Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 069 (The Son of God in the Father and the Father in him)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
3. Gusti Yesus Pangon kang becik (Yokanan 10:1-39)

e) Putra Allah ing sajroning Sang Rama lan Sang Rama ing sajroning Panjenengane (Yokanan 10:31-39)


YOKANAN 10:31-36
31 Wong Yahudi tumuli njupuki watu maneh, arep kanggo mbenturi Panjenengane. 32 Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang aku?” 33 Wangsulane wong-wong Yahudi: “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah.” 34 Gusti Yesus mangsuli: “Ing toretmu apa ora katulisan mangkene: Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah. 35 Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake—36 kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagat, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?”

Wong-wong Yahudi sengit marang gusti Yesus nalika Panjenengane ngandika, “Aku lan Sang Rama nyawiji”. Wong-wong mau nampani paseksene gusti Yesus atas sarirane minangka patrap nyenyamah, lan wong-wong mau banget kepengin mbenturi watu gusti Yesus kaya dene kang dituntut dening Paugeran Torat, awit manawa ora mengkono mula bebendune Sang Yehuwah bakal nempuh bangsa iku. Mulane wong-wong mau banjur mlayu menyang latar pedaleman Allah nyupuk watu kanggo dibenturake Pannjenengane.

Gusti Yesus kanthi tenang jumeneng ing ngarepe wong-wong mau lan ndangu, “Tindak ala apa kang Ndak tindakake marang kowe? Aku ngladeni kowe, marasake kang lara ing antaramu, nundhung setan lan ngelekake mripate wong kang wuta ing antaramu. Aku marasake wong-wong kena lelara kusta lan martakake Injil marang wong-wong mlarat. Tumindak sing endi kang dadi jalaran kowe arep mateni Aku? Kowe mbudidaya nyirnakake wong kang nggawa kabejan marang kowe. Aku ora golek pikurmatan utawi dhuwit kanggo anggonku leladi, kang kanthi andap asor Aku sebut minangka panggaweane RamaKu. Aku ing kene dadi abdi kang ngladeni kowe”.

Wong-wong Yahudi kuwi mbengok, “Aku padha ora mbenturi watu kowe atas panggawean kang kok tindakake, nanging awit anggonmu nyenyamah. Kowe wis ngangkat awakmu dhewe sederajat karo gusti Allah, kamangka kowe ana ing antarane aku kabeh yaiku titah kang ora langgeng. Kowe banget dene kendel kanda yen kowe kuwi Allah, kang manunggal karo Kang Maha Suci iku? Kowe mesi kapanjingan roh ala lan pantes enggal-enggal disirnakake”

Kanthi kebak keyakinan gusti Yesus paring jawaban: “Apa kowe wis maca ing sajroning Paugeran Toratmu yen gusti Allah biasa ngandika pribadi marang wong kang dipilih Panjenengane, pangandikane: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putane Kang mahaluhur” (Maz 82:6) kamangka sejatine kowe kabeh lagi ing kahanan rusak lan tiba ing dosa siji lan liyane. Ora perlu mangu-mangu maneh, kabeh manungsa iku dosa, kang kesasar ing sajroning kaluputane. Nanging gusti Allah mestani wong-wong kang mengkono iku, “allah lan putra-putra”, demi asmane kang kagungan sipat keallahan. Panjenengane ora ngersakake yen kowe bakal cilaka langgeng, nanging ngersakake supaya kowe urip ing salawase. Balia marang Allahmu dan dadia suci dikaya Panjenengane iku suci”

“Dadi, kenapa kowe arep mbenturi watu aku? Gusti Allah piyambak nyebut kowe ‘allah lan putra-putra.” Aku ora nindakake dosa kaya kowe. Aku suci ing sajroning pangandikan lan tumindakKu; Aku kagungan hak urip nganti selawase, dikaya putra Allah kang sejati. Wacanen apa kang tinulis ing sajroning Paugeran Toratmu lan kowe bakal tepung Aku, nanging kowe malah ora pracaya marang Kitabmu dhewe, lan ora wanuh sipat keallahanKu”.

“Aku ora ngutur awakKu Dhewe, nanging Rama kang suci iku kang wis ngutus Aku. Aku iki Putra Panjenengane; lan Panjenengane iku RamaKu. Kasucen Panjenengane ana ing Aku. Dadi Aku Allah saka Allah; padhang saka padha; dianak-anake ora dititahake; hakekate padha karo Sang Rama”

Gusti Yesus ngalahake wong-wong Yahudi kanthi nggunakake tulisan saka kitab sucine dhewe, lan mbuyarake apa kang dadi alesane. Nanging sunar mripate wong-wong mau tetap ngandhut rasa sengit, nanging wong-wong mau ora sido mbenturi watu gusti Yesus awit gusti Yesus wis mbuktekake saka kitab sucine yen gusti Yesus iku bisa uga kagungan sipat keallahan minangka putra ing sajroning prejanjian lawas lan kang mligi ditrapke marang Panjenengane.

YOKANAN 10:37-39
37 Saupama Aku ora nglakoni pakaryaning RamaKu, aja pracaya marang Aku. 38 Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama”. 39 Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.

Iki ateges”, pangandikane Gusti Yesus, “Kowe kudu pracaya marang Aku, awit Aku nindakake pakaryane Allah, pakaryan sih rahmat. Pangauwasa iku ora bakal dadi darbek-Ku manawa Aku ora makili sih kawelasan Panjenengane. Awit katresan Panjenengane ngejawantah ing sajrone Aku, Aku duwe panguwasa supaya nindakake pakaryan Allah, awit kabeh mau pancen pakaryan Allah”

“Bisa uga pikiranmu ora bisa nyakep anane sipat keallahan ing sajroning kamanungsan. Nanging, dadaren apa kang Ndaktindakake, sapa kang bisa nangeake wong mati mung nganggo tembung, kan ngelekake mripate wong wuta, kang nyirep prahara, kang menehi mangan 5000 wong kang ngelih nganggo 5 roti lan iwak loro wae? Apa kowe kepengin banget supaya Kang Maha Suci bakal mbukak pikiranmu lan mirengake Suwara Panjenengan, kanthi mengkono kowe bisa ngerti yen Gusti Allah ana ing sajroning Aku? Nalika kowe kapenuhan sang Roh Suci kowe bakal ana ing sajroning pangerten kang penting iki, lan eling yen kapenuhan sipat keallahan iku ana ing sajroning Aku secara kajasmanen.”

Ing kene lan ing ngarepe wong akeh kang pirang-orang iku, gusti Yesus ngandikaake tembung-temung kang kebak panguwasa, yen Panjenengane ana ing sajroning sang Rama, lan dikaya pang nempel ing wite anggur, lan nampa kekuatan saka oyote, mengkono uga Sang Kristus asale saka Sang Rama lan ana ing sajroning Panjenengane. Loro-lorne babar pisan ora bisa dipisahake, ing sajroning keselarasan lan kamanunggalan kang sempurna. Dadi kita bisa ngandhakake, yen Sang Putra kasingidan ing sajroning Sang Rama, kanthi tujuan mratelakaken bab Sang Rama Panjenengane lan ngluhurake Panjenengane. Mengkono pandonga kang misuwur iku diwiwiti kanthi tembung, “Rama kawula ingkang wonten ing suwarga, dipun luhraken asma Paduka”

Kabeh wong kang bisa ngerti jerone paseksene gusti Yesus gegayutan sipat keallahane, ing sajroning donga lan pujian, bakal ngerti yen prekara iku bukti kang gumathok kanggo lumawan kawruh kang kliru gegayutan tritunggal kang suci. Dudu allah telu kang pisah-pisah, nanging kamanunggalan kang sempurna ing sajroning tritunggal, dadi kanthi bungah kita nyekseni yen Gusti Allah iku siji.

Nalika wong-wong Yahudi krungu paseksene gusti Yesus kang makaping-kaping gegayutan kamanunggalane Panjenengane kang sempurna karo Sang Rama, wong-wong mau nungka anggone arep mbenturi waru Panjenengane. Nanging wong-wong mau bakal nyekel Panjenengane lan digawa menyang Makamah Agama, supaya bisa nemokake pikiran-pikiran Panjenengane. Gusti Yesus sebanjure tindak kanthi sesidheman saka wong-wong mau. Ora ana wong siji wae bisa natoni putra-putra Allah, yen Gusti Allah sang Rama jangkung putra-putra Allah mau. Gusti Yesus ngandika, “Ora ana wong siji waae kang bisa ngrampas putra-putra iku saka astane Rama-Ku”

PANDONGA: Duh Sang Rama lan Sang cempening Allah, kawula ningali kamanunggalan ingkang wetah ing salebetipun katresnan Paduka. Pikiran kawula mboten saget nyakep sipat keallahan ing salebeing kamanungsan Paduka. Sang Roh Suci paduka ingkang madhangi kawula, supados kawula mangertos katresnan Paduka ingkang ageng lan pakaryan Paduka ingkang milujengaken. Paduka andadosaken kawula putra-putra Paduka. Paduka paringi pitulungan supados ngluhuraken asma Paduka ing salebetipun panyurung ing salebetipun manah, tembung-tembung lan patrap kawula. Paduka sucekaken kawula kados dene Paduka menika suci.

PITAKONAN:

  1. Kepiye gusti Yesus mratelakake bab sipat keallahane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)