Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 056 (Jesus the light of the world)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

d) Gusti Yesus pepadhange jagata (Yokanan 8:12-29)


YOKANAN 8:21-22
21 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki |Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana. 22 Panbucape wong-wong Yahudi: “ Apa dheweke iku arep ngendhat, dene kok duwe pangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padha ora bisa mrana?”

Gusti Yesus pirsa, yen Panjenengane iku dikepung dene prajurit kang njaga Pedaleman Allah. Panjenengane ngandika kanthi nggunakake tembung kang nylamur nanging maknane jero banget gegayutan karo mangsa tembe. “Wektu Patiku wis cedhak. Sebanjure Aku bakal ningalake jagat iki lan kowe ora bakal bisa marani aku maneh. Kowe ora bisa mateni aku kaya rancanganmu. Aku dhewe kang netepake wektu bab anggonku arep ninggalake jagat iki”.

“Nanging Aku bakal wungu saka kubur-Ku, nembus watu karang lan lawang kang kakunci. Kowe bakal nggoleki Aku, anggonmu nggoleki tanpa guna, ora bakal nemokake Aku. Aku mingkrat marang Rama lan kowe ora bakal ngrumangsani. Kowe wis nampik Aku, cempening Allah, lan ora gelem pracaya marang Aku, kang nebus jiwa manungsa. Kowe bakal cilaka dening pakunjaran dosa-dosamu dhewe”. Gusti Yesus ngandika: “Kowe bakal mati ing sajroning dosa-dosamu”. Maneka dosa kang asipat umur ora andadekake kaluputan dasar kita, nanging kang andadekake cilaka iku patrap kita marang gusti Allah, lan anggon kita orang percaya, iku dosas-dosa kita.

Wong-wong Yahudi ngreti yen gusti Yesus lagi ngandika gegayutan anggone tindak kang pungkasan,nanging ora bisa nyakep paseksen kang diparingake gusti Yesus yen Panjenengane bakal bali marang Rama Panjenengane. Nanging wong-wong Yahudi duwe pangira yen ing sajroning dredahe karo wong-wong Farisi lan para imam Panjenengane wis tekan wates pungkasan saka kekuatan kang dadi kagungane. Ora ana dalam liya kajaba nindakake mati nglalu. Apa neraka utawa paukuman bakal dadi papane pambudidaya mati nglalu iku? Wong-wong Yahudi duwe pikiran utawa duwe pangira yen dheweke ora bakal nglakoni nasip padha awit bebenere dhewe. Nanging nalika prajurit Rum ngepung Yerusalem tahun 70M, ewon wong Yahudi nindakake mati nglalu awit kurang mangan lang ceklek atine.

YOKANAN 8:23-24
23 Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkanmu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki. 24 Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sasjroning dosamu”

Gusti Yesus mratelakaken yen Hakikat Allah kang sejati iku ana ing jagat kita kang ala iki. Kita iki asale saka ngisor yaiku sana lempung, kebak pikiran-pikiran kang nelangsa. Winih piala wis metokake woh-woh kang bosok. Manungsa sakbenere ora bisa ngerti hakikat Allah, nanging akeh kang rumangsa ngerti sinadyan mung samar bab anane Gusti Allah iku.

Sang Kristus iku asale ora saka jagat iki, nyawa Panjenengane iku asale saka Sang Rama. Panjenengane mapanake hakikat Sang Ramane iku ing papan kang luhur nanging ora ing pangerten adoh cerake kaya ing bumi iki. Kaya dene daya tarik ing bumi tambah kendo menawa ana ing papan kang luwih dhuwur, semono uga pangimpen ala dosa bakal ilang nalika kita dadi tambah cerak karo Gusti Allah. Jagat kita iki pakunjaran kang kita ora bisa ucul saka pakunjaran iki. Kita iki tedhak turune wong-wong kang nampik teluk marang katresnane gusti Allah. Urip kita kapenuhan dosa. Ing kene gusti Yesus nggunakake tembung “dosa-dosa”, awit anggon kita lumawan marang Allah sebanjure saka urip kita metu dosa lan kaluputan kang akeh. Kita iki wong lara kusta kang kebak tatu-tau lan tilas tatu. Dikaya wong-wong kang dianggep asor iku mati alon-alon sinadyana dheweke isih urip. Mengkono uga dosa iku ngrusak manungsa. Kita bakal mati awit wis nindakake dosa. Apa to dosa iku? Dosa yaiku anggone ora pracaya, awit wong kang kacancang marang sang Kristus bakal urip selawase – rah sang Kristus putra Allah akan tansah nyucekake kita saka samubarang dosa. Panguwasa Panjenengane nyucekake telenging ati kita pikiran kita. Nanging kabeh uwong kang tetap misahake awake karo Sang Kristus, milih mati, tetep ana ing sajroning pakunjaran dosa-dosane, ngenteni tekane paukuman. Iman marang sang Kristus wae kang merdekaake kita saka bebendune Allah.

Sebanjure sapa ta gusti Yesus kang marang Panjenengane kita perlu duwe iman? Sepisan maneh Panjenengan mbeberake sarirane minangka, “Iki Aku” (Yokanan 6:20 lan 8:24). Ing kene Panjenengane ngringkes kabeh paseksen kang gedhe bab Panjenengane. Panjenengane nyebutake sarirane minangka jejere gusti atas kayekten, Allah kang gesang, kang Suci kang mratelakake sarirane marang nabi Musa ing gerumbul kang mengangah kanthi tembung kang padha: “Ingsun ana” (Pengentasan 3:14); Yesaya 43:1-12) Kaselametan ora ana ing jeneng sapa wae. Kabeh wong Yahudi ngerti rong tembung iku, nanging ora wani kandha, prekara iku kanggo nyingkiri supaya aja nganti nyebut asmane Allah kanthi sembrana. Nanging gusti Yesus nyebut sarirane kanthi loro sebutan iku ana ing ngarepe umum. Panjenengane ora mung Sang Kristus putra Allah, nanging uga Yahwe, Allah ing sajroning kayekten.

Panjenenane iku sari patine Injil. Sang Kristus iku Allah kang nganggo wujud manungsa. Kabeh wong kang pracaya marang Pnjenengane bakal urip. Nanging wong kang nampik Panjenengane lan lumawan panguwasane ngedohake awake saka pangapura dosane. Iman utawa anggone ora manungsa pracaya iku bakal netepake nasipe.

PITAKONAN:

  1. apa tegese iman marang Panjenengane kang nyebut sarirane dadi “Ingsun iki”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:50 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)