Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 126 (Miraculous catch of fishes)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
5. Gusti Yesus ngatingalake sarirane ing pinggire tlaga (Yokanan 21:1-25)

a) Kaelokan Entuk iwak (Yokanan 21:1-14)


YOKANAN 21:1-3
1 Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ingbpinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene: 2 Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro. 3 Simon Petrus tumuli kandha marang kanca-kancane mau: “Aku arep lunga golek iwak.” Wangsulane kancane: “Aku iya padhamelu kowe.” Banjur padha mangkat nunggang prau,nanging sawengi iku padha ora oleh apa-apa.

Sawuse gusti Yesus wungu saka seda, Panjenengane kumpul bebarengan karo para murid ing Galilea, papan panggonane para murid, ing cerake tlaga Tiberias. Panjenengane kang sinebut Pangon kang becik iku bakal ndhisiki para murid lan ketemu para murid ing kana, nanging katresnan Panjenengane kang gedhe gawe Panjenengane ngatingalake sarirane luwih cepet, sawetara para murid isih ana ing Yerusalem yaiku kanggo menepake rasa wedine. Yaiki kang dumadi ing dina Minggu sawise Paskah, nalika Gusti Yesus nglantarake salam Tentrem rahayu ilahi, lan sebanjure ngutus para mruid supaya martakake Injil ing saindhenging jagat (Markus 16:7; Matius 28:10).

Dadi, apa para murid Panjenengane sawuse Panjenengane ndhawuhi supaya para murid dadi tukang njala manungsa, nanggapi dhawuh iku? Apa mujizat anggone wungu saka seda iku ngrubah pikirane, kanthi mengkono para murid enggal-enggal martakake Injil ing jagat kanthi pawarta urip langgeng, kang kadeleng ing sajrone Panjenengane? Prihatine, ora. Para murid mbaleni pegaweane kang ndisik lan kapisah dadi kumpulan-kumpulan cilik, saperangan dhewekan, kang liyane melu dadi tukang nggolek iwak utawa nelayan.

Sawijing wayah sore, Petrus netepake awake golek iwak, lan kandha kara para murid – murid liyani, “Aku arep njala iwak”. Petrus ngejarake para murid liyane kuwi gawe keputusan dhewe, melu apa ora. Para murid liyane bebarengan karo Petrus ana ing pesirir segara, mangkat njala iwak kanthi numpak perahu, nggawa perahu mau ana tengah tengah segara. Para murid iku nguncalake jalane kaping pirang-pirang nganti kesel, sewengi, nanging ora entuk apa-apa. Para murid lali Gusti Yesus tahu ngandika: “Tanpa aku, kowe ora bisa nindakake apa-apa”.

Suatu sore, Petrus memutuskan untuk mencari ikan, dan mengatakan kepada sahabat-sahabat-Nya, “Aku akan menjala ikan.” Ia membiarkan mereka mengambil keputusan untuk ikut atau tidak. Mereka bergabung bersama dia di pantai, berangkat dengan sebuah perahu dan mendayungnya ke tengah danau. Mereka menebarkan jala mereka beberapa kali, sampai kelelahan sepanjang malam, tetapi tidak menangkap apapun. Mereka lupa Yesus pernah mengatakan, “Tanpa Aku, kamu tidak bisa melakukan apa-apa.”

YOKANAN 21:4-6
4 Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate paadha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus. 5 Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apakowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.” 6 Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibaakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake

Gusti Yesus ora ninggalake para muride, sinadyana para murid nyimpang ing dalan kang liya. Panjenengane jumeneng ing nggisik ngenteni baline para murid. Panjenengane bisa wae ngatur supaya iwak mlebu ing sajrone jalane, nanging Panjenengane ngersakake nggulawenthah para murid yen para murid ora bisa nindakake apa apa yen mung atas landhesan osiking ati sawise anggone Gusti Yesus menang gedhen, utawa bali marang panggawean lawas. Para murid wis sarujuk ing sajrone prejanjian karo Panjenengane; Panjengane iku kanca sapagaweane, nanging para murid wis nglalekake Panjenengane ing sajrone urusan lan prekara dinaiku kang nganggap yen Panjenengane iku ora ana lan adoh banget.

Gusti Yesus ora nimbali para pmurid iku minangka para rasul, nanging minangka jejere para putra. Para muride wis akeh lali gegayutan apa kang wis diwulangake, lan para muride ora nindakake apa kang wis dadi dawuh Panjenengane. Sinadyana apa kang ditindakake para muride iku banget andadekake getune, gusti Yesus kanthi andap asor ngendaleni diri lan ora melehake para murid iku, nanging njaluk panganan marang para murid iku.

Nalika dina nyelot awan, gusti Yesus ngrawuhi para murid; apa kang ditindake gusti Yesus iku dadi pengarep-arep kang anyar kang tukul ing sajrone urip para murid. Panjenengane ora ngandika, “Ora apa-apa kowe gagal,” utawa “Coba meneh, bisa uga kowe bakal kasil.” Kanthi kebak kaprabawan Panjenengane dhawuh mangkene, “Sebarna jalamu ing sisih tengen perahumu, mula kowe kabeh bakal entuk iwak”. Sinadyana para murid ora adoh tekan tengah tlaga, lan mung ana pinggir wae, kang sejatine papan iwak gedhe iku arang nanging para murid tetap ngrungokake pitutur iku, lan nyebarake jalane ing sisih tengen.

Gusti Yesus pirsa iwak ing sajrone banyu, dikaya dina iki Panjenengane pirsa ana ngendi wong-wong kang kangen para panjenengane mapan. Panjenengane bakal ngutus panjenengan marang wong-wong mau. Panjenengane ora ngandika, “Cekelen kabeh wong karo jalamu,” nanging Panjenengane ngandika, “sebaren jala Injilmu ing papan kang aku kersakake, lan kowe bakal ndeleng pakaryan Sabda-Ku”

Para murid mbangun turut dhawuh kang aneh iki, nanging para murid isih durung ngreti yen kang jumeneng ing nggisik iku Gusti Yesus, kang katon mung kaya wong biasa wae. Bisa uga Panjenengane mung nggunakake tembung-tembung kang umum wae, nanging keprungu ngyakinake. Awit saka iku para murid netepake manut lan nyebarake jalane, sinadyana wis padha kesel, lan dumadi, jalane dadi kebak iwak. Iki sawijining pitutur kasukman kan saka Gusti kang mapanake iwak ing ngendi Gusti Yesus ngutus para mrud, lan jalane kebak karo iwak, mengkono akehe nganti para mruid ora bisa nggawa dhewe. Para murid mbutuhake kancane kang tulus kanggo nulungi kanthi katresnan.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, paduka apunten raos kuwatos kawula gegayutan kaliyan gesang kawula, langkung saking raos kangen kawula kangge mimpangakeng jiwa kunjuk Paduka. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka ngrawuhi kawula, sinasa nalika kawula nyimpang, paduka nuntun kawula supados ngakeni kalepatan kawula. Paduka wucalaken kawula supados mbangun turut dhumateng pangandikan Paduka lan tuntun kawula dhumateng tiyng-tiyang ingkang madosi Paduka, lan tuntun kawula dhuamteng jala Injil Paduka, kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget dados kagungan Paduka salaminipun.

PITAKONAN:

  1. Kenapa anggone entuk iwak para murid akeh banget kang dadi jalaran para murid isin?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 12:00 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)