Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 027 (Man is not Justified by Circumcision)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)
3. Abraham lan Daud minangka tuladha bebener lumantar iman (Rum 4:1-24)

b) Manungosa boten saged kabeneraken lumantar tetak (Rum 4:9-12)


RUM 4:9-12
9 Apa kabegjan sing dingandikakaké déning Sang Prabu Dawud mau mung katujokaké marang wong sing tetakan waé? Ora! Kabegjan mau iya katetepaké tumrap wong sing ora tetakan. Kaya pangandika sing kasebut ing ndhuwur mau: "Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga saka enggoné precaya mau dhèwèké ditampi déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané." 10 Wiwit dhèk kapan tumindaké prekara mau? Sadurungé apa sawisé Rama Abraham ditetaki? Pancèn sadurungé ditetaki, dudu sakwisé. 11 Lagi sawisé kuwi Rama Abraham tetak, lan tetak mau mung pretandha kanggo mbuktèkaké, yèn merga saka precayané, Gusti Allah wis nampani Rama Abraham mau, dadi wong sing nglakoni kersané. Kaya mengkono enggoné Rama Abraham dadi rama kasukmané sakèhing wong sing precaya marang Gusti Allah, lan sing diparengaké déning Gusti Allah dadi wong sing nglakoni kersané, senajan wong-wong mau padha ora ditetaki. 12 Rama Abraham uga dadi rama kasukmané wong-wong sing padha ditetaki, ora merga saka enggoné tetakan, nanging merga saka precayané, padha karo Rama Abraham piyambak nalika panjenengané durung ditetaki.

Paulus nglawan kayakinanipun tiyang-tiyang Yahudi, lan ngorat-arit salah satunggaling wewatonipun, inggih punika. bab tetak/ sunat. Tiyang-tiyang ing ara-ara samun punika nganggep prekawis punika minangka salah satunggaling pralambang ageng saking Prajanjian Lami. Sinten ingkang sampun tetak kaanggep dados kagunganipun Allah pribadi, lan sinten ingkang boten tetak kaanggep nglawan Allah. Pramila saking punika, tiyang-tiyang Yahudi nyuwun supados sadaya tiyang ingkang nembe pitados sami katetak minangka pratanda wontenipun panyucen ingkang sayektos, ingkang minangka sarat lumebet ing prajanjian kaliyan Allah.

Paulus mbuktekaken dhumateng tiyang-tiyang Yahudi ingkang kolot lumantar menapa ingkang kelampahan dhumateng bapa Abraham bilih manusa kaleresaken sanes karana tetak, nanging namung srana iman kemawon; awit bapa Abraham piyambak sampun mirengaken pitados dhumateng timbalanipun Gusti saderengipun piyambakipun dipun tetak. Dados, imanipun dados alesan lan dasar tmrap kaleresanipun. Tumrap piyambakipun, tetak punika pratanda yektos, sanes hak kangge wangsul dumateng Allah; sanes tetak ingkang nulungi piyambakipun, karana piyambakipun sampun mlebet dhumateng prajanjian kaliyan Allah srana iman.

Paulus wantun ngandika bilih Abraham sampun langkung rumiyin dados ramanipun tiyang pitados ingkang sanes tiyang Yahudi, awit piyambakipun kaleresaken nalika piyambakipun taksih sanes tiyang Yahudi lan dereng dipun tetak. Kanthi dasar mekaten, rasulipun tiyang-tiyang sanes Yahudi punika mbuktekaken bilih tiyang-tiyang sanes Yahudi ingkang manjing pitados langkung raket kaliyan Allah tinimbang tiyang-tiyang tetak ingkang boten purun pitados dumateng Sang Kritus. Allah kulyakaken srana iman ingkang tulus lan ewahing penggalih, lan sanes kanthi pralambang jasmani lan pakulinan ibadah.

Tiyang-tiyang Yahudi dados nesu sanget nalika Paulus nerangaken bilih tiyang-tiyang punika sami ngapusi dirinipun piyambak lan mbongkar kayakinanipun ingkang palsu. Nanging, paseksinipun dhumateng tiyang-tiyang Yahudi bilih Abraham saged dados ramanipun menawi tiyang-tiyang Yahudi sami pitados dhumateng Injiling sih kanugrahan. Margi dumateng Allah sanes margi sara silah, silsilah utawi tetak, nanging srana pracaya dumateng Panjenenganipun ingkang kasalib. Punika ateges bilih boten saben tiyang Kristen ingkang sampun kabaptis dados tiyang leres karana baptisanipun punika, menawi piyambakipun boten temen-temen pitados, awit manusa kaleresaken dening Allah sanes karana ritual/ pangibadah utawi lambang, nanging karana iman ingkang tulus kemawon.

PANDONGA: Dhuh sang Rama kang suci, kawula boten pantes kaparingan hak kanggé sowan wonten ing ngarsa Paduka, amargi rereged lan kalepatan wonten ing ati kawula. Nanging Putra Paduka kang Paduka tresnani sampun nyethakaken piyambak sih katresnan dhumateng kawula, ndadosaken kawula mursid lumantar salib, lan kawula sami pitados dhumateng Panjenenganipun, kapang dhumateng Panjenenganipun, lan mbangun gesang kawula adhedhasar kaslametan saking Panjenenganipun. Kawula sami ndhérék tuladhanipun, amargi Paduka sampun ndadosaken kawula mursid kanthi tanpa bayaran, sesarengan klayan sedaya tiyang ingkan nresnani Paduka ing saindering jagad punika.

PITAKON:

  1. Apa sebabé manungsa kabeneraké, boten amargi tetak, nanging amung amargi pitados?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 04:05 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)