Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 010 (The Wrath of God against the Nations)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)

1. Bebenduné Gusti Allah dhumateng bangsa-bangsa dicethakaken (Rum 1:18-32)


RUM 1:18-21
18 Bebenduné Gusti Allah tumrap sakèhing dosa lan durakané manungsa kadhawahaké saka swarga, sebab duraka mau ngalang-alangi manungsa, nganti padha ora weruh marang kasampurnan. 19 Gusti Allah ngukum manungsa, jalaran bab kawontenané Gusti Allah, kuwi manungsa wis cetha kabèh. Iya Gusti Allah piyambak sing maringi weruh. 20 Wiwit jagad dititahaké, kawontenané Gusti Allah sing ora ketingal, yakuwi pangwasané sing langgeng sarta ka-Allahané, wis diketingalaké kanthi cetha ana ing samubarang sing dititahaké, mulané manungsa wis ora bisa sélak. 21 Manungsa ngerti, nanging Gusti Allah ora padha disaosi pakurmatan, lan padha ora saos sukur marang Panjenengané. Kosokbaliné sing dipikir malah prekara-prekara sing tanpa guna. Budiné dadi peteng lelimengan.

Sasampunipun uluk salam dhateng pasamuwan Rum, Paulus kanthi andhap asor, katresnan lan raos kangen, nandhesaken dhateng pasamuwan bab irah-irahaning Inji, inggih menika kayektenipun Allah wonten ing Sang Kristus, piyambakipun miwiti perangan kapisan saking paniti priksanipun ingkang tumemen. Piyambakipun nedhahaken bilih kayekten kamurkanipun Allah saweg tumempuh nglawan sakathahing kanisthan kita ingkang nglawan Allah lan sawenang-wenang dhateng sesami. Samangke kita gesang boten namung ing wanci kanugrahan, nanging ugi ing mangsa kamurkanipun Allah, ingkang dados wadining jaman menika. Allah jijik dhateng bobroking manusa lan bebendunipun ingkang adil tumrap dosa-dosanipun manusa, menika dados pratandha ing jaman samangke. Sinten ingkang tepang dhateng ingkang Maha Suci mesthi badhe ajrih asih dhumateng Panjenenganipun, lan geter ngengeti kamurkanipun. Boten wonten tiyang ingkang tepang dateng dhirinipun ngantos piyambakipun nepangi cahyaning kasucenipun ingkang maha suci. Panerakipun manusa katingal cetha ing kaagunganipun Allah.

Allah nitahaken manusa selaras kaliyan citranipun Allah, nanging manusa kanthi kumenthus lan bodho milih uwal saking Allah. Nanging, amargi kasabaranipun, Allah boten numpes manusa ingkang mbalela, nanging ngersakaken supados manusa wangsul dhumateng Allah kanthi panuwun sokur, saha manut dhumateng Panjenenganipun. Nanging manusa langkung nresnani dhiripun piyambak tinimbang nresnani Allah, sarta nebih saking Panjenenganipun, temah dados wuta sacara rohani. Manusa boten ngraosaken malih kamulyanipun ingkang maha suci, nanging tetep mbacutaken piawonipun, njemberi dhirinipun piyambak, lan ngalang-alangi tiyang sanes nampi kawilujengan, kanthi mungel bilih kalepatan lan kadurakanipun dados margi ingkang leres.

Nadyan sampun dhawah ing dosa, manusa taksih saged nyipati kawontenanipun Allah lumantar eloking alam titahipun menika. Kasinaua tetuwuhan, kakiyataning atom, kathahing lintang ingkang winilang, lan panjenengan mesthi badhe mulyakaken Gusti kang akarya jagad, awit Panjenenganipun wicaksana, maha kuawasa lan langgeng. Menapa panjenengan nyipati endahing jiwa panjenengan, lan pinter sarta prigeling pamikir panjenengan? Menapa panjenengan mirengaken ungeling jantung panjenengan ingkang mungel kaping ewon saben dinten kangge ngilekaken getih dhateng saindhenging badan panjenengan? Kaelokan-kaelokan menika boten kelampahan margi kleresan, nanging menika kanugrahanipun kang akarya gesang panjenengan.

Sinten ing antawis kita ingkang boten badhe ngungun lan geter nyipati kamulyanipu Allah wonten ing jagad saienipun menika? Paseksi-paseksi bab kamulyanipun Allah tansah dipun wartosaken. Emanipun, manusa ing jaman kita boten nggadhahi wegdal kangge maos kitab jagad jagad raya ingkang binuka wiyar menika, ingkang kaserat cetha sanget dening astanipun Allah.

Sok sintena ingkang boten saged ngajeni Gusti kang akarya jagad, ngaturaken panuwun sokur tumrap menapa ingkang katindakaken lan boten sendika dateng kamulyanipun Allah, dados bodho. Tiyang makaten koncatan kawicaksananing Roh Suci lan penggalihipun dados wuta, kados kewan. Dados, panjenengan mulyakaken Allah kanthi sih katresnan lan kakiyatan, awit Allah nitahaken panjenengan manut ing gambar citranipun lan nyebulaken napas panguripan ing badan panjenengan. Panejengan menika kagunganipun Allah, lan boten saged gesang tanpa Panjenenganipun.

Saben tiyang ingkang boten manembah dhumateng Allah saestu dados tiyang-tiyang ingkang boten pitados ingkang ical lan dosa. Tiyang makaten kecalan punjering kakiyatan lan kasekten, nindhes manah lan jiwanipun piyambak, lan damel petenging penggalihipun. Tiyang makaten menika nganggep laku cidra minangka kayekten, njungkir wawasanipun Allah lan nindhes kanthi bengis. Pramila, panjenengan nyuwun dhumateng Gusti supados kaparingana iman ingkang gesang, lan nuntun tiyang-tiyang sanes supados pitados dhateng kayektenipun Allah, karana tanpa pitados dhateng kamulyanipun lan memuji sih rahmatipun, manusa badhe tumpes ing kamurkanipun Allah ingkang katedhahaken.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang Mahasuci, kawula ngucapan panuwun amargi Paduka sampun nitahaken kawula, lan ndadosaken manungsa minangka titah ingkang paling mulya tinimbang sedaya titah sanesipun. Apuntenan sedaya kalepatan kawula amargi sami supé anggénipun mulyakaken asma Paduka lan manembah dhumateng Paduka. Tulungana kawula supados sami saged ngakeni kaagungan Paduka ing ngajengipun tiyang kathah, dalah tansah manggén wonten ing ngarsa Paduka saben dinten, mulyakaken asma Paduka, dalah martakaken keadilanipun bebener Paduka ingkang nglawan sedaya keblinger sarta dosanipun manungsa, supados sami mratobatl lan mbalik dhumateng Paduka.

PITAKON:

  1. Menapa sebabibun bebendunipun Gusti Allah dipun cethakaken?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 02:57 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)