Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 028 (We are Justified by Grace)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)
3. Abraham lan Daud minangka tuladha bebener lumantar iman (Rum 4:1-24)

c) Kita dibeneraken kanthi kanugrahan lan boten kanthi angger-angger Torét (Rum 4:13-18)


RUM 4:13-18
13 Gusti Allah janji marang Rama Abraham lan tedhak-turuné, yèn jagad iki bakal dadi warisané. Enggoné Gusti Allah janji mengkono mau ora marga saka pambangun-turuté Rama Abraham marang karsané Gusti Allah, nanging marga Rama Abraham pracaya; mulané banjur ditampi déning Gusti Allah, dianggep wong sing nglakoni karsané. 14 Menawa Gusti Allah maringaké janjiné mung marang wong sing padha nglakoni Angger-anggering Torèt waé, lha rak ora ana gunané wong pracaya marang Gusti Allah, lan janji-janjiné Gusti Allah iya banjur ora ana paédahé. 15 Torèt kuwi mung nekakaké bebenduné Gusti Allah. Nanging yèn ora ana angger-angger, dadi iya ora ana panerak. 16 Prejanjiné Gusti Allah kuwi kaparingaké adhedhasar pracaya, supaya cetha yèn kuwi kanugrahané Gusti Allah marang tedhak-turuné Rama Abraham kabèh; marang wong sing padha urip manut Torèt, semono uga marang wong sing padha pracaya nulad Rama Abraham, marga Rama Abraham kuwi rama kasukman kita kabèh. 17 Gusti Allah ngandika marang Rama Abraham: "Aku wis ndadèkaké kowé bapakné bangsa pirang-pirang." Kaya mengkono Rama Abraham ana ing paningalé Gusti Allah, sing dadi andel-andelé. Iya Gusti Allah sing nguripaké wong mati, sing nyabdakaké barang sing ora ana dadi ana. 18 Rama Abraham pracaya lan tetep kagungan pengarep-arep, senajan kaya-kaya wis ora bakal kelakon dadi bapakné bangsa pirang-pirang; kaya pangandikaning Kitab Suci: "Anak-turunmu bakal semono akèhé."

Sasampunipun mbikak kayakinanipun tiyang-tiyang Yahudi ingkang lepat, Paulus ugi nglebur dasaring kayektenipun ingkang adedasar pangangen-angenipun piyambak, inggih punika anggenipun nyumendhekaken gesangipun dhumateng angger-anggering Toret.

Tiyang-tiyang ing ara-ara samun punika menggalih bilih Allah mapan ing sela prajanjian, papan anggenipun Allah mratelakaken diri lan ngereh salumahing jagad. Tiyang-tiyang punika sami ngajeng-ajeng Allah tansah nunggil angger tiyang mbangun turut dhumateng angger-angger Toret. Nanging, tiyang-tiyang punika boten nyumurupi dosa-dosanipun ingkang nggegirisi, lan boten ngraosaken sih katresnanipun Allah ingkang agung dhumateng sadaya manusa. Tiyang-tiyang punika sami dados abdining angger-angger Toret. Manahipun wangkot lan sami gumunggung sacara wuta. Tiyang-tiyang punika ningali bebendunipun Allah lan boten tepang kaliyan Sang Kristus ingkang gesang ing antawisipun tiyang-tiyang punika.

Bilai greja utawi masyarakat ingkang kanthi kukuh ngugemi adat, wewaler saha paniti priksa, lan boten nggadhahi iman ingkang prasaja dhumateng Sang Kristus. Sinten ingkang ringkih ing salebeting iman taksih langkung sae tinimbang tiyang ingkang ngugemi pranatan nanging boten saged nresnani. Pancen dados wewadi ageng bilih pranatan nuwuhaken kanepson, mancing panerak lan mbekta paukuman. Punika sababipun para winasis (tiyang wicaksana) namung maringi sekedhik piwulang lan sarat-sarat dhumateng kelompok utawi sekolahipun, amargi sang Kristus sampun nucekaken kita supados nresnani, pitados, sabar lan ngapunten, boten mbekta kita dhumateng pangawulan tumrap pranatan lan wewaton, dhumateng paukuman ingkang kejem.

Paulus nandesaken dhumateng para ahli Toret sepisan malih, bilih Abraham kaleresaken lumantar iman, dangu saderengipun nabi Musa paring angger-anggering Toret. Dados, Abraham pitados dhumateng Allah saderengipun angger-anggering Toret punika wonten. Pepaken sadasa punika lajeng katetepaken kangge nuntun tiyang-tiyang pitados lan nglebur gumunggungipun manusa. Iman dhumateng sih rahmatipun Allah punika pangwasa ingkang ageng, ingkang mbangun gesang karohanen, mbereg tiyang-tiyang pitados kinen lelados dhumateng Allah lan nindakaken pandamel sae; dene angger-anggering Toret asipat meksa, nyupatani, njegsani lan mejahi kita.

Abraham nalika samanten boten nyawang dhumateng tumindakipun utawi dhumateng pambangun turutipun dhumateng angger-angger, nanging namung nyawang dhumateng prasetya/ janjinipun Allah lan pitados dhumateng Gusti. Piyambakipun dados patuladan lan bapa karohanen tumrap sadaya tiyang pitados. Sasampunipun pitados dhumateng prasetya bilih lumantar piyambakipun sadaya bangsa binerkahan, nadyan piyambakipun dereng kagungan putra, Abraham pikantuk kathah bangsa lan umat lumantar imanipun ngantos Paulus nyebat piyambakipun “bapa akeh bangsa.”

Makaten marginipun, Roh Suci miwiti ing gesangipun Abraham, satunggaling tiyang Bedouin ingkang prasaja punika, rancangan berkah ingkang mapan ing Sang Kristus, ngraketaken sadaya tiyang ingkang kaleresaken dening iman dhumateng Pajenenganipun.

Abraham mbokmenawi langkung unggul tinimbang sadaya pribadi wonten ing Prajanjian Lami karana imanipun ingkang ageng. Allah prasetya bilih lumantar tedhak turunipun Abraham badhe mberkahi sadaya bangsa di donya, inggih punika Sang Kristus pribadi. Ing tembung basa Ibrani “tedhak turun” punika tumuju dhumateng satunggaling pribadi, lan Paulus nandesaken bilih punika nuju dhumateng sang Kristus wonten ing prajanjian ingkang katetepaken kaliyan Abraham. Dados, tiyang-tiyang ingkang kaleresaken lumantar Sang Kristus ingkang sinalib punika badhe marisi swarga sarta sadaya raja brana kaswargan karana imanipun dhumateng Sang Kristus sampun nyatunggilaken tiyang-tiyang punika kaliyan pigesangan, pangwasa lan berkah saking Allah.

Kula aturi sowan dhumateng Sang Juruwilujeng supados panjenengan saged wungu gesang saking pepejah panjenengan. Menawi pnjg panggah mapan wonten ing Sabdanipun, Roh Suci bade nitahake pigesangan enggal wonten ing pigesangan pnjg lan lingkungan pnjg menawi wonten iman dhumateng prasetyanipun Allah wonten greja lan lingkungan pnjg. Iman punika bade ngawonaken pepejah wonten ing rehing dosa, lan ngukuhaken satunggaling prekawis enggal ingkang dereng nate kawangun saderengipun, karana Allah nitahaken lan makarya lumantar iman panjenengan, lan Panjenenganipun myarsakaken panguwuhing iman panjenengan. Panampi pnjg dhumateng Sabdanipun bade ngewahi panjenengan lan ugi ngewahi jagad.

PANDONGA: Dhuh Rama kaswargan, pikiran kawula alit, cupet, lan cepet anggéné nudhuh lan nglepataken tiyang sanés. Mugi Gusti ndadosaken manah kawula jembar supados kawula saged anggadhahi keyakinan sarta kapracayan ingkang lebet, lan mugi Roh Suci Paduka nyucékaken kawula supados saged anggadhahi sih katresnan, kendel, lan batin ingkang kiyat, saéngga tiyang-tiyang ingkang sami pejah batinipun saged sami wungu malih, lan supados pujian kagem asma Paduka sangsaya kathah wonten ing antawisipun bangsa kawula. Mugi Gusti nitahaken iman wonten ing gesang kawula, saéngga Paduka saged nindakaken karya kaslametan Paduka lumantar gesang kawula.

PITAKON:

  1. Menapa sebabipun kita nampa berkah saking Gusti Allah lumantar iman kita marang janji-janji saking Panjenenganipun, lan boten amargi kita nuruti angger-angger Torét?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 04:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)