Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 107 (Jesus questioned before Annas and Peter's threefold denial)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)

2. Gusti Yesus ditakoni ing ngarepe Hanas lan kaping telu Petrus nampik Gusti Yesus (Yokanan 18:12-27)


YOKANAN 18:12-14
12. Prajurit sapantha lan opsire dalah para tukang jaga, kang dikongkon dening wong Yahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumuli kabesta, 13 banjur kadhabyang kajujugake dhisik menyang daleme Sang Hanas, awit iku marasepuhe Sang Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing tahun kang lumaku iki; 14 lan iya Imam Agung Kayafas iku kang maune ngrembugi wong-wongYahudi: “Luwih maedahi manawa wong siji mati kanggo sakabehing bangsa”.

Ora mung wong-wong Yahudi wae kang nyekel Gusti Yesus, nanging para prajurit Romawi kang teka bebarengan karo prajurit tukang jaga pedaleman Allah uga duwe karep kang padha. Sang Kristus yaiku Gusti atas pati lan roh-roh ala, kang bisa nyirep prahara, marasake wong lara, lan ngapura dosa-dosa, uga nyancang kenceng sesambungan kanthi kebak budi kang alus. Panjenengane kang meerdika wis dadi bandan. Gusti dadi kabanda lan kacancang. Kita kang dadi jalaran kabeh iku awit dosa-dosa kita kang nggegirisi. Tali Panjenengane dadi pralambang sakjangkah mudhun maneh tumuju marang kahanan kang Asor kang kudu dilakoni panjenengane kang sebanjure anggone kaasorake nganti marang tingkat kang asor dhewe yaiku nalika Panjenengane munggah ing Kayu Salib.

Hanas iku Imam Agung saka tahun 6 sM nganti tekan 15 sM. Manut teori, dheweke kudu nglungguhi dadi Imam Agung iku saumure, nanging bangsa Romawi wis nyingkirake saka kalungguhan iku. Lan sebanjure, bangsa Romawi milih Kayafas, si Asu Ajak iku, kang dadi mantunya Hanas, lan uga dheweke ahli hukum kang julig. Dheweke bisa nglakoni apa kang dadi tuntutan Paugeran Torat lan uga bisa nindakake persyaratan kang ditetepake dening Pemerintahan Romawi. Dheweke iku wong kang banget dening julig lan kebak apus-apus, wong kang dadi kongkonane Iblis kang ngasilake pameca kang palsu gegayutan gusti Yesus kang disambungake karo langgenge anane bangsane. Pengadilan kang sebanjure dumadi sejatine sawijining lelakon kang mrihatinake, kang diatur kanggo ngukum kang dadi dakwan, kanthi nggedhek-nggedhekake dakwan, supaya nuduhake marang wong akeh yen kaadilan iku pancen ana. Wong-wong kang nyawang pengadilan ana kang goreh atine nanging dening Kayafas di tuduhaken yen pengadilan kang tindake iku pengadilan kang pancen adil lan dilandhesi bukti-bukti kang nyata.

Yokanan ora nulisake gegayutan lelakon kang dumadi ing sakiwa tengene mangsa Pengadilan iku, dikaya kang ditulisake dening Injil-Injil kang liyane, nanging dheweke mratelakake mligi marang panilitian lan anggone ngajokake pitakonan kang ndisiki sidang ing ngarepe Hanas, kang dadi kepala saka golongan keluarga para imam. Hanas isi dadi panyurung gerakan kang utama dhewe ing sajrone bab – bab megare negara iku. Kayafas njaluk supaya pitakonan kang dhisik dhewe ing sidang iku dipasrahake marang Hanas minangka tanda pikurmatane.

YOKANAN 18:15-18
15 Simon Petrus karo sakabate siji liyane ngetutake Gusti Yesus. Sakabat kang bebaengan karo Simon Petrus iku wanuh karo Imam Agung, iku banjur mlebu menyang platarane Imam Agung bareng karo Gusti Yesus, 16 nanging Petrus kari ana ing jaba cedhak regol. Murid liyane kang wanuh Imam Agung mau, tumuli metu maneh, caturan karo wong wadon kang tunggu regol, Petrus banjur diajak mlebu. 17 Abdi wadon kang tunggu regol mau tumuli calathu marang Petrus: “Dika niku rak enggih panunggalane sakabate wong niku, to?” Wansulane Petrus: “Sanes.” 18 Ing nalika iku para adi lan para tukang jaga Padaleman Suci wus padha gawe bedhiyang marga ing wektu iku hawane adhem, wong-wong iku padha ngadeg api-api ana ing kono. Petrus uga ngadeg api-api awor karo wong-wong mau.

Yokanan lan Petrus ngetutake gusti Yesus ing bengi saka kadohan. Awit Yokanan duwe sesambungan sedulur karo Imam Agung, dheweke bisa mlebetu ing sajroning latare para imam kanthi bebas. Petrus ora bisa kaya Yokanan, awit regol iku dijaga kuwat dening para peladen Pedalamen Allah.

Yokanan ngrasakake gonjang-ganjinge sajroning atine Petrus, kang ngadeg ing pepeteng cerak lawang. Awit arep nulungi Petrus, Yokanan rerembungan gegayutan Petrus karo abdi wadon sing tukang jaga lawang. Wong wadon iku wiwitane ora yakin banget yen Petrus iku pandhereke gusti Yesus, banjur takon marang Petrus, “Rak panjenengan menika ugi murid tiyang menika?” Petrus menehi jawaban: “dudu!” lan Petrus atindak kaya-kaya ora ngerti apa-apa, lan ora melu apa-apa ing sajroning lelakon kang dumadi iku, lan sakwise iku dheweke mbudidaya genen, awit nalika iku pancen hawane adhem.

YOKANAN 18:19-24
19 Ing kono Imam Agung banjur wiwit ndagau marang Gusti Yesus bab para sakabate lan bab kang diwulangake. 20 Wangsulane Gusti Yesus: “anggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhdhelikan. 21 Apa sababe kowe takon marang Aku? Takona marang wong – wong iku, kang wus padha krungu apa kang Dakkandhakake marang wong-wong iku. Iku wus padha nyumurupi temenan apa kang Dakkandhakake”. 22 Nalika Panjenenane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?” 23 Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: “Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?” 24 Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.

Diperiksane gusti Yesus kang kawitan kang dumadi dudu gegayutan kaluputan gusti Yesus, kepribadian Panjenengane utawa bab anggone ngakoni apa kang dingandikaake Panjenengane. Pamriksan iku gegayutan para murid Panjenengane lan bab apa kang diwulang Panjenengane. Nalika iku, ana kana ana akeh kumpulan sesidheman. Wong-wong kang mriksa iku mbudidaya enggal-enggal nemokake, apa bakal ana prekara kang mbebayani bakal anane gegeran saka para pandherek Panjenengane, kanthi mengkono balane kang mriksa iku enggal-enggal bisa maekani pambalela kang bisa uga bakal dumadi.

Gusti Yesus nampik anane kumpulan kang kaya mengkono iku, lan ngandikaake yen wong-wong sejatine ngerti, awit Panjenengane mulang tinarbuka lan ing wayah awan ing omah-omah ibadah, lan malah ing pedaleman Allah uga. Manawa para pemimpin pancen temen-teman arep ngerti bab sapa ta panjenengane kanthi jujur, para pemimpin iku bisa wae melu salah siji wulangan Panjenengane lan sebanjure ngrungokake dhewe kanthi mengkono cetha apa kang dingandikaake Panjenengane lan timbalan Panjenengane. Kanthi cara kang mengkono gusti Yesus paring jawaban apa kang ditakokake dening Imam Agung kang wis tuwa iku tanpa rasa wedi. Lan ujug-ujug, salah siji abdi pedaleman Allah, kang kepengin entuk pangalembana saka Imam Agung, napuk gusti Yesus. Gusti Yesus orang males, utawa nuduhake menawa duka. Nalika iku uga Panjenengane ora mbudidaya nyuda piala kang ditindakake wong iku marang Panjenengane, nanging Panjenengane malah nantang wong kang luput iku supaya pirsa uga kahanan wong kang dadi korbane. Awit gusti Yesus ora luput, mula abdi iku perlu njaluk pangapura lan nuduhake anggone mratobat.

Panjaluke pangapura lan pamratobat abdi marang gusti Yesus iku sejatine katujokake marang Hanas, awit dheweke iku kang duwe tanggung jawab atas tingkah polah saka abdi iku. Hanas wis ngidinake dumadine panerak iku. Dakwan kang mengkono iku dialamatake ing jaman saiki marang wong-wong kang nglarani wong liya tanpa ana kang dadi jalarane, utawa ngidinake balane nindakake patrap kang meden-medeni wong liya kang ora luput. Gusti kita nresnani wong-wong kang cilik iku lan ngandika, “Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagen Ingsun”

Sawise Hanas ngerti yen gusti Yesus ora gelem teluk kang dadi ancemane, malah kaya-kaya atindak kaya Hakim, malah ngajokake pitakonan marang dheweke gegayutan kayekten lan kaadilan, dheweke sebanjure ngirim gusti Yesus marang mantune Kayafas, kang kaya asu ajak kang julig, supaya dheweke dewe uwal saka prekara iku.

YOKANAN 18:25-27
25 Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: “Dika rak enggih panunggalane sakabate, to?” 26 Petrus selak, pangucape: “Sanes.” Sawijine abdine Imam Agung, kalebu sanake kang kaperung kupinge dening Petrus, tumuli calathu: “Napa kula boten weruh dika wonten ing pataman sareng kalih Wong niku?” 27 Petrus banjur selak maneh lan nalika iku ana jago kluruk.

Kayafas takon marang gusti Yesus gegayutan karo para murid Panjenengane. Loro saka antarake para murid Panjenengane iku nalika semana ngadeg ana ing latar, nanging ora ngakoni yen dheweke iku pandhereke gusti Yesus. Petrus kang ana ing remeng-remeng katon kaya wong manca, lan para abdi kang ana ing kana wiwit ngira yen dheweke duwe sesambungan karo gusti Yesus. Sepisan maneh Petrus, kandha, “Dudu, dudu”

Salah siji wong kang jubriya marang dheweke sebanjure nuduh. Awit saka omongane sedulure kang kaperung kupinge iku, sebanjure kabeh wong nyawang marang Petrus, lan Petrus dadi banget goreh, mligine nalika salah siji abdi iku kandha, “Aku kenal kowe; aku ndeleng kowe ana ing taman”. Bebaya wis ora bisa di penggak, awit wong-wong wis kandha sing kaya mengkono lan sing kandha mengkono iku sing duwe sesambungan keluarga karo wong kang kupinge kaperung dening dheweke. Yokanan ora nulis kabeh gegayutan sumpah kang dikandhakake Petrus kepiye anggone petrus nampik duwe sesambungan karo Gusti Yesus, nanging Yokanan negasake patrap Petrus kang ora satriyo, kang ora pantes ditindakake dening salah sijine rasul kang ana misuwur.

Jago kluruk kang keprungu iku kaya trompet pengadilan ing sajroning kupinge Petrus. Gusti Yesus wis ngandika yen ora ana wong siji wae ing antarane para murid Panjenengane kang bakal cemawis ndherek Panjenengane nganti pati. Para murid bakal mlayu, nindakake dosa, goroh utawa malah nampik Panjenengane. Yokanan uga ora nulis gegayutan eluh anggone Petrus getus, nanging Yokanan negasake bebayane duwe patrap nampik marang gusti kita. Jago kluruk kang kluruk nganti kaping telu iku dadi pemut kanggo Petrus. Gusti Allah maringake marang kita jago kang uga bakal kluruk saben kita ngapusi utawa wedi ngakoni gusti kita. Roh kayekten cemawis paring pitulungan ing sajroning urip kita. Nyuwuna marang gusti Yesus supaya maringi ilat kayekten lan ati kang lenceng uga pikiran kang resik.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka punika Kayekten, sabar, lan agung. Paduka apunten kawula gegayutan sadaya tindak laku goroh kawula lan patrap kalangkung-langkung kawula. Paduka nyanga sadaya bandan manungsa, cancang kawula ing salebetipun Roh Paduka, kanthi makaten ilat kawula mboten badhe ngedalaken tembung goroh malih. Paduka yasa kawula ngoyot ing salebetipun kayektosan Paduka, lan paduka wucal kawula supaya nyesekaken ing salebetipun asma paduka, kanthi andap asor, wicaksana lan kanthi kebak keyakinan.

PITAKONAN:

  1. Kepiye sesambungane gusti Yesus lan Petrus nalika gusti Yesus diperiksa ing ngarepane Hanas?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:47 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)