Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 057 (Jesus the light of the world)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

d) Gusti Yesus pepadhange jagata (Yokanan 8:12-29)


YOKANAN 8:25-27
25 Ing kono pangucape wong-wong mau: “Panjenengan punika sinten?” Pangandikane gusti Yesus: “Apa gunane rembugan maneh karo kowe kabeh? 26 Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.” 27 Wong-wong kang kadhawuhan iku ora ngraita manawa kang kadhawuhake iku Sang Rama.

Sinadyano gusti Yesus wis nyethakake gegayutan yen Panjenengane iku Allah, nanging wong-wong Yahudi tetep isih nyuwun pirsa, “Sinten to Panjenengan? Panjenengan paringi kawula pitedah; paringi kawula katarangan gegayutan prekawis menika kanthi cara ingkang saget kula mangertos”! Nanging sejatinye Panjenengane lagi wae mratelakake sapa ta Panjenengane kanthi cara kang cetha banget, pas sadurunge wong-wong iku ngaturake pitakonan.

Gusti Yesus paring wangsulan, “Wiwit mula, Aku iki Allah kang sejati; nanging kowe ora bisa ngerti pangandikanKu. Roh Ku ora nemokake papan mlebu ing atimu. Ora ana gunane kanggomu kabeh pangandikanKu gegayutan kabeh jeneng lan sebutanku. Aku iki Sabdane Allah kang wis dadi manungsa. Nanging kowe ora gelem ngrungokake Aku lan ora gelem ngerti, awit kowe asale ssaka jagat kang ngisor, dudu saka Allah. Awit saka iku kowe ora bakal ngidinake Roh-Ku andadekake titah anyar ing uripmu. Yen Aku wis ngandika makaping-kaping marang kowe ora ana hasile, awit wangkoting atimu. Ya merga saka iku Pangandikanku bakal njeksani kowe, sinadyana Aku nresnani kowe lan wis mratelake sapa Aku iki marang kowe. Siji utawa loro wong saka ing antaramu bakal wiwit ngreti gegayutan kaagunganKu. Aku ngersakake supaya nylametake lan nangekake kowe. Gusti Allah iku kayekten, mengkono uga Aku. Nanging kayekten iku bakal dadi jalaran patimu, awit kowe wis nampik Sang Roh suci mudhun lan mlebu ing atimu.” Nanging isih wae wong-wong Yahudi ora bisa nyakep makna kang siningidan ing sajrone pratela iku, lan uga ora bisa ngerti makna saka kamanunggalane karo sang Rama. Wong-wong Yahudi krungu SuwaranE lan ora ngerti babar blas apa kang dingandikaake, awit wong-wong mau ora gelem pracaya marang Panjenengane. Iman kang lugu marang Panjenengane bakal mratelakake marang jero pikiran kita kayekten kang nyata banget iki.

YOKANAN 8:28-29
28 Kang iku Gusti Yesus ngandika: “besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu. 29 Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilar Aku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge.”

Gusti Yesus pirsa yen musuh-satru Panjenengane malah uga para murid Panjenengane gagal nyakep kayekten gegayutan Panjenengane. Awit Sang Roh suci durung kaesokake. Gusti Yesus yakin yen anggone minggah ing kayu salib bakal nyirnakake kabeh dosa ing jagat. Semono uga anggone mingkrad marang Sang Rama bakal ngasilake Sang Roh suci kan kaesokake.Ing sajrone prekara iku, mula pangertene bab sapa sejatine Panjenengane bakal tuwuh kaya tatit ing sajroning pikiran wong-wong Yahudi lan bangsa-bangsa liya. Kalenggahan Panjenengane minangka jejere Allah ora bakal bisa dingerteni kajaba lumantar pakaryane Sang Roh Suci. Nggunakake nalar wae mung sethithik gunane. Kelahiran anyar wae kang bisa dadi tanda anane iman, dikaya iman kang teguh ing sajroning alusing bebudi Sang Kristus bab nitahake kelahiran kang kaping pindhone.

Sang Kristus ora ngandika yen Panjenengane iku pribadi kang pinisah karo Sang Rama, nanging ngandika bab kamanunggalane karo sang Rama iku penting, lan Panjenenane ora bisa nindakake apa-apa tanpa Sang Rama. Sebanjure Panjenengane ngandika manawa panjennegan ora nindakake bisa apa wae manut karsane piyambak. Sang Rama kang makarya ing sajrone Panjenengane. Watek andap asor Panjenengane dipratelakaken ing sajrone panjenengane nampa dadi “utusan Allah”. Sinadyana nalika ngandika iku uga mratelakake yen Panjenengane iku uga Gusti atas sejarah.

Sang Rama iku dudu sawijining pribadi kang gampang dipahami, nanging bakal dadi gampang nalika diterangake dening sang Roh suci. Lumantar apa kang ditulis Yokanan kanthi makna kang gampang iku, Gusti Yesus mbeberake kayekten kang ngeram-eramake bab kamanunggalane Sang Tritunggal . Sebanjure gusti Yesus nerusake, “Sang Rama saklawas-lasawe manunggal karo Aku, nganti wektu iki, ora tahu ninggalake Aku salawas-lawase. Sang putra uga mengkono ora tahu ninggalake Sang Rama kasuwargan, utawa mbalela marang Panjenengane, nanging mbangun turut marang karsane Sang Rama kanthi becik. Sang putra mandap marang jagat dadi manungsa, mbangun turut kar karsane Sang Rama.” Kaya ngapa endahe pratela iki. “Ing saben-saben Aku tansah nindakake apa kang dadi kepareng Sang Rama”. Ora ana wong siji wae kang bisa ngandikan kang kaya mangkono kajaba Sang Putra, anggone gesang tansa selaras karo Sang Rama, ing sajroning kapenuhan Roh. Gusti Yesus nindakaken Paugeran Toret. Luwih saka iku Panjenengane iku Paugeran kang sempurna ana ing Prejanjian Anyar. Nanging wong-wong Yahudi ngarani Panjenengane iku wong kang nyenyamah, lumawan Paugeran Torat, nyasarake bangsa, kamangka mung Panjenengane wae kang wis mbangun turut kabeh Paugeran.

Apa panjenengan mirengake Suwara Sang Roh ing sajrone pratela Sang Kristus gegayutan sarirane piyambak? Apa panjenengan ngrasakake kaagungan lan uga anggone Gusti andhap asor, kamardikan lan uga anggone mbangun turut marang Sang Ramane? Awit saka iku Panjenengane ngersakaken ngajak panjenengan mlebu ing patunggalan katresnan ing sajrone pambangun turut lan kamardikan lora tembung iku katindakake bareng. Panjenengane ngersakake dadi guru panjenengan, lan panjenengan ora bakal nindakake apa – apa tanpa Panjenengane, tansah nindakake pakaryan kang dadi keparenge Panjenengane.

PANDONGA: Gusti Yesus, kula rumaos ewet awit wangkoting manah kawula, kajuligan lan kalepatan kula. Paduka apunten panerak kula, Paduka sucekaken kula supaya mbangun turut sawetahipun dhumateng tuntunan Sang Roh suci Paduka. Dadosna panuntun lan guru kua, bikak manah lan pikiran kula dhumateng katresnan Paduka ingkang langgeng.

PITAKONAN:

  1. Kepiye gusti Yesus mratelakake anggone manunggal ing sajroning Tritunggal kang suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)