Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 089 (Christ's farewell peace)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
C - TEMBUNG-TEMBUNG PISAHAN ING KAMAR NDUWUR (Yokanan 14:1-31)

3. Tutur pepisahan Sang Kristus (Yokanan 14:26-31)


YOKANAN 14:26
26 nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangkae marang kowe.

Sapa kang wani kandha manawa wong wis nyakep makna saka kabeh pituture Sang Kristus? Lan sapa kang bisa ngapalake kabeh pitutur Panjenengane lan nindakake sakabehe? Para murid kang rumangsa ora njenjem ing sajroning bujana bengi karo gusti Yesus iku mikirake gegayutan tindak piala saka wong kang mbalela lan apa kang bakal ditindakake. Para murid ora bisa eling akeh saka apa kang dadi pituture Gusti Yesus ing sajroning welingan pepisahan Panjenengane kajaba Yokanan.

Gusti Yesus bungah banget atas anggone para murid cemawis menehi ngapura, lan pirsa yen sang roh kayekten bakal mudhun atas para murid lan madhangi uga nganyarake para murid dikaya Panjenengane wis nuntun para murid. Sang Roh Suci ngerusake pakaryan Gusti Yesus kanthi tumindak lan tujuan kang padha. Sang Roh jangkung para murid kang ringkih. Gusti Yesus ora milih wong-wong kang pinter, para ahli kang nguwasani filsafat lan ilmu kotbah; nanging Panjenengane milih wong amek iwak, tukang pajek, lan maneka warna wong dosa kanggo mirangake wong-wong kang duwe kawruh saka jagat kang kang njunjung dhuwur kawruh. Sang Rama ing sajroning sih rahmat Panjenenane ngutus Sang Roh Suci marang wong-wong kang ora duwe daya kanggo didadekake wong-wong mau dadi para putra panjenengane, diparingi ganjaran kawicaksanan andap asor, nyingkur awake dhewe, lan urip ing sajroning kayekten.

Gusti Yesus ora nyetak sawijining kitab kang gayane kaya geguritan, lan Panjenengan uga ora ndikte Injil marang wong kang bisa wae luput mapanake sawijining bab utawa nglalekake saperangan isine. Panjenengane kenthi kebak keyakinan ngagem Roh Kayekten kanggo mulang para murid Panjenengane, madhangi, nuntun lan ngelingake para murid bab apa kang dingandikaake Panjenengane. Injil iku salah siji pakaryan gedhe saka sang Roh Suci, nganti dina iki. Panjenengane nyethakake gegayutan rancanan keselametan karo nggunakake bahasane manungsa marang pikiran para murid; nanging Sang Roh suci kang ngelingake lan mulang para murid, agawe para murit dimantepake ing sajroning pituture Gusti Yesus, kanthi mangkono Sang Roh Suci bakal ngluhurake sang putra karo pantara paseksene para rasul. Kita ora duwe kitab liya kajaba kang ditulis dening para rasul Kristus, kang kanthi andhap asor misusungake marang jagad iki, yaiku kawruh lan iman kang wis padha ditampa. Ora ana tambahan tembung-tembung kang dipapanake ing tutuke gusti Yesus. Wulangan para murid dudu asipat adhem lan garing kang bakal enggal rusak krana wektu, nanging Sang Roh Suci wis nganyarake bab kang utama saka lelakon iku terus-terusan nganti dina iki. Nalika kita maca Injil, kaya-kaya kita lagi maca bab lelakon-lelakon kang temen-temen dumadi saiki. Manawa kita krungu bab pituture Sang Kristus, kaya-kaya Panjenengane kaya ngandikan ana ing talingan kita. Wong kang kandha manawa para murid wis ngarang utawi nyimpangke Injil kang asli, nyepelekake Sang Roh Kayekten, awit ing sajroning Roh Suci babar pisan ora ana apus-apus; Panjenengane iku kayekten lan katresnan.

YOKANAN 14:27
27 Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.

Gusti Yesus maringi tentrem rahayu marang para murid Panjenengane, lan mungkasi kanthi welingan pepisahane Panjenengane kanthi pangandikan iki, tentrem rahayu kang ngluwihi kabeh salam kang diparingake marang manungsa. Panjenengane pancen bakal tindak, nanging ngesokake tentrem rahayu kanggo tetep ana ing sajrone pasamuwan Panjenengane. Panjenengane ora ngandika gegayutan tentrem rahayu palsu dikaya kang lumrah ditindakake layang kabar tabloid. Coban mesti bakal teka. Awit manungsa urip adoh karo Gusti Allah, bebendu Panjenengane bakal kadhawahake marang kabeh kaluputane manungsa. Gusti Yesus ngandika gegayutan tentrem rahayu kang liya, tentrem rahayu ing sajrone telenging ati, kang asale saka pangapura dosa kang dumadi awit kita wis dirukunake karo Gusti Allah, lan dipratelakake ing sajrone tentrem rahayu kang ana ing sajrone Gereja. Tentrem rahayu Sang Kristus iku Sang Roh suci, panguwasa kang bakal ora kapungkasi, kang asale saka Gusti Allah ing sajrone Panjenengane kang bakal bali marang Panjenengane.

Sakwernane apus, rasa sengit lan roda pari peksa, raja pati, meri, serakah lan tindak cemer sumebar lan ngombro-ombro ing jagat iki. nanging Gusti Yesus paring dhawuh supaya kita ora menehi wewengan ombak kang digawe iblis iku andadekake kita kerem. Si pengawak dursila iku panguwasa jagat iki. Nanging ing sajrone Gusti Yesus, Kang ditresnani, tentrem rahayu bakal ngresep kang bakal nylametake kita saka rasa prihatin lan nglokro. Prekara iku uga bakal nguwalake kita saka ati kang was-was lan wedi marang pati. Wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus dumunung ing sajrone Allah lan Allah ana ing sajrone wong iku. Apa iki uga ana ing urip panjenengan? Gusti Yesus sare ana ing prahu ing tengah-tengahe prahara ombak segara kang gedhe. Kabeh wong kang ana ing prau rumangsa nglokro awit banyu wis ngebaki prau mau. Sebanjure Gusti Yesus wungu lan ndukani prahara lan sebanjure kahanan dadi tenang. Panjenengane ngandika marang para murid Panjenengane, “He kowe wong kang kurang iman, kenapa kowe wedi”?

YOKANAN 14:28-31
28 Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku. 29 lan saiki uga kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya samangsa kalakon, kowe padha pracaya. 30 Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku.

Para murid rumangsa ora jenjem nalika gustine mbaleni pawarta yen Panjenengane bakal ninggalake dheweke. Pisahan wis tambah cerak. Sepindah maneh, gusti Yesus negasake gegayutan anggone tindak, nanging uga negasake kasunyatan yen Panjenengane bakal bali. Panjenengane ngandika, “Abungah-bungaha, Aku ninggalake kowe, awit Aku sowan marang Sang Rama. Abungah-bungaha yen Aku bakal bali ing papan asal-Ku, Aku ora bakal mapanake kowe ing sajaroning panandang kaya kang ana ing Kayu Salib. Aku bakal paring kamardikan marang kowe saka rasa wedi gegayutan pati. Pawarta-Ku marang kowe yaiku gegayutan kamanunggalan karo sang Rama. Manwa kowe nresnani Aku, kowe bakal abungah-bungah nalika aku bali saka Suwarga. Aku mirsani sang Rama luwih gedhe tinimbang Aku. Aku tenan-tenan nresnani Panjenengane, nanging katresnanKu marang kowe uga ora bakal tahu kapungkasi. Aku bakal marani kowe ing sajroning Sang Roh Suci Sang Rama”

Gusti Yesus yasa gambaran gedhe gegayutan sang Rama, supaya para murid bisa ngerti kaagungan Panjenengane lan cekelan marang Panjenengane, lan uga supaya para murid nyawisaake awake kanggo pepisahan karo sang Guru, kang wis cerak anggone bakal seda. Gusti Yesus kagungan karsa supaya para murid ngelingi malah pati pisan ora ana tegese manawa Gusti Allah iku satru Panjenengane. Tentrem kang dumadi antarane Sang Rama lan Sang Putra tetap langgeng, kanthi mengkono Sang Rama bakal mulungake astane marang Panjenengane luwih saka saka pati iku dhewe.

Ora perlu ngandikan dawa-dawa; gusti Yesus ngadeg arep nindakake karsane Sang Rama, yaiku nebus jagat ing kayu salib. Sebanjure Sang Roh Suci bakal mudun ing sajroning awak para murid Panjenengane. Panebusane bakal dumadi kanggo kabeh manungsa. Panjenengane ngersakake yen kabeh wong bakal bisa ngerti katresnane Allah kang ora winates.

Sebanjure, gusti Yesus lan para pandherek Panjenengane, ninggalake omah perangan nduwur, ana kono para murid lan gusti Yesus wis netepake gegayutan Prejanjian kang anyar, lan sebanjure mlaku ing petenge bengi, nyabrang ngare Kidron. Para murid lan gusti Yesus lumaku menyang gumuk Zaitun tumuju ing taman Getsemani, ing kono murid kang mbalela iku sesingitan.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun, dhuh gusti, atas tentrem rahayu saking Paduka. Paduka sampun nyucekaken manah kawula lan maringi kalegan. Paduka apunten raos kuwatos, raos ajrih, lan raos nglokro kawula ing salebetipun ngadhepi sadaya raos sengit, lelawanan, lan cemer. Matur nuwun awit Sang Roh Suci paduka njagi kawula ing salebetipun tentrem rahayu. Kintenipun Panjenenganenipun Sang Roh Suci ngemutaken kawula ing wekdal-wekdal pancoban gegayutan pangandikan Paduka ingkang kagungan panguwaos, kanthi makaten kawula mboten badhe dawah ing salebetipun dosa lan mboten pitados utawi laknat lan raos nglokro, nanging mingali paduka ndedonga ing salebtipun pengajeng-ajeng, sabar, lan kabingahan. Maturnuwun bvilih margi kawula badhe nuntun kawula wangsul dhumateng Sang Rama. Kawula sujud ing ngarsa Paduka, dhuh Cempening Allah, awit nyawisaken griya kanggi kawula ing salebetipun kasuwargan.

PITAKONAN:

  1. Apa ta tentrem rahayu saka Allah iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)