Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 088 (The Holy Trinity descends on believers)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
C - TEMBUNG-TEMBUNG PISAHAN ING KAMAR NDUWUR (Yokanan 14:1-31)

2. Tritunggal Kang Suci tumurun atas tiyang pitados lumantar Sang juru Pitulung (Yokanan 14:12-25)


YOKANAN 14:21
21 Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta ia bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku”

Sumber banyu berkah lan nugraha mili saka gusti Yeus Kristus ing sajroning Gereja Panjenengane saklawase. Malah sinadyan kabeh wong pracaya kapenuhan karo kabeh ilining banyu berkah nganti luber, segara kanugrahan tetap isih ana. Ing ngarepe para satru Panjenengane Gusti Yesus kudu jumeneng teguh ing sajroning anggone ngakoni minangka jejering Sang Mesih lan sang Putra Allah. Marang para murid Panjenengane, pancen, Panjenengane mratelakaken kasugihan patunggalan Panjenengane karo Sang Rama ing wektu kang pungkasan. Muga-muga ati kita dibuka jembar kanthi mangkono kita bakal kapenuhan keilahiane sang Kristus.

Gusti Yesus ngandika marang kita yen katresnanmu marang Panjenengane ora mung awujud rerasan kang timbul saka niat kang apik wae, nanging katresnan iku dibangun atas landhesan pembangun turut marang pitutur-pitutur Panjenengane lan apa kang kudu ditindake ing saben dinane. Panjenengane mbuka bandha tinggalan kasuwargan marang kita, lan ngutus kita supaya ngladeni wongwong kang ilang lan mbangun sedulur-sedulur kita; Panjenengane paring ganjaran marang kita kabisan supaya ngerti rancangan Panjenengane kanggo urip kita. Pitutur-piturur Panjenengan ora kok dadi momotan lan mokal bisa ditindakake, awit kabungahan kang saka Sang Roh Suci wis andadekake kita bisa nindakake, lan Sang Roh kayekten nyurung kita supaya ngakoni saben kaluputan utawa patrap julig kang kita wis tindakake. Sang Roh suci nguwatake kita supaya mbangun turut pitutur-pitutur Panjenengane, awit Panjenengane nresnani kita lan nylametake kita nganti wekasan, kita pantes nresnani Panjenengane lan urip ing sajroning Sang Roh Panjenengane.

Apa panjenengan nresnani gusti Yesus? Aja banjur atur wangsulan kanthi sora, “Inggih”. Aja uga langsung njawab kanthi prihatin, “Mboten”. Manawa panjenengan wis dilahirake maneh, Sang Roh suci ing sajroning panjenengan, panjenengan bakal atur wangsulan, “Inggih kula nresnani Paduka, Yesus, awit kaluhuran Paduka lan alusing bebuden Paduka, pangorban Paduka lan kesabaran Paduka; paduka sampun nitahaken ing salebetipun badan kawula kasagetan kangge nresnani”. Pirembugan karo Sang Roh suci ing sajroing badan kita iki dudu pangarep-arep kang nglaha tanpa guna utawa angenan kang kothong wae, nanging dilandhesi marang tekad supaya nindakaken patrap katresnan. Gusti nitahake katresnan ing sajroning awake wong-wong kang ditresnani Panjenengane lan amenuhi wong-wong iku kanthi sih rahmat.

Gusti Allah nresnani wong-wong kang nresnani Gusti Yesus. Sang Rama paring kabeh panguwasa lan sih rahmat ing sajroning Sang Putra kangge nylametake manungsa. Sing sapa nampani gusti Yesus, nampani Allah, lan sing sapa nampik gusti Yesus, ateges nampik Gusti Allah. Apa panjenengan eling manawa Gusti Allah nimbali panjenengan dadi wong kang gusti Allah ngandika, “Kang ndaktresnani”, awit Sang Roh Kristus wis ngrubah panjenengan lan andadekake panjenengan dadi wong kang nresnani. Panjenengan ora dadi apik awit saka awak panjenengan dhewe, nanging katresnan Allah andadekake panjenengan dadi titah anyar. Pakaryan Sang Kristus ing sajroning badan panjenengan dadi pantara kanggo panjenengan karo Sang Rama, lan bakal njangkung panjenengan nganti kalanggengan. Panjenengane bakal mratelakaken sariraNe marang panjenengan kanthi jaminan kasukman. Sepira wae akehe panjenengan bakal tetep mundak-mundak ing sajaroning panjenengan wanuh marang sang Juru selamet panjenengan, mula bab wanuh iku bakal tetap terus, awit anggone wanuh iku tetep bakal mundak-mundak ing sajroning pembangun turut, katresnan, pangorbanan lan bab nyingkur awake dhewe.

YOKANAN 14:22-25
22 Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, sababipun punapa dene paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?” 23 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku. 24 Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kang kok rungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku. 25 Kabeh iku mau Dakwarahake marang kowe, mumpung Aku isih nunggal karo kowe;

Gusti Yesus isih kagungan murid kang jenenge Yudas uga, nanging dudu Iskariot. Panjenengane pirsa yen gusti Yesus wis ganti bab pirembugan, awit murid kang khianat iku wis lunga. Panjenengane rumangsa yen sawijining lelakon kang nggegirisi bakal enggal dumadi.

Gusti Yesus ora paring wangsulan marang Yudas kanthi langsung, nanging nyethakake gegayutan tujuwan kang paling utama saka gereja lan uga kaya ngapa perlune seda kanggo jagat. Gusti Yesus nuduhake marang para murid jangkah-jangkah kang bakal nuntun marang anggone wanuh kang sejati babagan Allah. Ya iki kasunyatan yen wanuh gusti Yesus lan nampani Panjenengane bakal ngasilake blak-blakan marang Panjenengane lan marang panguripan kang anyar, kanthi panguwasa Sang Roh suci kanggo mbangun turut pitutur-pitutur Panjenengane lan ngrasakake sihi Allah. Sebanjure, gusti Yesus ngandika sawijining pratela kang banget dening ndudut ati, “Aku karo Sang Rama bakal marani wong pracaya lan aku karo Sang Rama bakal manunggal ing sajroning wong iku”. Panjenengane ora ngandikan ing kene gegayutan gereja kanthi cara umum, nanging gegayutan wong pracaya minangka pribadi. Tritunggal Kang Suci bakal nekani wong pracaya lan manunggal ing sajroning wong mau. Pangandikan iki terus bakal keprungu ing sajroning ati wong pracaya, kaya-kaya wong-wong pracaya lagi dirangkul dening sang Roh Suci, Sang Putra lan Sang Rama. Mlebu ing sajroning jangkah keslametan, wong iku bakal nemokake yen gusti Allah panci ngalingkupi dheweke sawutuhe, ngayomi dheweke kanthi cara pribadi. Kabeh wong kang pracaya marang Sang Kristus bakal ngrasakake dhewe wadi kang sejati iki.

PANDONGA: Dhuh Tritunggal Ingkang Suci, sang Rama , Sang Putra lan Sang Roh Suci, kula manembah Paduka, ngaturaken panuwun lan ngluhuraken Paduka. Paduka sampun rawuh ing salebetipun gesang kawula, lan manunggal ing salebetipun badan kawula tiyang dosa. Paduka apunten dosa-dosa kula. Maturnuwun atas panguwasos katresnan ingkang diparingaken dhumateng kula, lan kunjuk Sang Roh katresnan ingkang wong ing salebetipun manah kula. Jangkukang kula ing salebetipun asma paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye katresnan kita marang sang Kristus mundak-mundak lan kepiye sang Roh suci mudun ing sajroning badan kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:28 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)