Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 026 (Abraham’s Faith was Accounted to him)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)
3. Abraham lan Daud minangka tuladha bebener lumantar iman (Rum 4:1-24)

a) Iman Abraham kapétung minangka bebeneré panjenengané (Rum 4:1-8)


RUM 4:1-8
1 Yèn mengkono, banjur kepriyé tumraping Rama Abraham leluhur kita? Kepriyé pengalamané? 2 Menawa Rama Abraham enggoné kabeneraké déning Gusti Allah kuwi merga saka penggawéné, ana alasané kanggo gumunggung. Nanging panjenengané ora bisa gumunggung ana ing ngarsané Gusti Allah. 3 Kitab Suci nyebutaké: "Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga enggoné precaya mau Abraham ditampa déning Gusti Allah, dadi wong sing nglakoni kersané Gusti Allah." 4 Wong sing nyambut-gawé kuwi lumrahé nampa bayar, kang minangka opahé, dudu ganjaran. 5 Nanging tumraping Gusti Allah ora mengkono. Nyatané ana wong sing ora gumantung saka penggawéné. Wong mau pasrah marang Gusti Allah, sing nganggep wong dosa ora duwé dosa. Yèn Gusti Allah ngrukunaké sarirané piyambak karo wong dosa, kuwi Gusti Allah mung mirsani precayané wong mau. 6 Ya wong sing mengkono kuwi sing dikersakaké déning Sang Prabu Dawud, mulané panjenengané ngandikakaké bab kabegjané wong sing ditampa déning Gusti Allah, dianggep tanpa keluputan, sarta ora kaétang bab penggawéné. Pangandikané Sang Prabu Dawud mengkéné: 7 "Iba begjané wong sing keluputané diapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran! 8 Saiba begjané wong, sing dosa-dosané ora diétung déning Gusti Allah!"

Paulus mbudidaya nuntun tiyang-tiyang Kristen Yahudi ing Rum dhumateng iman ingkang leres ing Prajanjian Enggal. Paulus mundhut conto saking Bapa Abraham, lan Prabu Dawud. Kalih priyagung kalih punika dados bukti anggenipun kaapunten lan kaleresaken dening iman, sanes dening pandamelipun.

Gesangipun Abraham inggih sami kemawon kaliyan tiyang-tiyang sanesipun; panjenenganipun boten langkung sae utawi langkung awon kabanding tiyang-tiyang sanes. Gusti pirsa kathahing dosanipun lan regeding manahipun Abraham, nanging Allah mirsani ing manahipun Abraham wontenipun raos kepengin raket kaliyan Allah ingkang dados pacawisan pambangun turutipun. Gusti Allah ngandika langsung dhumateng Abraham laan nimbali piyambakipun; lan Abraham pitados dhumateng timbalanipun punika. Piyambakipun boten mangertos lebeting maknanipun prajanjinipun Allah, nanging piyambakipun pitados dhumateng Allah bilih sabda pangandikanipun yektos, leres, lan bilih Allah setya netepi sadaya janjinipun. Kanthi iman mekaten, Abraham ngurmati Allah lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Abraham boten menggalih bab kakiyatanipun piyambak, utawi ngresiki karingkihanipun, nanging nggadhahi kayakinan ingkang teguh dumateng Allah lan pangwaosipun ingkang linangkung. Kayakinan lan sesambetanipun ingkang setya punika nyegeraken ngelaking manahipun.

Iman ingkang mantep, lebet lan puguh punika ingkang njalari pakaryan kaleresan, sanes bab pangertosanipun tumrap pranatan. Abraham boten dados tiyang leres saking dirinipun piyambak, nanging imanipun kaetang dados kayekten. Piyambakipun sami dosanipun kaliyan kita, nanging piyambakipun atur wangsulan dhumateng pilihanipun Allah, nggatosaken sabdanipun Allah, nampi janjipun Allah, lan ngugem janji punika ing lebeting manahipun. Ing bab 4 punika kita maos sawatawis bilih iman ingkang makaten punika “kaetang minangka kabeneran.” Dawuh punika dados paugeran tumrap Reformasi. Sinte ingkang ngurmati Allah kanthi imanipun, nampi Injil kajeng salib tanpa sarat lan mbangun gesangipun wonten ing Sang Kristus, sawetahipun kaleresaken tanpa pakaryaning angger-angger Toret lan tanpa kakiyatan pribadi.

Menapa panjenengan nate mireng sabdanipun Allah ingkang nedahaken dora panjenengan, kanisthan lan aliting katresnan panjenengan? Menapa panjenengan pitados bilih pangadilan bade kelampahan dhumateng panjenengan? Menapa panjenengan getun lan mratobat, lan menapa panjenengan nyuwun pangapunten saking Allah? Menawi panjenengan nlangsani dosa panjenengan, Roh Suci bade ndhatengaken Putranipun Allah ingkang sinalib punika ing ngajeng panjenengan, nelungaken astanipun lan dawuh dhumateng panjenengan: “Ingsun wus ngapura dosanira. Sira dadi bener ora marga awakira dewe, nanging Ingsun kang agawe sira bener. Sira ora resik, nanging Ingsun ngedusi sira sawutuhe.”

Menapa panjenengan sampun mirengaken sabdanipun Allah? Menapa sabdanipun Allah sampun rumesep ing manah lan penggalih panjenengan ingkang wangkot, dhumateng rohing dora panjenengan? Katampia sabdanipun Gusti; pitadosa dhumateng Injil karahayon, lan gondhelana kajeng salib temah Allah bade ngetang panjenengan minangka tiyang-tiyang ingkang saestu kaleresaken. Rumaketa dhumateng Panjenenganipun ingkang sinalib srana iman panjenengan, lan panjenengan bade kasucekaken wonten ing patunggilan panjenengan kaliyan Panjenenganipun.

Sang Juru Masmur ingkang pikantuk wangsit, inggih punika Sang Prabu Dawud, ingkang ugi tiyang dosa, ngalami piyambak wadining pakaryanipun Allah ingkang ngleresaken. Piyambakipun boten gumunggung tumrap masmuripun ingkang sae sanget, lan ugi boten kaleresaken awit saking kathahing kamenanganipun, lan ugi boten gumunggung awit pandonganipun ingkang rumaket, utawi dedananipun ingkang kebak kamirahan. Nanging, piyambakipun nganggep saiba bingahipun tiyang-tiyang ingkang sampun nampi pangapunten saking dosa-dosanipun awit kanugrahanipun Gusti. Kayekten ingkang kaparingaken dhumateng panjenengan dening Sang Kristus punika kanugrahanipun Allah ingkang ageng piyambak.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang suci, kawula ngucapaken panuwun dhumateng Paduka amarga Sabda Paduka sampun dados manungsa inggih punika Putra Paduka, lan Paduka nedahaken dhumateng kawula babagan kanugrahan bebener wonten ing kajeng salib. Mugi Gusti bukakaken talingan ati kawula saged mireng sedaya janji Paduka, lan pracaya dhumateng Paduka. Matur nuwun amargi Paduka sampun ndadosaken kawula mursid kanthi tanpa mbayar, sesarengan klayan sedaya tiyang ingkang pitados dhumateng Paduka ing pundi-pundi papan. Tulungana para rencang kawula supados ugi sami saged ngraosaken kwasa salib Putra Paduka.

PITAKON:

  1. Kados pundi caranipun Abraham lan Daud kabeneraken?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 04:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)