Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 106 (Jesus arrested in the garden)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)

1. Gusti Yesus kacepeng ing Taman Getsemani (Yokanan 18:1-11)


YOKANAN 18:1-3
1 Sawise Gusti Yesus ngaturake kabeh iku mau banjur miyos saska ing kono tindak menyang ing sabrange kali Kidron kadherekake dening para sakabate. Ing kono ana patamanan kang tumuli dilebeti karo para sakabate. 2 Anadene Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus iya weruh panggonan iku, amarga Gusti Yesus asring nglempak karo para sakabate ana ing kono. 3 Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe Imam, tuwin para wong Farisi, padaha nggawa ting lan obor sarta gegaman.

Gusti Yesus rerembangan karo Rama Panjenengane ing sajrone pandonga, masrahake kasugengan Panjenengane ing sajrone astane Allah, lan uga uripe para rasul lan para pandherek Panjenengane. Kanthi tembung-tembung pandonga minangka pisahan iki Panjenengane ngujudi kabeh pangandikan, anggone leladi lan pandonga-pandonga Panjenengane. Sebanjure Panjenengane mlebu ing sajrone perangan anyar ing sajrone panandang Panjenengane lan kasangsaran Panjenengane kanggo mujudake paraga Panjenengane minangka jejere cempening Allah kang nyangga kabeh dosane jagat.

Sebanjure Panjenengane lumebu ing sawijining taman kang nganggo pager ing gumuk Zaitun kang ana ing sabrange kali Kidron, ana kono ana peresan woh anggur. Ya papan iki kang dadi pangungsen lan papan nyepi kang dianggo dening Panjenengane karo para murid, lan ing papan iku Panjenengane uga asring sare.

Yudas ngerti banget papan iku, lan dheweke menehi ngerti marang para pemimpin Yahudi ana ngendi gusti Yesus mapan. Para pemimpin iku seneng banget lan nglumpukake para prajurit kang njaga pedaleman Allah lan uga wakile wong-wong Farisi. Para pemimpin lan balane sejatine ora duwe hak babar pisan kanggo nyekel sapa wae ing wayah bengi utawa nyekel wong wayah bengi karo nggawa gaman, kajaba kuwi kudu ana idin saka pemerintah Romawi. Lan gubernure kudu diwenehi ngerti. Para pemimpin wong-wong Yahudi iku ora marem atas pelaporane Yudas, mula ngongkon Yudas mimpin sakbregada prajurit iku kanggo nyekel sang Kristus. Dadi, Yudas ora mung dadi wong kang mbalelo marang patunggalan Gurune nanging uga kang masrahaken gusti Yesus marang para satru Panjenengane. Ora bakal ana critane gusti Allah ngersakake Sang Putra bakal padha rupa karo wong kang mbalela utawa kosok baline wong kang mbalela iku dipadhake karo Putra Panjenengane. Gusti Allah ora bakal nindakake patrap kang asor kaya mengkono iku.

YOKANAN 18:4-6
4 Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: “Kowe padha nggleki sapa?” 5 Wangsulani kang kadangu: “Yesus Nasarani. Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki.” Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau. 6 Bareng padaha kadhawuhan: “Iya Aku iki,” tumuli padha mundur sarta niba ing lemah.

Kita ora ngerti kepiye wong-wong kang dadi mungsuh gusti Yesus iku mlebu ing sajrone taman. Wong-wong mau bisa uga nggawa obor, supaya bisa nemokake panjenengane, manwa Panjenengane mbudi daya mlayu. Gusti Yesus lagi ndedonga tumemen, nanging para murid Panjenengane lagi turu. Ing sajrone pandonga Panjenengane, Gusti Yesus mirsani wong akeh iku marani kang dituntun dening murid Panjenengane kang mbalela. Panjenengane babar pisan ora mbudidaya mlayu, sinadyana Panjenengane pirsa apa kang bakal dilakoni ing sajrone pengadilan kang wengis lan kinanthenan panganiaya. Panjenengane wis pirsa kabeh kang bakal dumadi lan panjenengane mbangun turut marang Sang Rama. Panjenengane jumangkah lan masrahake sarirane marang wong akeh kang marani Panjenengane iku; kaluhuran Panjenengane lan kaurmatan Panjenengane tetap. Malah sejatine, dudu Yudas kang masrahake gustiYesus, nanging gusti piyambak kang masrahake sarirane kanggo kita.

Panjenengane dangu marang wong-wong mau, “Sapa kang mbok goleki?” Nalika wong-wong mau nyebutake asma Panjenengane, Panjenengane paring wangsulan kanthi pangandikan kang banget asipat keallahan, “iya Aku iki”. Kabeh wong kang duwe wawasan kasukman bakal bisa langsung ngreti yen gusti Yesus iku Gusti Allah piyambak kang lagi jumeneng ana ing tengah-tengah wong-wong mau, lan ngandika apa kang dingandikaake gusti Allah marang Nabi Musa, “Ingsun iku Ya Ingsun”. “Apa kowe tumemen kepengin mateni sang juru selamet? Ya Aku iki Panjenengane, tindakna apa kang kudu kok tindakake. Ya Aku iki kang nyipto lan kang dadi penebus, kang jumeneng ana ing ngarepmu.”

Ing sajrone kabeh lelakon iku, Yudas ana ing kana, lan pangandikan-pangandikan iku banget natoni atine. Ya iki lelakon kang pungkasan kang jenenge ditulis ana ing sajrone Injil Yokanan. Yokanan ora nyebutake apa-apa gegayutan anggone ngambung kang ditindakake dening Yudas utawa bab kepiye Yudas anggone mati nglalu. Kang dadi punjering kawigaten kanggo Yokanan yaiku Yesus, kang digambarke Panjenengane nuduhake sarirani minangka priyanyi kang banget kinurmatan ing ngarepane para satrune. Anggone sumarah iku katindakake kanthi sukarila kang alandhesan alusing bebuden ya iki kang banget dening natoni atine Yudas awit iku ateges gusti Yesus wis nyawisake sarirane kanggo seda. Nalika iku, Yudas lan wong akeh padha mundur lan tiba ing nglemah awit kaget gegayutan kaagungan iku. Yudas lan balane wis siaga kanggo perang gegayutan anggone arep nyekel Kang dadi dakwan. Ing kene Panjenengane malah marani wong-wong mau kanthi asikep kaya Imam Agung kang kinurmatan ing sawijining dina riyaya bedamen, lan kang ngandika, “Ya aku iki Panjenengane kang mbok goleki iku”. Wong-wong mau mundur lan tiba ing lemah, banjur gusti Yesus bisa wae ngadoh karo wong-wong iku, nanging Panjenengane malah jumeneng ana ing ngarepe wong-wong iku.

YOKANAN 18:7-9
7 Gusti Yesus banjur ndangu maneh: “Kowe padha nggleki sapa?” Unjuke wong-wong mau: “Yesus Nasarani.” 8 Paring wasulane Gusti Yesus: “Aku wus tutur marang kowe, iya Aku iki wonge. Manawa Aku kang kok gleki, wong-wong iki kareben padha lunga.” 9 Mangkono iku supaya kayektenana ature kang mangkene: “Tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika boten wonten satunggal-tunggala ingkang kawula icalaken.”

Sang Kristus mbudidaya supaya kawigaten wong-wong kang arep nyekel Panjenengane marang Panjenengane pribadi. Sawetara wong-wong kang mbudidaya nyepeng Panjenengane iku mbudidaya nyekel para murid, nanging gusti Yesus mbudidaya njangkung para murid, lan ngadhepi para satru Panjenengane kanthi adu dada. Panjenengane iku Pangon kang becik kang masrahake nyawa Panjenengane kanggo menda-menda Panjenengane, lan Panjenengane banjur nyerak marang para prajurid iku supaya para prajurit ngejarake para murid lunga. Apa kang ditindake Gusti Yesus kang banget kinurmatan iku ngagetake wong-wong kang bakal nyekel Panjenengane, lan wong-wong kang arep nyekel panjenengane nurut karo apa sing dingandikaake. Sepisan maneh Panjenengane ngandika, “Iya aku iki”, kaya-kaya Panjenengane ngandika, “Aku iki Roti urip iku, Aku iki pepadhanging jagat, Ya aku iki lawang, pangon kang becik, dalan, kayekten, lan panguripan. Ya Aku iki Juru selamet kang wis katetepake. Ing sajarone wujud manungsa Gusti Allah jumeneng ana ing ngarepanmu”. Asma “Yesus” ateges, Gusti Allah netepake lan nylametake. Pitululngan kang asipat keallahan iki malah ditampik dening wong-wong Yahudi. Wong-wong Yahudi ora bisa nampa manawa wong Nazaret kang andhap asor iku, dadi Sang Mesihe.

YOKANAN 18:10-11
10 Simon Petrus kang asikep pedang, banjur nunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus. 11 Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: “Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?”

Petrus durung wanuh Gustine, lan uga ora ngrungokake pangandikan Panjenengane. Dheweka mau keturon lan nalina dheweke tangi, isih durung tangi sing temenan. Dheweke ndeleng para prajurit iku lan Petrus banjur nesu, banjur ndudut pedange saka wrangkane banjur disabetake marang abdine Imam Agung tapa didhawuhi Gustine, wasana abdi Imam Agung iku kaperung kupinge. Mung Yokanan kang nulis babagan iki, sakwise sawetara suwene, yaiku sakwise Petrus tilar donya. Gusti Yesus paring dhawuh marang murid utama iku supaya nwrangkaake pedange, supaya ngedohi banjir getih luwih akeh maneh, lan Panjenengane mbudidaya supaya ora ana murid panjenengane siji wae kang dicekel.

Sebanjure gusti Yesus ngandika marang para murid Panjenengane gegayutan tuwung bebendhu Gusti Allah yang Panjenengane tampa nalika Panjenengan lagi ndedonga. Dadi, kita maca ing kene nek digateke kanthi jero ana peperangan secara kasukman kang dumadi ana ing sajrone nyawa gusti saderunge Panjenengane dicekel. Kita ngerti yen Panjenengane wis cemawis nandang sengsara atas bebendu iku, nyangga kabeh paukuman ing sajroning sarirane kanggo kita. Tuwung iku ditampani langsung saka Rama Panjenengane. Panjenengan kanthi mengkono mundhut apa kang pahit dhewe saka asta Panjenengane kang banget di tresnani Panjenengane. Prekara iki ora bakal bisa di songga kajaba dening katresnan, awit sang Rama lan sang Putra yiku siji ing sajrone pakaryan panebusan kangge manungsa. Awit gusti Allah banget dening nresnani jagat iki kanthi mengkono Panjenengane maringake putra Panjenengane kang tunggal.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, dhuh Rama, awit katresnan Paduka nglangkungi pangertosan kawula. Paduka maringaken ingkang putra dhumateng kawula. Kawula manembah Paduka, inggih Sang Putra, awit sih rahmat lan kaagungan Paduka lan anggen paduka cemawis seda. Paduka mboten mlajeng saking taman menika lan tetap mbela para murid Paduka, lan masrahaken sarira Paduka dhumateng para satru Paduka. Kawula maturnuwun awit paduka sampun nyingkur badan piyambak, awit kasaenan lan kayektosan Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa makna pangandikane gusti Yesus bab sarirane marang para satru satru Panjenengane ing gapuraning taman ikku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)