Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 127 (Miraculous catch of fishes; Peter confirmed in the service of the flock)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
5. Gusti Yesus ngatingalake sarirane ing pinggire tlaga (Yokanan 21:1-25)

a) Kaelokan Entuk iwak (Yokanan 21:1-14)


YOKANAN 21:7-8
7 Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yeniku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara. 8 Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak digered.

Kang nulis Injil iki ndeleng entuke iwak kang ngedap-edapi dudu sawijining lelakon adapur kebeneran. Dheweke ana ing sajrone perahu, lan ngrumangsani yen wong kang ngadek ing gisik iku ora liya gusti Yesus piyambak. Yokanan ora nyebutake asma Gusti Yesus, nanging kenthi kebak pikurmatan kandha”Iku gusti!”

Petrus dadi eling nalika dheweke ngelingi yen Sang Kristus wis mulangake kang kapindhone sawijining wulangan kang banget penting lumantar iwak. Dheweke njupuk sandhangane lan nganggo sandhangan iku, awit ora kepengin sowan Gusti ing sajrone kahanan wudoh. Dheweke ambyur menyang banyu lan nglangi tumuju marang Gusti. Dadi dheweke ninggalake perahune, para mitrane lan iwak kang isih seger iku. Dheweke nglalekake sakabehe, awit atinya katuju mung marang Gusti Yesus.

Yokanan tetap ana ing sajrone perahu, sinadyana katresnane padha tuluse karo katresnane Petrus. Sebanjure nom-noman iki uga karo kanca-kancare ndhayung perahune kanthi sakuwat tenagane tumuju gisik kang adohe watara 100 meter. Pungkasane, para murid tekan ing nggisik ngurus hasil anggone entuk iwak kang akeh banget.

YOKANAN 21:9-11
9 Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumupang ing geni mau sarta roti. 10 Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!” 11 Simon Petrus banjur munggah prahu lan ngentas jalane menyang ing dhaaratan, jala iku kebak iwak gedhe-gehde: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.

Nalika para murid Panjenengane tekan ing Nggisik, para murid ndeleng ana mawa karo iwak kang tumumpang mawa mau. Dadi, saka ngendi geni, iwak lan roti iku? Panjenengane nimbali para murid kang dohe 100 meter, awit para murid ora duwa apa-apa kanggo dipangan. Nalika tekan ing ngarsane Gusti Yesus, para murid nemokake iwak kang dipanggang, lan Panjenengane dhawuh supaya para murid mangan. Panjenengane iku gusti lan kang kagungan dalem nalika iku uga. Panjenengane kanthi sabar sareh maringi wewengan supaya para murid melu cawe-cawe ing sajrone nyawisake panganan. Panjenengane ngidinake kita melu cawe-cawe ing sajrone pakaryan lan panggawe Panjenengane. Manawa para murid Panjenengane ora mbangun turut dhawuhe, para murid ora bakal entuk apa-apa. Nanging ing kene Panjenengane ngajak para murid mangan. Kang ngagetake, Gusti kang ora mbutuhake panganan kadonyan, mandap lan ngedum panganan iku marang para murid supaya para murid ngrasakake kawigaten lang katresnane.

Angka 153 saka iwak iku, manut sawijining tradisi kuno, nuduhake marang akehe jinis iwak kang dimangerteni ing jaman iku. Kaya-kaya Gusti Yesus lagi ngandika, “Aja njala mung manungsa saka golongan kang padha karo kowe, nanging nekanana menyang maneka golongan bangsa-bangsa.”. Kabeh wong diidinake mlebu panguripan saka Gusti Allah. Dikaya jala iku ora dadi suwek awit abote, mengkono uga gereja ora bakal suwek utawa kelangan kamanunggalan saka Sang Roh Suci, sinadyana sawetara ing antarane wargane tetep ana ing sajrone kahanan mentingake awakedhewe lan ora duwe katresnan. Gereja kang sejati bakal dadi kagungan Panjenenane piyambak lan banget penting.

YOKANAN 21:12-14
12 Pangandikane Gusti Yesus marnag para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus. 13 Gusti Yesus tumuli majeng, sara mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake. 14 Iku wusping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.

Gusti Yesus nglumpukake para murid Panjenengane ing sakiwa tengen geni katresnan Panjenengane. Ora ana siji wae kang wani matur, awit kabeh ngreti yen priyayi iki Gusti piyambak. Para murid banget kepngin ngrangkul Panjenengane, nanging rasa wedi lan kurmat malangi para murid. Gusti Yesus miwiti ngandika lan amberkahi para murid nalika Panjenengane wiwit ngedumake panganan iku. Kanthi mengkono Panjenengane ngapura para murid lan nganyarake para murid. Kabeh para murid Panjenengane urip tansah kabawah pangapura saka Gustine; tanpa kasetiaan Panjenengane marang prajanjjian iku, para murid bakal nampani kacilakan langgeng. Para murid randhat ing sajrone kaprecayan lan pangarep-arep. Panjenengan ora melehake para murid, nanging nguwatake para murid kanthi panganan mujizat iki. Sinadyana mengkono, Gusti Yesus lan gusti Allah ngersakake supaya panjenengan martakake pawarta apik iku sinadyan panjenengan duwe dosa lan randhating ati. Yaiki gambaran kang ditindakake dening gusti Yesus ing sajrone nindakake mujijat sawise patangen.


b) Petrus diteguhake ing sajrone leladi marang wedhus-wedhus (Yokanan 21:15-19)


YOKANAN 21:15
15 Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”

Kanthi pangandikan Tentrem Rahayu Panjenengane, Gusti Yesus paring pangapura marang Para murid Panjenengane atas dosa-dosane kalebu anggone nyelaki Petrus, ing sajrone pratela Sarirane kang kawitan. Nanging anggone nyelaki Petrus mbutuhake pelayanan mligi. Patrap becik Gusti Yesus katon ing sajrone pangandikan Panjenengane, Panjenengane kang ndadar ati. Panjenengane ora ngandika apa-apa gegayutan anggone Petrus nyelaki, kanggo menehi marang Petrus wektu kanggo ndadar awake lan ndeleng kahanane dhewe. Panjenengane nimbali Petrus nganggo jeneng asline, Simon anak Yokanan, awit bali marang dalane kang lawas.

Mengkono uga, Gusti Yesus ndangu marang panjenengan dina iki, “Apa panjenengan nresnani Aku? Apa kowe wis mbangun turut marang pangandikan-Ku lan pracaya marang janji-janji-Ku? Apa kowe wis ngerti hakikat-Ku lan kekuwatanmu kanggo-Ku? Apa pikiranmu tansah marang Aku lan kowe wis dadi siji karo Aku? Apa kowe ngurmati Aku ing sajrone uripmu?”

Gusti Yesus ndangu marang Petrus, “Apa kowe nresnani Aku luwih saka wong-wong iki?” Petrus ora atur wangsulan, “Mboten, Gusti, kula mboten langkung saking tiyang-tiyang menika, kula sampun nyelaki Paduka.” Petrus isih duwe rasa pracaya marang awake lan matur inggih, nanging matesi katresnane mung karo nggunakake basa Yunani kanggo tembung seneng, lan ora katresnan kang thukul saka Roh Suci lan iman kang kebak keyakinan.

Petrus ora diwelehake awit karingkihan katresnane, nanging kasurung dening Gusti kanggo negasake katresnane kanthi nggatekake para pandherek Panjenengane. Gusti Yesus nugasake marang para murid kang tahu gagal iki supaya nggatekake wong-wong kang isih enom ing sajrone iman. Cempening Allah wis nuku cempe-cempe kanggo sarirane. Apa panjenengan cemawis kanggo leladi cempe-cempe iku, ana bebarengan karo cempe-cempe, nuntun kanthi sabar, lan ngenteni cempe-cempe iku diwasa? Utawa apa panjenengan duwe pengarep-arep luwih saka apa kang bisa para cempe tahan? Utawa apa panjenengan negakake cempe-cempe iku lunga saka kumpulan lan sebanjure disirnakake? Gusti Yesus njaluk marang Petrus supaya kawitan pisah ngrumat cempe-cempe kang isih enom ing sjrone iman.

YOKANAN 21:16
16 Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engone wedhus-wedhusKu!”

Gusti Yesus ora ngremehake jawaban Petrus lan kaya-kaya ngandika, “Apa kowe njawab kanthi kesusu nalika kowe kandha, “Kula nresnane Paduka”? Rak katresnamu iku banget asipat kamanungsa lan owah gingsir? Rak katresnanmu iku asipat perasaan wae utawa dilandhesi dening ati kang apik lan tulus?”

Pitakonan iku banget nrenyuhake ati Petrus, kang kanthi andhap asor atur wangsulan, “Gusti, Paduka pirsa samukawis, Paduka pirsa karingkihan lan kasagetan kula. Katresnan kula mboten siningit saking paduka. Kula saestu-estu nresnani Paduka lan cemawis kangge mbangun turut ing gesang kula dhumateng Paduka. Kula nate gagal lan badhe gagal malih. Nanging katresnan Paduka sampun nggesangaken katresnan ingkang mboten wonten telasipun ing salebetipun kula”.

Gusti Yesus ora nyelaki pratela Petrus, lan sebanjure kandha, “Dikaya kowe nresnani Aku, tresnanana uga wong-wong kang wis diwasa iman ing sajrone Gereja-Ku. Kawigaten bab ngengon marang wong-wong iku ora gampang. Akeh ing antarane wong-wong mau kang wangkot, mbalik, saben wong golek dalane dhewe. Apa kowe gelem manggul cempeKu ing pundakmu lan dadi sayah? Kowe tanggung jawab atas wong-wong iku?”

YOKANAN 21:17
17 Pangandikane Gusti Yesus maang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apakowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.”. Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!

Petrus nyelaki Gustine kaping telu, awit saka iku Gusti Yesus nothok lawange atine kaping telu lan kanthi mengono ndadar murnine saka katresnane. Panjenengane negasake perlune katresnan ilahi kang teka saka Roh Suci, dikaya kang ditemokake Petrus ing sajrone awake dhewe: dheweke ora bakal nampa katresnan nganti Sang Roh Suci mandhap marang dheweke ing dina Pentakosta. Gusti Yesus terus nyuwun pirsa: “Apa kowe temen-teman luwih kacancang marang Aku ngluwihi kabeh sesambungan manungsa, nganti ing tingkat kowe nyawisake uripmu kanggo korban keselametan jagat iki?” kang kaping telune, Petrus atur wangsulan kanthi prihatin lan isin, lan nambahake yen Gusti pirsa atine.

Petrus ngakoni yen Gusti Yesus bener nalika dheweke kandha gegayutan anggone nyelake nganti kaping telu saduruneg prekara iku dumadi, lan Sang Kristus pirsa sakabehe. Awit saaka iku Petrus nyebut Panjenengane dadi jejere Allah sejati, kang pirsa apa kang ana ing sajrone telenging atine menungsa kang jero dhewe. Ya iku tanggung jawab ngengon, kang diparingake marang Petrus- ngrumat wedhus-wedhus.

Apa panjenengan Pangon kang ngrumat kumpulan wedhuse Allah? Apa panjenengan ndeleng asu ajak lan roh ala marani? Eling, kita kabeh wong dosa, ora pantes nampani pikurmatan kanggo dadi pangon kanggo umat Allah, kajaba awit apa kang dumadi ing Kayu Salib. Ora perlu mangu-mangu, pangon-pangon mbutuhake akeh pangapura saben dina ketimbang karo wedhus-wedhus, awit asring nyepelekake tanggung jawab kang utama.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, Paduka menika Pangen Agung, Paduka nimbali kawula supados dados pangen, kang sejatosipun kawula mboten pantes. Kula ndherek Paduka lan gagal. Paduka sampun mitayakake menda-menda sih rahmat Paduka dhumateng kawula. Aku masrahake wedhus-wedhus marang Siro, njalu supaya Kowe kang ngrumat wedhus-wedhus, menehi urip langgeng marang wedhus-wedhus iku, ngurmat wedhus-wedhus ing sajrone tanganMu; kanthi mengkono ora ana siji wae kang ngrampas wedhus-wedhus mau. Sucekna wedhuw-wedhus iku lan wenehana kesabaran, watek andhap asor, keyakinan, iman lan pengarep-arep kangge neguhake ing sajrone KatresnaMu. Paduka mboten badhe nilarake kula, nantaing badhe nresnani kula ngantos pungkasanipun jaman.

PITAKONAN:

  1. Apa kang ora bisa dilalekake kanggone panjenengan ing sajrone wawan pangandikane gusti Yesus karo Petrus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 12:01 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)