Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 108 (The charge against Christ's royal claims)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
3. Pengadilan sipil ing ngarepane Gubernur Romawi (Yokanan 18:28 - 19:16)

a) Pandakwan marang pangakon Sang Kristus dadi jejere raja (Yokanan 18:28-38)


YOKANAN 18:28-32
28 Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pengadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah. 29 Mula Sang Pilatus kang miyos, sarta ngandika: “Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?” 30 Wong-wong mau padha mangsuli ature: “Manawi Tiyang punika sanes durjana mesthi boten kula ladosaken dhateng Panjenengane!” 31 Dhawuhe Sang Pilatus: “Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu.” Ature wong-wong Yahudi: “Kula boten sami kawengaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang.” 32 Kang mangkono iku supaya kayektenana pangandikane gusti Yesus, kang dipangandikaake kagem mratelakake kapariye patrap bakal sedane.

Sawetara wong Yahudi wis duwe pepinginan nyedani gusti Yesus malah wiwit Panjenengane nyarasake wong kang lempoh ing Blumbang Bethesda (5:19), lan pancen akeh-akeh para pemimpin Yahudi kanthi sesidheman netepake Panjenengane kudu seda sakwise Panjenengane nangekake Lazarus (11:46)

Ing dina Kamis bengi dianakake rong patemon kang penting banget ing sajroning Makamah Agama, kang ora disebutaken dening Yokanan (Matius 26:57-67 lan 27:1). Cathetan kan njlimet gegayutan wong-wong Yahudi iku kurang ndudut ati kanggone wong kang maca kang asale saka Yunani, nanging Yokanan pancen ngutamakake gegayutan putusan pengadilan kang ora adil marang gusti Yesus, kang ditetapake dening dadi wakile pengadilan Romawi, Pilatus, ing sajrone barang prajurit kang mapane cerak karo Pedaleman Allah. Mung dheweke dhewe kang duwe wenang nindakake paukuman pati lan nguwalaken wong saka paukuman.

Wong-wong Yahudi kang rumangsa awake wedi asih marang gusti, ora gelem mlebu ing sajroning omahe wong Romawi awit wedi najis, yen wong-wong Yahudi mau mlebetu omahe wong-wong dudu Yahudi. Wong-wong Yahudi tetap ana ing sajroning kahanan kang suci secara tata upacara agama, supaya bisa melu bujana paskah bebarengan keluargane, wektu iku wong-wong Yahudi mbeleh cempening Allah.

Saksuwene wektu kang banget mbebayani iki, nalika gusti Yesus dicekel, owah-owahan gedhe dumadi ing kratone Pilatus. Salah siji wong saka antarane kanca rakete, yaiku jendral prajurit Romawi, dipecat dening Kaisar awit ngrancang mbalela. Jendral iki wong kang sengit marang wong Yahudi, lan rancangan pambalela iku dibuka dening wong-wong Yahudi. Sing dadi akibate mula panguwasane Pilatus dadi kurang lan dheweke ora bisa maneh asikep wengis lan sakarepe dhewe marang wong-wong Yahudi dikaya ndhisik.

Sawise wong-wong Yahudi nggawa gusti Yesus ana ngarepe Pilatus, gubernur iku sebanjure metu lan nemoni wong-wong Yahudi kepengin ngerti apa sejatinya kang dadi tuntutane wong-wong iki. Pilatus ora perlu suwe-suwe nganakake rerembugan nanging langsung ngerti apa sejatine sari patine pandakwane wong-wong Yahudi iku. Patrap Pilatus marang Gusti Yesus kanthi sethithik mesem – Ratu kang ora duwe prajurit utawa gaman, kang mlebu Yerusalem kanthi numpak bagal babar blas dudu bab kang mbebayani kanggone Romawi. Nanging dheweke sarujuk karo tuntutan wong-wong Yahudi, lan melu apa kang dikarepake wong-wong mau. Dheweke malah wis mapanake sakbregada prajurit kang bisa digunake wong-wong Yahudi mau. Prajurit mau supaya nulungi wong-wong Yahudi ing sajrone nyekel gusti Yesus. Lan wong-wong Yahudi kasil nyekel Gusti Yesus: bandan iku saiki ana ngarepe lan ngenten sih kawelasane. Nanging Pilatus takon: “Apa kaluputan utawa apa kang ditindakake Wong iki?”

Para pinituwa yahudi kanthi ora langsung kanda: “Panjenengan pirsa menapa ingkang kula aturaken bab Panjenenganipun saderengipun. Tiyhang menika inggih menika pangawak dursila secara politik ingkang gadhah tujuwan ngawontenaken pambalela. Kawula mboten perlu nambahaken menapa kemawon. Kawula sowan kanthi resmi minangka wailipun tiyang-tiyang Yahudi namung nuweni. Kawula dumugi mboten mbeta tuntutan sedanipun Panjenenganganipun, kanthi makaten rakyat mboten badhe nuwuhaken kisruh.

Pilatus cukup ngerti bab sikep lan Pilatus ngerti yen wong-wong Yahudi jubriya marang dehweke, lan uga ngerti yen dakwan iku sebenere gegayutan karo paugerane dhewe, lan bab pengarep-arepe bakal anane Sang Mesih kang duwe panguwasa. Gusti Yesus babar pisan ora ngandika lan nindakake kang ana gegayutane tindak piala manut paukuran Romawi. Awis saka iku, Pilatus sebanjure masrahake gusti Yesus manehy marang wong-wong mau, lan njaluk wong-wong mau ngadili Panjenengane selaras karo paugerane dhewe.

Nalika iku, wong-wong Yahudi ora duwe hak ngrajam wong-wong kang nindakake panerak marang Paugeran Torat. Wong-wong Yahudi duwe tujuan supaya mirang-mirangake gusti Yesus kanthi agawe pengadilan umum kang nggunakake tangane wong Romawi, kang dianggep wong-wong kang najis. Kanthi mengkono mula pengarep-arepe paukuman kang wengis kang bisa ditibake marang para batur tukon lan wong ala kang kelase dhuwur ditibakake marang Panjenengane- supaya ngunggahake Gusti Yesus marang “kayu kang banget dening gawe sengsara” iku. Prekara iku bakal nuduhake yen gusti Yesus dudu Putra Allah, Kang Kuwat, lan Bener, nanging Panjenengane iku mung wong kang ngremehake gusti Allah lan ringkih. Kayafas duwe kekarepan supaya Panjenengane mati ing Kayu Salib ing tangan Prajurit Romawi kanggo mbuktekake yen Panjenengane iku dudu Sang Mesih, nanging mung wong kang gawe kisruh lan wong kang apus-apus.

YOKANAN 18:33-36
33 Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pengadilan, nuli nimbali Gusti Yewsus sarta ngandika: Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” 34 Wangsulane Gusti Yesus: “Pangandika panjenengan makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanes ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ing ngatasipun Kula?” 35 Wangsulane Sang Pilatus: “Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenengan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Panjenengan dhateng kulap; Panjenengan tumindak punapa?”36 gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton |Kula boten saking ngriki”

Para prajurit iku mapanake gusti Yesus ing barake. Sawise Pilatus ngrungokake dakwan saka wong-wong Yahudi, dheweke uga kepengin ngrungokake kepiye anggone gusti Yesus mbelani awake langsung saka gusti Yesus Piyambak. Pilatus ora banjur pracaya marang apa kang dikandakake wong-wong Yahudi, nanging kanggo nerusake urusan kang ana gegayutane karo paugeran mula takon marang gusti Yesus, “Punapa Panjenengane menika Ratunipun tiyang Yahudi? Kula sampun ningali Mesih-Mesih ingkang sanes ingkang gadhah gaman jangkep, kanthi jenggot cemeng lan mripat kang wengis. Panjenengane sanes jago perang lan sanes teroris. Panjenengnae katingal kados tiyang ingkang sanget dening mrihatosaken, alus bebuden, andhap asor, kadospundi saget Panjenengan ngersakake dados Ratu? Ratu menika mbetahaken laladan, panguwaos lan ugi wonten kategasan”

Gusti Yesus ngrasakake manawa Pilatus mangu-mangu gegayutan karo pangakon Panjenengane yen Panjenengane iku Ratu lan sebanjure Gusti Yesus ndangu: “Menapa Prajurit panjenengan ngaturi pirsa panjenengan menawi murid-murid Panjenengane merangi Prajurit panjenengan ing tengah dalu, utawi menapa telik sandi panjenengan mireng menawi Kula nate ngawontenaken pasekuton politik, utawi menapa pitakenan panjenengan menika namung kalandhesan dhumateng apus-apus tiyang-tiyang Yahudi kemawon? Dados jejeripun gubernur mboten kening namung mireng dakwan palsu”

Pilatus atur wangsulan kanthi duka, “Menapa kula menika tiyang Yahudi?”. Kaya-kaya dheweke kandha, “Aku ora bakal ngremehake awakku dhewe nganti marang tingkatan golongan wong-wong kang wangkot iku, lan ngomong gegayutan pokok agama awan lan bengi”

Dadi Pilatus ngakoni yen ora dheweke kang nyekel gusti Yesus, nanging wong-wong Yahudi, pemimpine lan golongan nasionalis ing antarane wong-wong kang nyekel gusti Yesus. Sebanjure, Pilatus nyuwun pirsa cekak, “Menapa ingkang panjenengan tindakaken? Kula mbetahaken jawaban saking Panjenengan kangge paring wangsulan dakwan ingkang dipun alamataken dhumateng panjenengan. Panjenengan ngandikan, utawi Panjenengan badhe dipun pecut; mangga ngandikan sadaya kayektosanipun”.

Nalika iku, gusti Yesus sebanjure ngandikaake kabeh kayekten kang arang ditindakake Panjenengane, nalika bebarengan karo para murid Panjenengane. Panjenengane ngandika, “Kraton Allah iku kagungane Allah wae, dudu dibangun atas landhesan anggone kaajen utawa nganggo gaman utawa panggawe manungsa kanggo nindhes wong liya”. Kratone Sang Kristus ora tahu ilang kaya kraton ing jagat iki. Gusti Yesus mulangake marang para pandherek Panjenengane supaya para pandherek Panjenengane ora nyerang nganggo pedang, utawa bedhil utawa nggunakake bom. Kraton Panjenengane beda banget karo kabeh krajan kang ana ing jagat iki.

YOKANAN 18:37-38
37 Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punikaprelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengake swara Kula.” 38 Pangandikane Sang Pilatus: “Kayektosan punika punapa?”

Pilatus ora nyakep makna atas pengakone Sang Kristus iku, nanging dheweke ngrumangsani yen kang dadi dakwan iki ngakoni yen Panjenengane pancen Ratu tanpa nyethakake tegese kang penting saka Kraton iku. Gusti Yesus sebanjure nyethakake kanthi ngandika, “Panjenengan sampun pirsa wadi Kula, lan mangertos menapa ingkang kula aturaken. Tiyang ingkang dados jejering Ratu menika ingkang kagungan lan bendara saking kratonipun; Kraton Kula sanes saking jagat menika ingkang kebak apus-apus lan kajuligan, awit Kula menika Ratuning kayekten”.

Sebanjure gusti Yesus maringi paseksen yen anggone miyos saka perawan Maryam dudu wiwitan saka anane Panjenengane, nanging Panjenengane rawuh ing jagat iki wis ana sadurunge jagat ana, Panjengane iku anane wiwit kelanggengan. Panjenengane asale saka Sang Rama sadurunge jaman ngajaman. Panjenegane pirsa kayekten kang asipat keallahan. Gusti Yesus, maringi paseksen gegayutan kayekten Allah. Minangka kang saka kelanggengan manunggal karo Allah Panjenengane iku seksi kang setyo. Nanging Pilatus gumuyu lan takon, “Kayekten iku apa?” Gubernur iku wis ndeleng akeh lelamisan lan tindak pambalela kanthi mengkono dheweke wis kelangan kaprecayan marang kayekten. Nanging gusti Yesus kang dadi seksi kang setyo gegayutan kayekten kasuwargan iku jumeneng teguh lan mratelakake marang kita asma Rama Panjenengane.

PANDONGA: Gusti Yesus, Paduka menika ratu kawula; kula kagungan Paduka. Paduka dadosaken kula abdi saking alusing bebunden Paduka; teguhaken kula ing salebetipun iman dhumateng kayekten Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye lan ing sajroning makna apa gusti Yesus iku dadi jejere ratu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:48 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)