Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 058 (Sin is bondage)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

e) Gusti Yesus pepadhange jagata (Yokanan 8:30-36)


YOKANAN 8:30-32
30 Bareng Gusti Yesus ngandika bab iku mau kabeh, akeh wong kang padha parcaya marang Panjenengane. 31 Gusti Yesus banjur ngandika marang wong –wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi SiswaKu, 32 sarta bakal padha mangerti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikaake kowe.”

Pasekene Sang Kristus kang andhap asor lan angel dilaleke iku banget duwe daya pengaruh marang kang padha ngrungokake. Wong-wong mau wiwit pracaya marang Panjenengane minangka kang rawuh saka Gusti Allah. Gusti Yesus ngrasakake kaprecayane wong-wong mau marang Panjenengane, lan nampani anggone cemawis kanggo mirengake pangandikane. Gusti Yesus nyurung wong-wongmau ora mung pracaya marang Injil Panjenengane, nanging uga gelem mikirake gegayutan pangandikane lan ndherek Panjenengane, kanthi mangkono manunggal ing sajroning Panjenengane, kaya pang saka wit anggur; supaya Sang Roh Panjenengane bisa mlebu ing ati lan pikiran kita tanpa ana alangan; kanthi mangkono bisa nguwatake kita nglakoni apa kang dadi karsa Panjenengane ing sajrone patrap kita. Kabeh wong kang ngrasakake pangandikane Sang Kristus mula bakal ngelingake kayekten. Awit kayekten iku ora mung ana ing pikiran, nanging kasunyatan saben dinane kang kapratelalake ing sajroning tindak tanduk ing urip kita.

Kayekten Allah iku kang utama banget ana ing sajrone tembung kang tulus lan kebak kawicaksanan; kang kapindho supaya tepung Allah minangka Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh suci ing sajroning kamanunggalan lan pakaryan. Nalika kita dadi tambah ngoyot ing sajroning Sang Kristus, kita bakal ngerti kaendahan saka Tritunggal kang suci.

Anggone kita luwih tepung karo gusti Allah bakal ngrubah urip kita. Kita tepung gusti Allah nganti tekan tataran kita bisa nresnani wong liya.Wong kang ora bisa nresnani ora tepung gusti Allah. Ing sajroning pitepungan karo Gusti Allah lumantar sabda Sang Kristus kita dimerdikaake saka sikep mentingake awake dhewe. Mung ngrembug bak pamratobat utawa kewajiban-kewajiban aturan Agama ora bakal menehi kamardikan marang kita saka pangawulane dosa; kang bakal paring kamardikan marang kita iku yaiku anggon kita tepung katresnane Allah, panampane babagan pangapurane kang diparingaken dening Sang Putra, lan karawuhane Sang roh suci ing sajaroning urip kita. Katresnan Allah iku kang bisa nguwalake blenggu patrap mentingake awak dhewe lan anggone kumingsun.

YOKANAN 8:33-36
33 Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?” 34 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa. 35 Anadene mungguh batur iku ora tetap pamanggone ana ing omah, nanging Putra iku tetap pamanggone. 36 Kang iku manawa Sang Putra wus mardikaake kowe, kowe iya padha mardika temenan.

Wong-wong Yahudi bingung banget; leluhure wis tahu urip lawase rong atus tahun dadi batur tukone Raja Firaun ing Mesir, lan wong-wong Israel duwe panemu sing paring kamardikan iku awit saka panguwasane Allah; awit gusti Allah wis nuntun wong-wong Yahudi mau metu saka anggone dadi batur tukon iku (Pangentasan 20:2). Awit saka iku apa kang dadi pangandikane gusti Yesus banget nglarani atine wong-wong Yahudi iku kang ateges Panjenengane ora ngakoni yen wong-wong iku wis bener-bener dimerdikaake.

Gusti Yesus kudu ngilangi anggone gumedhe saka wong-wogn kang wiwit pracaya marang Panjenengane. Gusti Yesus nuduhake marang wong-wong iku yen wong-wong iku dadi batur tukone dosa, lan dadi tawanan Iblis. Menawa kita ora ngerti momotan kang mateni saka blenggu kita, kita ora bakal duwe pepenginan babagan keselametan. Wong kang ngerti awake dadi jejering manungsa kang ora bisa ngalahake dosa-dosane, yaiku wong kang nyuwun marang Allah supaya Allah nylametake dheweke. Ing kene kita ndeleng alesan kenapa akeh wong kang ora gelem nggoleke gusti Yesus; prekara kuwi awit wong-wong duwe pikiran yen awake ora mbutuhaken keselamaten saka Panjenengane.

Gusti Yesus kanthi tegas ngandika: “Saben wong kang dosa, dadi batur tukone dosa. Akeh wong enom kang nglakoni uripe kanthi apus-apus, keset, lan nindakake prekara-prekara kang ora migunani. Wong-wong enom mau dolanan dosa lan terus nindakake dosa ing pikirane; tundhone wong-wong enom mau netepake nindakake dosa lan ngrancang dalane kang kebak kajuligan. Wong-wong enom mau mbudidaya nindakake sawetara panerak lan mbaleni dosa iku nganti prekara iku dadi pakulinane. Nalika wong-wong enom mau ngrasakake tindak jember lan najis uga krungu suwaraning telengin atine kang ngelikake, wektune wis kepungkur; wong-wong enom wis kebanjur dadi bature dosa. Wong-wong enom mau kasurung nindakake piala sinadyan isih kalimputan rasa mangu-mangu. Ing wektu kang mengkono iku wong-wong enom mau bakal ngipati-ipati nalika kawitan krungu bab pikiran alane. Manungsa wis dadi ala, sinadyan manungsa mbudidaya nyingidake kasunyatan kang ala kanthi nganggo topeng kamursidan lan sumanak kang palsu. Kabeh wong kang ora duwe sang Kristus iku batur saka hardaning hawa nepsune dhewe. Iblis nggawe dolanan lumantar syarafpe; kaya kang ditindake barat gedhe marang sak lembar godhong kang garing.

Sebanjure Sang Putra Allah ngandika babagan kang banget dening luhur, “Ing wektu iki Aku karo kowe lan Aku pirsa apa kang nyancang kowe. Aku bisa lan bakal paring kamardikan marang kowe lan ngilangi dosamu. Aku ora teka kanggo nganyarake jagat kanthi kahan anyar kang palsu, utawa paring disiplin marang kowe kanthi paugeran kang keras. Ora, aku duwe tujuan paring kamardikan marang kowe saka panguwasa dosa lan kekuatan pati lan hak-hakmu kang direbut dening iblis. Aku bakal nitahake kowe maneh, nangekake kowe, kanthi mangkono panguwasane Allah ana ing sajrone kowe bisa dadi obate dosa. Ora perlu takon maneh, Iblis bakal menehi coban marang kowe nganggo maewu-ewu cara. Kowe bakal kesandung, nanging ora minangka abdi, nanging minangka putra-putra kang cekelan kuwat marang hak anyar kang kok duweki”.

Kowe ditebus ing salawase, dibayar lunas nganggo getih-Ku, dituku saka pasar dosa. Kowe banget aji kanggo Gusti Allah. Panjenengane nawakake kamardikan marang kowe, supaya kowe bisa dadi putra-putra kang merdika. Bebas saka dosa, aku mindhahake kowe ing sajroning patunggalan karo Gusti Allah, supaya leladi lan ngaturaken panuwun kanthi kebak karilan. Ya Aku iki kang dadi juru paring kamardikan kang sejati, kang paring pitulungan marang kowe metu saka pakunjaran ing sajroning hakikat Allah. Aku iki Putra Allah, kang nyekel panguwasa kangge paring kamardikan kabeh wong kang ngrungokake SuwaraKu”.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula manembah lan ngluhuraken Paduka, awit Paduka kemawon sang Juru wilujeng ingkang maha Kuwaos, ingkang wonten ing kajeng Salib paring kamardikan dhumateng kawula saking panguwaos ingkang sawenang-wenang saking Iblis. Paduka sampun ngapunten samukawis kalepatan kawula. Paduka nyucekaken kawula nganti kados makaten kanthi makaten kawula mboten dados budhak malih saking panalangsa lan raos sengit, nanging kangge ngladosi Allah minangka putra-putra ingkang dipun merdekaken lan ngladosi kanthi kebak kabingahan.

PITAKONAN:

  1. Kepiye kita bisa tenan-tenan dimerdekaake?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)