih rahmat, kebak sih katresnan, kasaenan lan sabar drana. Panjenenganipun boten badhe numpes manusa dosa, nanging malah mitulungi rahayu. Karana kasucenanipun, Allah boten saged ngapunten sinten kemawon lan kapan kemawon ingkang dipun kersakaken, nadyan Panjenenganipun kersa ngapunten sadaya tiyang kanthi mardika, karana kaagunganipun Allah nerangaken kawontenanipun.

Minangka margining pangluwaran tumrap prekawis menika, Panjenenganipun ngasta sesulihipun ingkang pantes dados kurban, ingkang seda dados lintuning manusa dosa. Karana boten wonten kewan lan manusa ingkang saged njangkepi sarat kasucenipun Allah, Panjenenganipun milih Putranipun pribadi, supados Panjenenganipun dados manusa ing titi wanci ingkang sampun pinesthi, kangge seda nglintoni kita, nebus dosa-dosa kita, lan ngleresaken kita. Nanging isining serat Rum sanes bab kaleresan kita, nanging bab kayektenipun Allah pribadi: Kados pundi Panjenenganipun tetep leres, nadyan Panjenenganipun sampun ngleresaken kita ingkang sejatosipun tiyang-tiyang dosa? Namung Sang Kristus ingkang dados wangsulan tumrap pitakenan menika.

Tiyang-tiyang ingkang ngukuhi angger-anggering Toret nyupatani salib srana mungel: “Manawa manusa bisa dibenerake srana iman marang Sang Kristus, ayo kita padha saya akeh gawe dosa, lan kanugrahaning Sang Kristus kang sinalib bakal saya mbenerake kita.” Paulus nyupatani tiyang-tiyang menika lan nyekseni bilih bilih iman Kristen boten namung bab kapitayan, nanging ateges gesang kaliyan Sang Kristus, ingkang pangwasanipun makarya wonten ing kasekengan kita, lan Panjenenganipun ngedalaken woh-wohipun wonten pigesangan kita. Ndherek Sang Kristus menika memper kaliyan rante ingkang nyambungaken satunggal lan sanesipun menika iman ingkang kapenuhan raos sokur lan katresnan dhumateng Sang Kristus ingkang ngleresaken, nucekaken lan nyampurnakaken kita. Kita sanes juru wilujeng tumrap dhiri kita piyambak, nanging kita mbikak manh kita dhumateng sih kanugrahanipun Allah. Tiyang-tiyang ingkang kaleresaken badhe gesang srana iman kemawon. Tiyang-tiyang menika dumugi saking iman lan tumuju dhateng iman, lan boten nganggep dhiri pribadi leres karana dhirinipun piyambak. Sang Kristus sampun ngleresaken tiyang-tiyang menika, ngrimati lan nucekaken tiyang-tiyang menika saben dinten lumanytar pakaryaning Roh Suci.lah makaten, Allah terus dados leres, karana Panjenenganipun ngapunten kita saben dinten, lan nucekaken kita saben wegdal. Kita menika kagunganipun Allah lan kasucekaken kagem Panjenenganipun.

Pitakenan sanesipun inggih menika ngingingi tiyang-tiyang ingkang wonten ing prajanjian lami ingkang mapanaken kayektenipun Allah ing satunggaling pitakenan. Menika ngingingi panampikipun tiyang-tiyang Yahudi tumrap kanugrahanipun Allah. Tiyang-tiyang Yahudi ingkang nyalib Putranipun Allah, lan awit saking menika ketriwal saking pakaryan karahayon. Langkung saking menika, tiyang-tiyang Yahudi tansah nglawan swantenipun Roh Suci ingkang arsa nuntun tiyang-tiyang menika dhateng pamratobat lan iman. Ngengingi kayekten ingkang boten saged dipun selaki menika, Paulus lan para rasul sanesipun apitaken: “Kepriye Allah tetep leres lan adil, menawa Panjenengane wus milih tedhake Abraham lan ngesuhi sawijining prajanjian kang langgeng? Nanging kita padha nyipati ing jaman kita Allah mangkotake lan nampik wong-wong iku, marga ora gelem binuka tumrap Roh Suci. Apa Allah nilarake wong-wong iku?” “Ora” wangsulanipun Paulus ing layangipun kangge nandhesaken pamanggih menika (ing Rum 9:11), sanes kangge ngleresaken tiyang-tiyang Yahudi, nanging kangge nandhesaken bab kayektenipun Allah, amargi Rasul tumrap bangsa-bangsa menika puguh sanget ngengingi ka-Allahan, kasucen lan kayektenipun Rama saking Gusti kita Yesus Kristus.

Sinten ingkang pikantuk iman ingkang leres lan pasrah dhateng pitedahipun Roh Suci, badhe dipun enggalaken manahipun, lan saged nglampahi gesangipun wonten ing kasucen sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang sampun kaleresaken ing Prajanjian Enggal. Tata kasusialan Kristen boten namung mandheg ing pasinaoning manusa, utawi kakiyatanipun manusa, nanging ningkataken pambangun turut kanthi nampeni sih katresnan saking Allah, lan pangwasa karahayonipun, ingkang nyangga sadaya tiyang pitados dhumateng kang Putra. Tindak-tandukipun tiyang Kristen menika nucekaken asmanipun Rama. Pitedah bab kayektenipun Allah dados punjering serat Rum menika.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah, Tritunggal ingkang Suci, kawula manembah dhumateng Paduka amargi sampun nglebetaken kawula wonten ing iman kang leres, sarta nyucékaken kawula kanthi boten perlu mbayar, sarta sampun nyucékaken kawula saben dinten lan nuntun gesang kawula. Paduka ingkang Maha leres, lan tansah leres, senadyan kawula boten saged mangertosi menapa ingkang sami kedadosan ing jagad menika. Mugi Gusti nyucékaken kawula, mbucal sedaya dosa ingkang wonten ing gesang kawula, supados kawula saged dados ganda arum wonten ing antawisipun tiyang kathah.

PITAKON:

  1. Kados pundi sesambungané bebeneré Gusti Allah klayan iman kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 10:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)